×

Surah Al-Anam in Javanese

Quran Javanese ⮕ Surah Anam

Translation of the Meanings of Surah Anam in Javanese - الجاوية

The Quran in Javanese - Surah Anam translated into Javanese, Surah Al-Anam in Javanese. We provide accurate translation of Surah Anam in Javanese - الجاوية, Verses 165 - Surah Number 6 - Page 128.

بسم الله الرحمن الرحيم

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ۖ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ (1)
Kabeh pangalembana iku kagunganing Allah, kang wus anitahake langit-langit lan bumi, sarta wus andadekake pepeteng lan papadhang; ewadene para kang padha kafir padha agawe sisiha- ning Pangerane
هُوَ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن طِينٍ ثُمَّ قَضَىٰ أَجَلًا ۖ وَأَجَلٌ مُّسَمًّى عِندَهُ ۖ ثُمَّ أَنتُمْ تَمْتَرُونَ (2)
Panjenengane iku kang ani- tahake sira saka ing lemah, tumuli amutus sawijinng wawangen, lan munggguhing Panjenengane ana wawangen kang tinamtu; ewadene sira padha madoni
وَهُوَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَفِي الْأَرْضِ ۖ يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُونَ (3)
Lan Panjenengane iku Allah ing langit-langit lan ing bumi; Panjenengane anguningani page- dhongan--nira sarta gume- lar-ira, apa dene anguningani apa kang padha sira lakoni
وَمَا تَأْتِيهِم مِّنْ آيَةٍ مِّنْ آيَاتِ رَبِّهِمْ إِلَّا كَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ (4)
Lan ora kena ora, yen ana timbalan tumeka marang dheweke tunggale timbalan-timbalaning Pa- ngerane, masthi iku padha diple- ngosi
فَقَدْ كَذَّبُوا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ فَسَوْفَ يَأْتِيهِمْ أَنبَاءُ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ (5)
Dadi temen padha anggoroh- ake ing yakti nalikane anekani dheweke, mulane yakti kang padha diguguyu iku bakal padha anyoroti dheweke
أَلَمْ يَرَوْا كَمْ أَهْلَكْنَا مِن قَبْلِهِم مِّن قَرْنٍ مَّكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّن لَّكُمْ وَأَرْسَلْنَا السَّمَاءَ عَلَيْهِم مِّدْرَارًا وَجَعَلْنَا الْأَنْهَارَ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمْ فَأَهْلَكْنَاهُم بِذُنُوبِهِمْ وَأَنشَأْنَا مِن بَعْدِهِمْ قَرْنًا آخَرِينَ (6)
Apa ta ora padha mawas, wis sapira kehe para bangsa ing sadurunge, kang wus Ingsun sirnakake, kang maune Ingsun tetepake ana ing bumi, kaya enggon Ingsun ora anetepake ing sira, sarta Ingsun angutus men- dhung angesokake udan marang dheweke, lan Ingsun andadekake kali-kali kang padha mili ing sangisore; banjur dheweke padha Ingsun sirnakake amarga saka kaluputane, sarta ing sawise dhe- weke Ingsun anuwuhake bangsa liya
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتَابًا فِي قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوهُ بِأَيْدِيهِمْ لَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ (7)
Lan saumpama Ingsun anu- runake marang sira tulis ing kertas, dheweke banjur anggrayang iku kalawan tangan-tangane, amasthi para kang padha kafir padha aca- lathu: Iki ora liya kajaba kamayan kang cetha
وَقَالُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۖ وَلَوْ أَنزَلْنَا مَلَكًا لَّقُضِيَ الْأَمْرُ ثُمَّ لَا يُنظَرُونَ (8)
Sarta padha calathu: Yagene ora ana malaikat kang katurunake marang dheweke? Lan saupama Ingsun anurunake malaikat, amas- thi prakara iki wis kaputus, banjur dheweke ora bakal padha di- sumenekake
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ مَلَكًا لَّجَعَلْنَاهُ رَجُلًا وَلَلَبَسْنَا عَلَيْهِم مَّا يَلْبِسُونَ (9)
Lan saupama sing Ingsun dadekake dheweke iku malaikat, masthi dheweke iya Ingsun dadekake wong, sarta mas- thi Ingsun gawe peteng tumrap dheweke kaya anggone padha peteng
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّن قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ (10)
Lan yekti temen para utusan ing sadurungira padha diguguyu, ananging apa kang padha di- guguyu, anglimputi dheweke sing padha angguguyu
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ ثُمَّ انظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ (11)
Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, tumuli padha sira delenga, kapriye wasanane para kang padha anggorohake
قُل لِّمَن مَّا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قُل لِّلَّهِ ۚ كَتَبَ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۚ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ (12)
Calathua: Sapa ta sing andar- beni sabarang ing langit-langit lan bumi? Sira tutura: Kagungane Allah; Panjenengane wus amasthi ing Sarira-Ne wilasa; yekti temen Panjenengane bakal angimpun sira ing dina kiyamat – tanpa ana semange prakara iki. para kang padha nunakake jiwane, lah iku padha ora angestu
۞ وَلَهُ مَا سَكَنَ فِي اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (13)
Lan kagungan-E sabarang kang manggon ing wengi lan raina; lan Panjenengane iku Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Angudaneni
قُلْ أَغَيْرَ اللَّهِ أَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُ ۗ قُلْ إِنِّي أُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ أَوَّلَ مَنْ أَسْلَمَ ۖ وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ (14)
Calathua: Apa aku iki anga- lap pangayoman saliyane Allah, Kang-Anitahake langit-langit lan bumi, sarta Panjenengane Angi- ngoni, ora diingoni. Calathua: Aku kadhawuhan dadia wiwitane wong sing sumarah, lan poma sira aja padha dadi golongane para sing manembah Pangeran akeh
قُلْ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ (15)
Calathua: Sayekti aku wedi siksa ing dina kang agung, mana- wa aku andagaa marang Pangeran- ku
مَّن يُصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَئِذٍ فَقَدْ رَحِمَهُ ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ (16)
Sapa sing ing dina iku diluputake saka ing iku, lah temen sihing Allah marang dheweke; lan iki pakolih kang tetela
وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِن يَمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (17)
Lan manawa Allah ang- grayang sira asarana sangsara, lah iku ora ana kang bisa ambirat, kajaba Panjenengane, lan manawa Panjenengane amatedhani becik, lah Panjenengane iku marang samubarang kawasa
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ (18)
Lan Panjenengane iku Ing- kang-Mahawisesa angungkuli para kawula-Ne; lan Panjenengane iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang- Waspada
قُلْ أَيُّ شَيْءٍ أَكْبَرُ شَهَادَةً ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ شَهِيدٌ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۚ وَأُوحِيَ إِلَيَّ هَٰذَا الْقُرْآنُ لِأُنذِرَكُم بِهِ وَمَن بَلَغَ ۚ أَئِنَّكُمْ لَتَشْهَدُونَ أَنَّ مَعَ اللَّهِ آلِهَةً أُخْرَىٰ ۚ قُل لَّا أَشْهَدُ ۚ قُلْ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ وَإِنَّنِي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ (19)
Calathua: Apa ta barang kang luwih gedhe pasaksine? Calathua: Allah iku saksi antarane aku karo sira; lan diwedharake marang aku Quran iki, supaya iki dakanggo memelingi sira lan sapa-sapa kang katekan. Apa ta sira iku temen padha anekseni yen ana sesem- bahan liyane, kanthine Allah. Calathua: aku ora nekseni. Calathua: Panjenengane iku se- sembahan kang mung Sawiji, lan sayekti aku lebaran saka barang kang padha sira sakuthokake
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمُ ۘ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ (20)
Para kang padha Ingsun paringi Kitab padha weruh marang dheweke kaya weruhe marang anak-anake; para kang padha mitunani jiwane dhewe, iku ora padha angestu
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ (21)
Lan sapa ta kang luwih atin- dak dudu tinimbang wong kang agawe doracara tumrap marang Allah utawa anggorohake timbalan-timbalan-E; sayekti wong kang atindak dudu iku ora bakal padha begja
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا أَيْنَ شُرَكَاؤُكُمُ الَّذِينَ كُنتُمْ تَزْعُمُونَ (22)
Lan ing dinane Ingsun angimpun dheweke kabeh, tumuli Ingsun bakal ngandika marang para kang padha anjejeri sisihan : Endi para kanthinira kang padha sira kandhakake iku
ثُمَّ لَمْ تَكُن فِتْنَتُهُمْ إِلَّا أَن قَالُوا وَاللَّهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِينَ (23)
Tumuli ora ana pawadane kajaba anggone padha ngucap: Dhemi Allah, Pangeran kawula, kawula punika sanes tiyang ing- kang sami manembah pangeran kathah
انظُرْ كَيْفَ كَذَبُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ ۚ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ (24)
Delengen, kapriye anggone padha anggorohi jiwane dhewe, lan barang bawa anggite dhewe padha sirna saka dheweke
وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ ۖ وَجَعَلْنَا عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ أَكِنَّةً أَن يَفْقَهُوهُ وَفِي آذَانِهِمْ وَقْرًا ۚ وَإِن يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوا بِهَا ۚ حَتَّىٰ إِذَا جَاءُوكَ يُجَادِلُونَكَ يَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ (25)
Lan dheweke, sawenehe ana kang angrungokake marang sira, lan Ingsun andekeki aling-aling ing atine, supaya iku dheweke padha ora mangerti, sarta tin- dhih-abot ana ing kuping-kupinge; lan sanajan weruha sa-dhengah pratandha, iku iya padha ora anges- tu; nganti manawa dheweke ane- kani sira, mung arep amadoni sira; para kang padha kafir padha cala- thu: iki ora liya kajaba dongenge para wong kuna
وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْأَوْنَ عَنْهُ ۖ وَإِن يُهْلِكُونَ إِلَّا أَنفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ (26)
Lan dheweke padha menging sarta dheweke dhewe angedohi iku, lan ora liya kajaba padha angrusak jiwane dhewe lan ora padha rumasa
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَى النَّارِ فَقَالُوا يَا لَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِآيَاتِ رَبِّنَا وَنَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ (27)
Lan yen ta sira weruha nali- kane dheweke padha diendheg ing sangareping geni, tumuli padha calathu: O, mbok aku iki dibalek- ake, lan ora bakal aku anggorohake timbalan-timbalane Pangeranku sarta aku bakal padha dadi golo- ngane para angestu
بَلْ بَدَا لَهُم مَّا كَانُوا يُخْفُونَ مِن قَبْلُ ۖ وَلَوْ رُدُّوا لَعَادُوا لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَإِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ (28)
O, balik dadi kawedhar tumrap dheweke apa kang padha kasingidake dhek biyen lan yen ta padha dibalekna, masthi padha bakal padha ambaleni apa kang padha kalarangan, lan sayekti dheweke iku temen padha wong goroh
وَقَالُوا إِنْ هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوثِينَ (29)
Lan dheweke pada calathu: ora ana kajaba kauripanku ing donya iki lan ora bakal aku padha ditangekake
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَىٰ رَبِّهِمْ ۚ قَالَ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۚ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْفُرُونَ (30)
Lan yen ta sira weruha nalikane dheweke padha diendheg ing ngarsaning Pangerane. Panje- nengane bakal angandika: Apa ta iki dudu yakti? Bakal padha mun- juk: inggih dhemi Pangeran kawu- la. Panjenengane bakal angandika: Lah padha angrasakna siksa iku, dening anggonira padha angafiri
قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوا يَا حَسْرَتَنَا عَلَىٰ مَا فَرَّطْنَا فِيهَا وَهُمْ يَحْمِلُونَ أَوْزَارَهُمْ عَلَىٰ ظُهُورِهِمْ ۚ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ (31)
Temen padha wong kapitu- nan para kang padha anggorohake marang sapatemoning Allah; nganti nalikane wayahe wis teka kalawan ngeget, padha acalathu: Dhuh, cilaka awakku, dening anggonku anglirwakake marang iku! Lan dheweke bakal padha anggendhong sasanggane ana ing gegere; lah ala temen apa kang padha disangga iku
وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۖ وَلَلدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (32)
Lan kauripan donya iku ora liya kajaba dodolanan sarta kabu- ngahan kang nglalekake; lan padu- nungan akhirat iku luwih becik tumrape para kang padha bekti; apa ta sira padha ora mangerti
قَدْ نَعْلَمُ إِنَّهُ لَيَحْزُنُكَ الَّذِي يَقُولُونَ ۖ فَإِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُونَكَ وَلَٰكِنَّ الظَّالِمِينَ بِآيَاتِ اللَّهِ يَجْحَدُونَ (33)
Temen Ingsun angudaneni, manawa apa pangucape yekti anusahake sira, ananging temen dheweke ora padha anggorohake sira, ananging para wong kang atindak dudu iku padha maido marang timbalan-timbalaning Allah
وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّن قَبْلِكَ فَصَبَرُوا عَلَىٰ مَا كُذِّبُوا وَأُوذُوا حَتَّىٰ أَتَاهُمْ نَصْرُنَا ۚ وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ وَلَقَدْ جَاءَكَ مِن نَّبَإِ الْمُرْسَلِينَ (34)
Lan sayekti para utusan ing sadurungira temen padha digo- rohake, ananging padha sabar marang anggone padha digorohake sarta dikuya-kuya, nganti rawuhe pitulung-Ingsun marang dheweke; lan ora ana kang angowahi marang sabdaning Allah; lan temen- temen wus tumeka marang sira satengah saka pawarta prakara para utusan
وَإِن كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ إِعْرَاضُهُمْ فَإِنِ اسْتَطَعْتَ أَن تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِي الْأَرْضِ أَوْ سُلَّمًا فِي السَّمَاءِ فَتَأْتِيَهُم بِآيَةٍ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدَىٰ ۚ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْجَاهِلِينَ (35)
Lan manawa anggone padha anulak iku abot ingatase sira, lah manawa sira bisa mamrih trowo- ngan ing bumi, utawa andha ing langit, dadi sira bisa anekakake tandha marang dheweke – lan manawa Allah angarsakake, amas- thi Panjenengane angimpun dhe- weke kabeh dumunung ing pitu- duh; mulane aja sira padha dadi ewone wong bodho-bodho
۞ إِنَّمَا يَسْتَجِيبُ الَّذِينَ يَسْمَعُونَ ۘ وَالْمَوْتَىٰ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ ثُمَّ إِلَيْهِ يُرْجَعُونَ (36)
Mung para kang padha angrungokake, kang nampa; dene para wong mati, Allah bakal na- ngekake, tumuli bakal padha di- balekake marang Panjenengane
وَقَالُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۚ قُلْ إِنَّ اللَّهَ قَادِرٌ عَلَىٰ أَن يُنَزِّلَ آيَةً وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (37)
Lan dheweke padha calathu: Yagene ora ana tandha saka Pangerane kang diturunake marang dheweke? Tutura: Sayekti Allah iku Kawasa anurunake tandha, ananging dheweke iku sing akeh padha ora weruh
وَمَا مِن دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا طَائِرٍ يَطِيرُ بِجَنَاحَيْهِ إِلَّا أُمَمٌ أَمْثَالُكُم ۚ مَّا فَرَّطْنَا فِي الْكِتَابِ مِن شَيْءٍ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ يُحْشَرُونَ (38)
Lan ora liya gegremet ing bumi, lan manuk kang miber kalawan suwiwine loro iku kajaba umat papadhanira; ora ana apa-apa kang Ingsun lirwakake ing jerone kitab, tumuli bakal padha diimpun marang Pangerane
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا صُمٌّ وَبُكْمٌ فِي الظُّلُمَاتِ ۗ مَن يَشَإِ اللَّهُ يُضْلِلْهُ وَمَن يَشَأْ يَجْعَلْهُ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ (39)
Wondene para kang padha anggorohake marang timbalan- timbalan Ingsun, iku padha budheg lan bisu ana ing sajroning pepeteng kang lilimengan; sapa sing dikar- sakake dening Allah, disasarake,a lan sapa sing dikarsakake, didamel ngambah ing dadalan kang bener
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ أَوْ أَتَتْكُمُ السَّاعَةُ أَغَيْرَ اللَّهِ تَدْعُونَ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (40)
Calathua: Mara aku kandha- nana, manawa siksaning Allah tumeka marang sira utawa wayahe anekani sira, apa sira bakal padha anguwuh saliyane Allah, manawa sira iku padha wong temen
بَلْ إِيَّاهُ تَدْعُونَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُونَ إِلَيْهِ إِن شَاءَ وَتَنسَوْنَ مَا تُشْرِكُونَ (41)
Balik marang Panjenengane panguwuhira, banjur Panjenengane bakal ambirat apa kang padha sira suwun , manawa Panjene- ngane kapareng sarta sira bakal padha lali marang apa kang padha sira dadekake sisihan
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِّن قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُم بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ (42)
Lan yekti temen Ingsun wus angutus marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhe- dhepe
فَلَوْلَا إِذْ جَاءَهُم بَأْسُنَا تَضَرَّعُوا وَلَٰكِن قَسَتْ قُلُوبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (43)
Lah, yagene nalika pidana- Ningsun anekani dheweke ora padha adhedhepe? Lan malah padha atos atine sarta setan amamaesi tumrap dheweke apa kang wus padha dilakoni
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّىٰ إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُم بَغْتَةً فَإِذَا هُم مُّبْلِسُونَ (44)
Ananging bareng dheweke padha anglirwakake apa kang wus dipepelingake, Ingsun ambukakake dheweke lawang-lawange samu- barang, nganti, nalikane padha abungah-bungah dening apa kang wus kaparingake, Ingsun patrapi kalawan ngeget; lah, mara, ing kono padha putung pangarep- arepe
فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ (45)
Banjur wong kang padha atindak dudu oyode dikethok; lan sakehing pangalembana iku kagu- ngane Allah, Pangeraning ngalam kabeh. A
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَخَذَ اللَّهُ سَمْعَكُمْ وَأَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلَىٰ قُلُوبِكُم مَّنْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ يَأْتِيكُم بِهِ ۗ انظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُونَ (46)
Calathua: Apa ta sira wis padha animbang-nimbang, saum- pama Allah amundhut pangrungu- nira, lan pandelengira sarta ange- cap marang ati-atinira, iku sapa pangeran saliyane Allah kang bisa aweh marang sira? Delengen, kapriye enggon-Ingsun angambal- ambali tandha yekti; ewadene dheweke padha mlengos
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ بَغْتَةً أَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الظَّالِمُونَ (47)
Calathua: Apa ta sira wis padha nimbang-nimbang, saupama siksaning Allah anekani sira kala- wan ngeget utawa kalawan nge- blak, sapa ta kang dirusak kajaba wong kang padha atindak dudu
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا مُبَشِّرِينَ وَمُنذِرِينَ ۖ فَمَنْ آمَنَ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ (48)
Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-aweh warta bungah sarta minangka juru-pepeling; mulane, sapa sing angestu lan alaku becik, iya ora bakal kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ (49)
Wondene para kang padha anggorohake marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dheweke amarga anggone padha murang yekti
قُل لَّا أَقُولُ لَكُمْ عِندِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ لَكُمْ إِنِّي مَلَكٌ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ ۚ أَفَلَا تَتَفَكَّرُونَ (50)
Calathua: Aku ora kandha marang sira: aku andarbeni kasugi- haning Allah; lan aku ora weruh barang kang ora katon; lan aku ora kandha marang sira, yen aku iki sawijining malaikat; ora liya aku iki kajaba miturut apa kang kawedharake marang aku. Cala- thua: Apa padha ta wong kang wuta karo wong kang andeleng? Apa ta sira ora padha mikir
وَأَنذِرْ بِهِ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَن يُحْشَرُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ ۙ لَيْسَ لَهُم مِّن دُونِهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ (51)
Lan sira apepelinga nganggo iki marang para kang padha wedi, manawa dheweke bakal padha diimpun marang Pangerane – ora bakal padha duwe pangreksa saliyane Allah sarta ora pantara – supaya padha bektia
وَلَا تَطْرُدِ الَّذِينَ يَدْعُونَ رَبَّهُم بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيدُونَ وَجْهَهُ ۖ مَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِم مِّن شَيْءٍ وَمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِم مِّن شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُونَ مِنَ الظَّالِمِينَ (52)
Lan aja sira nundhung para kang padha anguwuh Pangerane ing wajah esuk lan sore mung mamrih karenaning Panjenengane; sira ora kepokoh sathithik-thithika marang petungane lan marang pa- tunganira dheweke iya padha ora kepokoh sathithik-thithika, mulane padha sira tundhung, sira bakal padha dadi golongane para kang padha atindak dudu
وَكَذَٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُم بِبَعْضٍ لِّيَقُولُوا أَهَٰؤُلَاءِ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْهِم مِّن بَيْنِنَا ۗ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِالشَّاكِرِينَ (53)
Lan kaya mangkono anggon- Ingsun anyoba sawenehe dening liyane, dimen padha ngucap: Apa iki wong-wong panungggalane golonganku, kang wus kapari- ngan kanugrahan dening Allah? Apa Allah iku ora luwih udani marang para kang padha weruh ing panarima
وَإِذَا جَاءَكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِنَا فَقُلْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۖ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۖ أَنَّهُ مَنْ عَمِلَ مِنكُمْ سُوءًا بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِن بَعْدِهِ وَأَصْلَحَ فَأَنَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (54)
Lan kalane para kang padha angestu marang timbalan-timba- lan-Ingsun teka marang sira, lah calathonana: Rahayu tumibaa ing sira, Pangeran wus anggaris wilasa tumrap marang Sarira-Ne, yaiku, sira sapa sing atindak ala amarga saka ora weruhe, sawise iku tumuli tobat sarta alaku becik, lah Panje- nengane iku Aparamarta, Maha- asih
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلِتَسْتَبِينَ سَبِيلُ الْمُجْرِمِينَ (55)
Lan kaya mangkono Ingsun amijang-mijangake timbalan-tim- balan, lan supaya dadi cetha dadalane para kang padha dosa iku
قُلْ إِنِّي نُهِيتُ أَنْ أَعْبُدَ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۚ قُل لَّا أَتَّبِعُ أَهْوَاءَكُمْ ۙ قَدْ ضَلَلْتُ إِذًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُهْتَدِينَ (56)
Calathua: Sayekti aku iki dilarangi alaladi marang kang padha sira uwuh saliyane Allah. Calathua: Aku ora manut hawa- nafsunira, amarga yen mangkono, temen aku iki sasar sarta ora kagolong wong kang padha oleh tuntunan
قُلْ إِنِّي عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَكَذَّبْتُم بِهِ ۚ مَا عِندِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ يَقُصُّ الْحَقَّ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الْفَاصِلِينَ (57)
Calathua: Sayekti aku iki angemban tandha yekti cetha saka Pangeranku lan iku kowe padha anggorohake; ora ana ing aku apa kang padha kogege; pancasane iku mung ana ing Allah piyambak; Panjenengane anyariyosake yekti sarta Panjenengane iku becik- becike para juru-mancasi
قُل لَّوْ أَنَّ عِندِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ لَقُضِيَ الْأَمْرُ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۗ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِالظَّالِمِينَ (58)
Calathua: Yen ta apa kang padha kogege iku anaa ing aku, amasthi prakara antarane aku lan kowe iku wis kapupus; lan Allah iku luwih angudaneni marang para atindak dudu
۞ وَعِندَهُ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَا إِلَّا هُوَ ۚ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۚ وَمَا تَسْقُطُ مِن وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِي ظُلُمَاتِ الْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ (59)
Lan ana ing Panjenengane gedhonging barang kang ora katon iku – ora ana nyumurupi kajaba Panjenengane; lan Panjene- ngane iku angudaneni apa kang ana ing daratan lan sagara; lan ora ana godhong runtuh, kajaba Pan- jenengane angudaneni, mangkono maneh ora ana wiji ing sajrone petenging bumi, apa dene ora ana barang sing ijo utawa garing, kajaba ing sajroning kitab kang cetha
وَهُوَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُم بِاللَّيْلِ وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُم بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيهِ لِيُقْضَىٰ أَجَلٌ مُّسَمًّى ۖ ثُمَّ إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ ثُمَّ يُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (60)
Lan Panjenengane iku Kang mundhut jiwanira ing wengi sarta Panjenengane angudaneni apa kang padha sira pakolih ing raina; tumuli Panjene- ngane anangekake sira ana ing kono, supaya pinutus wawangen kang wus tinamtu; tumuli marang Panjenengane balinira; banjur Pan- jenengane amartani sira sabarang kang wus padha sira lakoni
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۖ وَيُرْسِلُ عَلَيْكُمْ حَفَظَةً حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ تَوَفَّتْهُ رُسُلُنَا وَهُمْ لَا يُفَرِّطُونَ (61)
Lan Panjenengane iku Ing- kang-Mahawisesa, sadhuwuring kawula-Ne, lan Panjenengane angutus para juru-rumeksa marang sira; nganti, samangsane pati ane- kani salah sawijinira, para utusan- Ingsun agawe patine, sarta ora padha ora pepeka
ثُمَّ رُدُّوا إِلَى اللَّهِ مَوْلَاهُمُ الْحَقِّ ۚ أَلَا لَهُ الْحُكْمُ وَهُوَ أَسْرَعُ الْحَاسِبِينَ (62)
Tumuli padha dibalekaken marang Allah, Gustine, Ingkang- Mahayekti; o, dieling, kaasta ing Panjenengane pancasan iku, lan Panjenengane iku kang abanget gelise ing panimbang
قُلْ مَن يُنَجِّيكُم مِّن ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُونَهُ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً لَّئِنْ أَنجَانَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ (63)
Calathua: Sapa ta kang anglu- warake sira saka ing babayaning dharatan lan sagara, sira padha anguwuh ing Panjenengane , kalawan adhe- dhepe, lan kalawan sesidheman: Manawa Panjenengane angluwa- rake aku saiki, sayekti aku iki padha dadi golongane para kang padha weruh ing panarima
قُلِ اللَّهُ يُنَجِّيكُم مِّنْهَا وَمِن كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ أَنتُمْ تُشْرِكُونَ (64)
Calathua: Allah kang anglu- warake sira saka ing kono lan saka ing sarupaning kasusahan, ana- nging tumuli sira anjejerake sisi- han
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلَىٰ أَن يَبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِّن فَوْقِكُمْ أَوْ مِن تَحْتِ أَرْجُلِكُمْ أَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَيُذِيقَ بَعْضَكُم بَأْسَ بَعْضٍ ۗ انظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُونَ (65)
Calathua: Panjenengane iku kawasa yen ta angirimna siksa marang sira saka ing sadhuwurira utawa saka sangisore sikilira, uta- wa amrih bingungira panthan-panthan sarta sawenehira digawe angrasakake panyikarane saweneh liyane. Delengen, kapriye anggon-Ingsun angambal-ambali timbalan-timbalan, supaya dhe- weke padha mangerti
وَكَذَّبَ بِهِ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّ ۚ قُل لَّسْتُ عَلَيْكُم بِوَكِيلٍ (66)
Lan iku golonganira anggorohake, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira
لِّكُلِّ نَبَإٍ مُّسْتَقَرٌّ ۚ وَسَوْفَ تَعْلَمُونَ (67)
Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsane lan sira bakal padha weruh
وَإِذَا رَأَيْتَ الَّذِينَ يَخُوضُونَ فِي آيَاتِنَا فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ وَإِمَّا يُنسِيَنَّكَ الشَّيْطَانُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرَىٰ مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ (68)
Lan samangsane sira ande- leng para kang padha anggunem ala ing timbalan-timbalan-Ingsun, iku sira angedohana, nganti dhe- weke padha anggunem rembug liyane;a dene manawa sira di- lalekake dening setan, lah sawise eling aja sira lulungguhan karo wong kang padha atindak dudu
وَمَا عَلَى الَّذِينَ يَتَّقُونَ مِنْ حِسَابِهِم مِّن شَيْءٍ وَلَٰكِن ذِكْرَىٰ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ (69)
Lan wohing iku ora pisan bakal angenani para kang padha bekti, ananging mung pepeling, manawa- manawane bakal padha bekti
وَذَرِ الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَعِبًا وَلَهْوًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ وَذَكِّرْ بِهِ أَن تُبْسَلَ نَفْسٌ بِمَا كَسَبَتْ لَيْسَ لَهَا مِن دُونِ اللَّهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ وَإِن تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَّا يُؤْخَذْ مِنْهَا ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ أُبْسِلُوا بِمَا كَسَبُوا ۖ لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ (70)
Lan togna bae para kang padha anganggep dodolanan lan lalahanan marang agamane, lan kang padha kacinthung dening kauripan donya, lan sira angeling- na kalawan iku, supaya aja ana jiwa sawiji kang kasrah marang karusakan dening pakolehe panggawene dhewe; kajabane Allah, dheweke ora ana panjagane, mangkono uga pantarane, lan ma- nawa dheweke angaturna sadhe- ngah tebusan, iku ora bakal tinompa; iki para kang bakal padha kasrah marang karusakan dening pakolehe panggawene dhewe; dheweke bakal padha oleh omben- omben arupa banyu umob sarta siksa kang anglarani, amar- ga saka anggone padha angafiri
قُلْ أَنَدْعُو مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا وَنُرَدُّ عَلَىٰ أَعْقَابِنَا بَعْدَ إِذْ هَدَانَا اللَّهُ كَالَّذِي اسْتَهْوَتْهُ الشَّيَاطِينُ فِي الْأَرْضِ حَيْرَانَ لَهُ أَصْحَابٌ يَدْعُونَهُ إِلَى الْهُدَى ائْتِنَا ۗ قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَىٰ ۖ وَأُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ (71)
Calathua : Apa ta aku kumu- du anguwuh liyane Allah, barang kang ora makolehi marang aku lan ora mitunani marang aku, lan dibalik marang tungkakku ing sawise Allah anun- tun aku, kaya dene wong kang kobeng ing bumi amarga ditibak- ake dening para setan? Dheweke duwe mitra, kang padha angajak- ajak dheweke marang dadalan bener, : Tekaa marang aku kene. Calathua: Sayekti, tuntu- naning Allah iku tuntunan , lan aku padha didhawuhi supaya padha sumarah marang Pangeraning kabeh ngalam
وَأَنْ أَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَاتَّقُوهُ ۚ وَهُوَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ (72)
Lan supaya kowe padha anjumenengake salat sarta bekti marang Panjenengane; lan Panje- nengane iku kang – marang Panje- nengane anggonira bakal padha diimpun
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۖ وَيَوْمَ يَقُولُ كُن فَيَكُونُ ۚ قَوْلُهُ الْحَقُّ ۚ وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنفَخُ فِي الصُّورِ ۚ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ (73)
Lan Panjenengane iku kang anitahake langit-langit lan bumi kalawan yekti; lan ing dina Panje- nengane ngandika: Anaa, banjur ana
۞ وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ لِأَبِيهِ آزَرَ أَتَتَّخِذُ أَصْنَامًا آلِهَةً ۖ إِنِّي أَرَاكَ وَقَوْمَكَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (74)
Pangandika-Ne iku yekti, lan kagungan-E karaton iku ing dinane cengkorongan padha tiniyup; Ingkang-Anguningani sing ora katon lan sing katon; lan Panjene- ngane iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada
وَكَذَٰلِكَ نُرِي إِبْرَاهِيمَ مَلَكُوتَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلِيَكُونَ مِنَ الْمُوقِنِينَ (75)
Lan nalikane Ibrahim calathu marang tutuwane, Azar: Punapa sampeyan angalap brahala minang- ka sesembahan? Saestu kula anyu- rupi sampeyan dalah golongan sampeyan punika sami dumunung ing sasar ingkang tetela
فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ اللَّيْلُ رَأَىٰ كَوْكَبًا ۖ قَالَ هَٰذَا رَبِّي ۖ فَلَمَّا أَفَلَ قَالَ لَا أُحِبُّ الْآفِلِينَ (76)
Lan kaya mangkono Ingsun anuduhi Ibrahim karatoning langit- langit lan bumi lan supaya dheweke dadi golongane wong kang padha yakin
فَلَمَّا رَأَى الْقَمَرَ بَازِغًا قَالَ هَٰذَا رَبِّي ۖ فَلَمَّا أَفَلَ قَالَ لَئِن لَّمْ يَهْدِنِي رَبِّي لَأَكُونَنَّ مِنَ الْقَوْمِ الضَّالِّينَ (77)
Mulane, bareng wengi ang- limputi dheweke, dheweke ande- leng lintang sawiji. Acalathu: Apa iki Pangeranku? Ananging bareng surup, acalathu: Aku ora tresna marang barang sing nganggo surup
فَلَمَّا رَأَى الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هَٰذَا رَبِّي هَٰذَا أَكْبَرُ ۖ فَلَمَّا أَفَلَتْ قَالَ يَا قَوْمِ إِنِّي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ (78)
Mulane, bareng andeleng rembulan andadari, acalathu: Apa iki Pangeranku? Ananging bareng surup, acalathu: Yen ta Pange- ranku ora nuntun aku, sayekti aku iki dadi golongane wong kang padha sasar
إِنِّي وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِي فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِيفًا ۖ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ (79)
Mulane, bareng andeleng srengenge mlethek, acalathu: Apa iki Pangeranku? Ananging, bareng surup, acalathu: E, kaumku, sayek- ti aku iki lebaran saka kang koanggep sisihane
وَحَاجَّهُ قَوْمُهُ ۚ قَالَ أَتُحَاجُّونِّي فِي اللَّهِ وَقَدْ هَدَانِ ۚ وَلَا أَخَافُ مَا تُشْرِكُونَ بِهِ إِلَّا أَن يَشَاءَ رَبِّي شَيْئًا ۗ وَسِعَ رَبِّي كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۗ أَفَلَا تَتَذَكَّرُونَ (80)
Sayekti aku iki angadhepake adhepku marang kang andadekake langit-langit lan bumi, kalawan legawa, lan ora pisan aku iki golongane para kang manembah Pangeran akeh
وَكَيْفَ أَخَافُ مَا أَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُونَ أَنَّكُمْ أَشْرَكْتُم بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ عَلَيْكُمْ سُلْطَانًا ۚ فَأَيُّ الْفَرِيقَيْنِ أَحَقُّ بِالْأَمْنِ ۖ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ (81)
Kaume padha amadoni dhe- weke. Dheweke acalathu: Apa ta kowe padha amadoni aku ing bab Allah? Lan temen Panjenengane wus anuntun aku, sarta ora pisan aku wedi marang apa kang koanggep sisihane Panjenengane, kajaba manawa ana kaparenge Pangeranku; Pangeranku Ngelmu- Ne amaratani samubarang; lah apa ta kowe ora padha ngangen-angen
الَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يَلْبِسُوا إِيمَانَهُم بِظُلْمٍ أُولَٰئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُم مُّهْتَدُونَ (82)
Kapriye olehku wedi marang apa kang koanggep sisihane , ing mangka kowe padha ora wedi anjejerake sisihan ing Allah barang kang Panjene- ngane ora anurunake wewenang iku marang kowe; lah papanthan loro iku sing endi sing luwih andarbeni wenang ing karaharjan, manawa kowe padha weruh
وَتِلْكَ حُجَّتُنَا آتَيْنَاهَا إِبْرَاهِيمَ عَلَىٰ قَوْمِهِ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَّن نَّشَاءُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ (83)
Para kang padha angestu sarta padha ora nyampuri anggone angestu iku kalawan tindak dudu, iku bakal padha oleh karaharjan tuwin dheweke iku wong kang padha oleh pituduh
وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ كُلًّا هَدَيْنَا ۚ وَنُوحًا هَدَيْنَا مِن قَبْلُ ۖ وَمِن ذُرِّيَّتِهِ دَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ وَأَيُّوبَ وَيُوسُفَ وَمُوسَىٰ وَهَارُونَ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (84)
Lan iki bukti-Ningsun kang Ingsun paringake marang Ibrahim nglindhihake kaume; Ingsun angunggahake drajad ma- rang sapa kapareng-Ingsun; sayekti Pangeranira iku Wicaksana, Udani
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيَىٰ وَعِيسَىٰ وَإِلْيَاسَ ۖ كُلٌّ مِّنَ الصَّالِحِينَ (85)
Lan Ingsun aparing marang dheweke Ishaq lan Ya’qub; siji- sijine padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurunge, apa dene sawenehing tedhake, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawe becik ing liyan
وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ (86)
Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijine pada ewone para wong tulus
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ (87)
Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijine padha Ingsun luwihake utama angungkuli ngalam kabeh
ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ (88)
Lan sapa antaraning para bapak-bapake sarta para tedhak turune tuwin sadulur-sadulure, lan Ingsun wus milih dheweke sarta anuntun dheweke marang dalan kang bener
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚ فَإِن يَكْفُرْ بِهَا هَٰؤُلَاءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَّيْسُوا بِهَا بِكَافِرِينَ (89)
Iki tuntunaning Allah, di- agem nuntun kawula-Ne sapa kang dadi kapareng-E, lan manawa dheweke anjejerake sisihan , sayekti tumrap dheweke bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ هَدَى اللَّهُ ۖ فَبِهُدَاهُمُ اقْتَدِهْ ۗ قُل لَّا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا ۖ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرَىٰ لِلْعَالَمِينَ (90)
Iki para kang wus padha Ing- sun paringi Kitab lan pancasan tuwin weca; mulane manawa iki padha angafiri marang iku lah temen iku wus Ingsun pasrahake kaum kang dudu wong kafir marang iku
وَمَا قَدَرُوا اللَّهَ حَقَّ قَدْرِهِ إِذْ قَالُوا مَا أَنزَلَ اللَّهُ عَلَىٰ بَشَرٍ مِّن شَيْءٍ ۗ قُلْ مَنْ أَنزَلَ الْكِتَابَ الَّذِي جَاءَ بِهِ مُوسَىٰ نُورًا وَهُدًى لِّلنَّاسِ ۖ تَجْعَلُونَهُ قَرَاطِيسَ تُبْدُونَهَا وَتُخْفُونَ كَثِيرًا ۖ وَعُلِّمْتُم مَّا لَمْ تَعْلَمُوا أَنتُمْ وَلَا آبَاؤُكُمْ ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ ثُمَّ ذَرْهُمْ فِي خَوْضِهِمْ يَلْعَبُونَ (91)
Iki para kang padha katuntun dening Allah, mulane sira nuruta tuntunane. Calathua: Aku ora anja- luk pituas marang sira ingatase prakara iki; iki ora liya kajaba pepeling tumrap wong ngalam kabeh
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ مُّصَدِّقُ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَلِتُنذِرَ أُمَّ الْقُرَىٰ وَمَنْ حَوْلَهَا ۚ وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۖ وَهُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ (92)
Lan dheweke padha ora ang- regani Allah kalawan rega-Ne sa- nyatane nalikane padha angucap ora pisan Allah andhawuhake apa- apa marang manusa. Calathua: Sa- pa kang andhawuhake Kitab kang kaampil Musa, sawijining papa- dhang lan tuntunan tumrap para manusa, kang padha sira dadekake tulis kang abosah-basih, sira katonake lan kang akeh padha sira umpetake? lan sira padha diweruhake barang kang sira padha ora weruh, sira apa dene bapak-bapakira. Sira tutura: Allah; banjur padha sira togna bae ang- gone padha mainan ing dalem omonge lalahanan
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ قَالَ أُوحِيَ إِلَيَّ وَلَمْ يُوحَ إِلَيْهِ شَيْءٌ وَمَن قَالَ سَأُنزِلُ مِثْلَ مَا أَنزَلَ اللَّهُ ۗ وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الظَّالِمُونَ فِي غَمَرَاتِ الْمَوْتِ وَالْمَلَائِكَةُ بَاسِطُو أَيْدِيهِمْ أَخْرِجُوا أَنفُسَكُمُ ۖ الْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنتُمْ تَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنتُمْ عَنْ آيَاتِهِ تَسْتَكْبِرُونَ (93)
Lan iki Kitab kang Ingsun turunake, kang binarkahan, dumu- nung ambenerake kang ana ing sangarepea lan supaya sira apepe- linga ibuning praja lan sapa ing sakiwa tengene; lan para kang padha angestu ing akhirat pada angestu marang iku sarta marang salate padha tuhu- tuhu rumeksa
وَلَقَدْ جِئْتُمُونَا فُرَادَىٰ كَمَا خَلَقْنَاكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَتَرَكْتُم مَّا خَوَّلْنَاكُمْ وَرَاءَ ظُهُورِكُمْ ۖ وَمَا نَرَىٰ مَعَكُمْ شُفَعَاءَكُمُ الَّذِينَ زَعَمْتُمْ أَنَّهُمْ فِيكُمْ شُرَكَاءُ ۚ لَقَد تَّقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنكُم مَّا كُنتُمْ تَزْعُمُونَ (94)
Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang kang agawe-gawe goroh marang Allah, utawa aca- lathu: Sabda kawedharake marang aku; Ing mangka ora ana sabda apa-apa kang kawedharake marang dheweke, lan sapa sing calathu: Aku bisa anurunake papadhane apa kang katurunake dening Allah? Lan yen ta sira weruha nalikane para kang atindak dudu ana sajrone sakarating pati sarta para malaikat padha angulurake tangane: Padha wetokna jiwanira. Ing dina iki sira bakal winales siksa kang anginak- ake, amarga saka anggonira pada calathu amitunani Allah kang dudu benere lan saka anggon- ira padha gumedhe marang tim- balan-timbalan-E
۞ إِنَّ اللَّهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوَىٰ ۖ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ (95)
Lan sayekti temen sira padha tumeka marang Ingsun ijen, kaya anggon-Ingsun anitahake sira saka- wit, lan apa kang wus Ingsun paringake marang sira padha sira tinggal ana ing saburining geger- ira, lan Ingsun ora mirsani para pantaranira anyartani sira, kang padha sira sengguh, yen dheweke iku para sisihane tu- mrape sira; yekti temen wis pedhot antarane sira, sarta wis sirna saka ing sira apa kang padha sira sengguh mau
فَالِقُ الْإِصْبَاحِ وَجَعَلَ اللَّيْلَ سَكَنًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ (96)
Sayekti Allah adamel male- theke wiji lan isi kurma; Panjene- ngane angetokake barang urip saka barang mati sarta Panjenengane iku kang angetokake barang mati saka barang urip; yaiku Allah! lah kapriye margane anggonira padha kebalik
وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ النُّجُومَ لِتَهْتَدُوا بِهَا فِي ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (97)
Panjenengane malethekake bangun-esuk sarta andadekake we- ngi minangka palereman apa dene srengenge lan rembulan minangka petungan; iki tatanane Ingkang- Minulya, Ingkang-Angudaneni
وَهُوَ الَّذِي أَنشَأَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ فَمُسْتَقَرٌّ وَمُسْتَوْدَعٌ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَفْقَهُونَ (98)
Lan Panjenengane iku kang andadekake lintang-lintang tumrap marang sira, supaya sira padha ka- tuntun nurut dalan kang bener ana ing pepetenging dharatan lan sa- gara; temen Ingsun wus amijang- mijangake timbalan-timbalan-Ing- sun tumrap wong kang padha weruh
وَهُوَ الَّذِي أَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجْنَا بِهِ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَأَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًا وَمِنَ النَّخْلِ مِن طَلْعِهَا قِنْوَانٌ دَانِيَةٌ وَجَنَّاتٍ مِّنْ أَعْنَابٍ وَالزَّيْتُونَ وَالرُّمَّانَ مُشْتَبِهًا وَغَيْرَ مُتَشَابِهٍ ۗ انظُرُوا إِلَىٰ ثَمَرِهِ إِذَا أَثْمَرَ وَيَنْعِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكُمْ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ (99)
Lan Panjenengane iku kang wus anuwuhake sira saka ing jiwa sawiji, tumuli ana enggon palerenan sarta panyimpe- nan; temen Ingsun wus amijang- mijangake timbalan-timbalan tum- rap wong kang padha mangerti
وَجَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ ۖ وَخَرَقُوا لَهُ بَنِينَ وَبَنَاتٍ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يَصِفُونَ (100)
Lan Panjenengane iku kang anurunake banyu saka mendhung; tumuli iku Ingsun anggo anru- busake sarupane tanem tuwuh, tumuli saka ing kono Ingsun angetokake ijo-ijo, saka ing kono Ingsun angetokake wiji matumpa-tumpa ; lan saka ing wit kurma, saka mancunge, sarta dhodhompolan , kena diranggeh; apa dene kebon anggur lan zaitun sarta dlima kang madharupa tuwin kang ora madharupa; padha andelenga marang wohe nalikane awoh sarta matenge; sayekti ing dalem mang- kono iku temen tandha-yekti tu- mrap wong kang padha angestu
بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ أَنَّىٰ يَكُونُ لَهُ وَلَدٌ وَلَمْ تَكُن لَّهُ صَاحِبَةٌ ۖ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ ۖ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ (101)
Lan dheweke padha anda- dekake jin dadi sisihane Allah, mangka iku kabeh Allah kang anitahake, sarta dheweke padha angakokake putra lanang lan putra wadon marang Panjenengane, ka- lawan tanpa kawruh; Mahasuci Panjenengane iku lan Mahaluhur saka anggone padha anyipati
ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوهُ ۚ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلٌ (102)
Ingkang-Amurwani langit- langit lan bumi!a Kapriye anggone Panjenengane kagungan putra, kang mangka Panjenengane ora kagungan garwa, sarta Panjene- ngane anitahake samu- barang, apa dene Panjenengane iku Ingkang-Angudaneni ing sa- mubarang! A
لَّا تُدْرِكُهُ الْأَبْصَارُ وَهُوَ يُدْرِكُ الْأَبْصَارَ ۖ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ (103)
Yaiku Allah, Pangeranira, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengane; Ingkang-Anitahake sa- mubarang; mulane padha ngabdia ing Panjenengane, sarta Panje- nengane iku Ingkang-murba ing samubarang
قَدْ جَاءَكُم بَصَائِرُ مِن رَّبِّكُمْ ۖ فَمَنْ أَبْصَرَ فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَا ۚ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِحَفِيظٍ (104)
Pandeleng ora bisa nyakup ing Panjenengane, lan Panjene- ngane nyakup marang sakehing pandeleng, sarta Panjenengane iku Ingkang-Angudaneni ing lembut, Ingkang-Waspada
وَكَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ وَلِيَقُولُوا دَرَسْتَ وَلِنُبَيِّنَهُ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (105)
Temen wus teka marang sira tandha-tandha yekti saka Pa- ngeranira; mulane sapa sing gelem andeleng, lah iya makolehi marang jiwane dhewe, lan sapa sing micak, lah iya mitunani marang dheweke dhewe; lan aku iki dudu juru- ngreksa tumrap marang sira
اتَّبِعْ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ وَأَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِينَ (106)
Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun angambali timbalan- timbalan, lan dimen dheweke padha ngucap: Entukmu maca; lan iku supaya Ingsun anerangake marang wong kang padha weruh
وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكُوا ۗ وَمَا جَعَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا ۖ وَمَا أَنتَ عَلَيْهِم بِوَكِيلٍ (107)
Manuta apa kang kawe- dharake marang sira saka Pangera- nira; ora ana sesembahan kajaba Panjenengane; lan sira mengoa saka wong kang padha anjejeri
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ كَذَٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ أُمَّةٍ عَمَلَهُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِم مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (108)
Lan yen ta Allah angar- sakna, dheweke ora bakal padha anjejeri , sarta Ingsun ora andadekake sira dadi panjaga tumrap dheweke, lan sira dudu juru-ngreksa ma- rang dheweke
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِن جَاءَتْهُمْ آيَةٌ لَّيُؤْمِنُنَّ بِهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا الْآيَاتُ عِندَ اللَّهِ ۖ وَمَا يُشْعِرُكُمْ أَنَّهَا إِذَا جَاءَتْ لَا يُؤْمِنُونَ (109)
Lan aja padha nyanyamah kang padha diuwuh saliyane Allah, mundhak dheweke padha anyanya- mah Allah angliwati wates amarga saka ora ngertine. Kaya mangkono anggon-Ingsun amamaesi tumrap siji-sijining umat pangga- wene; tumuli marang Pangerane bakal enggone bali, Panjenengane banjur bakal amartani dheweke apa kang wus padha dilakoni
وَنُقَلِّبُ أَفْئِدَتَهُمْ وَأَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوا بِهِ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَنَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ (110)
Lan dheweke padha supata dhemi Allah kalawan supatane kang abanget, yen ana tandha yekti tumeka marang dheweke, iku mas- thi dheweke bakal padha angestu. Calathua: Tandha-tandha yekti iku mung ana ing ngarsaning Allah; lan apa ta kang bakal meruhake ing sira, yen samangsa iku teka, dheweke bakal padha ora angestu
۞ وَلَوْ أَنَّنَا نَزَّلْنَا إِلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتَىٰ وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَّا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُونَ (111)
Lan Ingsun bakal amba- likake ati-atine lan pandeleng- pandelenge, kaya anggone padha ora angestu ing iku dhek sakawit lan padha Ingsun togake ing pan- daluyane kanthi padha bingung
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيَاطِينَ الْإِنسِ وَالْجِنِّ يُوحِي بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُورًا ۚ وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ (112)
Lan sanajan ta Ingsun anurunna para malaikat marang dheweke lan para wong mati padha angandhanana dheweke sarta Ingsun angimpun samubarang ana ing ngarepe, ora bakal dheweke padha angestu kajaba manawa Allah angarsakake, ananging kekehane dheweke iku padha bodho
وَلِتَصْغَىٰ إِلَيْهِ أَفْئِدَةُ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوا مَا هُم مُّقْتَرِفُونَ (113)
Lan kaya mangkono, Ing- sun andadekake mungsuh tumrap saben-saben nabi setan manusa lan jin, kang saweneh abibisik ma- rang sawenehe pangucap pupu- lasan pangapus-krama, lan saupa- ma Pangeranira angarsakna, dhe- weke ora bakal padha anindakake iku, mulane sira togna bae dheweke dalah sabarang dora- carane
أَفَغَيْرَ اللَّهِ أَبْتَغِي حَكَمًا وَهُوَ الَّذِي أَنزَلَ إِلَيْكُمُ الْكِتَابَ مُفَصَّلًا ۚ وَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْلَمُونَ أَنَّهُ مُنَزَّلٌ مِّن رَّبِّكَ بِالْحَقِّ ۖ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ (114)
Lan supaya ati-atine para kang padha ora angestu marang akhirat tumiyunga mrono sarta supaya padha kasdua marang iku apa dene dimen padha apakolih apa kang bakal pinakolih
وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَعَدْلًا ۚ لَّا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِهِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (115)
Lah apa ta aku dadak golek juru-mutusi saliyane Allah? Mang- ka Panjenengane iku kang anu- runake marang sira kitab kang terang-awijang; lan para kang padha Ingsun paringi kitab padha weruh yen sayektine iku katu- runake saka Pangeranira ing dalem yekti; mulane aja sira padha dadi ewone kang padha madoni
وَإِن تُطِعْ أَكْثَرَ مَن فِي الْأَرْضِ يُضِلُّوكَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ (116)
Lan wis kalakon sabdaning Pangeranira kalawan nyata lan adil; ora ana kang bisa angowahi marang sabda-Ne, lan Panjene- ngane iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudaneni
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ مَن يَضِلُّ عَن سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ (117)
Lan yen sira manut keh- kehane kang ana ing bumi, iku bakal padha nasarake sira saka dadalaning Allah; ora liya dhe- weke iku mung padha manut panyana, lan ora liya mung padha goroh
فَكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ إِن كُنتُم بِآيَاتِهِ مُؤْمِنِينَ (118)
Sayekti, Pangeranira – Pan- jenengane iku luwih ngudaneni sapa kang sasar saka dadalan-E, sarta Panjenengane iku luwih ngudaneni marang kang padha nurut dalan bener
وَمَا لَكُمْ أَلَّا تَأْكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُم مَّا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ إِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ إِلَيْهِ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا لَّيُضِلُّونَ بِأَهْوَائِهِم بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِينَ (119)
Mulane padha mangana apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, manawa sira iku wong kang angestu marang timbalan-timbalan-E
وَذَرُوا ظَاهِرَ الْإِثْمِ وَبَاطِنَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَكْسِبُونَ الْإِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوا يَقْتَرِفُونَ (120)
Lan apa ta karanane, dene sira padha ora gelem mangan apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, lan temen Pan- jenengane wis amijangake ing sira apa kang Panjenengane anglarangi ingatase sira – kajaba barang kang sira kepeksa mangkono; lan sayek- ti temen akeh kang arep anasarake kalawan pepenginane kang asor, jalaran tanpa kawruh; sayek- ti, Pangeranira – Panjenengane iku luwih angudaneni marang wong kang padha anglangkahi wates
وَلَا تَأْكُلُوا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَإِنَّهُ لَفِسْقٌ ۗ وَإِنَّ الشَّيَاطِينَ لَيُوحُونَ إِلَىٰ أَوْلِيَائِهِمْ لِيُجَادِلُوكُمْ ۖ وَإِنْ أَطَعْتُمُوهُمْ إِنَّكُمْ لَمُشْرِكُونَ (121)
Lan padha atinggala dosa lahir lan dosa batin; sayekti para kang padha amakolih dosa, bakal winales kalawan apa kang wis padha pinakolih
أَوَمَن كَانَ مَيْتًا فَأَحْيَيْنَاهُ وَجَعَلْنَا لَهُ نُورًا يَمْشِي بِهِ فِي النَّاسِ كَمَن مَّثَلُهُ فِي الظُّلُمَاتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِّنْهَا ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكَافِرِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (122)
Lan aja padha mangan barang kang ing kono asmaning Allah ora disebut, lan sayekti iku temen panerak; lan sayekti para setan iku temen padha abibisik marang para mitrane, supaya padha madonana sira; lan manawa sira ambangun turut dheweke, sayekti sira iku wong kang manembah pangeran akeh
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا فِي كُلِّ قَرْيَةٍ أَكَابِرَ مُجْرِمِيهَا لِيَمْكُرُوا فِيهَا ۖ وَمَا يَمْكُرُونَ إِلَّا بِأَنفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُونَ (123)
Apa ta wong kang maune mati banjur Ingsun uripake, lan Ingsun gawekake papadhang kanggo lumaku ing antarane para manusa, iku padha karo wong kang sanepane ana sajroning pepeteng kang lilimengan, kang dheweke tanpa bisa metu saka ing kono? Kaya mangkono iku anggone tumrape para wong kafir pinaes- paes apa kang wus padha dilakoni
وَإِذَا جَاءَتْهُمْ آيَةٌ قَالُوا لَن نُّؤْمِنَ حَتَّىٰ نُؤْتَىٰ مِثْلَ مَا أُوتِيَ رُسُلُ اللَّهِ ۘ اللَّهُ أَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسَالَتَهُ ۗ سَيُصِيبُ الَّذِينَ أَجْرَمُوا صَغَارٌ عِندَ اللَّهِ وَعَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا كَانُوا يَمْكُرُونَ (124)
Lan kaya mangkono ing dalem siji-sijining nagara Ingsun andadekake para gedhene dadi wonge sing duraka, dimen padha agawe upaya ana ing kono; lan ora liya anggone padha agawe upaya iku kajaba tumama ing jiwane dhe- we sarta padha ora rumasa
فَمَن يُرِدِ اللَّهُ أَن يَهْدِيَهُ يَشْرَحْ صَدْرَهُ لِلْإِسْلَامِ ۖ وَمَن يُرِدْ أَن يُضِلَّهُ يَجْعَلْ صَدْرَهُ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِي السَّمَاءِ ۚ كَذَٰلِكَ يَجْعَلُ اللَّهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ (125)
Lan kalane ana timbalan, tumeka ing dheweke, padha acala- thu: Aku ora bakal padha angestu nganti tumekane aku kaparingan padhane barang kang kaparingake para utusaning Allah. Allah iku luwih angudaneni ing ngendi ang- gone Panjenengane amapanake ayahan-E. Para kang padha du- raka bakal padha katiban asor ing ngarsaning Allah sarta siksa kang abanget, amarga saka anggone padha agawe upaya
وَهَٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيمًا ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَذَّكَّرُونَ (126)
Mulane, sapa sing dikarsak- ake dening Allah bakal katuntun ing dalan kang bener, Panjenenga- ne anjembarake dhadhane marang Islam, lan sapa sing dikarsakake bakal kasasarake, Panjenengane andadekake dhadhane rupak lan sesak, kaya-kaya arep sumengkaa mandhuwur; kaya mangkono ang- gone Allah andekeki lelethek marang para kang padha ora angestu
۞ لَهُمْ دَارُ السَّلَامِ عِندَ رَبِّهِمْ ۖ وَهُوَ وَلِيُّهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (127)
Lan iki dadalane Pangera- nira, kang bener; temen Ingsun wus amijang-mijangake timbalan-timbalan tumrap wong kang padha eling
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُم مِّنَ الْإِنسِ ۖ وَقَالَ أَوْلِيَاؤُهُم مِّنَ الْإِنسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَبَلَغْنَا أَجَلَنَا الَّذِي أَجَّلْتَ لَنَا ۚ قَالَ النَّارُ مَثْوَاكُمْ خَالِدِينَ فِيهَا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ (128)
Dheweke bakal padha oleh enggon karahayon ing ngarsaning Pangerane, sarta Panjenengane iku pangayomane, amarga saka barang kang wus padha dilakoni
وَكَذَٰلِكَ نُوَلِّي بَعْضَ الظَّالِمِينَ بَعْضًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ (129)
Lan ing dinane Panjene- ngane angimpun dheweke kabeh; E, grombolaning Jin! temen kowe wis anjupuki keh-kehaning manusa. Lan para mitrane, saka antaraning para manusa, bakal aca- lathu: Pangeran kawula! kawula sami mamrih pakolih saweneh sawenehipun saha kawula sampun sami dumugi ing ubaya kawula ingkang sampun Tuwan ubayak- aken ing kawula. Panjenengane bakal ngandika: Geni iku pang- gonanira, bakal padha dudunung ing kono, kajaba manawa ana kaperenging karsane Allah; sayekti Pangeranira iku Wicaksana, Angudaneni
يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ أَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي وَيُنذِرُونَكُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا ۚ قَالُوا شَهِدْنَا عَلَىٰ أَنفُسِنَا ۖ وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ (130)
Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun agawe mimitrane sawenehe para wong kang atindak dudu marang sawenehe, amarga saka barang kang wus padha pinakolih
ذَٰلِكَ أَن لَّمْ يَكُن رَّبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا غَافِلُونَ (131)
E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakake tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apepeling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula anekseni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dheweke, apa dene dheweke bakal padha anek- seni marang jiwane dhewe, yen sajatine padha wong kafir
وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِّمَّا عَمِلُوا ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ (132)
Mangkono iku amarga Pangeranira ora bakal angrusak kutha-kutha kalawan panganiaya, kang mangka wonge padha lena
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۚ إِن يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِن بَعْدِكُم مَّا يَشَاءُ كَمَا أَنشَأَكُم مِّن ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ آخَرِينَ (133)
Lan kabeh iku padha duwe drajat salaras karo apa kang padha dilakoni; lan ora pisan Pangeranira iku lena marang apa kang padha dilakoni
إِنَّ مَا تُوعَدُونَ لَآتٍ ۖ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ (134)
Lan Pangeranira iku Ing- kang-Sugih, Ingkang-Kagungan wilasa; manawa Panjenengane ngarsakake, saged Panjenengane amecat sira lan anggentekake sapa kang dadi karsa-Ne ing sapung- kurira, kaya dene anggone Panje- nengane wus anuwuhake sira saka wijining wong liya
قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدَّارِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ (135)
Sayekti apa kang dianca- make sira, masthi kalakon lan ora pisan sira bisa ngoncati . A
وَجَعَلُوا لِلَّهِ مِمَّا ذَرَأَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْأَنْعَامِ نَصِيبًا فَقَالُوا هَٰذَا لِلَّهِ بِزَعْمِهِمْ وَهَٰذَا لِشُرَكَائِنَا ۖ فَمَا كَانَ لِشُرَكَائِهِمْ فَلَا يَصِلُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَمَا كَانَ لِلَّهِ فَهُوَ يَصِلُ إِلَىٰ شُرَكَائِهِمْ ۗ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ (136)
Calathua: E, bangsaku! pa- dha anglakonana ing sabisanira; dene aku iya nglakoni; lah sira bakal tumuli padha weruh, sapa sing bakal oleh wekasaning eng- gon ; sayekti ora begja para wong kang atindak dudu
وَكَذَٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيرٍ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ قَتْلَ أَوْلَادِهِمْ شُرَكَاؤُهُمْ لِيُرْدُوهُمْ وَلِيَلْبِسُوا عَلَيْهِمْ دِينَهُمْ ۖ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ (137)
Lan dheweke padha nisi- hake sabagean kanggo Allah saka barang kang katitahake dening Panjenengane kang arupa tatandu- ran lan rajakaya, banjur padha calathu: Iki bageane Allah – mang- kono panemune – lan iki bageane kanthi-kanthiku; dene apa kang dadi bageane kanthi-kanthine lah ora tumeka marang Allah, lah apa kang dadi bageane Allah, lah iku tumeka marang kanthi-kanthine; ala barang kang padha dipancasi iku
وَقَالُوا هَٰذِهِ أَنْعَامٌ وَحَرْثٌ حِجْرٌ لَّا يَطْعَمُهَا إِلَّا مَن نَّشَاءُ بِزَعْمِهِمْ وَأَنْعَامٌ حُرِّمَتْ ظُهُورُهَا وَأَنْعَامٌ لَّا يَذْكُرُونَ اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهَا افْتِرَاءً عَلَيْهِ ۚ سَيَجْزِيهِم بِمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ (138)
Lan kaya mangkono para kanthi-kanthine anggone amaes- maesi tumrap keh-kehane para manembah pangeran akeh amateni anak-anake, supaya bisa ang- rusakake dheweke sarta supaya ametengake agamane marang dhe- weke; lan manawa Allah angar- sakna, ora bakal dheweke padha nindakake iku, mulane padha sira togna bae dalah sabarang dora- carane
وَقَالُوا مَا فِي بُطُونِ هَٰذِهِ الْأَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِّذُكُورِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلَىٰ أَزْوَاجِنَا ۖ وَإِن يَكُن مَّيْتَةً فَهُمْ فِيهِ شُرَكَاءُ ۚ سَيَجْزِيهِمْ وَصْفَهُمْ ۚ إِنَّهُ حَكِيمٌ عَلِيمٌ (139)
Sarta padha calathu: Iki raja-kaya sarta tanduran kekeran: ora ana kena mangan iki, kajaba sapa kang dadi sarju-Ku _ mang- kono panemune _ sarta rajakaya kang dilarangi gegere, apa dene rajakaya kang ing kono ora ngang- go anyebut asmaning Allah – agawe doracara marang Panjene- ngane; Panjenengane bakal males dheweke amarga saka anggone padha adoracara
قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ قَتَلُوا أَوْلَادَهُمْ سَفَهًا بِغَيْرِ عِلْمٍ وَحَرَّمُوا مَا رَزَقَهُمُ اللَّهُ افْتِرَاءً عَلَى اللَّهِ ۚ قَدْ ضَلُّوا وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ (140)
Sarta padha acalathu: Apa kang ana ing jerone wetenge rajakaya iki mung mligi tumrap para wong-wongku lanang, lan la- rangan ing ngatase wong-wongku wadon, lan manawa metu wis mati lah ing kono dheweke kabeh padha oleh bagean; Panjenengane bakal males dheweke amarga saka ang- gone anyifati ; sayekti Panjenengane iku Wicaksana, Udani
۞ وَهُوَ الَّذِي أَنشَأَ جَنَّاتٍ مَّعْرُوشَاتٍ وَغَيْرَ مَعْرُوشَاتٍ وَالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا أُكُلُهُ وَالزَّيْتُونَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَغَيْرَ مُتَشَابِهٍ ۚ كُلُوا مِن ثَمَرِهِ إِذَا أَثْمَرَ وَآتُوا حَقَّهُ يَوْمَ حَصَادِهِ ۖ وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ (141)
Temen kapitunan para kang padha mateni anake kalawan kabodhoan tanpa kawruh sarta angaramake paparinging Allah marang Allah; temen dheweke padha sasar sarta dudu wong kang padha manut dadalan kang bener
وَمِنَ الْأَنْعَامِ حَمُولَةً وَفَرْشًا ۚ كُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ (142)
Lan Panjenengane iku Kang anukulake kebon , kang dianjang-anjangi lan kang tanpa anjang-anjang, sarta kurma tuwin pekahing wiji, kang wohe abeda- beda, apa dene zaitun lan dalima, kang madha-rupa lan kang ora madha-rupa, padha mangana wohe kalane awoh sarta ambayara zakate apa benere ing dina pangundhuhe, sarta aja sira padha keladuk; sa- yekti Panjenengane iku ora remen marang wong kang padha keladuk
ثَمَانِيَةَ أَزْوَاجٍ ۖ مِّنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنثَيَيْنِ ۖ نَبِّئُونِي بِعِلْمٍ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (143)
Lan sawenehe rajakaya ana kang kadadekake kewan momotan sarta sembelehan; Padha manga- na apa paparinge Allah ing sira, sarta aja padha manut garis- garising setan; sayekti dheweke iku tumraping sira mungsuh kang tetela
وَمِنَ الْإِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنثَيَيْنِ ۖ أَمْ كُنتُمْ شُهَدَاءَ إِذْ وَصَّاكُمُ اللَّهُ بِهَٰذَا ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا لِّيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ (144)
Wolu ajodhon-jodhon sing wedhus gibas loro sing wedhus kacang loro. Calathua: Apa lana- nge loro sing Dilarangi, apa wedokane loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakane wedokan loro iku? Aku wartanana kalawan nganggo kawruh manawa sira padha wong temen
قُل لَّا أَجِدُ فِي مَا أُوحِيَ إِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلَىٰ طَاعِمٍ يَطْعَمُهُ إِلَّا أَن يَكُونَ مَيْتَةً أَوْ دَمًا مَّسْفُوحًا أَوْ لَحْمَ خِنزِيرٍ فَإِنَّهُ رِجْسٌ أَوْ فِسْقًا أُهِلَّ لِغَيْرِ اللَّهِ بِهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَلَا عَادٍ فَإِنَّ رَبَّكَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (145)
Lan sing unta loro, sing sapi loro. Calathua: Apa lanange loro sing Dilarangi, apa wedokane loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakane wedokan loro iku? Apa ta sira padha anekseni kalane Allah masiyatake iki marang sira? Lah sapa sing luwih atindak dudu saka wong kang agawe doracara ma- rang Allah, mamrih anasarake wong-wong, tanpa kawruh? Sa- yekti Allah iku ora anuntun wong kang padha atindak dudu
وَعَلَى الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِي ظُفُرٍ ۖ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُومَهُمَا إِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُورُهُمَا أَوِ الْحَوَايَا أَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍ ۚ ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُم بِبَغْيِهِمْ ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ (146)
Calathua: Ing sajrone apa kang kawedharake marang aku, aku ora mrangguli barang kang dilarangi tumrap wong kang ma- ngan, yen ta mangana iku, kajaba yen iku bathang, utawa getih mili, utawa daging celeng – amarga iku pancen jember – utawa yen iku panerak, saliyane Allah kang nganggo sinebut ing kono; ananging sapa sing kepeksa dening kepepet, ora saka kapengin lan ora angliwati wates, lah sayekti Pangeranira iku Aparamarta, Mahaasih
فَإِن كَذَّبُوكَ فَقُل رَّبُّكُمْ ذُو رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهُ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِينَ (147)
Lan tumrape para kang pa- dha Yahudi Ingsun wus anglarangi sarupane kang mawa kuku, won- dene sapi lan wedhus Ingsun ang- larangi gajihe tumrap dheweke, kajaba kang ana ing gigire sakaro- ne, utawa jeroan utawa kang kalet karo balung; iki pidana-Ningsun marang dheweke, amarga saka anggone padha mirong, lan sayekti Ingsun iki sanyata Tuhu
سَيَقُولُ الَّذِينَ أَشْرَكُوا لَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكْنَا وَلَا آبَاؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِن شَيْءٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ حَتَّىٰ ذَاقُوا بَأْسَنَا ۗ قُلْ هَلْ عِندَكُم مِّنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوهُ لَنَا ۖ إِن تَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ أَنتُمْ إِلَّا تَخْرُصُونَ (148)
Lah manawa dheweke pa- dha anggorohake ing sira, banjur calathua: Pangeranira iku gustining wilasa kang jembar-anglimputi; lan pidana-Ne ora kena tinulak saka para wong kang duraka
قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ (149)
Para kang padha manembah pangeran akeh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurunge iya padha anggorohake, nganti padha ang- rasakake pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowe padha duwe kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاءَكُمُ الَّذِينَ يَشْهَدُونَ أَنَّ اللَّهَ حَرَّمَ هَٰذَا ۖ فَإِن شَهِدُوا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْ ۚ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَهُم بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ (150)
Calathua: Lah kagungane Allah bukti kang sampurna iku; mulane manawa Panjenengane angarsakake, amasthi bakal anun- tun ing sira kabeh
۞ قُلْ تَعَالَوْا أَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ ۖ أَلَّا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۖ وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُم مِّنْ إِمْلَاقٍ ۖ نَّحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَإِيَّاهُمْ ۖ وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ۖ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ (151)
Calathua: Nekakna saksi- saksinira, kang bakal padha anek- seni, manawa Allah anglarangi iki; lah manawa dheweke padha anek- seni, kowe iya aja melu dheweke anekseni; lan aja kowe manut pepenginane asor para kang padha anggorohake timbalan-Ingsun sarta para kang padha ora angestu ing akhirat tuwin padha amadhakake karo Pangerane
وَلَا تَقْرَبُوا مَالَ الْيَتِيمِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ حَتَّىٰ يَبْلُغَ أَشُدَّهُ ۖ وَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ بِالْقِسْطِ ۖ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۖ وَإِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۖ وَبِعَهْدِ اللَّهِ أَوْفُوا ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ (152)
Calathua: Padha mrenea, dak wacane apa kang dilarangi Pangeranira ingatase sira – yaiku aja sira padha anyaku- thokake apa-apa karo Panjenenga- ne, sarta marang wong tuwa saka- loron dibecik, lan aja sira padha amateni anak-anakira, amarga saka kamlaratan – Ingsun kang angrejekeni sira sarta marang dheweke – lan aja sira padha ace- dhak-cedhak laku nistha; apa kang lahir apa kang batin, lan aja amate- ni jiwa kang dilarangi dening Allah, kajaba benere; iki welinge Panjenengane marang sira, supaya sira padha ngerti
وَأَنَّ هَٰذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ ۖ وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَن سَبِيلِهِ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ (153)
Lan aja padha cedhak- cedhak bandhane bocah yatim, kajaba kalawan laku kang utama, nganti tumekane dewasa- ne; lan padha dikebak ing panaker sarta dikalawan jejeg ing panraju. Ingsun ora mardi-mardi ing jiwa, kajaba sakuwasane; lan samangsa sira calathu, lah padha sing adil, sanajan ta ing krabat, sarta padha anetepana ing janjine Allah; iki anggone meling Panje- nengane marang sira, supaya sira padha eling
ثُمَّ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ تَمَامًا عَلَى الَّذِي أَحْسَنَ وَتَفْصِيلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً لَّعَلَّهُم بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُونَ (154)
Lan , yen iki da- dalan-Ingsun, kang bener; mulane sira padha manuta iku, sarta aja padha manut ing dalan-dalan kang satemah anyimpangake ing sira saka dadalane Panjenengane; iki anggone meling Panjenengane marang sira, supaya sira padha suminggah saka ing ala
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ فَاتَّبِعُوهُ وَاتَّقُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ (155)
Tumuli Ingsun amaringi Ki- tab marang Musa, minangka nyam- purnakake ma- rang kang agawe becik , sarta minangka pamijang tumrap sakehing barang apa dene minang- ka tuntunan tuwin wilasa, supaya dheweke padha angestu marang bakal sapatemoning Pangerane
أَن تَقُولُوا إِنَّمَا أُنزِلَ الْكِتَابُ عَلَىٰ طَائِفَتَيْنِ مِن قَبْلِنَا وَإِن كُنَّا عَن دِرَاسَتِهِمْ لَغَافِلِينَ (156)
Lan iki Kitab, kang Ingsun- wedharake, kang binarkahan; mu- lane iku padha sira enuta sarta di padha bekti, supaya sira padha sinihan
أَوْ تَقُولُوا لَوْ أَنَّا أُنزِلَ عَلَيْنَا الْكِتَابُ لَكُنَّا أَهْدَىٰ مِنْهُمْ ۚ فَقَدْ جَاءَكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّن كَذَّبَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَصَدَفَ عَنْهَا ۗ سَنَجْزِي الَّذِينَ يَصْدِفُونَ عَنْ آيَاتِنَا سُوءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوا يَصْدِفُونَ (157)
Supaya sira ora bakal padha angucap, Kitab iku mung kawe- dharake marang rong golongan ing sadurungku sarta Ingsun lena marang kang padha diwaca
هَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا أَن تَأْتِيَهُمُ الْمَلَائِكَةُ أَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ أَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ ۗ يَوْمَ يَأْتِي بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ لَا يَنفَعُ نَفْسًا إِيمَانُهَا لَمْ تَكُنْ آمَنَتْ مِن قَبْلُ أَوْ كَسَبَتْ فِي إِيمَانِهَا خَيْرًا ۗ قُلِ انتَظِرُوا إِنَّا مُنتَظِرُونَ (158)
Utawa sira bakal padha ngucap: Manawa Kitab iku kawedharna marang aku, amasthi aku padha luwih oleh tuntunan tinimbang dheweke; mulane temen wus tumeka marang sira bukti kang terang saka Pangeranira sarta tuntunan tuwin wilasa. Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang kang anggorohake timbalan-timbalaning Allah sarta amalengosi iku? Ingsun bakal amales para kang padha amalengosi timbalan-timbalan- Ingsun kalawan siksa kang ala, amarga saka anggone padha ma- lengos
إِنَّ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا لَّسْتَ مِنْهُمْ فِي شَيْءٍ ۚ إِنَّمَا أَمْرُهُمْ إِلَى اللَّهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُم بِمَا كَانُوا يَفْعَلُونَ (159)
Dheweke padha ora angen- teni apa-apa, kajaba tekane para malaikat marang dheweke, utawa rawuhe Pangeranira, utawa teka- ne sawenehing tandha-tandhane Pangeranira. Ing dina bakal tekane sawenehing tandha-tandhane Pa- ngeranira, sawijining jiwa kang ing sadurunge iku ora angestu, ora bakal piandele maedahi, utawa apakoleh kabecikan amarga saka piandele. Calathua: Padha angentenana, mangkono uga aku iya angenteni
مَن جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا ۖ وَمَن جَاءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزَىٰ إِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ (160)
Sayekti para kang padha amecah-mecah agamane sarta padha dadi panthan-panthan, ora pisan sira kalebu ing golongane; prakarane dheweke iku mung gu- mantung marang Allah, tumuli Panjenengane bakal amartani dhe- weke apa kang wus padha dilakoni
قُلْ إِنَّنِي هَدَانِي رَبِّي إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ دِينًا قِيَمًا مِّلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ (161)
Sapa kang teka kalawan ka- becikan, bakal oleh sapuluh mono, lah sapa sing teka kalawan pang- gawe ala, lah ora bakal winales kajaba satimbange, sarta ora bakal padha dianiaya
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ (162)
Calathua: aku, sayekti Pangeranku wus anuntun aku marang dalan kang bener, agama kang bener, agama- ne Ibrahim, wong tulus, sarta dudu golongane para manembah pange- ran-akeh
لَا شَرِيكَ لَهُ ۖ وَبِذَٰلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ (163)
Calathua: Sayekti salatku, lan pangorbananku sarta uripku tuwin matiku iku kagu- ngane Allah, Pangeraning ngalam kabeh
قُلْ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِي رَبًّا وَهُوَ رَبُّ كُلِّ شَيْءٍ ۚ وَلَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ إِلَّا عَلَيْهَا ۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزْرَ أُخْرَىٰ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُم مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ (164)
Tanpa kanthi Panjenengane iku; lan iki didhawuhake marang aku, lan aku wiwitane wong kang padha sumarah
وَهُوَ الَّذِي جَعَلَكُمْ خَلَائِفَ الْأَرْضِ وَرَفَعَ بَعْضَكُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجَاتٍ لِّيَبْلُوَكُمْ فِي مَا آتَاكُمْ ۗ إِنَّ رَبَّكَ سَرِيعُ الْعِقَابِ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (165)
Calathua: Apa aku golek Pangeran liyane Allah? Lan Pan- jenengane iku Pangeraning samu- barang; lan siji-sijining jiwa ora amakolih kajaba tumrap dheweke dhewe, lan ora bakal wong anyongga sasangganing liyan; tumuli marang Pangera- nira enggonira bali, Panjenengane banjur bakal amartani sira barang kang ing kono sira padha apasu- layan. Lan Panjenengane iku kang wus amisuda sira dadi pamaren- tahing bumi, sarta angunggulake sawenehira apangkat-pangkat ang- ungkuli sawenehe, pamurih-E anyoba ing sira tumrap apa kang wus kaparingake ing sira; sayekti Pangeranira iku rikat ing pamales , lan sayekti Panjenengane iku temen Aparamarta, Mahaasih
❮ Previous Next ❯

Surahs from Quran :

1- Fatiha2- Baqarah
3- Al Imran4- Nisa
5- Maidah6- Anam
7- Araf8- Anfal
9- Tawbah10- Yunus
11- Hud12- Yusuf
13- Raad14- Ibrahim
15- Hijr16- Nahl
17- Al Isra18- Kahf
19- Maryam20- TaHa
21- Anbiya22- Hajj
23- Muminun24- An Nur
25- Furqan26- Shuara
27- Naml28- Qasas
29- Ankabut30- Rum
31- Luqman32- Sajdah
33- Ahzab34- Saba
35- Fatir36- Yasin
37- Assaaffat38- Sad
39- Zumar40- Ghafir
41- Fussilat42- shura
43- Zukhruf44- Ad Dukhaan
45- Jathiyah46- Ahqaf
47- Muhammad48- Al Fath
49- Hujurat50- Qaf
51- zariyat52- Tur
53- Najm54- Al Qamar
55- Rahman56- Waqiah
57- Hadid58- Mujadilah
59- Al Hashr60- Mumtahina
61- Saff62- Jumuah
63- Munafiqun64- Taghabun
65- Talaq66- Tahrim
67- Mulk68- Qalam
69- Al-Haqqah70- Maarij
71- Nuh72- Jinn
73- Muzammil74- Muddathir
75- Qiyamah76- Insan
77- Mursalat78- An Naba
79- Naziat80- Abasa
81- Takwir82- Infitar
83- Mutaffifin84- Inshiqaq
85- Buruj86- Tariq
87- Al Ala88- Ghashiya
89- Fajr90- Al Balad
91- Shams92- Lail
93- Duha94- Sharh
95- Tin96- Al Alaq
97- Qadr98- Bayyinah
99- Zalzalah100- Adiyat
101- Qariah102- Takathur
103- Al Asr104- Humazah
105- Al Fil106- Quraysh
107- Maun108- Kawthar
109- Kafirun110- Nasr
111- Masad112- Ikhlas
113- Falaq114- An Nas