سَأَلَ سَائِلٌ بِعَذَابٍ وَاقِعٍ (1) Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba |
لِّلْكَافِرِينَ لَيْسَ لَهُ دَافِعٌ (2) Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak |
مِّنَ اللَّهِ ذِي الْمَعَارِجِ (3) Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah |
تَعْرُجُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ إِلَيْهِ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ خَمْسِينَ أَلْفَ سَنَةٍ (4) Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun] |
فَاصْبِرْ صَبْرًا جَمِيلًا (5) (Muhammad) sira shabara kelawan tenteram |
إِنَّهُمْ يَرَوْنَهُ بَعِيدًا (6) Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone |
وَنَرَاهُ قَرِيبًا (7) Nanging Ingsun ngarani wis cedhak |
يَوْمَ تَكُونُ السَّمَاءُ كَالْمُهْلِ (8) Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga |
وَتَكُونُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ (9) Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul |
وَلَا يَسْأَلُ حَمِيمٌ حَمِيمًا (10) Lan ora ana wong tetakon marang sanake |
يُبَصَّرُونَهُمْ ۚ يَوَدُّ الْمُجْرِمُ لَوْ يَفْتَدِي مِنْ عَذَابِ يَوْمِئِذٍ بِبَنِيهِ (11) Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake |
وَصَاحِبَتِهِ وَأَخِيهِ (12) Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure |
وَفَصِيلَتِهِ الَّتِي تُؤْوِيهِ (13) Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone |
وَمَن فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا ثُمَّ يُنجِيهِ (14) Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa |
كَلَّا ۖ إِنَّهَا لَظَىٰ (15) Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad |
نَزَّاعَةً لِّلشَّوَىٰ (16) Nglonyomake kulit |
تَدْعُو مَنْ أَدْبَرَ وَتَوَلَّىٰ (17) Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi) |
وَجَمَعَ فَأَوْعَىٰ (18) Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho |
۞ إِنَّ الْإِنسَانَ خُلِقَ هَلُوعًا (19) Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake |
إِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوعًا (20) Samangsa kataman kojur ngersula |
وَإِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوعًا (21) Lan samongsa kataman begja, cethil |
إِلَّا الْمُصَلِّينَ (22) Kajaba wong kang padha sholat |
الَّذِينَ هُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ دَائِمُونَ (23) Kang tetep olehe padha sholat |
وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَّعْلُومٌ (24) Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat) |
لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ (25) Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat |
وَالَّذِينَ يُصَدِّقُونَ بِيَوْمِ الدِّينِ (26) Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat |
وَالَّذِينَ هُم مِّنْ عَذَابِ رَبِّهِم مُّشْفِقُونَ (27) Lan kang padha wedi siksaning Pangerane |
إِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمْ غَيْرُ مَأْمُونٍ (28) Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane |
وَالَّذِينَ هُمْ لِفُرُوجِهِمْ حَافِظُونَ (29) Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane |
إِلَّا عَلَىٰ أَزْوَاجِهِمْ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ فَإِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُومِينَ (30) Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan |
فَمَنِ ابْتَغَىٰ وَرَاءَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْعَادُونَ (31) Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates |
وَالَّذِينَ هُمْ لِأَمَانَاتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُونَ (32) Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan |
وَالَّذِينَ هُم بِشَهَادَاتِهِمْ قَائِمُونَ (33) Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene |
وَالَّذِينَ هُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ (34) Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune |
أُولَٰئِكَ فِي جَنَّاتٍ مُّكْرَمُونَ (35) Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan |
فَمَالِ الَّذِينَ كَفَرُوا قِبَلَكَ مُهْطِعِينَ (36) Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake |
عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ عِزِينَ (37) Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira |
أَيَطْمَعُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ أَن يُدْخَلَ جَنَّةَ نَعِيمٍ (38) Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im |
كَلَّا ۖ إِنَّا خَلَقْنَاهُم مِّمَّا يَعْلَمُونَ (39) Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi |
فَلَا أُقْسِمُ بِرَبِّ الْمَشَارِقِ وَالْمَغَارِبِ إِنَّا لَقَادِرُونَ (40) Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa |
عَلَىٰ أَن نُّبَدِّلَ خَيْرًا مِّنْهُمْ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوقِينَ (41) Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa |
فَذَرْهُمْ يَخُوضُوا وَيَلْعَبُوا حَتَّىٰ يُلَاقُوا يَوْمَهُمُ الَّذِي يُوعَدُونَ (42) Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa |
يَوْمَ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ سِرَاعًا كَأَنَّهُمْ إِلَىٰ نُصُبٍ يُوفِضُونَ (43) Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane) |
خَاشِعَةً أَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۚ ذَٰلِكَ الْيَوْمُ الَّذِي كَانُوا يُوعَدُونَ (44) Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke |