| سَأَلَ سَائِلٌ بِعَذَابٍ وَاقِعٍ (1) Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba
 | 
| لِّلْكَافِرِينَ لَيْسَ لَهُ دَافِعٌ (2) Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak
 | 
| مِّنَ اللَّهِ ذِي الْمَعَارِجِ (3) Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah
 | 
| تَعْرُجُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ إِلَيْهِ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ خَمْسِينَ أَلْفَ سَنَةٍ (4) Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun]
 | 
| فَاصْبِرْ صَبْرًا جَمِيلًا (5) (Muhammad) sira shabara kelawan tenteram
 | 
| إِنَّهُمْ يَرَوْنَهُ بَعِيدًا (6) Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone
 | 
| وَنَرَاهُ قَرِيبًا (7) Nanging Ingsun ngarani wis cedhak
 | 
| يَوْمَ تَكُونُ السَّمَاءُ كَالْمُهْلِ (8) Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga
 | 
| وَتَكُونُ الْجِبَالُ كَالْعِهْنِ (9) Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul
 | 
| وَلَا يَسْأَلُ حَمِيمٌ حَمِيمًا (10) Lan ora ana wong tetakon marang sanake
 | 
| يُبَصَّرُونَهُمْ ۚ يَوَدُّ الْمُجْرِمُ لَوْ يَفْتَدِي مِنْ عَذَابِ يَوْمِئِذٍ بِبَنِيهِ (11) Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake
 | 
| وَصَاحِبَتِهِ وَأَخِيهِ (12) Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure
 | 
| وَفَصِيلَتِهِ الَّتِي تُؤْوِيهِ (13) Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone
 | 
| وَمَن فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا ثُمَّ يُنجِيهِ (14) Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa
 | 
| كَلَّا ۖ إِنَّهَا لَظَىٰ (15) Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad
 | 
| نَزَّاعَةً لِّلشَّوَىٰ (16) Nglonyomake kulit
 | 
| تَدْعُو مَنْ أَدْبَرَ وَتَوَلَّىٰ (17) Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi)
 | 
| وَجَمَعَ فَأَوْعَىٰ (18) Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho
 | 
| ۞ إِنَّ الْإِنسَانَ خُلِقَ هَلُوعًا (19) Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake
 | 
| إِذَا مَسَّهُ الشَّرُّ جَزُوعًا (20) Samangsa kataman kojur ngersula
 | 
| وَإِذَا مَسَّهُ الْخَيْرُ مَنُوعًا (21) Lan samongsa kataman begja, cethil
 | 
| إِلَّا الْمُصَلِّينَ (22) Kajaba wong kang padha sholat
 | 
| الَّذِينَ هُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ دَائِمُونَ (23) Kang tetep olehe padha sholat
 | 
| وَالَّذِينَ فِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ مَّعْلُومٌ (24) Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat)
 | 
| لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ (25) Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat
 | 
| وَالَّذِينَ يُصَدِّقُونَ بِيَوْمِ الدِّينِ (26) Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat
 | 
| وَالَّذِينَ هُم مِّنْ عَذَابِ رَبِّهِم مُّشْفِقُونَ (27) Lan kang padha wedi siksaning Pangerane
 | 
| إِنَّ عَذَابَ رَبِّهِمْ غَيْرُ مَأْمُونٍ (28) Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane
 | 
| وَالَّذِينَ هُمْ لِفُرُوجِهِمْ حَافِظُونَ (29) Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane
 | 
| إِلَّا عَلَىٰ أَزْوَاجِهِمْ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُمْ فَإِنَّهُمْ غَيْرُ مَلُومِينَ (30) Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan
 | 
| فَمَنِ ابْتَغَىٰ وَرَاءَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْعَادُونَ (31) Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates
 | 
| وَالَّذِينَ هُمْ لِأَمَانَاتِهِمْ وَعَهْدِهِمْ رَاعُونَ (32) Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan
 | 
| وَالَّذِينَ هُم بِشَهَادَاتِهِمْ قَائِمُونَ (33) Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene
 | 
| وَالَّذِينَ هُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ (34) Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune
 | 
| أُولَٰئِكَ فِي جَنَّاتٍ مُّكْرَمُونَ (35) Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan
 | 
| فَمَالِ الَّذِينَ كَفَرُوا قِبَلَكَ مُهْطِعِينَ (36) Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake
 | 
| عَنِ الْيَمِينِ وَعَنِ الشِّمَالِ عِزِينَ (37) Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira
 | 
| أَيَطْمَعُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ أَن يُدْخَلَ جَنَّةَ نَعِيمٍ (38) Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na'im
 | 
| كَلَّا ۖ إِنَّا خَلَقْنَاهُم مِّمَّا يَعْلَمُونَ (39) Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi
 | 
| فَلَا أُقْسِمُ بِرَبِّ الْمَشَارِقِ وَالْمَغَارِبِ إِنَّا لَقَادِرُونَ (40) Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa
 | 
| عَلَىٰ أَن نُّبَدِّلَ خَيْرًا مِّنْهُمْ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوقِينَ (41) Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa
 | 
| فَذَرْهُمْ يَخُوضُوا وَيَلْعَبُوا حَتَّىٰ يُلَاقُوا يَوْمَهُمُ الَّذِي يُوعَدُونَ (42) Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa
 | 
| يَوْمَ يَخْرُجُونَ مِنَ الْأَجْدَاثِ سِرَاعًا كَأَنَّهُمْ إِلَىٰ نُصُبٍ يُوفِضُونَ (43) Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane)
 | 
| خَاشِعَةً أَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۚ ذَٰلِكَ الْيَوْمُ الَّذِي كَانُوا يُوعَدُونَ (44) Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke
 |