The Quran in Javanese - Surah Sharh translated into Javanese, Surah Ash-Sharh in Javanese. We provide accurate translation of Surah Sharh in Javanese - الجاوية, Verses 8 - Surah Number 94 - Page 596.

| أَلَمْ نَشْرَحْ لَكَ صَدْرَكَ (1) (Muhammad) apa Ingsun ora wus madhangake atinira |
| وَوَضَعْنَا عَنكَ وِزْرَكَ (2) Lan wus ngenthengake gendhonganira kang abot, anggonira dadi utusan |
| الَّذِي أَنقَضَ ظَهْرَكَ (3) Kang ngebot - ngeboti gegerira |
| وَرَفَعْنَا لَكَ ذِكْرَكَ (4) Lan wus junjung sira bab kasebute jenengira (samongsa asmaningsun disebut, jeneng ira uga disebut) |
| فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (5) Temen sawuse nglakoni rekasa bakal nemu gampang |
| إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (6) Nyata sawuse ngelakoni reaka mesthi nemu gampang |
| فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ (7) Samongsa wis rampung (saka salah sijine urusan) banjur nyerempenga urusan liyane |
| وَإِلَىٰ رَبِّكَ فَارْغَب (8) Lan marang Pangeranira iku mligi dadia tujuanira |