Quran with Javanese translation - Surah al-‘Imran ayat 159 - آل عِمران - Page - Juz 4
﴿فَبِمَا رَحۡمَةٖ مِّنَ ٱللَّهِ لِنتَ لَهُمۡۖ وَلَوۡ كُنتَ فَظًّا غَلِيظَ ٱلۡقَلۡبِ لَٱنفَضُّواْ مِنۡ حَوۡلِكَۖ فَٱعۡفُ عَنۡهُمۡ وَٱسۡتَغۡفِرۡ لَهُمۡ وَشَاوِرۡهُمۡ فِي ٱلۡأَمۡرِۖ فَإِذَا عَزَمۡتَ فَتَوَكَّلۡ عَلَى ٱللَّهِۚ إِنَّ ٱللَّهَ يُحِبُّ ٱلۡمُتَوَكِّلِينَ ﴾
[آل عِمران: 159]
﴿فبما رحمة من الله لنت لهم ولو كنت فظا غليظ القلب لانفضوا﴾ [آل عِمران: 159]
Unknown (He Muhammad) amarga saka Rahmat sihing Allah mulane sira mbajur lembah manah marang para kancanira kang padha kurang setia mau. Lan saupama sira iku cukengan (butengan) sarta wengis ing ati, mesthi pada kancanira kang padha kurang setia mau padha bubar (lunga) saka kiwa tengenira. Jalaran saka iku, sira ngapura saka (pialaning) wong-wong mau, lan padha suwuna pangapuraning dosane lan padha sira ajaka rerembugan perkara lakuning perang. Dene yen sira wis nedya nindakake perkara, supaya sira pasraha (tawakkala) marang Allah. Satemene Allah iku remen wong kang padha pasrah (tawakkal) marang Panjenengane |