×

سورة يونس باللغة الجاوية

ترجمات القرآنباللغة الجاوية ⬅ سورة يونس

ترجمة معاني سورة يونس باللغة الجاوية - Javanese

القرآن باللغة الجاوية - سورة يونس مترجمة إلى اللغة الجاوية، Surah Yunus in Javanese. نوفر ترجمة دقيقة سورة يونس باللغة الجاوية - Javanese, الآيات 109 - رقم السورة 10 - الصفحة 208.

بسم الله الرحمن الرحيم

الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْحَكِيمِ (1)
Ingsun, Allah, Ingkang- Angudaneni. Iki ayat-ayating Kitab kang wicaksana
أَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا أَنْ أَوْحَيْنَا إِلَىٰ رَجُلٍ مِّنْهُمْ أَنْ أَنذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِينَ آمَنُوا أَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِندَ رَبِّهِمْ ۗ قَالَ الْكَافِرُونَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ مُّبِينٌ (2)
Apa tumrape para manusa anggumunake, dene Ingsun wus amedhar sabda marang sawijining wong lanang saka bangsane, pangandika: Apepelinga marang para manusa sarta aweha warta bubungah marang para kang padha angestu, yen dheweke bakal padha oleh dhadhasar kukuh ana ing ngarsaning Pangerane. Para kafir padha calathu: sayekti temen iki ahli kemayan kang tetela
إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۖ مَا مِن شَفِيعٍ إِلَّا مِن بَعْدِ إِذْنِهِ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ (3)
Sayekti, Pangeranira iku Allah, Kang wus anitahake langit- langit lan bumi ing dalem nem mangsaa sartab Panjenengane angasta purba wisesa ing karaton iku,c anata sagung prakara; ora ana pantara, kajaba ing sawise idin-E;d mangkono iku Allah, Pangeranira, mulane padha ngabdia Panjene- ngane; lah apa ta sira padha ora eling
إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ إِنَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ بِالْقِسْطِ ۚ وَالَّذِينَ كَفَرُوا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ (4)
Marang Panjenengane bali- nira, kabeh bae; janjining Allah kalawan nyata; sayekti Panjene- ngane amiwiti purwaning tumitah, tumuli angambal-ambali iku, amurih Panjenengane aparing wales kalawan jejeg para kang padha angestu sarta anglakoni panggawe becik; wondene para kang padha kafir, iku bakal padha oleh omben-omben wedang panas sarta siksa kang nglarani, amarga saka anggone padha angafiri
هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ مَا خَلَقَ اللَّهُ ذَٰلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (5)
Panjenengane iku Kang wus andadekake srengenge sumorot gumebyar sarta rembulan cahya sumunu sarta anamtokake wa- wangunan tumrap iku, supaya sira padha weruha wilanganing taun sarta petungan. Anggone Allah anitahake iku ora liya kajaba kala- wan yekti; tandha-tandha yekti tumrap wong kang padha we- ruh
إِنَّ فِي اخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَتَّقُونَ (6)
Sayekti, ing dalem gilir gu- mantine wengi kalawan rina, sarta apa kang katitahake dening Allah ing langit-langit lan bumi, iku temen tandha-tandha tumrap wong kang padha anjaga dhirine
إِنَّ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا وَرَضُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاطْمَأَنُّوا بِهَا وَالَّذِينَ هُمْ عَنْ آيَاتِنَا غَافِلُونَ (7)
Sayekti para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, sarta apirena kalawan kauripan donya, tuwin wus marem marang iku, apa dene para kang padha lena ing tandha-tandha Ningsun
أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ (8)
Iki, geni padunungane, amar- ga saka apa kang wus padha ditindakake
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ يَهْدِيهِمْ رَبُّهُم بِإِيمَانِهِمْ ۖ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ (9)
Sayekti, para kang padha angestu sarta padha anglakoni panggawe becik, Pangerane bakal anuntun dheweke kalawan imane;a bakal mili kali-kaline saka ing sangisore, ing sajroning patamanan nugraha
دَعْوَاهُمْ فِيهَا سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ ۚ وَآخِرُ دَعْوَاهُمْ أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ (10)
Bakal panguwuhe ana ing kono: Mahasuci Tuwan punika dhuh Allah! sarta bakal pakurma-te ing kono: Rahayu! Sarta bakal wekasaning panguwuhe: sadaya pangalembana punika kagunga- nipun Allah, Pangeraning sadaya ngalam
۞ وَلَوْ يُعَجِّلُ اللَّهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُم بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ إِلَيْهِمْ أَجَلُهُمْ ۖ فَنَذَرُ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ (11)
Lan saupama Allah angeng- galake ala tumrap para manusa kaya dene anggone padha angajab enggale ing becik, amasthi, putu- sane wus tinamtu tumrap marang dheweke; ananging para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, Ingsun togake bae abilulungan ing dalem pan- daluyane
وَإِذَا مَسَّ الْإِنسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنبِهِ أَوْ قَاعِدًا أَوْ قَائِمًا فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهُ مَرَّ كَأَن لَّمْ يَدْعُنَا إِلَىٰ ضُرٍّ مَّسَّهُ ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (12)
Lan samangsa manusa ka- taman susah, anguwuh marang Ingsun, kalawan miring, utawa kalawan ngadeg; ananging bareng kasusahane wus Ingsun birat saka ing awake, anglungani, kaya-kaya ora tau anguwuh marang Ingsun karana kasusahan kang ang- gepok awake; kaya mangkono, apa kang padha dilakoni dipaes-paesi tumrap para wong kang padha langkah wates
وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا الْقُرُونَ مِن قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوا ۙ وَجَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ وَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْقَوْمَ الْمُجْرِمِينَ (13)
Lan yekti temen Ingsun wus anglebur umat ing sadurunge sira, bareng padha atindak dudu, lan para utusane wus padha anekani dheweke kalawan bukti-bukti te- rang, lan dheweke padha ora gelem angestu; kaya mangkono anggon- Ingsun males para wong duraka
ثُمَّ جَعَلْنَاكُمْ خَلَائِفَ فِي الْأَرْضِ مِن بَعْدِهِمْ لِنَنظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ (14)
Tumuli Ingsun andadekake sira dadi para pamarentah ing bumi ing sapungkure dheweke, amurih Ingsun amirsanana, kapriye tin- dakira
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ ۙ قَالَ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا ائْتِ بِقُرْآنٍ غَيْرِ هَٰذَا أَوْ بَدِّلْهُ ۚ قُلْ مَا يَكُونُ لِي أَنْ أُبَدِّلَهُ مِن تِلْقَاءِ نَفْسِي ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۖ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ (15)
Lan samangsa timbalan-tim- balan-Ingsun kang terang diwaca- kake marang dheweke, para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun acalathu: Ane- kakna Quran saliyane iki, utawa iku owahana. Calathua: ora layak tumrape aku yen ta ango- wahana iki saka mogaku dhewe; aku ora liya mung manut apa kang diwedharake marang aku: sayekti aku iki wedi siksa ing dina kang agung, yen ta aku andhaga ing Pangeranku
قُل لَّوْ شَاءَ اللَّهُ مَا تَلَوْتُهُ عَلَيْكُمْ وَلَا أَدْرَاكُم بِهِ ۖ فَقَدْ لَبِثْتُ فِيكُمْ عُمُرًا مِّن قَبْلِهِ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (16)
Calathua: Upama Allah angarsakna , ora bakal iku dakwacakake marang kowe, sarta ora bakal iku di- wulangake kowe; lah temen sadu- runge iki aku salawase manggon nunggal kowe; lah apa ta kowe padha ora ngerti
فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُونَ (17)
Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawe doracara marang Allah utawa anggorohake tim- balan-timbalan-E? Sayekti para dosa iku ora bakal begja
وَيَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنفَعُهُمْ وَيَقُولُونَ هَٰؤُلَاءِ شُفَعَاؤُنَا عِندَ اللَّهِ ۚ قُلْ أَتُنَبِّئُونَ اللَّهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ (18)
Lan dheweke padha angabdi marang barang saliyane Allah, kang ora bisa mitunani lan ora bisa migunani marang dheweke, sarta padha calathua: Iki pantaraku ana ing ngarsaning Allah. Calathua: Apa ta kowe padha amartani Allah barang kang Panjenengane ora udani ing langit-langit lan ing bumi? Mahasuci Panjenengane lan Mahaluhur saka barang kang padha didadekake sisihan-E
وَمَا كَانَ النَّاسُ إِلَّا أُمَّةً وَاحِدَةً فَاخْتَلَفُوا ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيمَا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ (19)
Lan manusa iku ora liya kajaba umat sawiji,a wasana padha sulaya; lan saupama oraa wus ana sabda saka Pangeranira kang andhisiki, yekti ing kono tumrap barang kang dheweke padha sulaya wis dipancasi ing antarane dheweke
وَيَقُولُونَ لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۖ فَقُلْ إِنَّمَا الْغَيْبُ لِلَّهِ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ (20)
Lan dheweke padha calathu: Yagene ora ana tandha tinurunake marang dheweke saka Pangerane? Lan calathua: Barang kang ora katon iku mung kagungane Allah, mulane padha sira ngentenana; sayekti aku iki barenganira, uga golongane para kang padha angen- teni
وَإِذَا أَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّن بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُمْ إِذَا لَهُم مَّكْرٌ فِي آيَاتِنَا ۚ قُلِ اللَّهُ أَسْرَعُ مَكْرًا ۚ إِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُونَ مَا تَمْكُرُونَ (21)
Lan samangsa Ingsun angi- cipake manusa ing wilasa ing sawise kasusahan angenani dhe- weke, lah, ing kono dheweke padha angrekadaya lumawan ing timbalan-timbalan-Ingsun. Cala- thua: Allah iku luwih rikat ing pangrekadaya; sayekti para utusan- Ingsun iku padha anulisi apa pang- rekadayanira
هُوَ الَّذِي يُسَيِّرُكُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا كُنتُمْ فِي الْفُلْكِ وَجَرَيْنَ بِهِم بِرِيحٍ طَيِّبَةٍ وَفَرِحُوا بِهَا جَاءَتْهَا رِيحٌ عَاصِفٌ وَجَاءَهُمُ الْمَوْجُ مِن كُلِّ مَكَانٍ وَظَنُّوا أَنَّهُمْ أُحِيطَ بِهِمْ ۙ دَعَوُا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ لَئِنْ أَنجَيْتَنَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ (22)
Panjenengane iku Kang ang- lakokake sira ana ing dharatan lan sagara; nganti, nalika sira padha ana ing prau, lan alalayaran ange- mot dheweke kalawan angin becik, sarta padha seneng dening mang- kono iku, angin ribut tumiyup anekani kono, sarta alun anempuh dheweke saka sadhengah pang- gonan, tuwin dadi padha yakin yen awake kalimputan dening iku, padha nyunyuwun ing Allah, kalawan tulus ing pam- bangun-turut marang Panjenenga- ne: Manawi Tuwan amilujengaken saking punika, saestu kawula badhe dados golonganipun para ingkang angaturaken panuwun
فَلَمَّا أَنجَاهُمْ إِذَا هُمْ يَبْغُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلَىٰ أَنفُسِكُم ۖ مَّتَاعَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (23)
Ananging bareng padha Di- slametake, ing kono banjur padha mirong ana ing bumi kalawan ora bener. E, para manusa! Pamirong- ira iku mung mitunani marang jiwanira dhewe – pasadhi- yane kauripan donya iki – tumuli marang Ingsun bakal enggonira bali, banjur Ingsun bakal amartani sira tumrap apa kang wus padha sira lakoni
إِنَّمَا مَثَلُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا كَمَاءٍ أَنزَلْنَاهُ مِنَ السَّمَاءِ فَاخْتَلَطَ بِهِ نَبَاتُ الْأَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْأَنْعَامُ حَتَّىٰ إِذَا أَخَذَتِ الْأَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ أَهْلُهَا أَنَّهُمْ قَادِرُونَ عَلَيْهَا أَتَاهَا أَمْرُنَا لَيْلًا أَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنَاهَا حَصِيدًا كَأَن لَّمْ تَغْنَ بِالْأَمْسِ ۚ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ (24)
Sanepane kauripan donya iku mung kaya banyu, kang Ingsun turunake saka ing mendhung, ban- jur nuwuhake angrembaka tutuwu- haning bumi, kang minangka panganing manusa lan rajakaya; nganti, samangsa bumi manganggo panganggone mas-masan sarta apapaes, lan wonge padha nyana yen dheweke anguwasani marang iku, parentah-Ingsun tumeka mro- no ing wengi utawa ing raina; mulane, iku Ingsun dadekake kaya wus dieneni, kaya-kaya iku dhek wingi ora ana; kaya mangkono Ingsun amijangake timbalan- timbalan tumrap wong kang padha mikir-mikir
وَاللَّهُ يَدْعُو إِلَىٰ دَارِ السَّلَامِ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ (25)
Lan Allah iku anguwuh ma- rang enggon karahayon sarta anun- tun sapa kang dadi karsane marang dalan kang bener
۞ لِّلَّذِينَ أَحْسَنُوا الْحُسْنَىٰ وَزِيَادَةٌ ۖ وَلَا يَرْهَقُ وُجُوهَهُمْ قَتَرٌ وَلَا ذِلَّةٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (26)
Tumrap para kang padha anindakake kabecikan, becik, lan luwih ; sarta keluwus ora bakal anglimputi rai-raine, mangkono uga ina; yaiki wonging patamanan, padha ana ing kono pamanggone
وَالَّذِينَ كَسَبُوا السَّيِّئَاتِ جَزَاءُ سَيِّئَةٍ بِمِثْلِهَا وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۖ مَّا لَهُم مِّنَ اللَّهِ مِنْ عَاصِمٍ ۖ كَأَنَّمَا أُغْشِيَتْ وُجُوهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ اللَّيْلِ مُظْلِمًا ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (27)
Wondene para kang padha amakolih ing ala, pidanane ala iku samurwate, sarta ina bakal anekani dheweke – ora bakal duwe tata- meng panulaking Allah – kaya- kaya raine kalimputan ing pera- nganing wengi kang peteng lilimengan: ya iki wonging geni, padha ana ing kono pamanggone
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا مَكَانَكُمْ أَنتُمْ وَشُرَكَاؤُكُمْ ۚ فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ ۖ وَقَالَ شُرَكَاؤُهُم مَّا كُنتُمْ إِيَّانَا تَعْبُدُونَ (28)
Lan ing dina bakale Ingsun angimpun dheweke kabeh, tumuli Ingsun bakal angandika marang para kang padha anjejerake sesem- bahan : Tetepa ing panggonanira, sira sarta jejeranira! Tumuli bakal Ingsun pisahake antarane dheweke, sarta jejerane acalathu: Rak ora marang aku anggonira padha angawula
فَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ إِن كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغَافِلِينَ (29)
Lah wis cukup Allah minang- ka saksi antarane aku lan kowe, yen aku marang pangawulamu temen ora ngrumangsani
هُنَالِكَ تَبْلُو كُلُّ نَفْسٍ مَّا أَسْلَفَتْ ۚ وَرُدُّوا إِلَى اللَّهِ مَوْلَاهُمُ الْحَقِّ ۖ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ (30)
Ing kono siji-sijining jiwa padha dadi weruh apa kang wus padha dilakoni ing dhingin-dhi- ngin, sarta bakal padha dibalekake marang Allah, Bandarane kang satuhu, sarta sirna saka ing dhe- weke apa bawa-anggite dhewe
قُلْ مَن يَرْزُقُكُم مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أَمَّن يَمْلِكُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَمَن يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَمَن يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۚ فَسَيَقُولُونَ اللَّهُ ۚ فَقُلْ أَفَلَا تَتَّقُونَ (31)
Calathua: Sapa sing angrije- keni sira saka ing langit lan bumi? Utawa sapa kang anguwasani pangrungu lan pandeleng? Lan sapa kang angetokake barang urip saka barang mati sarta angetokake barang mati saka barang urip? Lan sapa kang mranata sakehing pra- kara? Lah dheweke bakal padha mangsuli: Allah. Tumuli calathua: Lah apa ta sira ora bakal anjaga dhiri
فَذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّ ۖ فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ إِلَّا الضَّلَالُ ۖ فَأَنَّىٰ تُصْرَفُونَ (32)
Lah yaiku Allah, Pangera- nira, kang satuhu. Lah apa maneh saliyane kang satuhu kajaba kang sasar; lah kapriye anggonira padha diengokake
كَذَٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِينَ فَسَقُوا أَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ (33)
Kaya mangkono, kayekten sabdaning Pangeranira anibani para kang padha murang yekti, dene padha ora angestu
قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۚ قُلِ اللَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ (34)
Calathua: Apa sawenehe para jejeranira ana kang bisa analesi dumadi, banjur andadekake iku? Calathua: Allah kang analesi dumadi banjur andadekake iku; lah kapriye anggonira padha diengokake
قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ ۚ قُلِ اللَّهُ يَهْدِي لِلْحَقِّ ۗ أَفَمَن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ أَحَقُّ أَن يُتَّبَعَ أَمَّن لَّا يَهِدِّي إِلَّا أَن يُهْدَىٰ ۖ فَمَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ (35)
Calathua: Apa sawenehe para jejeranira ana kang nuntun marang yakti? Calathua: Allah kang nun- tun marang yakti, iku sing luwih bener tinuruta, apa ta sing ora ngambah dalan bener kajaba yen tinuntuna? Lah apa ta iku tumrape sira: kapriye anggonira padha mutusi
وَمَا يَتَّبِعُ أَكْثَرُهُمْ إِلَّا ظَنًّا ۚ إِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِي مِنَ الْحَقِّ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا يَفْعَلُونَ (36)
Lan akeh-akehe ora liya kajaba padha manut panyana; sayekti panyana iku ora makolehi apa-apa ingatase barang yekti; sayekti Allah iku udani marang apa kang padha dilakoni
وَمَا كَانَ هَٰذَا الْقُرْآنُ أَن يُفْتَرَىٰ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِن تَصْدِيقَ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيلَ الْكِتَابِ لَا رَيْبَ فِيهِ مِن رَّبِّ الْعَالَمِينَ (37)
Lan ora pisan kok Quran iki kena dianggit ing saliyane Allah, ananging iku minangka ambe- nerake kang sangarepea sarta kate- rangan awijang kitab, ora ana semange ing kono, saka Pangeraning ngalam ka- beh
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ فَأْتُوا بِسُورَةٍ مِّثْلِهِ وَادْعُوا مَنِ اسْتَطَعْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (38)
Apa ta dheweke padha cala- thu: Iku dheweke sing nganggit? Calathua: lah mara nekakna saebab kang padha karo iku, sarta ngajaka sapa sabisamu, saliyane Allah, manawa kowe padha temen.a
بَلْ كَذَّبُوا بِمَا لَمْ يُحِيطُوا بِعِلْمِهِ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيلُهُ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظَّالِمِينَ (39)
Ora, balik padha anggoro- hake marang barang kang dheweke ora amumpuni kawruhe, sarta wekasaning kadadeane durung tumeka marang dheweke; kaya mangkono para ing sadurunge anggorohake ; lah delengen, kapriye temahane para wong atindak dudu
وَمِنْهُم مَّن يُؤْمِنُ بِهِ وَمِنْهُم مَّن لَّا يُؤْمِنُ بِهِ ۚ وَرَبُّكَ أَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِينَ (40)
Lan sawenehe ana kang angestu ing iku, sarta sawenehe ana kang ora angestu iku, lan Pangeranira iku luwih Angudaneni marang para kang agawe wisuna
وَإِن كَذَّبُوكَ فَقُل لِّي عَمَلِي وَلَكُمْ عَمَلُكُمْ ۖ أَنتُم بَرِيئُونَ مِمَّا أَعْمَلُ وَأَنَا بَرِيءٌ مِّمَّا تَعْمَلُونَ (41)
Lan manawa dheweke padha anggorohake sira, lah calathua: Tumanja aku dhewe panggaweku, lan tumanja sira dhewe panggawe- nira; sira lebaran saka panggaweku lan aku lebaran saka panggawe sira
وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُونَ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوا لَا يَعْقِلُونَ (42)
Lan sawenehe ana kang padha angrungokake marang sira, nanging apa ta sira bisa aweh rungu wong budheg, sanajan padha ora gelem ngerti
وَمِنْهُم مَّن يَنظُرُ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تَهْدِي الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوا لَا يُبْصِرُونَ (43)
Lan sawenehe ana kang ang- ingetake marang sira, ananging apa ta sira bisa anuduhake dalan wong wuta sanajan padha ora gelem andeleng
إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْئًا وَلَٰكِنَّ النَّاسَ أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ (44)
Sayekti Allah iku ora atindak dudu marang manusa, ananging manusa iku kang atindak dudu marang awake dhewe
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَأَن لَّمْ يَلْبَثُوا إِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ يَتَعَارَفُونَ بَيْنَهُمْ ۚ قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ (45)
Lan ing dinane Panjenengane bakal angimpun dheweke, kaya- kaya ora liya mung saejam ing wayah raina anggone manggon, bakal padha weruh siji marang sijine. Temen rusak para kang padha anggorohake marang sapa- temon karo Allah, sarta dudu wong kang padha manut dadalan bener
وَإِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ اللَّهُ شَهِيدٌ عَلَىٰ مَا يَفْعَلُونَ (46)
Lan lamuna Ingsun ameruh- ake sira sawenehe kang Ingsun ancamake dheweke, utawa Ingsun agawe patinira, lah iya marang Ingsun baline, sartaa Allah iku Saksi tumrap sabarang panggawe- ne
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ رَّسُولٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ رَسُولُهُمْ قُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ (47)
Lan tumrap siji-sijining bang- sa wis ana Utusan; Lah sa- mangsa Utusane wis teka, prakara antarane dheweke dipancasi kala- wan jejeg, sarta ora bakal padha kinaniaya
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (48)
Lan dheweke padha calathu: Kapan kalakone pangancam iki, manawa kowe temen
قُل لَّا أَمْلِكُ لِنَفْسِي ضَرًّا وَلَا نَفْعًا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ لِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۚ إِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ (49)
Calathua: Marang awakku dhewe aku ora anguwasani kang mitunani lan kang migunani, ka- jaba apa kaparenging Allah; siji-sijining bangsa iku ana wa- wangening mangsane; samangsa wawange-ning mangsane wis teka, lah ora bakal angereni saejam sarta ora bakal andhisiki
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُهُ بَيَاتًا أَوْ نَهَارًا مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُونَ (50)
Calathua: Aku kandhanana manawa siksa-Ne anekani sira ing wengi utawa raina! Apa ta kara- nane, dene prakara iku para wong duraka padha anggege
أَثُمَّ إِذَا مَا وَقَعَ آمَنتُم بِهِ ۚ آلْآنَ وَقَدْ كُنتُم بِهِ تَسْتَعْجِلُونَ (51)
Apa ta samangsa wis kalakon sira bakal angestu ing iku? Apa! saiki ! lan temen sira wus padha anggege ing prakara iku
ثُمَّ قِيلَ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ هَلْ تُجْزَوْنَ إِلَّا بِمَا كُنتُمْ تَكْسِبُونَ (52)
Tumuli dipangandikakake marang para kang padha atindak dudu: Padha ngrasakana siksa kang awet; ora pisan sira winales kajaba karana apa kang wus padha sira pakolih
۞ وَيَسْتَنبِئُونَكَ أَحَقٌّ هُوَ ۖ قُلْ إِي وَرَبِّي إِنَّهُ لَحَقٌّ ۖ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ (53)
Lan dheweke padha nyuwun nerang marang sira: Apa nyata iku? Kandhanana: Iya, dhemi Pa- ngeranku, sayekti iku temen nyata, lan ora bakal sira bisa suminggah
وَلَوْ أَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِي الْأَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهِ ۗ وَأَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَأَوُا الْعَذَابَ ۖ وَقُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ ۚ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ (54)
Lan manawa siji-sijining jiwa kang atindak dudu andarbenana sabarang kang ana ing bumi, iku masthi arep dienggo nebusi sarta angatonake piduwunge kalane andeleng siksa lan ing kono prakara iku dipancasi kalawan jejeg, tuwin dheweke padha ora dianiaya
أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ أَلَا إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (55)
O, sayekti kagungane Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; O, sayekti janjine Allah iku nyata, ananging keh-kehane padha ora weruh
هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ (56)
Panjenengane iku kang apa- ring urip lan aparing pati, lan marang Panjenengane sira bakal dibalekake
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُم مَّوْعِظَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِّمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِينَ (57)
E, para manusa! temen wis tumeka marang sira pitutur saka Pangeranira, sarta tamba tumrap apa kang ana ing sajroning ati-ati, sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap para angestu
قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُونَ (58)
Calathua: Kalawan lubering paparinge Allah sarta kalawan wilasa-Ne, _ lah iya kalawan iku anggone bakal padha seneng; iku luwih becik tinimbang apa kang diklumpukake
قُلْ أَرَأَيْتُم مَّا أَنزَلَ اللَّهُ لَكُم مِّن رِّزْقٍ فَجَعَلْتُم مِّنْهُ حَرَامًا وَحَلَالًا قُلْ آللَّهُ أَذِنَ لَكُمْ ۖ أَمْ عَلَى اللَّهِ تَفْتَرُونَ (59)
Calatuhua: aku kandhanana barang kang katurunake dening Allah marang sira arupa rejeki, banjur iku kang saweneh sira dadekake larangan sarta kaiden. Calathua: Apa Allah aparing idin marang sira apa ta sira agawe-gawe goroh tumrap marang Allah
وَمَا ظَنُّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُونَ (60)
Lan apa baya panyanane para kang padha agawe-gawe goroh tumrap marang Allah ing dinane kiyamat? Sayekti Allah iku temen Kang kagungan lubering paparing marang para manusa, ananging keh-kehane padha ora atur panu- wun
وَمَا تَكُونُ فِي شَأْنٍ وَمَا تَتْلُو مِنْهُ مِن قُرْآنٍ وَلَا تَعْمَلُونَ مِنْ عَمَلٍ إِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُودًا إِذْ تُفِيضُونَ فِيهِ ۚ وَمَا يَعْزُبُ عَن رَّبِّكَ مِن مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَلَا أَصْغَرَ مِن ذَٰلِكَ وَلَا أَكْبَرَ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ (61)
Lah ora kena ora, manawa sira lagi anglakoni apa-apa, utawa lagi maca saperangane Quran, utawa lagi anindakake sawijining panggawe masthi Ingsun dadi Saksi ingatase sira, kalane sira tumindak ing kono apa dene ora pisan kasamaran ing Pangeranira bobot samen- dhang ing bumi utawa ing langit, sarta ora kena ora kang luwih cilik saka iku utawa luwih gedhe, masthi ana ing jeroning kitab kang terang
أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ (62)
O, sayekti para mitraning Allah – iku ora bakal padha kata- man wedi sarta ora bakal susah
الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ (63)
Para kang padha angestu sarta padha prayitna
لَهُمُ الْبُشْرَىٰ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۚ لَا تَبْدِيلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (64)
Bakal padha oleh warta bubu- ngah ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat; Ora ana owah-owahe tumrap sabdaning Allah; iku pakoleh kang gedhe
وَلَا يَحْزُنكَ قَوْلُهُمْ ۘ إِنَّ الْعِزَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا ۚ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (65)
Lan aja nganti pangucape anusahake sira, sayekti kawasa iku kagungane Allah kabeh; Panjene- ngane iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudaneni
أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَمَن فِي الْأَرْضِ ۗ وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ شُرَكَاءَ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ (66)
O, sayekti kagungane Allah sadhengah kang ana ing langit- langit lan sadhengah kang ana ing bumi; lan para kang padha anguwuh saliyane Allah iku ora temenan manute sekuthone; ora liya kajaba mung padha manut panyana lan ora liya kajaba mung padha goroh
هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ لِتَسْكُنُوا فِيهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَسْمَعُونَ (67)
Panjenengane iku Kang anda- dekake wengi tumrap ing sira, supaya ing kono sira padha lerem, sarta raina kang amadhangi; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong ngru- ngokake
قَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ هُوَ الْغَنِيُّ ۖ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ إِنْ عِندَكُم مِّن سُلْطَانٍ بِهَٰذَا ۚ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (68)
Dheweke padha calathu: Allah iku angalap putra! Mahasuci Panjenengane; Panjenengane iku Ingkang-Sugih; kagungan-E samu- barang kang ana ing langit-langit lan samubarang kang ana ing bumi; sira ora duwe wisesa tumrap iki; apa ta sira iku padha calathu amitunani Allah barang kang sira padha ora weruh
قُلْ إِنَّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُونَ (69)
Calathua: Sayekti, para kang padha agawe-gawe goroh marang Allah, iku ora bakal begja
مَتَاعٌ فِي الدُّنْيَا ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ نُذِيقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيدَ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ (70)
pasadhiyan ing donya, tumuli marang Ingsun bakal padha baline, banjur bakal padha Ingsun icipake siksa kang abanget, amarga saka anggone padha angafiri
۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ نُوحٍ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ إِن كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُم مَّقَامِي وَتَذْكِيرِي بِآيَاتِ اللَّهِ فَعَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْتُ فَأَجْمِعُوا أَمْرَكُمْ وَشُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ أَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوا إِلَيَّ وَلَا تُنظِرُونِ (71)
Lan sira macakna marang dheweke warta marang lalakone Nuha nalika calathu marang bangsane: E, bangsaku! Manawa pamanggonku sarta pepelingku kalawan timba- lan-timbalane Allah abot ingatase sira, _ lah marang Allah anggonku sumendhe – lah pancasana praka- ranira sarta para seku- tonira, tumuli aja nganti prakara- nira iku semang-semang ing atase sira, banjur padha ngrampungana marang aku, ora susah aku sira wenehi sumene
فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَأَلْتُكُم مِّنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُسْلِمِينَ (72)
Dene manawa sira padha mlengos, lah ora pisan aku anjaluk pituwas ing sira; ora liya pitu- wasku kajaba ana ing Allah, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongane wong sing padha sumarah
فَكَذَّبُوهُ فَنَجَّيْنَاهُ وَمَن مَّعَهُ فِي الْفُلْكِ وَجَعَلْنَاهُمْ خَلَائِفَ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنذَرِينَ (73)
Ananging padha angemohi dheweke, mulane Ingsun anyala- metake dheweke karo rewange ana ing prau sarta padha Ingsun dadekake pamarentah lan para kang padha angemohi ing timba- lan-timbalan Ingsun padha Ingsun kelem;a Lah delengan kapriye katemahane wong kang padha dielingake
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِ رُسُلًا إِلَىٰ قَوْمِهِمْ فَجَاءُوهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا بِهِ مِن قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ نَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْمُعْتَدِينَ (74)
Tumuli ing sawise dheweke Ingsun anjumenengake utusan- utusan marang bangsa-bangsane; mulane padha anekani dheweke kalawan bukti-bukti cetha, ana- nging dheweke padha ora gelem angestu marang apa kang padha diemohi dhek sadurunge; kaya mangkono Ingsun angecap ati-ati- ne para kang mlangkah wates
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِم مُّوسَىٰ وَهَارُونَ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ بِآيَاتِنَا فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُّجْرِمِينَ (75)
Tumuli ing sawise dheweke Ingsun anjumenengake Musa lan Harun marang Fir’aun sarta kepala-kepalanea kalawan tandha- tandha-Ningsun,b ananging dhewe- ke padha gumedhe sarta dheweke iku bangsa kang duraka
فَلَمَّا جَاءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِندِنَا قَالُوا إِنَّ هَٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِينٌ (76)
Lah bareng kanyataan saka ngarsa-Ningsun anekani dheweke, padha calathu: Sayekti iki temen kemayan kang terang
قَالَ مُوسَىٰ أَتَقُولُونَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَكُمْ ۖ أَسِحْرٌ هَٰذَا وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُونَ (77)
Musa calathu: Apa sira padha angarani barang yakti bareng wus anekani sira? Apa ta iki kemayan? Lan para ahli kemayan iku ora bakal begja
قَالُوا أَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا وَتَكُونَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاءُ فِي الْأَرْضِ وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِينَ (78)
Dheweke padha calathu: Apa tekanira mrene amriha aku padha oncat saka apa kang padha dak temu ing bapak-bapakku, sarta kaagungan ing bumi dadia darbekira wong loro? Lan ora pisan aku bakal angestu ing sira sakarone
وَقَالَ فِرْعَوْنُ ائْتُونِي بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ (79)
Lan Fir’aun calathu: Tekakna mrene sarupane ahli kemayan kang wegig
فَلَمَّا جَاءَ السَّحَرَةُ قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ أَلْقُوا مَا أَنتُم مُّلْقُونَ (80)
Lah bareng para ahli kema- yan wus padha teka, Musa acalathu marang dheweke kabeh: Padha tibakna apa kang bakal padha kok tibakake
فَلَمَّا أَلْقَوْا قَالَ مُوسَىٰ مَا جِئْتُم بِهِ السِّحْرُ ۖ إِنَّ اللَّهَ سَيُبْطِلُهُ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِينَ (81)
Lah bareng dheweke wis padha anibakake, Musa acalathu: Apa kang padha kotekakake iku kemayan; sayekti Allah bakal anjugarake iku;a sayekti Allah iku ora bakal nyempulurake pangga- wene para kang agawe wisuna
وَيُحِقُّ اللَّهُ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُونَ (82)
Lah Allah bakal anetepake kayektening barang yakti kalawan sabda-sabda-Ne sanajan para dura- ka padha gething
فَمَا آمَنَ لِمُوسَىٰ إِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّن قَوْمِهِ عَلَىٰ خَوْفٍ مِّن فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِمْ أَن يَفْتِنَهُمْ ۚ وَإِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِي الْأَرْضِ وَإِنَّهُ لَمِنَ الْمُسْرِفِينَ (83)
Ananging ora ana wong angestu marang Musa kajaba turuning bangsane, saking wedine marang Fir’aun sarta kepala- kepalane yen bakal padha kinuya- kuya; lan sayekti Fir’aun iku luhur temenan ana ing bumi , lan sayekti dheweke iku ewone wong kang padha keladuk
وَقَالَ مُوسَىٰ يَا قَوْمِ إِن كُنتُمْ آمَنتُم بِاللَّهِ فَعَلَيْهِ تَوَكَّلُوا إِن كُنتُم مُّسْلِمِينَ (84)
Lan Musa acalathu: E, bang- saku, manawa kowe padha angestu ing Allah, lah padha sumendhea marang Panjenengane , manawa kowe iku padha wong sumarah
فَقَالُوا عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ (85)
Mulane dheweke padha cala- thu: Ing Allah sendhen kawula: Dhuh Pangeran kawula! mugi kawula sampun Tuwan dadosaken puruging panguya-uyanipun titi- yang ingkang atindak aniaya
وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ (86)
Saha mugi kawula Tuwan wilujengaken saking titiyang ing- kang kafir kalayan wilasa Tuwan
وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ وَأَخِيهِ أَن تَبَوَّآ لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوتًا وَاجْعَلُوا بُيُوتَكُمْ قِبْلَةً وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ (87)
Lan Ingsun amedhar sabda marang Musa sarta sadulure, sabda-Ningsun: Ameka omah ing Mesir kanggo wong-wongira, sarta omah-omahira padha sira dadekna pasalatan, tuwin padha anju- menengna salat, apa dene aweha warta bubungah marang para angestu
وَقَالَ مُوسَىٰ رَبَّنَا إِنَّكَ آتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَأَهُ زِينَةً وَأَمْوَالًا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا رَبَّنَا لِيُضِلُّوا عَن سَبِيلِكَ ۖ رَبَّنَا اطْمِسْ عَلَىٰ أَمْوَالِهِمْ وَاشْدُدْ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوا حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ (88)
Sarta Musa munjuk: Pange- ran kawula! Saestu Tuwan sampun maringi Fir’aun dalah para kepala- kepalanipun papaes saha bandha ing salebetipun gesang ing donya, Pangeran kawula! temah sami dipun angge nasaraken saking margi Tuwan: Pangeran kawula! mugi Tuwan nyirnakaken bandhanipun saha angatosaken manah-manahipun, lah piyam- bakipun sami boten angestu ngan- tos sami aningali siksa ingkang nyakiti
قَالَ قَدْ أُجِيبَت دَّعْوَتُكُمَا فَاسْتَقِيمَا وَلَا تَتَّبِعَانِّ سَبِيلَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ (89)
Panjenengane angandika: Te- men wis sinembadan panyuwunira wong loro, mulane padha ditetep ing dadalan kang bener lan aja padha manut dadalane para kang padha ora weruh
۞ وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُودُهُ بَغْيًا وَعَدْوًا ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ آمَنتُ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا الَّذِي آمَنَتْ بِهِ بَنُو إِسْرَائِيلَ وَأَنَا مِنَ الْمُسْلِمِينَ (90)
Lan Ingsun ngarsakake ing turuning Israil anyabrang sagara,a tumuli Fir’aun sawadyabalane anututi dheweke karana panindhe- san lan panganiaya, nganti nalika pangelem anempuh dheweke, dhe- weke acalathu: kula angestu, bilih boten wonten sesembahan kajawi ingkang dipun estu para turun Israil, sarta kula punika ewonipun para ingkang sami sumarah
آلْآنَ وَقَدْ عَصَيْتَ قَبْلُ وَكُنتَ مِنَ الْمُفْسِدِينَ (91)
Apa! saiki! Lan temen maune sira andaga lan sira dadi ewone para kang agawe wisuna
فَالْيَوْمَ نُنَجِّيكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُونَ لِمَنْ خَلْفَكَ آيَةً ۚ وَإِنَّ كَثِيرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ آيَاتِنَا لَغَافِلُونَ (92)
Ananging tumrap badanira, ing dina iki sira bakal Ingsun slametake, supaya sira dadia tan- dha tumrap sapa-sapa ing sa- pungkurira, lan sayekti keh-kehe manusa iku marang tandha-tandha- Ningsun temen padha lena
وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ مُبَوَّأَ صِدْقٍ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ فَمَا اخْتَلَفُوا حَتَّىٰ جَاءَهُمُ الْعِلْمُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ (93)
Lan sayekti temen Ingsun agenggonake turuning Israil ana ing panggonan kang utama sarta padha Ingsun paringi rejeki arupa barang apik-apik; lah dheweke pa- dha ora pasulayan nganti satekane kawruh ing dheweke; sayekti Pangeranira bakal amancasi ing antarane dheweke, ing dina kiya- mat, tumrap prakara, kang ing kono dheweke padha apasulayan
فَإِن كُنتَ فِي شَكٍّ مِّمَّا أَنزَلْنَا إِلَيْكَ فَاسْأَلِ الَّذِينَ يَقْرَءُونَ الْكِتَابَ مِن قَبْلِكَ ۚ لَقَدْ جَاءَكَ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ (94)
Lah lamun sira ana ing dalem semang-semang marang apa kang wus Ingsun dhawuhake ma- rang sira, lah takokna para kang padha maca Kitab ing saduru- ngira; sayekti temen wus tumeka marang sira kanyataan saka Pange- ranira, mulane aja sira dadi ewone wong kang padha amadoni
وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَتَكُونَ مِنَ الْخَاسِرِينَ (95)
Lan aja sira dadi ewone para wong kang padha anggorohake marang timbalan-timbalaning Allah, mundhak sira dadi ewone wong kang padha kapitunan
إِنَّ الَّذِينَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَتُ رَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ (96)
Sayekti ora bakal angestu para kang sabdaning Pangeranira wus kanyataan anibani dheweke
وَلَوْ جَاءَتْهُمْ كُلُّ آيَةٍ حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ (97)
Lan sanajan sarupane tandha- tandha wus tumeka dheweke, nganti tumeka dheweke padha amanoni siksa kang nglarani
فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ آمَنَتْ فَنَفَعَهَا إِيمَانُهَا إِلَّا قَوْمَ يُونُسَ لَمَّا آمَنُوا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَتَّعْنَاهُمْ إِلَىٰ حِينٍ (98)
Lah yagene ora ana kutha sa- wiji kang angestu, kang satemah anggone angestu iku amigunani marang dheweke, kajaba bangsane Yunus? Bareng padha angestu, Ingsun ambirat siksa kang anga- sorake ing dalem kauripan donya saka dheweke, sarta Ingsun apa- ring pasadhiyan dheweke tumeka samangsa
وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَآمَنَ مَن فِي الْأَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيعًا ۚ أَفَأَنتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتَّىٰ يَكُونُوا مُؤْمِنِينَ (99)
Lan lamun Pangeranira angar- sakna, amasthi sapa bae sarupane kang ana ing bumi padha angestu kabeh; lah apa ta sira bakal meksa wong-wong iku nganti dadi wong angestu
وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ أَن تُؤْمِنَ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ (100)
Lan ora mungguh tumrape jiwa yen ta angestua, kajaba kala- wan idining Allah; Panjenengane andhawahake jejember marang pa- ra kang padha ora gelem ngerti
قُلِ انظُرُوا مَاذَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَا تُغْنِي الْآيَاتُ وَالنُّذُرُ عَن قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُونَ (101)
Calathua: Padha awasna, apa ta kang ana ing langit-langit lan ing bumi. Lan tandha-tandha sarta juru-pepeling iku ora mako- lehi marang wong kang padha ora angestu
فَهَلْ يَنتَظِرُونَ إِلَّا مِثْلَ أَيَّامِ الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلِهِمْ ۚ قُلْ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ (102)
Lah dheweke padha anga- rep-arep apa ta kajaba sapadhane dina-dinane para kang wus padha kliwat sadurunge? Calathua: Lah padha angarep-arepa; lan sayekti, aku iki barenganira, ewone para wong kang padha angarep-arep
ثُمَّ نُنَجِّي رُسُلَنَا وَالَّذِينَ آمَنُوا ۚ كَذَٰلِكَ حَقًّا عَلَيْنَا نُنجِ الْمُؤْمِنِينَ (103)
Tumuli Ingsun anylametake para utusan-Ingsun sarta para kang padha angestu – kaya mangkono, wus wajib ingatase Ingsun Ingsun anyalametake para wong kang padha angestu
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِن كُنتُمْ فِي شَكٍّ مِّن دِينِي فَلَا أَعْبُدُ الَّذِينَ تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِنْ أَعْبُدُ اللَّهَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُمْ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ (104)
Calathua: E, para manusa, manawa sira padha dumunung ana ing sajroning semang-semang ma- rang agamaku, lah aku ora angawulani kang padha sira kawulani saliyane Allah, ananging aku ngawulani Allah, kang bakal agawe patinira, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongane wong kang padha angestu
وَأَنْ أَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ (105)
Sarta supaya sira anjejegna adhepira marang agama kanthi tulus, lan aja sira dadi golongane wong kang manembah pangeran akeh
وَلَا تَدْعُ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۖ فَإِن فَعَلْتَ فَإِنَّكَ إِذًا مِّنَ الظَّالِمِينَ (106)
Lan aja anyunyuwun ing saliyane Allah, sabarang kang ora bisa amakolehi sira sarta ora bisa amitunani sira; amarga manawa sira tumindak , lah sayekti sira ing kono bakal dadi golongane para kang atindak dudu
وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِن يُرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَادَّ لِفَضْلِهِ ۚ يُصِيبُ بِهِ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ (107)
Lan manawa Allah ange- nani sira kalawan pituna, lah iku ora ana kang bisa ambirat kajaba Panjenengane; lan manawa Panje- nengane angarsakake sira antuk becik, lah ora ana kang bisa nulak ing lubering-paparing-E; Panjene- ngane amatedhakake iku marang kawula-Ne, endi kang dadi kapa- reng-E; lan Panjenengane iku Kang-Aparamarta, Kang-Mahaasih
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ الْحَقُّ مِن رَّبِّكُمْ ۖ فَمَنِ اهْتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَهْتَدِي لِنَفْسِهِ ۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۖ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِوَكِيلٍ (108)
Calathua: E, para manusa! temen wis tumeka ing sira kasu- nyatan saka Pangeranira; mulane, sapa sing angambah dalan bener, pangambahe dalan bener iku iya mung makolehi marang jiwane dhewe, lan sapa sing nasar, lah nasare iku uga mung mitunani mrono, lan aku iki dudu kang rumeksa marang sira
وَاتَّبِعْ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ (109)
Lan mituruta apa kang dhinawuhake marang sira sarta disabar nganti Allah aparing pan- casan, lan Panjenengane iku becik- becike para ahli mancasi
❮ السورة السابقة السورة التـالية ❯

قراءة المزيد من سور القرآن الكريم :

1- الفاتحة2- البقرة3- آل عمران
4- النساء5- المائدة6- الأنعام
7- الأعراف8- الأنفال9- التوبة
10- يونس11- هود12- يوسف
13- الرعد14- إبراهيم15- الحجر
16- النحل17- الإسراء18- الكهف
19- مريم20- طه21- الأنبياء
22- الحج23- المؤمنون24- النور
25- الفرقان26- الشعراء27- النمل
28- القصص29- العنكبوت30- الروم
31- لقمان32- السجدة33- الأحزاب
34- سبأ35- فاطر36- يس
37- الصافات38- ص39- الزمر
40- غافر41- فصلت42- الشورى
43- الزخرف44- الدخان45- الجاثية
46- الأحقاف47- محمد48- الفتح
49- الحجرات50- ق51- الذاريات
52- الطور53- النجم54- القمر
55- الرحمن56- الواقعة57- الحديد
58- المجادلة59- الحشر60- الممتحنة
61- الصف62- الجمعة63- المنافقون
64- التغابن65- الطلاق66- التحريم
67- الملك68- القلم69- الحاقة
70- المعارج71- نوح72- الجن
73- المزمل74- المدثر75- القيامة
76- الإنسان77- المرسلات78- النبأ
79- النازعات80- عبس81- التكوير
82- الإنفطار83- المطففين84- الانشقاق
85- البروج86- الطارق87- الأعلى
88- الغاشية89- الفجر90- البلد
91- الشمس92- الليل93- الضحى
94- الشرح95- التين96- العلق
97- القدر98- البينة99- الزلزلة
100- العاديات101- القارعة102- التكاثر
103- العصر104- الهمزة105- الفيل
106- قريش107- الماعون108- الكوثر
109- الكافرون110- النصر111- المسد
112- الإخلاص113- الفلق114- الناس