وَاللَّيْلِ إِذَا يَغْشَىٰ (1) Demi wengi nalikane nutupi awan kelawan petenge |
وَالنَّهَارِ إِذَا تَجَلَّىٰ (2) Lan awan nalikane lahir gumelar |
وَمَا خَلَقَ الذَّكَرَ وَالْأُنثَىٰ (3) Sarta tumitahing lanang lan wadon |
إِنَّ سَعْيَكُمْ لَشَتَّىٰ (4) Satemene lakunira para manungsa, beda - beda |
فَأَمَّا مَنْ أَعْطَىٰ وَاتَّقَىٰ (5) Dene sapa wongkang we-wehsarta anjaga dirine (saka ala) |
وَصَدَّقَ بِالْحُسْنَىٰ (6) Lan benerake kang becik |
فَسَنُيَسِّرُهُ لِلْيُسْرَىٰ (7) Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang gampang |
وَأَمَّا مَن بَخِلَ وَاسْتَغْنَىٰ (8) Dene wong kang kumed (cethil) sarta rumangsa ora butuh (marang Allah) |
وَكَذَّبَ بِالْحُسْنَىٰ (9) Apa dene nampik barang kang becik |
فَسَنُيَسِّرُهُ لِلْعُسْرَىٰ (10) Bakal Ingsun gampangake marang kawusanan kang angel |
وَمَا يُغْنِي عَنْهُ مَالُهُ إِذَا تَرَدَّىٰ (11) Bandhane ora migunani apa - apa manawa dheweke wis sirna |
إِنَّ عَلَيْنَا لَلْهُدَىٰ (12) Sayekti nuduhake dalan iku tanggungan Ingsun |
وَإِنَّ لَنَا لَلْآخِرَةَ وَالْأُولَىٰ (13) Lan sayekti akherat sarta dunya iku Ingsun kang kagungan |
فَأَنذَرْتُكُمْ نَارًا تَلَظَّىٰ (14) Mulane Ingsun ngelengake marang sira, geni kang mulad - mulad |
لَا يَصْلَاهَا إِلَّا الْأَشْقَى (15) Ora mlebu mrunu kejaba kang banget cilaka |
الَّذِي كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ (16) Kang maido kasunyatan lan mlengos |
وَسَيُجَنَّبُهَا الْأَتْقَى (17) Lan bakal diedohake saka wong kang banget anggone anjaga dhirine (saka ing ala) |
الَّذِي يُؤْتِي مَالَهُ يَتَزَكَّىٰ (18) Kang mewehake bandhane, anuceni dirine |
وَمَا لِأَحَدٍ عِندَهُ مِن نِّعْمَةٍ تُجْزَىٰ (19) Ora ana wong siji kang oleh ganjaran kabungan ana ngarsane Allah |
إِلَّا ابْتِغَاءَ وَجْهِ رَبِّهِ الْأَعْلَىٰ (20) Kajaba yen anggone ngelakoni kabecikan, murih keparenge Pangeran kang Maha Luhur |
وَلَسَوْفَ يَرْضَىٰ (21) Ing tembe bakal lega atine nampani ganjaran |