إِذَا جَاءَكَ الْمُنَافِقُونَ قَالُوا نَشْهَدُ إِنَّكَ لَرَسُولُ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِنَّكَ لَرَسُولُهُ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَكَاذِبُونَ (1) (Muhammad) manawa wong lamis padha sowan marang sira lan matur, "Kula sami nekseni panjenengan punika temen utusane Allah". Allah Nyekseni yen kandhane wong lamis mau satemene goroh. Allah nguningani yen sira temen utusane Allah |
اتَّخَذُوا أَيْمَانَهُمْ جُنَّةً فَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (2) Wong lamis mau wani sumpah dianggo ngaling - ngalingi (bandha lan nyawane). Tumuli dheweke ngalang - ngalangi (manungsa) ana ing dalaning ALlah (Islam) wong lamis mau ala temen kang padha dilakoni |
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا فَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُونَ (3) Anggone hala mau marga padha percya ing Allah, nanging banjur padha balik dadi kafir, wusana atine dikancing ora bisa kalebon iman, dadi padha ora ngerti |
۞ وَإِذَا رَأَيْتَهُمْ تُعْجِبُكَ أَجْسَامُهُمْ ۖ وَإِن يَقُولُوا تَسْمَعْ لِقَوْلِهِمْ ۖ كَأَنَّهُمْ خُشُبٌ مُّسَنَّدَةٌ ۖ يَحْسَبُونَ كُلَّ صَيْحَةٍ عَلَيْهِمْ ۚ هُمُ الْعَدُوُّ فَاحْذَرْهُمْ ۚ قَاتَلَهُمُ اللَّهُ ۖ أَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ (4) Manawa sira deleng wong lamis mau gumun dening awake becik - becik. Manawa krungun caturane gumun dening patitis tetembungane, prasasat balok sumendhe ing pager tembok. Wong lamis mau saking wedine, sadhenga suwara dikira bakal bebayani awake. Wong lamis mau sabenere asteru sira padha prayitna. Allah bakal nyirnakake wong lamis mau. Anggumunake nganti dheweke diplencengake (saka kebeneran) |
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا يَسْتَغْفِرْ لَكُمْ رَسُولُ اللَّهِ لَوَّوْا رُءُوسَهُمْ وَرَأَيْتَهُمْ يَصُدُّونَ وَهُم مُّسْتَكْبِرُونَ (5) Manawa wong lamis mau padha ditimbali, "Ayo padha mrenea (iman) suoaya Rosulullah bakal nyuwunake pangapuraning Allah marang kowe". Wong lamis mau padha gedhek wae, sira deleng padha malengos atine gumedhe |
سَوَاءٌ عَلَيْهِمْ أَسْتَغْفَرْتَ لَهُمْ أَمْ لَمْ تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ لَن يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ (6) Wong lamis mau sanadiyan sira suwunake pangapura utawa ora padha wae. Allah ora kersa ngapura marang dheweke. Satemene Allah ora kersa nuduhake dalan ener marang wong kafir |
هُمُ الَّذِينَ يَقُولُونَ لَا تُنفِقُوا عَلَىٰ مَنْ عِندَ رَسُولِ اللَّهِ حَتَّىٰ يَنفَضُّوا ۗ وَلِلَّهِ خَزَائِنُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَا يَفْقَهُونَ (7) Hiya iku wong kang padha ngucap (marang wong Anshor) mangkene, "Aja padha weweh marang wong kang dadi kancane Rosulullah (Muhajirin) kajaba yen wis pisah". Gudhang pasimpenan ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Nanging para wong lamis padha ora ngerti |
يَقُولُونَ لَئِن رَّجَعْنَا إِلَى الْمَدِينَةِ لَيُخْرِجَنَّ الْأَعَزُّ مِنْهَا الْأَذَلَّ ۚ وَلِلَّهِ الْعِزَّةُ وَلِرَسُولِهِ وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَلَٰكِنَّ الْمُنَافِقِينَ لَا يَعْلَمُونَ (8) Wong lamis mau pahdha uga kondha, "Manawa aku gelem bali marang Madinah, mesthi wong sing kuwat bakal ngusir wong sing ringkih". Weruha, kamulyan lan kemenangan iku kagungane Allah lan utusane apa dene wong Mukmin. Nanging mangkini iku wong lamis padha ora weruh |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تُلْهِكُمْ أَمْوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُمْ عَن ذِكْرِ اللَّهِ ۚ وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ (9) Para mukmin! Anggonira ngopeni bandhanira utawa anakira aja nganthi ngalahake anggonira eling ing Allah, sing sapa nglakoni mangkono mau tetep wong kapitunan |
وَأَنفِقُوا مِن مَّا رَزَقْنَاكُم مِّن قَبْلِ أَن يَأْتِيَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُولَ رَبِّ لَوْلَا أَخَّرْتَنِي إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ فَأَصَّدَّقَ وَأَكُن مِّنَ الصَّالِحِينَ (10) Lan padha wewehana barang kang wis Ingsun paringake marang sira mumpung durung mati. Yen nganti tekan mangsane mati sira mesthi munjuk, "Pangeran kula! Kula punika panjenengan srantosaken sakedhap kemawon kawula badhe mewehaken bondha kawula, saha badhe dados tiyang sahe |
وَلَن يُؤَخِّرَ اللَّهُ نَفْسًا إِذَا جَاءَ أَجَلُهَا ۚ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ (11) Allah ora kersa nyarantekake wong kang wis tekan wawangene patine. Allah iku waspada marang samu barang kang sira lakoni |