×

سورة الأعراف باللغة الجاوية

ترجمات القرآنباللغة الجاوية ⬅ سورة الأعراف

ترجمة معاني سورة الأعراف باللغة الجاوية - Javanese

القرآن باللغة الجاوية - سورة الأعراف مترجمة إلى اللغة الجاوية، Surah Araf in Javanese. نوفر ترجمة دقيقة سورة الأعراف باللغة الجاوية - Javanese, الآيات 206 - رقم السورة 7 - الصفحة 151.

بسم الله الرحمن الرحيم

المص (1)
Ingsun, Allah, Ingkang-Maha- wikan, Ingkang-Mahayakti
كِتَابٌ أُنزِلَ إِلَيْكَ فَلَا يَكُن فِي صَدْرِكَ حَرَجٌ مِّنْهُ لِتُنذِرَ بِهِ وَذِكْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ (2)
Kitab, kadhawuhake marang sira – mulane, aja ana rupeke ing atinira amarga saka iku – supaya iku sira anggoa amemelingi sarta pepeling tumrap para angestu
اتَّبِعُوا مَا أُنزِلَ إِلَيْكُم مِّن رَّبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوا مِن دُونِهِ أَوْلِيَاءَ ۗ قَلِيلًا مَّا تَذَكَّرُونَ (3)
Padha manuta apa kang kadhawuhake marang sira saka Pangeranira lan aja padha manut pangayoman-pangayoman saliyane Panjenengane; sathithik temen anggonira padha angelingi
وَكَم مِّن قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا فَجَاءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا أَوْ هُمْ قَائِلُونَ (4)
Lan wus sapira kehe kutha kang wus Ingsun rusak, lah pidana- Ningsun anggone anekani ing wayah bengi utawa nalikane dhe- weke padha turu ing wayah awan
فَمَا كَانَ دَعْوَاهُمْ إِذْ جَاءَهُم بَأْسُنَا إِلَّا أَن قَالُوا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ (5)
Lah ora liya panguwuhe, nalika pidana-Ningsun anekani dheweke, kajaba mung padha angucap: Sayekti aku iki wus padha atindak dudu
فَلَنَسْأَلَنَّ الَّذِينَ أُرْسِلَ إِلَيْهِمْ وَلَنَسْأَلَنَّ الْمُرْسَلِينَ (6)
Lah sayekti temen Ingsun nuli bakal andangu para kang padha karawuhan para utusan lan sayekti temen Ingsun bakal andangu para kang padha kautus
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِم بِعِلْمٍ ۖ وَمَا كُنَّا غَائِبِينَ (7)
Lah sayekti temen Ingsun bakal anyaritani marang dheweke kalawan kawruh, lan Ingsun iki ora kasamaran
وَالْوَزْنُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ ۚ فَمَن ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (8)
Lan panrajune ing dina iku jejeg; lah sapa sing abot timbange – ya iki wong kang padha begja
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُم بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَظْلِمُونَ (9)
Lan sapa sing entheng timbangane, ya iki para kang jiwane padha kapitunan, amarga saka anggone padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun
وَلَقَدْ مَكَّنَّاكُمْ فِي الْأَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ ۗ قَلِيلًا مَّا تَشْكُرُونَ (10)
Lan sayekti temen Ingsun anetepake sira ana ing bumi, sarta ing kono Ingsun andadekake panguripan tumrap ing sira; sathi- thik temen anggonira padha atur panuwun
وَلَقَدْ خَلَقْنَاكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنَاكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ لَمْ يَكُن مِّنَ السَّاجِدِينَ (11)
Lan sayekti temen Ingsun ani- tahake sira, tumuli Ingsun amangun sira, banjur Ingsun angandika ma- rang para malaikat: Padha sujuda marang Adam.a Mulane banjur pa- dha sujud, kajaba Iblis;b dheweke iku ora kagolong para kang padha sujud
قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلَّا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ ۖ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِّنْهُ خَلَقْتَنِي مِن نَّارٍ وَخَلَقْتَهُ مِن طِينٍ (12)
Panjenengane angandika: Apa ta kang angalang-alangi sira, dene sira ora sujud nalikane aku maren- tahi sira? Unjuke: Kula langkung sae tinimbang piyambakipun: Tu- wan andadosaken kula saking latu, sarta Tuwan andadosaken piyam- bakipun saking lebu
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُونُ لَكَ أَن تَتَكَبَّرَ فِيهَا فَاخْرُجْ إِنَّكَ مِنَ الصَّاغِرِينَ (13)
Panjenengane ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrape sira, yen ta gumedhea ana ing kono, mulane metua; sayekti sira iku golongane kang padha asor
قَالَ أَنظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ (14)
Unjuke: Mugi kula Tuwan paringi sumene dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangekaken
قَالَ إِنَّكَ مِنَ الْمُنظَرِينَ (15)
Pangandikane: sayekti sira iku golongane kang padha pina- ringan sumene
قَالَ فَبِمَا أَغْوَيْتَنِي لَأَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيمَ (16)
Unjuke: Ing sarehne Tuwan sampun adamel cuwa ing kula, saestu kula badhe angadhang ambidhung piyambakipun ing margi Tuwan ingkang leres
ثُمَّ لَآتِيَنَّهُم مِّن بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ أَيْمَانِهِمْ وَعَن شَمَائِلِهِمْ ۖ وَلَا تَجِدُ أَكْثَرَهُمْ شَاكِرِينَ (17)
Tumunten saestu kula badhe andhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wing- kingipun tuwin saking tengenipun punapa dene saking kiwanipun; saha Tuwan badhe manoni kathah- kathahipun sami boten atur panu- wun
قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُومًا مَّدْحُورًا ۖ لَّمَن تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنكُمْ أَجْمَعِينَ (18)
Pangandikane: Metua saka ing kono, cinacad, tinun- dhung; temen sapa-sapa dheweke sing manut sira, sayekti Aku bakal angiseni jahanam kalawan sira kabeh
وَيَا آدَمُ اسْكُنْ أَنتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هَٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُونَا مِنَ الظَّالِمِينَ (19)
Lan : E, Adam! manggona, sira karo jodho- nira, ing taman;a lah sakaloron padha mangana endi ing saka- repira, ananging aja anyedhaki wit iki, mundhak sira sakaloron dadi golongane para kang atindak dudu
فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطَانُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وُورِيَ عَنْهُمَا مِن سَوْآتِهِمَا وَقَالَ مَا نَهَاكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هَٰذِهِ الشَّجَرَةِ إِلَّا أَن تَكُونَا مَلَكَيْنِ أَوْ تَكُونَا مِنَ الْخَالِدِينَ (20)
Tumuli setan ambubujuk ma- rang sakarone, pamrihe dheweke arep ambukak ing sakarone apa kang maune winadi ing sakarone kang arupa krenteg ala, lan dhe- weke calathu: Pangeranmu anggo- ne anglarangi kowe sakaloron ing wit iki ora liya kajaba mundhak kowe sakaloron dadi malaikat sakarone utawa mundhak kowe sakaloron dadi golongane para kang luput saka ing pati
وَقَاسَمَهُمَا إِنِّي لَكُمَا لَمِنَ النَّاصِحِينَ (21)
Lan dheweke asumpah ma- rang sakarone: Sayekti aku iki, tumrape kowe sakaloron, sawiji- ning juru-pitutur kang tuhu-tuhu
فَدَلَّاهُمَا بِغُرُورٍ ۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْآتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفَانِ عَلَيْهِمَا مِن وَرَقِ الْجَنَّةِ ۖ وَنَادَاهُمَا رَبُّهُمَا أَلَمْ أَنْهَكُمَا عَن تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ وَأَقُل لَّكُمَا إِنَّ الشَّيْطَانَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُّبِينٌ (22)
Tumuli dheweke anibakake sakarone kalawan apus; lah bareng sakarone wus angrasakake wit iku, krentege ala cumetha tumrap saka- rone, sarta sakarone banjur wiwit anutupi awake kalawan gogodho- nganing taman; sarta Pangerane anguwuh sakarone: Apa Aku ora wus anglarangi sira sakaloron ing wit iki lan apa Aku ora wus angan- dika marang sira sakaloron, yen setan iku sayekti mungsuhira kang tetela
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ (23)
Sakarone padha munjuk: Pa- ngeran kawula! Kawula sampun sami anganiaya jiwa kawula pi- yambak, lan manawi Tuwan boten angapunten ing kawula sarta amelasi kawula, saestu kawula badhe dados ewonipun ingkang sami kapitunan
قَالَ اهْبِطُوا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ وَلَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ (24)
Pangandikane: Padha lungaa, sawenehira mungsuh ing sawe- nehe, lan ana ing bumi sira padha oleh papan sarta pasadhiyan nganti sawatara mangsa
قَالَ فِيهَا تَحْيَوْنَ وَفِيهَا تَمُوتُونَ وَمِنْهَا تُخْرَجُونَ (25)
Pangandikane: Ana ing kono uripira lan ana ing kono bakal mati- nira lan saka ing kono anggonira bakal padha diwetokake
يَا بَنِي آدَمَ قَدْ أَنزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَارِي سَوْآتِكُمْ وَرِيشًا ۖ وَلِبَاسُ التَّقْوَىٰ ذَٰلِكَ خَيْرٌ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ (26)
E, turuning Adam! temen Ingsun wus anurunake sandhangan marang sira, kanggo nutupi wawa- dinira sarta minangka papaes; lan sandhangan panang- gulanging ala, iki kang luwih becik. Iki kalebu timbalan- timbalaning Allah, supaya dhe- weke padha angalap eling
يَا بَنِي آدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطَانُ كَمَا أَخْرَجَ أَبَوَيْكُم مِّنَ الْجَنَّةِ يَنزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْآتِهِمَا ۗ إِنَّهُ يَرَاكُمْ هُوَ وَقَبِيلُهُ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْ ۗ إِنَّا جَعَلْنَا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ لِلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ (27)
E, turuning Adam! Aja nganti setan pitenahe angenani sira, kaya anggone dheweke ngetokake wong tuwanira saka patamanan, angrucat sandhangane sakarone, pamrihe dheweke arep mbukak krentege sakarone kang ala. Sayekti dhe- weke iku angingeti sira, dheweke sakulawangsane, saka ing ngendi sira ora bisa angingeti dheweke. Sayekti Ingsun anda- dekake para setan dadi panga- yoman tumrape para kang padha ora angestu
وَإِذَا فَعَلُوا فَاحِشَةً قَالُوا وَجَدْنَا عَلَيْهَا آبَاءَنَا وَاللَّهُ أَمَرَنَا بِهَا ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ ۖ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (28)
Lan nalikane padha ang- lakoni panggawe nistha padha acalathu: Aku padha nemu bapak- bapakku padha nglakoni iki lan iku Allah iya marentahake marang aku. Calathua: Sayekti Allah ora amarentahake panggawe nistha; apa ta kowe padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowe padha ora weruh
قُلْ أَمَرَ رَبِّي بِالْقِسْطِ ۖ وَأَقِيمُوا وُجُوهَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَادْعُوهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ ۚ كَمَا بَدَأَكُمْ تَعُودُونَ (29)
Calathua: Pangeranku wus marentahake adil. lan padha anjejegna adhepira ing saben- saben wayahe salat sarta padha anguwuha Panjenengane, kalawan tulus ing pambangunturut ing Panjenengane; kaya anggone Pan- jenengane andadekake sira ing wiwitan, iya mangkono uga ang- gonira bakal padha bali
فَرِيقًا هَدَىٰ وَفَرِيقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلَالَةُ ۗ إِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ اللَّهِ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُم مُّهْتَدُونَ (30)
Panjenengane wus nuntun kang sapantha, dene kang sapantha karusakan iku wis benere tetep ingatase dheweke; sayekti dheweke padha ngalap para setan minangka pangayoman saliyane Allah, sarta padha ngira yen awake iku kang padha ngambah dadalan kang bener
۞ يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ (31)
E, para turuning Adam! padha angalapa papaesira ing saben-saben wayahe salat, sarta padha mangana tuwin ngombea lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengane ora remen marang para kang padha keladuk
قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِينَةَ اللَّهِ الَّتِي أَخْرَجَ لِعِبَادِهِ وَالطَّيِّبَاتِ مِنَ الرِّزْقِ ۚ قُلْ هِيَ لِلَّذِينَ آمَنُوا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (32)
Calathua: Sapa ta sing angla- rangi papaesing Allah, kang wus diwetokake tumrap para kawula- Ne sarta rezeki kang apik-apik? Calathua: Iku tumrap para kang padha angestu ana ing kauripan donya iki, mligi ana ing dina kiyamat, kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangake timbalan-timbalan iku tumrap wong kang padha weruh
قُلْ إِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْإِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَأَن تُشْرِكُوا بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَأَن تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (33)
Calathua: Pangeranku mung anglarangi panggawe-panggawe nistha, kang wujude cumetha lan kang sumamar, apa dene dosa lan pamirong kalawan ora bener, tu- win yen ta sira padha anjejerna sisihan kalawan Allah, barang kang ing kono Panjene- ngane ora anurunake wewenang, sarta yen ta sira padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowe ora weruh
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ (34)
Lan tumrap siji-sijining umat iku ana semayaning mangsane, mulane samangsa semayaning mangsane wis tumeka, sadhela bae ora bakal mundur lan ora bakal maju
يَا بَنِي آدَمَ إِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي ۙ فَمَنِ اتَّقَىٰ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ (35)
E, para turuning Adam! manawa ana utusan-utusan saka antaranira anekani sira, anyari- takake timbalan-timbalan-Ingsun marang sira, lah, sapa sing anjaga awake sarta atindak becik, iya ora bakal padha kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (36)
Wondene para kang padha anggorohake marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhe malengos saka ing kono, iki para wonging geni, bakal padha manggon ana ing kono
فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ أُولَٰئِكَ يَنَالُهُمْ نَصِيبُهُم مِّنَ الْكِتَابِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْ قَالُوا أَيْنَ مَا كُنتُمْ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۖ قَالُوا ضَلُّوا عَنَّا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ (37)
Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawe-gawe goroh ditibak-ake marang Allah utawa anggoroh-ake marang timbalan-timbalan-E? Iki pandume Kitab bakal tumeka dheweke, nganti samangsa para utusan-Ingsun anekani dheweke arep agawe patine padha calathu: Endi ta barang saliyane Allah kang adate padha sira uwuh-uwuh? Bakal padha acalathu: Sami ical angoncati kawula; sarta dheweke bakal padha anekseni marang awake dhewe, yen dheweke iku para wong kafir
قَالَ ادْخُلُوا فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِكُم مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ فِي النَّارِ ۖ كُلَّمَا دَخَلَتْ أُمَّةٌ لَّعَنَتْ أُخْتَهَا ۖ حَتَّىٰ إِذَا ادَّارَكُوا فِيهَا جَمِيعًا قَالَتْ أُخْرَاهُمْ لِأُولَاهُمْ رَبَّنَا هَٰؤُلَاءِ أَضَلُّونَا فَآتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِّنَ النَّارِ ۖ قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَلَٰكِن لَّا تَعْلَمُونَ (38)
Panjenengane angandika: Pa- dha malebua ing geni gumolong para umat kang wus kaliwat ing sadurungira, yaiki jin lan para manusa; saben-saben umat sawiji malebu, sadulure ambendoni, nganti nalikane wis padha tumeka ing jerone kabeh, kang keri angunjukake kang dhingin. Pangeran kawula! Punika sami anasaraken kawula; milanipun mugi Tuwan amaringi siksa latu atitikelan dhateng piyambakipun. Pangandikane: Siji-sijine bakal oleh tikel, ananging kowe ora padha weruh
وَقَالَتْ أُولَاهُمْ لِأُخْرَاهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِن فَضْلٍ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْسِبُونَ (39)
Lan kang dhingin acalathu marang kang kari: Kowe ora luwih becik sathithik-thithika tinimbang aku, mulane padha angrasakna siksane, amarga saka barang kang wis padha kolakoni
إِنَّ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا لَا تُفَتَّحُ لَهُمْ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَلَا يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ حَتَّىٰ يَلِجَ الْجَمَلُ فِي سَمِّ الْخِيَاطِ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُجْرِمِينَ (40)
Sayekti, para kang padha anggorohake marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhe malengos saka ing kono, lawang-lawange langit ora bakal diwengakake tumrap dheweke, lan ora bakal padha malebu ing taman nganti unta malebu ing bolonga- ning dom; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para wong duraka
لَهُم مِّن جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَمِن فَوْقِهِمْ غَوَاشٍ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ (41)
Dheweke bakal padha oleh paturon geni naraka sarta tutup saka ing sadhuwure dheweke; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para kang atindak dudu
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (42)
Wondene para kang padha angestu sarta alaku becik – Ingsun ora amomoti sawijining jiwa, kajaba sakuwawane – iku wonging patamanan; padha manggon ana ing kono
وَنَزَعْنَا مَا فِي صُدُورِهِم مِّنْ غِلٍّ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ ۖ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ ۖ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ ۖ وَنُودُوا أَن تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (43)
Lan Ingsun angilangi saba- rang pangigit-igit kang ana ing sajroning dhadhane; kali-kaline pa- dha mili sangisore dheweke, sarta padha calathu: Sadaya pangalem- bana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng punika, saha boten badhe kawula angambah margi punika manawi ta Allah botena anuntun kawula; saestu sampun rawuh para utusanipun Pangeran kawula ambekta yakti. Lan bakal diuwuhake marang dheweke, yen iku patamanan, kang diwarisake marang sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابَ النَّارِ أَن قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدتُّم مَّا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۖ قَالُوا نَعَمْ ۚ فَأَذَّنَ مُؤَذِّنٌ بَيْنَهُمْ أَن لَّعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ (44)
Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhe Pangeranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowe iya padha nemu nyata apa saguhe Pangeranmu? Calathune: Iya. Tu- muli antarane dheweke ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yen we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُم بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ (45)
Yaiku kang padha angeng- gokake awake saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bengkonga, lan dheweke iku para wong kafir marang akhirat
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌ ۚ وَعَلَى الْأَعْرَافِ رِجَالٌ يَعْرِفُونَ كُلًّا بِسِيمَاهُمْ ۚ وَنَادَوْا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَن سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۚ لَمْ يَدْخُلُوهَا وَهُمْ يَطْمَعُونَ (46)
Lan saantarane sakarone ana aling-alinge; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wonge kang padha weruh marang sakabehe dening tetengere; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa
۞ وَإِذَا صُرِفَتْ أَبْصَارُهُمْ تِلْقَاءَ أَصْحَابِ النَّارِ قَالُوا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ (47)
Lan samangsa pandelenge dienggokake marang penere wong- wonging geni, padha munjuk: Pangeran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dede
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْأَعْرَافِ رِجَالًا يَعْرِفُونَهُم بِسِيمَاهُمْ قَالُوا مَا أَغْنَىٰ عَنكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ (48)
Para kang manggon ing papan-papan kang luhur padha anguwuh-uwuh marang wong- wong kang padha kinawruhan dening tetengere, calathune: Ora migunani ing sira entukmu keklumpuk, mangkono uga anggonira padha gumedhe
أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللَّهُ بِرَحْمَةٍ ۚ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَا أَنتُمْ تَحْزَنُونَ (49)
Apa iki kang padha sira ban- dhani sepata, yen ora bakal Allah anekakake wilasa marang dhe- weke? Padha malebua patamanan, ora bakal sira kataman wedi sarta ora bakal sira susah
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ النَّارِ أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ أَفِيضُوا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاءِ أَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ ۚ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكَافِرِينَ (50)
Wong-wonging geni padha anguwuh wong-wonging patama- nan, panguwuhe: mbok padha angilingna banyu sathithik marang aku, utawa rezeki paparinging Allah marang kowe sathithik . Ca- lathune: Sayekti Allah anglarangi karo pisan iku tumrap para kafir
الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَهْوًا وَلَعِبًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ فَالْيَوْمَ نَنسَاهُمْ كَمَا نَسُوا لِقَاءَ يَوْمِهِمْ هَٰذَا وَمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ (51)
Yaiku kang padha anganggep agamane minangka lalahan sarta dolanan, apa dene padha kacin- thung ing kauripan donya; mulane ing dina iki Ingsun anegakake dhe- weke, kaya dene anggone dheweke wus padha anglirwakake sapate- mon ing dinane iki sarta dening anggone padha maido ing tim- balan-timbalan-Ingsun
وَلَقَدْ جِئْنَاهُم بِكِتَابٍ فَصَّلْنَاهُ عَلَىٰ عِلْمٍ هُدًى وَرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ (52)
Lan sayekti temen Ingsun wus anekani Kitab dheweke, kang Ingsun wijang-wijangake kalawan kawruh, minangka tuntunan lan wilasa tumrap para wong kang padha angestu
هَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا تَأْوِيلَهُ ۚ يَوْمَ يَأْتِي تَأْوِيلُهُ يَقُولُ الَّذِينَ نَسُوهُ مِن قَبْلُ قَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ فَهَل لَّنَا مِن شُفَعَاءَ فَيَشْفَعُوا لَنَا أَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ ۚ قَدْ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ (53)
Dheweke padha ngenteni apa ta, kajaba kawusanane iku? Ing dina tekaning kawusanane, para kang maune padha anglirwakake iku, bakal calathu: Temen wus rawuh para utusaning Pangeranku anggawa yakti; lah apa ta sameng- ko aku duwe juru-syafa’at kang banjur padha amakolehake marang aku? Utawa apa ta aku iki kena padha dibalekake, supaya aku padha anglakoni liya- ne kang wis padha daklakoni? Temen dheweke padha amitunani jiwane dhewe, lan sabarang gogo- rohan gaweane wus ilang saka ing awake
إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ يُغْشِي اللَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهُ حَثِيثًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُومَ مُسَخَّرَاتٍ بِأَمْرِهِ ۗ أَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْأَمْرُ ۗ تَبَارَكَ اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ (54)
Sayekti, Pangeranira iku Allah, Kang anitahake langit-langit lan bumi ing sajrone nem mangsaa, sartab Panjenengane angasta purba wisesa ing karaton iku; Panje- nengane anutupake wengi ing raina, kang tansah angoyak iku; lan sre- ngenge lan rembulan sarta lintang- lintang, ginawe manut kalawan parentah-E; sayekti dumadi lan parentah iku ana ing Panjene- ngane; Mahabarkah Allah iku, Pangeraning ngalam kabeh
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ (55)
Padha nyunyuwuna Pangera- nira kalawan adhedhepe tuwin sisidheman; sayekti Panjenengane iku ora remen marang kang padha mlangkah wates
وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِينَ (56)
Lan aja sira padha agawe wisuna ana ing bumi sawise olehe didandani, lan padha nyunyuwuna ing Panjenengane kalawan wedi lan pangarep-arep; sayekti wilasa- ning Allah iku cedhak marang para kang agawe becik
وَهُوَ الَّذِي يُرْسِلُ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنَاهُ لِبَلَدٍ مَّيِّتٍ فَأَنزَلْنَا بِهِ الْمَاءَ فَأَخْرَجْنَا بِهِ مِن كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۚ كَذَٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتَىٰ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ (57)
Lan Panjenengane iku kang angutus angin-angin anggawa war- ta becik sangareping kamurahan- E, nganti samangsa wus ang- gawa mendhung angendanu, iku Ingsun giring marang tanah kang mati; tumuli Ingsun anurunake banyu mrono, banjur Ingsun anggo ametokake sawarnaning wo- wohan; kaya mangkono anggon- Ingsun bakal anguripake wong- wong mati, supaya sira padha elinga
وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهُ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَالَّذِي خَبُثَ لَا يَخْرُجُ إِلَّا نَكِدًا ۚ كَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَشْكُرُونَ (58)
Wondene tanah kang becik, metu tutuwuhane kala- wan idining Pangerane, lan kang cengkar, ora metu kajaba mung sathithik; kaya mang- kono anggon-Ingsun angambal- ambali timbalan-timbalan tumrap wong kang padha atur panuwun
لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ (59)
Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsane, tumuli acalathu: E bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwe sesembahan liyane Panjene- ngane; sayekti aku nguwatirake sira marang siksa ing dina kang agung
قَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (60)
Para panggedhening bangsa- ne acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowe iku ana ing sajroning sasar kang tetela
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي ضَلَالَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ (61)
Dheweke acalathu: E, bang- saku! Ora pisan ana sasare aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangeraning kabeh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنصَحُ لَكُمْ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (62)
Aku anekakake marang sira ayahaning Pangeranku lan apitutur becik marang sira, lan aku weruh saka Allah apa kang sira padha ora weruh
أَوَعَجِبْتُمْ أَن جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِّنكُمْ لِيُنذِرَكُمْ وَلِتَتَّقُوا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ (63)
Apa! Apa sira padha gumun, dene ana peling saka Pangeranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih ange- lingake sira lan supaya sira anjaga dhiri sarta supaya sira padha diwelasi
فَكَذَّبُوهُ فَأَنجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ فِي الْفُلْكِ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا عَمِينَ (64)
Ananging padha anggorohake dheweke, mulane Ingsun anyala- metake dheweke dalasan para pandherek ing prau, sarta Ingsun angerem para kang padha ang- gorohake ing timbalan-timbalan- Ingsun; sayekti dheweke iku bangsa kang wuta
۞ وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ (65)
Lan marang ‘Ad sadulure, Hud. Dheweke acalathu: E, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwe sesembahan liyane Panjenengane; lah apa ta sira ora arep anjaga dhiri
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي سَفَاهَةٍ وَإِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكَاذِبِينَ (66)
Para panggedhening bangsa- ne para kang padha kafir acalathu: Sayekti panyawangku kowe iku ana ing sajroning kabodhoan, lan sayekti temen aku nyana, kowe iku ewone para kang goroh
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي سَفَاهَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ (67)
Dheweke acalathu: E, bang- saku! Ora pisan ana kabodhoane aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangeraning kabeh ngalam
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنَا لَكُمْ نَاصِحٌ أَمِينٌ (68)
Aku anekakake marang sira ayahaning Pangeranku lan aku iki juru-pitutur becik kang mitayani tumrap marang sira
أَوَعَجِبْتُمْ أَن جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِّنكُمْ لِيُنذِرَكُمْ ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِن بَعْدِ قَوْمِ نُوحٍ وَزَادَكُمْ فِي الْخَلْقِ بَسْطَةً ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ (69)
Apa! Apa sira padha gumun, dene ana peling saka Pangeranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angeli- ngake sira? Lan padha angelingana nalikane Panjenengane andade- kake sira dadi para Pamarentah ing sapungkure umate Nuh sarta amewahi sira ing dalem prakosa- ning dumadinira; mulane padha dieling marang paparinge Allah, supaya sira padha begja
قَالُوا أَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللَّهَ وَحْدَهُ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا ۖ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ (70)
Dheweke padha calathu: Apa tekamu marang aku kene iki supa- ya aku padha anguwuh ing Allah kang Sawiji, sarta aninggal apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lah tekakna marang aku kene apa kang koancamake aku, manawa kowe iku kalebu wong kang padha temen
قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُم مِّن رَّبِّكُمْ رِجْسٌ وَغَضَبٌ ۖ أَتُجَادِلُونَنِي فِي أَسْمَاءٍ سَمَّيْتُمُوهَا أَنتُمْ وَآبَاؤُكُم مَّا نَزَّلَ اللَّهُ بِهَا مِن سُلْطَانٍ ۚ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ (71)
Dheweke acalathu: temen wus tumiba marang sira lelethek sarta bebendu saka Pangeranira; apa kowe padha madoni aku ing dalem aran-aran, kang sira sebut-sebut, sira lan bapak- bapakira? Allah ora anurunake wewenang tumrap iku; mulane padha entenana, sayekti aku iki kalawan sira ewone wong kang padha angenteni
فَأَنجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ وَمَا كَانُوا مُؤْمِنِينَ (72)
Tumuli Ingsun anyalametake dheweke dalah para pandhereke kalawan wilasa saka Ingsun, sarta Ingsun amedhot oyode para kang padha anggorohake marang tim- balan-timbalan-Ingsun tuwin kang dudu wong-wong angestu
وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ ۖ هَٰذِهِ نَاقَةُ اللَّهِ لَكُمْ آيَةً ۖ فَذَرُوهَا تَأْكُلْ فِي أَرْضِ اللَّهِ ۖ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (73)
Lan marang Tsa- mud sadu- lurea, Shalih. Dheweke acalathu: E, bangsaku, padha angabdia ing Allah, sira ora duwe sesembahan liyane Panjenengane. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangeranira: iki untane wa- don Allah, tumrape sira sawijining tandha; mulane iku togna bae mangan ing bumining Allah lan aja sira arubiru, mundhak siksa kang nglarani anibani sira
وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِن بَعْدِ عَادٍ وَبَوَّأَكُمْ فِي الْأَرْضِ تَتَّخِذُونَ مِن سُهُولِهَا قُصُورًا وَتَنْحِتُونَ الْجِبَالَ بُيُوتًا ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ (74)
Lan padha elinga nalikane Panjenengane andadekake sira dadi para pamarentah ing sapung- kure bangsa ‘Ada sarta anetepake sira ana ing bumi – sira padha yasa pura ana ing tanahe rata sarta padha anatahi gunung minangka omah – mulane padha elinga kadarmaning Allah, sarta aja padha agawe piala ing bumi, agawe wisuna
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِن قَوْمِهِ لِلَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِمَنْ آمَنَ مِنْهُمْ أَتَعْلَمُونَ أَنَّ صَالِحًا مُّرْسَلٌ مِّن رَّبِّهِ ۚ قَالُوا إِنَّا بِمَا أُرْسِلَ بِهِ مُؤْمِنُونَ (75)
Kepala-kepalaning bangsane para kang padha gumedhe acalathu marang para kang padha ingang- gep apes, marang para kang padha angestu saka ing antarane: Apa kowe padha weruh, yen Shalih iku utusan saka Pangerane? Dheweke padha acalathu: Sayekti aku iki padha wong angestu marang ba- rang kang diampil anggone kautus
قَالَ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا بِالَّذِي آمَنتُم بِهِ كَافِرُونَ (76)
Para kang padha gumedhe acalathu: Sayekti aku iki para wong kang angafiri kang padha koestu
فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوا يَا صَالِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ (77)
Banjur padha ambeleh unta wadon iku sarta padha andaga parentahing Pangerane lan padha acalathu: E, Shalih, tekakna ma- rang aku apa kang koancamake ing aku manawa kowe iku ewone para utusan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ (78)
Tumuli lindhu anekani dhe- weke, banjur padha dadi awak kang ora obah ana ing omahe
فَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا قَوْمِ لَقَدْ أَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّي وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلَٰكِن لَّا تُحِبُّونَ النَّاصِحِينَ (79)
Tumuli dheweke aninggal kono kalawan calathu: E, bangsa- ku! Sayekti temen aku anekakake marang sira ayahaning Pangeranku sarta aku apitutur becik ing sira, ananging sira iku padha ora dhemen para juru-pitutur becik
وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُم بِهَا مِنْ أَحَدٍ مِّنَ الْعَالَمِينَ (80)
Lan Luth, nalikane acalathu marang bangsane: Apa! apa sira padha anindakake panggawe nistha, kang ora ana wong siji-sijia ing jagad ing sadurungira kang nindakake mangkono
إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّن دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُونَ (81)
Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَن قَالُوا أَخْرِجُوهُم مِّن قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ (82)
Lan ora ana liya wangsulane bangsane kajaba mung padha calathu: Padha wetokna saka ing kuthanira, sayekti dheweke iku wong-wong kang arep anuceni dhiri
فَأَنجَيْنَاهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ (83)
Mulane Ingsun anyalametake dheweke dalah pandhereke, A kajaba rabine; iku kalebu wong kang padha keri
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِم مَّطَرًا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ (84)
Lan Ingsun anibani udan marang dheweke: Lah angen- angenen, kapriye wasanane para wong kang padha dosa
وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ ۖ فَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ (85)
Lan marang Ma- dyan sadu- lure, Syu’aib. Dheweke calathu: E, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwe sesembahan liyane Panjenengane. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangeranira: mulane padha dikebak ing panaker lan panim- bang sarta aja padha angelongi barang-barange wong, tuwin aja gawe wisuna ing bumi sawise anggone dibecikake; iku luwih becik tumrape sira manawa sira iku padha wong angestu
وَلَا تَقْعُدُوا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوعِدُونَ وَتَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِهِ وَتَبْغُونَهَا عِوَجًا ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ كُنتُمْ قَلِيلًا فَكَثَّرَكُمْ ۖ وَانظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ (86)
Lan aja padha angalang- alangi ing sawarnaning dalan wong kang angestu ing Panjene- ngane, kalawan angancam sarta anyimpangake saka dadalaning Allah, lan mamrih supaya iku malencenga; sarta padha dieling nalikane sira iku sathithik, tumuli Panjenengane angakehake sira; lan padha angen-angenen, kapriye wu- sanane para kang agawe wisuna
وَإِن كَانَ طَائِفَةٌ مِّنكُمْ آمَنُوا بِالَّذِي أُرْسِلْتُ بِهِ وَطَائِفَةٌ لَّمْ يُؤْمِنُوا فَاصْبِرُوا حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ بَيْنَنَا ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ (87)
Lan manawa golonganira ana sapantha kang padha angestu ing barang kang dakampil anggonku kautus, sarta ana sapantha kang padha ora angestu, lah padha disabar nganti Allah amancasi antarane aku kabeh; lan Panjene- ngane iku becik-becike para juru- mancasi
۞ قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِن قَوْمِهِ لَنُخْرِجَنَّكَ يَا شُعَيْبُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَكَ مِن قَرْيَتِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۚ قَالَ أَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِينَ (88)
Para kepala-kepalane bangsa- ne kang padha gumedhe-gumedhe, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokake kowe, e, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angestu, saka kuthaku, utawa kowe balia ing agamaku. Dheweke calathu: Apa! apa sanajan aku gething
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللَّهِ كَذِبًا إِنْ عُدْنَا فِي مِلَّتِكُم بَعْدَ إِذْ نَجَّانَا اللَّهُ مِنْهَا ۚ وَمَا يَكُونُ لَنَا أَن نَّعُودَ فِيهَا إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ رَبُّنَا ۚ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۚ عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا ۚ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنتَ خَيْرُ الْفَاتِحِينَ (89)
Tetep agawe goroh tumrap marang Allah aku, yen ta aku padha balia ing agamamu, ing sawise Allah anyalametake aku saka ing kono; lan ora layak tumrape aku, yen ta aku padha balia mrono, kajaba manawa Allah, Pangeranku, angarsakake: Pangeranku iku ngelmune ang- limputi ing samubarang; marang Allah anggonku sumendhe. Pange- ran kawula! mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula sarta bangsa kawula kaliyan leres; sarta Tuwan punika sae-saenipun para juru- mancasi
وَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ لَئِنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا إِنَّكُمْ إِذًا لَّخَاسِرُونَ (90)
Lan kepala-kepalaning bang- sane, para kang padha kafir, acalathua: Manawa kowe padha manut Syu’aib, sayekti kowe iku padha wong kapitunan
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ (91)
Tumuli lindhu anekani dhe- weke; mulane banjur padha dadi awak kang tan obah ana ing omahe
الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۚ الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَانُوا هُمُ الْخَاسِرِينَ (92)
Para kang padha anggoro- hake Syu’aib dadi kaya-kaya ora tau manggon ana ing kono; para kang padha anggorohake Syu’aib, iku para wong kang kapitunan
فَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا قَوْمِ لَقَدْ أَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَنَصَحْتُ لَكُمْ ۖ فَكَيْفَ آسَىٰ عَلَىٰ قَوْمٍ كَافِرِينَ (93)
Mulane dheweke aninggal bangsane sarta calathu: E, Bang- saku, sayekti temen aku iki anekakake marang sira ayahane Pangeranku sarta aku apitutur becik marang sira, mulane kapriye olehku bakal sedih tumrap bangsa kang padha kafir
وَمَا أَرْسَلْنَا فِي قَرْيَةٍ مِّن نَّبِيٍّ إِلَّا أَخَذْنَا أَهْلَهَا بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُونَ (94)
Lan Ingsun ora angutus sawijining Nabi ing sajroning nagara, kajaba masthi wonge Ingsun tekani kasusahan sarta kasangsaran, supaya padha adhedhepea
ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتَّىٰ عَفَوا وَّقَالُوا قَدْ مَسَّ آبَاءَنَا الضَّرَّاءُ وَالسَّرَّاءُ فَأَخَذْنَاهُم بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ (95)
Tumuli kang maune kasusa- han Ingsun salini katentreman, nganti mundhak cacah jiwane sarta padha calathu: Temen kasangsaran lan karaharjan iku wus anekani bapak-bapakku. Tumuli padha Ing- sun pundhut kalawan tanpa antan- antan sarta padha ora rumasa
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِن كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُم بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ (96)
Lan manawa wonge kutha- kutha iku padha angestu sarta anjaga awake , yekti Ingsun angengakake nugraha- nugraha saka ing langit lan bumi marang dheweke, ananging dhe- weke padha anggorohake, mulane padha Ingsun patrapi, amarga saka pakolihing
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَن يَأْتِيَهُم بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ (97)
Apa! apa wonge kutha-kutha iku rumasa aman saka siksa- Ningsun kang anekani dheweke ing wayah bengi, sajrone padha turu
أَوَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَن يَأْتِيَهُم بَأْسُنَا ضُحًى وَهُمْ يَلْعَبُونَ (98)
Apa! apa wonge kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dheweke ing wayah esuk, sajrone padha dolanan
أَفَأَمِنُوا مَكْرَ اللَّهِ ۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْخَاسِرُونَ (99)
Apa! lah apa padha rumasa aman saka rancanganing Allah? Ananging ora ana kang rumasa aman saka rancanganing Allah, kajaba wong-wong kang bakal sirna
أَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِينَ يَرِثُونَ الْأَرْضَ مِن بَعْدِ أَهْلِهَا أَن لَّوْ نَشَاءُ أَصَبْنَاهُم بِذُنُوبِهِمْ ۚ وَنَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ (100)
Apa ta ora terang tumrape para kang padha amaris bumi ing sapungkure kang angenggoni , yen, upama Ingsun angarsakna, bakal padha Ingsun patrapi amarga saka dosane sarta bakal padha Ingsun ecap atine; wusana bakal padha ora krungu
تِلْكَ الْقُرَىٰ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنبَائِهَا ۚ وَلَقَدْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا مِن قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ يَطْبَعُ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْكَافِرِينَ (101)
Iki kutha-kutha – Ingsun anyaritakake marang sira sawe- nehing carita-caritane, lan sayekti temen para utusane wus anekani dheweke kalawan bukti-bukti, ananging dheweke padha ora arep angestu ing barang kang maune padha digorohake; kaya mang- kono Allah angecap marang ati- atine para wong kafir
وَمَا وَجَدْنَا لِأَكْثَرِهِم مِّنْ عَهْدٍ ۖ وَإِن وَجَدْنَا أَكْثَرَهُمْ لَفَاسِقِينَ (102)
Lan Ingsun ora nemu janji ing keke- hane dheweke, lan Ingsun anemu kekehane dheweke iku temen padha wong murang yekti
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِم مُّوسَىٰ بِآيَاتِنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَظَلَمُوا بِهَا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ (103)
Tumuli, ing sapungkure Musa akanthi timbalan-timbalan- Ingsun marang Fir’aun lan para wong gedhene, ananging padha ora angestu marang iku;a lah angen- angenen, kapriye wusanane para kang agawe wisuna. A
وَقَالَ مُوسَىٰ يَا فِرْعَوْنُ إِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ (104)
Lan Musa acalathu: Dhuh, Fir’aun! saestu kula punika utusan saking Pangeraning ngalam sadaya
حَقِيقٌ عَلَىٰ أَن لَّا أَقُولَ عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ ۚ قَدْ جِئْتُكُم بِبَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ فَأَرْسِلْ مَعِيَ بَنِي إِسْرَائِيلَ (105)
layak boten angucapaken punapa-punapa ing atasing Allah, kajawi ingkang nya- ta: saestu kula andhatengi paduka kalayan bukti saking Pangeran paduka; milanipun para turuning Israil sami kadhawuhana anyartani kula
قَالَ إِن كُنتَ جِئْتَ بِآيَةٍ فَأْتِ بِهَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ (106)
Calathune: Manawa teka- nira kalawan tandha, lah coba iku tekakna, manawa sira iku ewoning para wong temen
فَأَلْقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِينٌ (107)
Mulane dheweke banjur anguncalake tekene, lah padha sakala, iku terang ula
وَنَزَعَ يَدَهُ فَإِذَا هِيَ بَيْضَاءُ لِلنَّاظِرِينَ (108)
Lan dheweke andudut tanga- ne, lah padha sakala, iku putih tu- mrap para kang padha andeleng
قَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِ فِرْعَوْنَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ عَلِيمٌ (109)
Para panggedhene wonge Fir’aun acalathu: Sayekti iki ahli kemayan kang sugih kawruh
يُرِيدُ أَن يُخْرِجَكُم مِّنْ أَرْضِكُمْ ۖ فَمَاذَا تَأْمُرُونَ (110)
Karepe arep angetokake kowe saka ing nagaramu; mulane padha kapriye rembugmu
قَالُوا أَرْجِهْ وَأَخَاهُ وَأَرْسِلْ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ (111)
Dheweke padha calathu: Piyambakipun mugi kadhawuhan angentosi, sarta mugi paduka kaparenga utusan para juru-angem- palaken ing kitha-kitha
يَأْتُوكَ بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ (112)
Supados sami ambekta sawarnining ahli kemayan ingkang sugih kawruh dhateng ngarsa paduka
وَجَاءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوا إِنَّ لَنَا لَأَجْرًا إِن كُنَّا نَحْنُ الْغَالِبِينَ (113)
Para ahli kemayan padha teka marang Fir’aun, ature: Saestu kawula kedah sami angsal pituwas, manawi kawula ingkang sami menang
قَالَ نَعَمْ وَإِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِينَ (114)
Dheweke calathu: Iya, sarta sira yekti bakal dadi ewone wong kang padha kaparek
قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِمَّا أَن تُلْقِيَ وَإِمَّا أَن نَّكُونَ نَحْنُ الْمُلْقِينَ (115)
Dheweke padha calathu: E, Musa, apa kowe arep anguncalake, apa aku kang padha anguncalake dhisik
قَالَ أَلْقُوا ۖ فَلَمَّا أَلْقَوْا سَحَرُوا أَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوهُمْ وَجَاءُوا بِسِحْرٍ عَظِيمٍ (116)
Calathune: Padha anguncal- na! Lah bareng wis padha angun- calake, padha ambawur pandelenge wong-wong sarta padha anggigiris tuwin anekake kemayan kang gedhe
۞ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنْ أَلْقِ عَصَاكَ ۖ فَإِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُونَ (117)
Lan Ingsun aparing dhawuh marang Musa kalawan pangan- dika: Uncalna tekenira! Lah padha sakala, iku anguntali sabarang sulapane
فَوَقَعَ الْحَقُّ وَبَطَلَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (118)
Lah barang nyata wis tetep lah wus jugar apa kang wus padha dilakoni
فَغُلِبُوا هُنَالِكَ وَانقَلَبُوا صَاغِرِينَ (119)
Lah ing kono dheweke pa- dha kalindhih sarta padha bali dadi asor
وَأُلْقِيَ السَّحَرَةُ سَاجِدِينَ (120)
Lan para ahli kemayan padha karubuhake, padha sumung- kem
قَالُوا آمَنَّا بِرَبِّ الْعَالَمِينَ (121)
Padha calathu: Kula sami angestu dhateng Pangeranipun ngalam sadaya
رَبِّ مُوسَىٰ وَهَارُونَ (122)
Pangeranipun Musa lan Harun
قَالَ فِرْعَوْنُ آمَنتُم بِهِ قَبْلَ أَنْ آذَنَ لَكُمْ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَمَكْرٌ مَّكَرْتُمُوهُ فِي الْمَدِينَةِ لِتُخْرِجُوا مِنْهَا أَهْلَهَا ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ (123)
Fir’aun calathu: Apa kowe angestu ing dheweke sadurunge aku angidini marang kowe? Sayekti iki temen sandi upaya kang padha korancang sajroning kutha, pamrihmu arep padha angetokake wonge saka ing kono; ananging kowe bakal padha weruh
لَأُقَطِّعَنَّ أَيْدِيَكُمْ وَأَرْجُلَكُم مِّنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَأُصَلِّبَنَّكُمْ أَجْمَعِينَ (124)
Sayekti aku bakal padha angethok tangan-tanganmu lan sikil-sikilmu seling sisih, tumuli temen bakal padha dak pentheng kabeh
قَالُوا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا مُنقَلِبُونَ (125)
Dheweke padha calathu: Saestu, dhateng Pangeran kawula anggen kawula sami badhe wangsul
وَمَا تَنقِمُ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِآيَاتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاءَتْنَا ۚ رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ (126)
Saha Panjenengan boten ba- dhe anandukaken wawales, kajawi amargi anggen kula sami angestu ing timbalan-timbalanipun Pange- ran kula nalika sami dumugi ing kula: Pangeran kawula! Mugi Tuwan anjawahaken kasabaran dhateng kawula saha mugi Tuwan andadosaken pejah kawula suma- rah
وَقَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِ فِرْعَوْنَ أَتَذَرُ مُوسَىٰ وَقَوْمَهُ لِيُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَيَذَرَكَ وَآلِهَتَكَ ۚ قَالَ سَنُقَتِّلُ أَبْنَاءَهُمْ وَنَسْتَحْيِي نِسَاءَهُمْ وَإِنَّا فَوْقَهُمْ قَاهِرُونَ (127)
Lan para gedhene wonge Fir’aun calathu: Punapa Panjene- ngan kendelaken kemawon Musa dalah titiyangipun sami adamel wisuna ing bumi saha anilar Pan- jenengan sarta sesembahan Panje- nengan? Calathune: Aku bakal mateni anak-anake lanang sarta anguripi para wadone, lan sayekti aku iki kang murba-wisesa marang dheweke
قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اسْتَعِينُوا بِاللَّهِ وَاصْبِرُوا ۖ إِنَّ الْأَرْضَ لِلَّهِ يُورِثُهَا مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ (128)
Musa acalathu marang wonge: Padha nyuwuna pitulung ing Allah sarta padha disabar: sayekti bumi iku kagungane Allah; iku Panjenengane amarisake ma- rang kawula-Ne, sapa kang dadi kapareng-E, lan wekasan iku kadarbe para kang anjaga dhirine
قَالُوا أُوذِينَا مِن قَبْلِ أَن تَأْتِيَنَا وَمِن بَعْدِ مَا جِئْتَنَا ۚ قَالَ عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَن يُهْلِكَ عَدُوَّكُمْ وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ (129)
Dheweke padha calathu: Kula punika sami dipun sia-sia saking saderengipun panjenengan rawuh ing ngriki sarta sasampun- ipun panjenengan rawuh ing ngri- ki. Calathune: Manawa-manawa Pangeranira karsa anyirnakake mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamarentah ing bumi; tumuli Pan- jenengane bakal amirsani kapriye panggawenira
وَلَقَدْ أَخَذْنَا آلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِينَ وَنَقْصٍ مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ (130)
Lan sayekti temen Ingsun wus amatrapi wong-wonge Fir’aun kalawan bethatan sarta sudaning woh-wohana supaya dheweke pa- dha elinga
فَإِذَا جَاءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوا لَنَا هَٰذِهِ ۖ وَإِن تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَطَّيَّرُوا بِمُوسَىٰ وَمَن مَّعَهُ ۗ أَلَا إِنَّمَا طَائِرُهُمْ عِندَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (131)
Anaging samangsa becik tumeka marang dheweke, padha calathu: Iki labet saka aku dhewe; lan manawa ala angenani dheweke, padha dilabetake saka kojure Musa sakanthine; sayekti, kojure iki mung saka ngarsaning Allah, ana- nging keh-kehane padha ora we- ruh
وَقَالُوا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهِ مِنْ آيَةٍ لِّتَسْحَرَنَا بِهَا فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ (132)
Sarta padha calathu: Kowe nekakna tandha apa bae marang aku, kang supaya aku kena ing kemayan, lah ora bakal aku padha angestu marang kowe
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ آيَاتٍ مُّفَصَّلَاتٍ فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُّجْرِمِينَ (133)
Mulane Ingsun angutus pageblug anekani dheweke sarta ama walang lan tengu, kodhok tuwin getih tandha-tandha kang terang-awijang; ananging dhe- weke padha ambeg gumedhe lan dheweke iku bangsa kang dosa
وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوا يَا مُوسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِندَكَ ۖ لَئِن كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِي إِسْرَائِيلَ (134)
Lan bareng wewelak anibani dheweke, padha calathu: O, Musa, sampeyan nyuwunaken kula dhateng Pangeran sampeyan punapa janji-Nipun kaliyan sampe- yan; manawi sampeyan anyirnak- aken wewelak punika saestu kula badhe sami angestu dhateng sam- peyan, sarta saestu kula badhe sami aken para turun Israil anyar- tani sampeyan
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ إِلَىٰ أَجَلٍ هُم بَالِغُوهُ إِذَا هُمْ يَنكُثُونَ (135)
Ananging bareng Ingsun wus anyirnakake wewelak saka ing kono tumeka semayane mangsa, kang dheweke bakal tumeka ing kono, padha sakala padha ambalik
فَانتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَأَغْرَقْنَاهُمْ فِي الْيَمِّ بِأَنَّهُمْ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَكَانُوا عَنْهَا غَافِلِينَ (136)
Mulane dheweke padha Ing- sun patrapi wawales sarta padha Ingsun kelem ing sagaraa marga anggone anggorohake tandha-tan- dha-Ningsun sarta anggone padha anglirwakake marang iku
وَأَوْرَثْنَا الْقَوْمَ الَّذِينَ كَانُوا يُسْتَضْعَفُونَ مَشَارِقَ الْأَرْضِ وَمَغَارِبَهَا الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا ۖ وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ الْحُسْنَىٰ عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ بِمَا صَبَرُوا ۖ وَدَمَّرْنَا مَا كَانَ يَصْنَعُ فِرْعَوْنُ وَقَوْمُهُ وَمَا كَانُوا يَعْرِشُونَ (137)
Lan Ingsun amarisake bumi wetanan lan kang kulonan, kang ing kono wus Ingsun barkahi, marang bangsa kang padha di- anggep apes lan wis sampurna sabdaning Pangeranira kang utama ana ing turuning Israil amarga anggone padha ambek sabar; lan Ingsun anyirnakake sabarang yaya- sane Fir’aun lan wonge lan apa kang wus padha didegake
وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتَوْا عَلَىٰ قَوْمٍ يَعْكُفُونَ عَلَىٰ أَصْنَامٍ لَّهُمْ ۚ قَالُوا يَا مُوسَى اجْعَل لَّنَا إِلَٰهًا كَمَا لَهُمْ آلِهَةٌ ۚ قَالَ إِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُونَ (138)
Lan Ingsun wus anyabra- ngake sagaraa para turuning Israil; banjur tumeka marang bangsa kang manembah brahalane padha calathu: Dhuh Musa! kula sampe- yan damelaken sesembahan kados sesembahan gadhahanipun. Wang- sulane: Temen kowe iku padha wong atindak bodho
إِنَّ هَٰؤُلَاءِ مُتَبَّرٌ مَّا هُمْ فِيهِ وَبَاطِلٌ مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ (139)
iki sayekti apa kang dheweke padha ana ing kono iku bakal disirnakake, lan muspra apa kang padha dilakoni
قَالَ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِيكُمْ إِلَٰهًا وَهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ (140)
Dheweke calathu: Apa iya aku anggolekake sesembahan ko- we saliyane Allah, ing mangka Panjenengane iku wus angunggu- lake kowe angungkuli titah
وَإِذْ أَنجَيْنَاكُم مِّنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۖ يُقَتِّلُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُم بَلَاءٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَظِيمٌ (141)
Lan nalikane Ingsun nyala- metake sira saka wonge Fir’aun, kang anibakake sira ing siksa kang kerasb amateni anak-anakira lanang lan anguripi wadon-wadonira,c lan ana ing kono iku coba kang gedhe saka Pangeranira
۞ وَوَاعَدْنَا مُوسَىٰ ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ۚ وَقَالَ مُوسَىٰ لِأَخِيهِ هَارُونَ اخْلُفْنِي فِي قَوْمِي وَأَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيلَ الْمُفْسِدِينَ (142)
Ingsun wus anamtokake waktu marang Musa telung puluh wengi sarta iku Ingsun ganepi sapuluh , dadi waktuning Pangerane kang tinamtu iku ganep patang puluh wengi.a Lan Musa calathu marang sadulure, Harun: anyulihana lulungguhku ana ing sajroning bangsaku sarta agawea becik tuwin aja miturut dada- laning wong kang padha gawe wisuna
وَلَمَّا جَاءَ مُوسَىٰ لِمِيقَاتِنَا وَكَلَّمَهُ رَبُّهُ قَالَ رَبِّ أَرِنِي أَنظُرْ إِلَيْكَ ۚ قَالَ لَن تَرَانِي وَلَٰكِنِ انظُرْ إِلَى الْجَبَلِ فَإِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهُ فَسَوْفَ تَرَانِي ۚ فَلَمَّا تَجَلَّىٰ رَبُّهُ لِلْجَبَلِ جَعَلَهُ دَكًّا وَخَرَّ مُوسَىٰ صَعِقًا ۚ فَلَمَّا أَفَاقَ قَالَ سُبْحَانَكَ تُبْتُ إِلَيْكَ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُؤْمِنِينَ (143)
Lan bareng Musa wus tekan mangsa-Ningsun kang wus tinamtu sarta Pangerane mangandikani dhe- weke unjuke: Pangeran kawula! mugi angatingali kawula, supados kawula saged sumerep dhateng Tuwan. Pangandi- kane: Ora bisa sira sumurup Ningsun, ananging andelenga marang gunung iku lah manawa iku tetep panggonane, sira bakal iya sumurup Ningsun; ana- nging bareng Pangerane amedhar kaluhuran-E marang gunung iku, iki dadi jugrug sarta Musa ambruk sumaput; lah bareng wis eling munjuk: Mahasuci Tuwan, punika, kawula tobat ing Tuwan saha kawula punika wiwi-tanipun para angestu
قَالَ يَا مُوسَىٰ إِنِّي اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسَالَاتِي وَبِكَلَامِي فَخُذْ مَا آتَيْتُكَ وَكُن مِّنَ الشَّاكِرِينَ (144)
Panjenengane angandika: E, Musa, sayekti Ingsun amiji ing sira angungkuli para manusa kalawan ayahan-Ingsun sarta kalawan sabda-Ningsun; mulane cekelana apa kang wus Ingsun paringake sira, sarta dadia ewone para kang weruh ing panarima
وَكَتَبْنَا لَهُ فِي الْأَلْوَاحِ مِن كُلِّ شَيْءٍ مَّوْعِظَةً وَتَفْصِيلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ فَخُذْهَا بِقُوَّةٍ وَأْمُرْ قَوْمَكَ يَأْخُذُوا بِأَحْسَنِهَا ۚ سَأُرِيكُمْ دَارَ الْفَاسِقِينَ (145)
Lan Ingsun wus anetepake ing angger tumrap dheweke ana ing balebekan-balebekan arupa sarupaning pitutur sarta pamijang tumrap samubarang; mulane iku sira cekelana kalawan kukuh sarta marentahana wong-wongira supa- ya padha cekelana iku endi kang luwih becik: Ingsun bakal me- ruhake panggonane para wong kang murang yekti
سَأَصْرِفُ عَنْ آيَاتِيَ الَّذِينَ يَتَكَبَّرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَإِن يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوا بِهَا وَإِن يَرَوْا سَبِيلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا وَإِن يَرَوْا سَبِيلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَكَانُوا عَنْهَا غَافِلِينَ (146)
Ingsun bakal angengokake saka timbalan-timbalan-Ingsun pa- ra kang padha ambek gumedhe ing bumi ora kalawan bener; lan manawa padha andeleng saben tandha, iku dheweke padha ora angestu; lan manawa padha andeleng dalaning katulusan, iku dheweke padha ora angalap mi- nangka dalan; lan manawa padha andeleng dalan sasar, iku dheweke padha ngalap minangka dalan; iki amarga saka anggone padha ang- gorohake marang timbalan-timba- lan-Ingsun sarta padha anglirwak- ake marang iku
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَلِقَاءِ الْآخِرَةِ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ ۚ هَلْ يُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (147)
Lan para kang padha anggorohake marang timbalan- timbalan-Ingsun lan sapatemon ing delahan, iku panggawe-pangga- wene muspra. Apa dheweke bakal padha pinaringan pituas saka liyane kajaba apa kang wus padha dilakoni
وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوسَىٰ مِن بَعْدِهِ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهُ خُوَارٌ ۚ أَلَمْ يَرَوْا أَنَّهُ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيهِمْ سَبِيلًا ۘ اتَّخَذُوهُ وَكَانُوا ظَالِمِينَ (148)
Lan wonge Musa ing sa- pungkure dheweke, agawe pedheta bakale raja brana papaese mung sawijining awak, mawa uni. Apa ta dheweke padha ora weruh yen iku ora calathu marang dheweke sarta ora anuduhake dalan marang dheweke. Dheweke padha angalap iku sarta padha atindak dudu
وَلَمَّا سُقِطَ فِي أَيْدِيهِمْ وَرَأَوْا أَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوا قَالُوا لَئِن لَّمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ (149)
Lan bareng dheweke wis padha kaduwung sarta weruh, yen awake temen padha sasar, padha calathu: saupama Pangeran- ku ora welas marang aku sarta ora angapura marang aku, amasthi aku iki bakal padha dadi ewone wong kang padha kapitunan
وَلَمَّا رَجَعَ مُوسَىٰ إِلَىٰ قَوْمِهِ غَضْبَانَ أَسِفًا قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُونِي مِن بَعْدِي ۖ أَعَجِلْتُمْ أَمْرَ رَبِّكُمْ ۖ وَأَلْقَى الْأَلْوَاحَ وَأَخَذَ بِرَأْسِ أَخِيهِ يَجُرُّهُ إِلَيْهِ ۚ قَالَ ابْنَ أُمَّ إِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُونِي وَكَادُوا يَقْتُلُونَنِي فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْأَعْدَاءَ وَلَا تَجْعَلْنِي مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ (150)
Lan bareng Musa wis bali marang wong-wonge, anawung bendu lan prihaten banget, acala- thu: Ala barang kang kotindakake ing sapungkurku: apa kowe ange- mohi parentahe Pangeranmu? Dheweke ambanting blebekan- blebekane sarta anyandhak sirahe sadulure, diceneng marang awake. Calathune: Putra lanange si ibu! Sayekti wong-wong iku padha angapesake aku, meh bae padha mateni aku; mulane aja kowe ambungahake mungsuh- mungsuh asarana aku sarta aja kowe anganggep aku ewone wong- wong atindak dudu
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَلِأَخِي وَأَدْخِلْنَا فِي رَحْمَتِكَ ۖ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ (151)
Dheweke munjuk: Pange- ran kawula! Mugi Tuwan aparing pangapuntena dhateng kawula sarta dhateng sadherek kawula, saha mugi kawula sami Tuwan lebetaken ing wilasa Tuwan, saha Tuwan punika Asih-asihipun para ingkang sami ambek asih
إِنَّ الَّذِينَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِّن رَّبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُفْتَرِينَ (152)
Sayekti, para kang padha ngalap pedhet , bebendu saka Pangerane bakal anekani dheweke mangkono uga asore ing dalem kauripan donya, lan kaya mangkono iku anggon Ingsun males para kang padha agawe-gawe goroh
وَالَّذِينَ عَمِلُوا السَّيِّئَاتِ ثُمَّ تَابُوا مِن بَعْدِهَا وَآمَنُوا إِنَّ رَبَّكَ مِن بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (153)
Lan para kang padha ang- lakoni panggawe ala, tumuli ing sawise iku padha kaduwung sarta padha angestu, sayekti, sawise iku, Pangeranira tuhu Aparamarta, Mahaasih
وَلَمَّا سَكَتَ عَن مُّوسَى الْغَضَبُ أَخَذَ الْأَلْوَاحَ ۖ وَفِي نُسْخَتِهَا هُدًى وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِينَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُونَ (154)
Lan bareng bendune Musa wus andheh, dheweke anjupuk blebekan-blebekane iku, lan ing dalem tulise kono ana tuntunan sarta wilasa tumrap para kang padha wedi marang Pangerane
وَاخْتَارَ مُوسَىٰ قَوْمَهُ سَبْعِينَ رَجُلًا لِّمِيقَاتِنَا ۖ فَلَمَّا أَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ أَهْلَكْتَهُم مِّن قَبْلُ وَإِيَّايَ ۖ أَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاءُ مِنَّا ۖ إِنْ هِيَ إِلَّا فِتْنَتُكَ تُضِلُّ بِهَا مَن تَشَاءُ وَتَهْدِي مَن تَشَاءُ ۖ أَنتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۖ وَأَنتَ خَيْرُ الْغَافِرِينَ (155)
Lan Musa wus milih wonge, wong lanang pitungpuluh, tumrap waktu kang wus Ingsun tamtokake; lah bareng lindhu anempuh dheweke,a dheweke munjuk: Pangeran kawula! Upami Tuwan angarsakna, piyambakipun sampun sami Tuwan lebur ing sadereng-derengipun sarta kawula : Punapa Tuwan badhe anglebur ing kawula sami jalaran saking pandamelipun para titiyang cubluk panunggilan kawu- la? Punika boten sanes kajawi pangleler Tuwan; punika Tuwan angge anasaraken sintena ingkang Tuwan karsakakena saha anuntun sintena ingkang Tuwan karsak- aken; Tuwan punika pangayoman kawula; milanipun mugi Tuwan angapunten ing kawula saha ame- lasi kawula, saha Tuwan punika sae-saenipun para ingkang sami ngapunten
۞ وَاكْتُبْ لَنَا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ إِنَّا هُدْنَا إِلَيْكَ ۚ قَالَ عَذَابِي أُصِيبُ بِهِ مَنْ أَشَاءُ ۖ وَرَحْمَتِي وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍ ۚ فَسَأَكْتُبُهَا لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالَّذِينَ هُم بِآيَاتِنَا يُؤْمِنُونَ (156)
Saha mugi Tuwan amasthi ing kawula kasaenan ing dalem donya punika saha ing dalem akhirat, saestu kawula sami wang- sul dhateng Tuwan. Pangandikane: Siksa-Ningsun Ingsun kenakake sapa kang Ingsun karsakake, lan wilasa-Ningsun anglimputi samu- barang; mulane iku bakal Ingsun pasthi tumrap para kang padha anjaga dhiri sarta padha aweh zakat tuwin padha angestu marang timbalan-timba- lan-Ingsun. A
الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الرَّسُولَ النَّبِيَّ الْأُمِّيَّ الَّذِي يَجِدُونَهُ مَكْتُوبًا عِندَهُمْ فِي التَّوْرَاةِ وَالْإِنجِيلِ يَأْمُرُهُم بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَاهُمْ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبَاتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبَائِثَ وَيَضَعُ عَنْهُمْ إِصْرَهُمْ وَالْأَغْلَالَ الَّتِي كَانَتْ عَلَيْهِمْ ۚ فَالَّذِينَ آمَنُوا بِهِ وَعَزَّرُوهُ وَنَصَرُوهُ وَاتَّبَعُوا النُّورَ الَّذِي أُنزِلَ مَعَهُ ۙ أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (157)
Para kang padha manut Utusan, Nabi, kang ummi, kang dheweke padha nemu pan- jenengane tinulis ing dalem Taurat lan Injil kang ana ing dheweke, marentahi dheweke marang becik sarta menging dheweke saka ing ala, lan angenakake barang kang apik-apik tuwin anglarangi barang kang jember-jember ma- rang dheweke, tuwin angilangake momotane saka ing awake apa dene balenggu kang tumrap ma- rang dheweke; mulane para kang padha angestu ing panjenengane lan angajeni panjenengane tuwin amitulungi panjenengane, apa dene padha manut papadhang kang katurunake kaampil panjenengane, iki para kang padha begja
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ جَمِيعًا الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ الَّذِي يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَكَلِمَاتِهِ وَاتَّبِعُوهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ (158)
Calathua: E, para manusa! sayekti aku iki utusaning Allah marang kowe kabeh, Kang karatoning langit-langit lan bumi iku kagungan-E, ora ana sesem- bahan kajaba Panjenengane; Panje- nengane agawe urip lan agawe pati; mulane padha angestua ing Allah lan utusan-E, Nabi Ummi, kang angestu ing Allah lan sabda-sabda-Ne, lan padha manuta dheweke, supaya kowe padha ngambah dalan kang bener
وَمِن قَوْمِ مُوسَىٰ أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ (159)
Lan sawenehe wong-wonge Musa ana sapantha, kang padha nuntun kalawan bebener, sarta kalawan iku anggone padha anindakake adil
وَقَطَّعْنَاهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَسْبَاطًا أُمَمًا ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ إِذِ اسْتَسْقَاهُ قَوْمُهُ أَنِ اضْرِب بِّعَصَاكَ الْحَجَرَ ۖ فَانبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۖ قَدْ عَلِمَ كُلُّ أُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْ ۚ وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَأَنزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ ۖ كُلُوا مِن طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ ۚ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ (160)
Lan Ingsun wus amecah- mecah dheweke dadi rolas pancer, dadi para bangsa; lan Ingsun ame- dhar sabda marang Musa nalikane wong-wonge anjaluk banyu: Ang- gebuga watu iku kalawan teke- nira;a tumuli ambuwal tuk rolas, siji-sijining pancer padha weruh pangombene dhewe-dhewe;b lan Ingsun angayomake mega ing sadhuwure,c sarta Ingsun anuru- nake manna lan salwa marang dheweke;d padha mangana barang- barang becik paparing-Ingsun ing sira. Lan ora padha atindak dudu marang Ingsun;e balik atindak dudu marang jiwane dhewe
وَإِذْ قِيلَ لَهُمُ اسْكُنُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُولُوا حِطَّةٌ وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطِيئَاتِكُمْ ۚ سَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ (161)
Lan nalikane padha dipa- ngandikani: Padha angenggonana kutha iki,f sarta padha mangana wetune kono endi sakarepira, lan padha munjuka: Mugi Tuwan ambirat sasanggen kawula ingkang awrat punika;g lan padha malebua lawange kalawan tumundhuk;h Ingsun bakal ngapura marang sira ing kaluputanira; Ingsun bakal amuwuhi paparing marang wong kang agawe becik
فَبَدَّلَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِي قِيلَ لَهُمْ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَظْلِمُونَ (162)
Ananging sawenehe, para kang atindak dudu, padha anyalini kalawan pangucap saliyane kang didhawuhake marang dheweke; mulane Ingsun angutus siksa saka langit anibani dheweke, amarga saka anggone atindak dudu.i
وَاسْأَلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِي كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِ إِذْ يَعْدُونَ فِي السَّبْتِ إِذْ تَأْتِيهِمْ حِيتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَيَوْمَ لَا يَسْبِتُونَ ۙ لَا تَأْتِيهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ نَبْلُوهُم بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ (163)
Lan padha takonana prakara kutha, kang angongkang sagara; nalika dheweke padha mlangkah wawalering Sabbat, nalika iwake ing dinane Sabbat padha teka marani dheweke ngambang, lan ing dina kang dheweke padha ora amulyakake Sabbat ora padha teka marani dheweke; kaya mangkono anggon-Ingsun nyoba dheweke amarga saka anggone padha murang yekti
وَإِذْ قَالَتْ أُمَّةٌ مِّنْهُمْ لِمَ تَعِظُونَ قَوْمًا ۙ اللَّهُ مُهْلِكُهُمْ أَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ قَالُوا مَعْذِرَةً إِلَىٰ رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ (164)
Lan nalikane ana sagolo- ngan saka dheweke acalathu: Yagene kowe amituturi wong kang bakal padha linebur dening Allah utawa bakal padha siniksa kalawan siksa kang abanget? Padha mang- suli: Supaya luputa saka ing cacad ing ngarsane Pangeranmu, lan manawa-manawa dheweke bakal padha anjaga dhiri
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ أَنجَيْنَا الَّذِينَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوءِ وَأَخَذْنَا الَّذِينَ ظَلَمُوا بِعَذَابٍ بَئِيسٍ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ (165)
Lah bareng padha anglir- wake barang kang dheweke padha dielingake, Ingsun anylametake para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggone padha murang yekti
فَلَمَّا عَتَوْا عَن مَّا نُهُوا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ (166)
Mulane, bareng padha andalarung panerake ing barang papacuh tumrap dheweke, Ingsun ngandika marang dheweke: Padha dadia kethek, inginakake lan sinengitan.a
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَن يَسُومُهُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۗ إِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيعُ الْعِقَابِ ۖ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (167)
Lan nalikane Pangeranira angundhangake, yen Panjenengane yekti bakal utusan anekani dheweke, tumeka dina kiyamat, yaiku kang bakal ani- bakake siksa kang ala marang dheweke; sayekti Pangeranira iku rikat temenan ing pamales , lan sayekti Panje- nengane iku satuhu Aparamarta, Mahaasih
وَقَطَّعْنَاهُمْ فِي الْأَرْضِ أُمَمًا ۖ مِّنْهُمُ الصَّالِحُونَ وَمِنْهُمْ دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَبَلَوْنَاهُم بِالْحَسَنَاتِ وَالسَّيِّئَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ (168)
Lan Ingsun wus amecah- mecah dheweke ing bumi dadi para bangsa, sawenehe padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, lan Ingsun anyoba dheweke kalawan mujur lan kojur, supaya dheweke padha bali
فَخَلَفَ مِن بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَرِثُوا الْكِتَابَ يَأْخُذُونَ عَرَضَ هَٰذَا الْأَدْنَىٰ وَيَقُولُونَ سَيُغْفَرُ لَنَا وَإِن يَأْتِهِمْ عَرَضٌ مِّثْلُهُ يَأْخُذُوهُ ۚ أَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِم مِّيثَاقُ الْكِتَابِ أَن لَّا يَقُولُوا عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوا مَا فِيهِ ۗ وَالدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (169)
Tumuli, ing sapungkure dheweke, kang gumanti, turun kang ala, kang maris Kitab, mung padha ngalap barang ora langgeng ing kauripan kang asor iki sarta padha acalathu: Bakal ingapura aku. Lan manawa ana ba- rang padhane iku tumeka marang dheweke, iku dheweke bakal nampani. Apa aprajanji ing dalem Kitab ora wus kapundhut marang dheweke, yaiku yen dheweke ora bakal padha acalathu ingatase Allah kajaba kang sanyata, lan dheweke wis padha maca apa kang ana ing jerone; lan padunungan akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha anjaga diri . Lah apa ta kowe padha ora ngerti
وَالَّذِينَ يُمَسِّكُونَ بِالْكِتَابِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ إِنَّا لَا نُضِيعُ أَجْرَ الْمُصْلِحِينَ (170)
Wondene para kang padha gondhelan marang Kitab lan padha anjumenengake salat, _ sayekti, Ingsun ora angilangake ganjarane wong kang padha agawe becik
۞ وَإِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَأَنَّهُ ظُلَّةٌ وَظَنُّوا أَنَّهُ وَاقِعٌ بِهِمْ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُم بِقُوَّةٍ وَاذْكُرُوا مَا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ (171)
Lan nalikane Ingsun ango- yag gunung ing sadhuwure dheweke, kaya-kaya iku payon, lan padha nyana, yen iku bakal anibani awake: Padha gondhelana kalawan kukuh apa kang wus Ingsun paringake marang sira sarta padha angelingana apa kang ana ing jerone, supaya sira padha anjaga dhiri saka ing ala
وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِن بَنِي آدَمَ مِن ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ ۛ شَهِدْنَا ۛ أَن تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَٰذَا غَافِلِينَ (172)
Lan nalikane Pangeranira andadekake turuning anak-anak Adam saka ing gegere sarta aneksekake dheweke atas jiwa-jiwane dhewe: Apa Ingsun iki dudu Pangeranira? padha munjuk: Inggih, kawula sami anekseni. Supaya sira ing dina kiyamat ora bakal angucap: Saestu, kawula punika, tumrap punika sami lena
أَوْ تَقُولُوا إِنَّمَا أَشْرَكَ آبَاؤُنَا مِن قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِّن بَعْدِهِمْ ۖ أَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُونَ (173)
Utawa sira ora bakal padha ngucap: Namung bapak-bapak kawula ingkang kala rumiyin anjejeraken sarta kawula punika turun ing sapengkeripun; lah puna- pa Tuwan badhe anglebur kawula amargi saking pandamelipun para ingkang atindak lepat
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ (174)
Lan kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangake timbalan-timbalan, lan supayane manawa-manawa dheweke bakal padha bali
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ الَّذِي آتَيْنَاهُ آيَاتِنَا فَانسَلَخَ مِنْهَا فَأَتْبَعَهُ الشَّيْطَانُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِينَ (175)
Lan sira macakna marang dheweke wartane wong kang Ingsun paringi timbalan-timbalan Ingsun, ananging oncat saka ing kono, mulane setan anglud dheweke, dadi dheweke kalebu ewone wong kang padha lebur
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنَاهُ بِهَا وَلَٰكِنَّهُ أَخْلَدَ إِلَى الْأَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوَاهُ ۚ فَمَثَلُهُ كَمَثَلِ الْكَلْبِ إِن تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ أَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَث ۚ ذَّٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ (176)
Manawa Ingsun angarsak- na, sayekti, amarga saka iku, dhe- weke Ingsun luhurake, ananging karaket marang bumi sarta manut pepenginane kang asor; mulane, sanepane kaya sanepane asu: manawa sira serang meled- meled, utawa sira togake bae meled-meled; iki sanepane wong kang padha anggorohake marang timbalan-timbalan-Ingsun; mulane nyaritakna carita iki, supaya dhe- weke padha mikir-mikira
سَاءَ مَثَلًا الْقَوْمُ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَأَنفُسَهُمْ كَانُوا يَظْلِمُونَ (177)
Ala sanepane wong kang padha anggorohake marang tim- balan-timbalan-Ingsun lan kang padha atindak dudu marang jiwane dhewe
مَن يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِي ۖ وَمَن يُضْلِلْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ (178)
Sapa sing tinuntun dening Allah, lah ya iku sing angambah dalan kang bener, lan sapa sing kasasarake dening Panjenengane, lah yaiku sing padha kapitunan
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ ۖ لَهُمْ قُلُوبٌ لَّا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَّا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لَّا يَسْمَعُونَ بِهَا ۚ أُولَٰئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ (179)
Lan sayekti temen Ingsun anitahake sapirang-pirang jin lan manusa tumrap naraka; padha duwe ati, iku ora dianggo manger- teni; lan padha duwe mripat, iku ora dianggo andeleng; lan padha duwe kuping, iku ora dinggo angrungokake; iki kaya raja-kaya, malah padha luwih sasar; iki para wong kang lena
وَلِلَّهِ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ فَادْعُوهُ بِهَا ۖ وَذَرُوا الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي أَسْمَائِهِ ۚ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (180)
Lan kagunganing Allah asma-asma minulya iku, mulane padha nyunyuwuna Panjenengane kalawan iku lan padha ninggala para kang padha anerak kasucia- ning asma-asma-Ne; dheweke bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni
وَمِمَّنْ خَلَقْنَا أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ (181)
Lan sawenehe kang Ingsun titahake, ana umat sawiji, kang anuntun kalawan yakti, sarta kalawan iku anggone atindak adil
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُم مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ (182)
Lan para kang padha ang- gorohake ing timbalan-timbalan- Ingsun, padha Ingsun cedhakake kalawan sa- renti, dheweke padha ora weruh saka ngendi
وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ (183)
Lan ingsun aparing sumene marang dheweke; sayekti ranca- ngan Ingsun iku kukuh
أَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوا ۗ مَا بِصَاحِبِهِم مِّن جِنَّةٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا نَذِيرٌ مُّبِينٌ (184)
Apa ta dheweke ora padha mikir-mikir, yen mitrane iku ora lara engetan: dheweke iku ora liya kajaba juru-pepeling kang terang
أَوَلَمْ يَنظُرُوا فِي مَلَكُوتِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ مِن شَيْءٍ وَأَنْ عَسَىٰ أَن يَكُونَ قَدِ اقْتَرَبَ أَجَلُهُمْ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَهُ يُؤْمِنُونَ (185)
Apa ta ora padha angawas- ake karatoning langit-langit lan bumi sarta barang apa bae kang wis katitahake dening Allah, lan mbok manawa kena uga karusa- kane wis cedhak; lah undhang apa sing dheweke padha angestokake sawise iku
مَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ ۚ وَيَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ (186)
Sapa sing disasarake dening Allaha dheweke ya ora dhuwe panuntun, sarta Panjenengane angetogake dheweke ing dalem pandaluyane kalawan padha bi- ngung mak-makan
يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِندَ رَبِّي ۖ لَا يُجَلِّيهَا لِوَقْتِهَا إِلَّا هُوَ ۚ ثَقُلَتْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا تَأْتِيكُمْ إِلَّا بَغْتَةً ۗ يَسْأَلُونَكَ كَأَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِندَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ (187)
Dheweke padha takon ma- rang sira prakara wayahe kapan bakal kalakone? Calathua: Kawruh prakara iku mung dumunung ing Pangeranku; iku ora ana kang bakal ambuka ing waktune kajaba Panjenengane; bakal abot sang- gane ing langit-langit lan bumi; ora bakal anekani sira kajaba kalawan ngeget. Dheweke padha takon marang sira, kaya-kaya sira iku marang sira, kaya-kaya sira iku mrihatinake prakara iku. Calathua: Kawruh prakara iku mung dumu- nung ing Allah, nanging keh- kehane manusa padha ora weruh
قُل لَّا أَمْلِكُ لِنَفْسِي نَفْعًا وَلَا ضَرًّا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۚ وَلَوْ كُنتُ أَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوءُ ۚ إِنْ أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ وَبَشِيرٌ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ (188)
Calathua: Aku iki ora angu- wasani paedah lan ora pituna tumrap jiwaku dhewe, kajaba apa sing Allah angarsakake; lan saupama aku iki weruha kang ora katon, sayekti aku wis anga- keh-akehake kabecikan lan ora bakal ala anggepok aku; aku iki ora liya mung juru-pepeling sarta juru-martani becik tumrap para wong-wong kang padha angestu
۞ هُوَ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ إِلَيْهَا ۖ فَلَمَّا تَغَشَّاهَا حَمَلَتْ حَمْلًا خَفِيفًا فَمَرَّتْ بِهِ ۖ فَلَمَّا أَثْقَلَت دَّعَوَا اللَّهَ رَبَّهُمَا لَئِنْ آتَيْتَنَا صَالِحًا لَّنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ (189)
Panjenengane iku Kang wus anitahake sira saka babakalan sawiji, sarta agawe jodhone saka iku a supaya dheweke tumiyunga mrono; mulane, ba- reng dheweke wus angrukubi iki, iki angandhut kandhutan kang entheng, banjur gina- wa lumaku, ananging barang iku dadi abot sakarone nyunyuwun ing Allah, Pangerane: Manawi Tuwan amaringi kawula ingkang sae, sa- estu kawula badhe sami dados ewonipun ingkang sami sukur
فَلَمَّا آتَاهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهُ شُرَكَاءَ فِيمَا آتَاهُمَا ۚ فَتَعَالَى اللَّهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ (190)
Ananging bareng Panjene- ngane wus amaringi sakarone kang becik, sakarone angadegake sisi- han-sisihan tumrap Panjenengane ing dalem barang paparing-E marang sakarone; ananging Maha- luhur Allah iku saka apa kang dianggo nisihi
أَيُشْرِكُونَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ (191)
Apa! Dheweke padha anisi- hi barang kang ora anitahake apa-apa, malah padha tinitahake
وَلَا يَسْتَطِيعُونَ لَهُمْ نَصْرًا وَلَا أَنفُسَهُمْ يَنصُرُونَ (192)
Lan padha ora kawasa atu- tulung marang dheweke sarta ora atutulung awake dhewe
وَإِن تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَتَّبِعُوكُمْ ۚ سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ أَدَعَوْتُمُوهُمْ أَمْ أَنتُمْ صَامِتُونَ (193)
Lan manawa dheweke pa- dha sira ajak marang tuntunan, ora bakal padha manut ing sira; padha ingatase sira, apa sira angajak dhe- weke apa ta sira meneng bae
إِنَّ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ عِبَادٌ أَمْثَالُكُمْ ۖ فَادْعُوهُمْ فَلْيَسْتَجِيبُوا لَكُمْ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (194)
Sayekti para kang padha sira uwuh saliyane Allah, iku du- munung ing kahanan batur, papa- dhanira; lah coba padha nyuwu- na marang dheweke, cikben pdha anyembadani marang sira, manawa sira iku padha wong temen
أَلَهُمْ أَرْجُلٌ يَمْشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَيْدٍ يَبْطِشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَعْيُنٌ يُبْصِرُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ آذَانٌ يَسْمَعُونَ بِهَا ۗ قُلِ ادْعُوا شُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ كِيدُونِ فَلَا تُنظِرُونِ (195)
Apa padha duwe sikil kang- go mlaku, apa ta duwe tangan kanggo nyenyekel, apa ta duwe tangan kanggo nyekel, apa ta duwe mripat kanggo andeleng, apa ta duwe kuping kanggo ngrurungu? Calathua: Padha nguwuha para sisihanira, banjur padha anandukna upaya marang aku, lan aja aweh sumene marang aku
إِنَّ وَلِيِّيَ اللَّهُ الَّذِي نَزَّلَ الْكِتَابَ ۖ وَهُوَ يَتَوَلَّى الصَّالِحِينَ (196)
Sayekti, pangayomanku iku Allah, Kang wus anurunake Kitab, lan Panjenengane iku amawong- mitra para wong tulus
وَالَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِهِ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَكُمْ وَلَا أَنفُسَهُمْ يَنصُرُونَ (197)
Lan para kang padha sira uwuh saliyane Panjenengane iku ora kawasa mitulungi sira lan ora kawasa mitulungi awake dhewe
وَإِن تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَسْمَعُوا ۖ وَتَرَاهُمْ يَنظُرُونَ إِلَيْكَ وَهُمْ لَا يُبْصِرُونَ (198)
Lan manawa dheweke padha sira ajak marang tuntunan, padha ora ngrungokake; lan sira weruh dheweke padha andeleng marang sira, ananging padha ora weruh
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِينَ (199)
Asikepa pangapura lan apa- rentaha marang kabecikan sarta anyingkira saka wong bodho- bodho
وَإِمَّا يَنزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۚ إِنَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ (200)
Lan manawa pangala-ala saka setan angenani sira lah nyuwuna ngayom ing Allah; sa- yekti Panjenengane iku Amiyarsa, Angudaneni
إِنَّ الَّذِينَ اتَّقَوْا إِذَا مَسَّهُمْ طَائِفٌ مِّنَ الشَّيْطَانِ تَذَكَّرُوا فَإِذَا هُم مُّبْصِرُونَ (201)
Sayekti, para kang padha anjaga dhirine iku, samangsa pangrancanganing se- tan angenani awake, pa- dha eling, tumuli padha sakala padha awas
وَإِخْوَانُهُمْ يَمُدُّونَهُمْ فِي الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُونَ (202)
Lan para sadulure padha angundhaki dheweke ing dalem panasaran, tumuli ora padha uwis- uwis
وَإِذَا لَمْ تَأْتِهِم بِآيَةٍ قَالُوا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا أَتَّبِعُ مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ مِن رَّبِّي ۚ هَٰذَا بَصَائِرُ مِن رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ (203)
Lan samangsa sira ora anekani tandha yekti ing dheweke, padha calathu: Ya gene kowe ora anjaluk iku? Calathua: Aku iki mung miturut apa kang diwedhar- ake marang aku saka Pangeranku: iki bukti-bukti kang terang saka Pangeranira sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap wong kang padha angestu
وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا لَهُ وَأَنصِتُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ (204)
Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa
وَاذْكُر رَّبَّكَ فِي نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَخِيفَةً وَدُونَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ وَلَا تَكُن مِّنَ الْغَافِلِينَ (205)
Lan elinga Pangeranira ing dalem atinira kalawan adhedhepe sarta wedi tuwin ucap kang ora sora, ing wayah esuk lan sore, sarta sira aja dadi ewone wong kang padha lena
إِنَّ الَّذِينَ عِندَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَيُسَبِّحُونَهُ وَلَهُ يَسْجُدُونَ ۩ (206)
Sayekti, para kang padha parek Pangeranira, iku padha ora gumedhe anggone laladi Panjene- ngane, sarta padha mahamulya- kake Panjenengane tuwin padha sumungkem marang Panjenengane
❮ السورة السابقة السورة التـالية ❯

قراءة المزيد من سور القرآن الكريم :

1- الفاتحة2- البقرة3- آل عمران
4- النساء5- المائدة6- الأنعام
7- الأعراف8- الأنفال9- التوبة
10- يونس11- هود12- يوسف
13- الرعد14- إبراهيم15- الحجر
16- النحل17- الإسراء18- الكهف
19- مريم20- طه21- الأنبياء
22- الحج23- المؤمنون24- النور
25- الفرقان26- الشعراء27- النمل
28- القصص29- العنكبوت30- الروم
31- لقمان32- السجدة33- الأحزاب
34- سبأ35- فاطر36- يس
37- الصافات38- ص39- الزمر
40- غافر41- فصلت42- الشورى
43- الزخرف44- الدخان45- الجاثية
46- الأحقاف47- محمد48- الفتح
49- الحجرات50- ق51- الذاريات
52- الطور53- النجم54- القمر
55- الرحمن56- الواقعة57- الحديد
58- المجادلة59- الحشر60- الممتحنة
61- الصف62- الجمعة63- المنافقون
64- التغابن65- الطلاق66- التحريم
67- الملك68- القلم69- الحاقة
70- المعارج71- نوح72- الجن
73- المزمل74- المدثر75- القيامة
76- الإنسان77- المرسلات78- النبأ
79- النازعات80- عبس81- التكوير
82- الإنفطار83- المطففين84- الانشقاق
85- البروج86- الطارق87- الأعلى
88- الغاشية89- الفجر90- البلد
91- الشمس92- الليل93- الضحى
94- الشرح95- التين96- العلق
97- القدر98- البينة99- الزلزلة
100- العاديات101- القارعة102- التكاثر
103- العصر104- الهمزة105- الفيل
106- قريش107- الماعون108- الكوثر
109- الكافرون110- النصر111- المسد
112- الإخلاص113- الفلق114- الناس