بَرَاءَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ إِلَى الَّذِينَ عَاهَدتُّم مِّنَ الْمُشْرِكِينَ (1) panyuwak dening Allah lan Utusan-E, marang para manembah brahala kang padha prajanjian karo sira |
فَسِيحُوا فِي الْأَرْضِ أَرْبَعَةَ أَشْهُرٍ وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِي اللَّهِ ۙ وَأَنَّ اللَّهَ مُخْزِي الْكَافِرِينَ (2) Mulane lulungana ing bumi, patang sasi, sarta padha weruha, yen sira kabeh iku ora bisa angapesake Allah, sarta yen Allah angasorake para wong kafir |
وَأَذَانٌ مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ إِلَى النَّاسِ يَوْمَ الْحَجِّ الْأَكْبَرِ أَنَّ اللَّهَ بَرِيءٌ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ ۙ وَرَسُولُهُ ۚ فَإِن تُبْتُمْ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِي اللَّهِ ۗ وَبَشِّرِ الَّذِينَ كَفَرُوا بِعَذَابٍ أَلِيمٍ (3) Lan undhang-undhang saka Allah lan Utusan-E marang wong- wong ing dina haji gedhe, yen Allah lan Utusan-E wudhar saka tanggungan marang para manem- bah brahala; mulane manawa sira padha tobat, lah iku luwih becik tumrape sira, lan manawa sira padha mlengos, lah padha weruha, manawa sira kabeh iku ora bisa angapesake Allah; sarta angebang- ebanga para kang padha kafir kalawan siksa kang nglarani |
إِلَّا الَّذِينَ عَاهَدتُّم مِّنَ الْمُشْرِكِينَ ثُمَّ لَمْ يَنقُصُوكُمْ شَيْئًا وَلَمْ يُظَاهِرُوا عَلَيْكُمْ أَحَدًا فَأَتِمُّوا إِلَيْهِمْ عَهْدَهُمْ إِلَىٰ مُدَّتِهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ (4) Kajaba para manembah bra- hala kang padha prajanjian karo sira, tumuli ora ambalenjani sira sathithik-thithika sarta ora ambi- yantu sapa-sapa anglawan sira; lah sira padha anyampurnakna marang dheweke, prajanjiane, tumeka wa- wangene: sayekti Allah iku remen marang kang padha prayitna |
فَإِذَا انسَلَخَ الْأَشْهُرُ الْحُرُمُ فَاقْتُلُوا الْمُشْرِكِينَ حَيْثُ وَجَدتُّمُوهُمْ وَخُذُوهُمْ وَاحْصُرُوهُمْ وَاقْعُدُوا لَهُمْ كُلَّ مَرْصَدٍ ۚ فَإِن تَابُوا وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ فَخَلُّوا سَبِيلَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (5) Mulane, samangsa sasi-sasi suci wus kaliwat, lah para manem- bah brahala padha patenana ana ing ngendi katemunira dheweke, sarta padha sira cekela lan sira kepunga, tuwin sira adhanga ing sarupaning pandhedhepan; ana- nging manawa dheweke padha mratobat sarta padha anjumene- ngake salat lan ambayar zakat, lah padha sira mardikakna dadalane; sayekti, Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَإِنْ أَحَدٌ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ اسْتَجَارَكَ فَأَجِرْهُ حَتَّىٰ يَسْمَعَ كَلَامَ اللَّهِ ثُمَّ أَبْلِغْهُ مَأْمَنَهُ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْلَمُونَ (6) Lan manawa ana sawijining wong manembah brahala anjaluk pangayoman ing sira, lah iku sira ayomana, nganti dheweke angru- ngu sabdaning Allah, tumuli tekak- na enggon kaslametane; mangkene iki amarga saka dheweke iku wong sing ora weruh |
كَيْفَ يَكُونُ لِلْمُشْرِكِينَ عَهْدٌ عِندَ اللَّهِ وَعِندَ رَسُولِهِ إِلَّا الَّذِينَ عَاهَدتُّمْ عِندَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۖ فَمَا اسْتَقَامُوا لَكُمْ فَاسْتَقِيمُوا لَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ (7) Kapriye bisane ana prajanjian tumrape para manembah brahala kalawan Allah sarta kalawan Utusan-E, kajaba tumrape para kang wis padha aprajanjian kala- wan sira ing sacedhake Masjid Suci? Mulane ing sajrone dheweke padha anuhoni marang sira, lah sira padha nuhonana marang dheweke; sa- yekti Allah iku remen marang wong kang padha prayitna |
كَيْفَ وَإِن يَظْهَرُوا عَلَيْكُمْ لَا يَرْقُبُوا فِيكُمْ إِلًّا وَلَا ذِمَّةً ۚ يُرْضُونَكُم بِأَفْوَاهِهِمْ وَتَأْبَىٰ قُلُوبُهُمْ وَأَكْثَرُهُمْ فَاسِقُونَ (8) Kapriye ! kang mangka, manawa dheweke unggula angalahake sira, ing dalem prakaranira dheweke padha ora angelingi tatalining kulawarga tuwin ora angelingi tatalining pra- janjian; dheweke padha angre- nakake sira kalawan cangkem- cangkeme ananging atine padha angemohi; lan keh-kehane dhe- weke iku para murang yekti |
اشْتَرَوْا بِآيَاتِ اللَّهِ ثَمَنًا قَلِيلًا فَصَدُّوا عَن سَبِيلِهِ ۚ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (9) Dheweke padha anampani pangaji sathithik ijole timbalan- timbalaning Allah, mulane padha nyimpang saka dadalan-E; sayekti, ala apa kang padha dilakoni |
لَا يَرْقُبُونَ فِي مُؤْمِنٍ إِلًّا وَلَا ذِمَّةً ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُعْتَدُونَ (10) Ing dalem prakarane wong kang angestu dheweke padha ora angelingi tatalining kulawarga tuwin ora angelingi tatalining prajanjian; lan iki para kang padha mlangkah wates |
فَإِن تَابُوا وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ فَإِخْوَانُكُمْ فِي الدِّينِ ۗ وَنُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ (11) Ananging manawa dheweke padha tobat sarta padha anjume- nengake salat tuwin ambayar zakat, lah iku padha sadulurira ing dalem agama; lan Ingsun amijang- mijangake timbalan-timbalan tu- mrap wong kang padha weruh |
وَإِن نَّكَثُوا أَيْمَانَهُم مِّن بَعْدِ عَهْدِهِمْ وَطَعَنُوا فِي دِينِكُمْ فَقَاتِلُوا أَئِمَّةَ الْكُفْرِ ۙ إِنَّهُمْ لَا أَيْمَانَ لَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَنتَهُونَ (12) Lan manawa dheweke padha anerak sepatane ing sawise prajan- jine, sarta padha angala-ala ing agamanira, lah padha perangana para pangareping kakafiran – sayekti, sepatane iku dudu barang-barang – supaya dheweke padha marenana |
أَلَا تُقَاتِلُونَ قَوْمًا نَّكَثُوا أَيْمَانَهُمْ وَهَمُّوا بِإِخْرَاجِ الرَّسُولِ وَهُم بَدَءُوكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ ۚ أَتَخْشَوْنَهُمْ ۚ فَاللَّهُ أَحَقُّ أَن تَخْشَوْهُ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ (13) Apa! apa sira ora bakal padha merangi wong-wong kang padha anerak sepatane sarta padha angrantam anundhung Utusan tuwin padha amiwiti nyerang sira dhisik; apa ta sira padha wedi marang dheweke? Ananging Allah iku, luwih bener yen sira padha wedia ing Panjenengane, manawa sira iku padha wong angestu |
قَاتِلُوهُمْ يُعَذِّبْهُمُ اللَّهُ بِأَيْدِيكُمْ وَيُخْزِهِمْ وَيَنصُرْكُمْ عَلَيْهِمْ وَيَشْفِ صُدُورَ قَوْمٍ مُّؤْمِنِينَ (14) Padha merangana dheweke; Allah bakal aniksa dheweke kala- wan tangan-tanganira sarta bakal angasorake dheweke tuwin amitu- lungi sira ngalawan dheweke, apa dene bakal anglipur atine para wong angestu |
وَيُذْهِبْ غَيْظَ قُلُوبِهِمْ ۗ وَيَتُوبُ اللَّهُ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (15) Sarta bakal angilangi pamuri- nging ati-atine, sarta Allah bakal bali marang sapa kang dadi kapareng-E, lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
أَمْ حَسِبْتُمْ أَن تُتْرَكُوا وَلَمَّا يَعْلَمِ اللَّهُ الَّذِينَ جَاهَدُوا مِنكُمْ وَلَمْ يَتَّخِذُوا مِن دُونِ اللَّهِ وَلَا رَسُولِهِ وَلَا الْمُؤْمِنِينَ وَلِيجَةً ۚ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ (16) Apa ta sira padha angira manawa sira bakal padha ditogake bae, kang mangka Allah durung anguningani golonganira kang padha anderpati sarta padha ora ngalap mitra dharma saliyane Allah lan Utusan-E tuwin para angestu; lan Allah iku waspada marang apa kang padha sira lakoni |
مَا كَانَ لِلْمُشْرِكِينَ أَن يَعْمُرُوا مَسَاجِدَ اللَّهِ شَاهِدِينَ عَلَىٰ أَنفُسِهِم بِالْكُفْرِ ۚ أُولَٰئِكَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ وَفِي النَّارِ هُمْ خَالِدُونَ (17) Para manembah brahala ora wenang yen anekanana masjid- masjiding Allah, kalawan ange- dhengake awake yen kafir; iki para kang panggawe-panggawene pa- dha muspra,a lan ana ing geni anggone bakal padha manggon |
إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَاجِدَ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَآتَى الزَّكَاةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا اللَّهَ ۖ فَعَسَىٰ أُولَٰئِكَ أَن يَكُونُوا مِنَ الْمُهْتَدِينَ (18) Kang anekani masjid-masjid- ing Allah iku mung sapa kang angestu ing Allah lan dina akhir sarta anjumenengake salat tuwin ambayar zakat, apa dene ora wedi sapa-sapa kajaba Allah; mulane manawa-manawa, iki bakal padha dadi golongane wong kang padha manut ing dalan kang bener |
۞ أَجَعَلْتُمْ سِقَايَةَ الْحَاجِّ وَعِمَارَةَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ كَمَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَجَاهَدَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ لَا يَسْتَوُونَ عِندَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ (19) Apa aweh ngombe para kang anindakake haji sarta anjaga Masjid Suci sira anggep padha kaya wong sing angestu ing Allah lan dina akhir sarta anderpati ing dadalaning Allah? iku ora padha mungguhing Allah; lan Allah iku ora nuntun marang wong kang padha atindak dudu |
الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ أَعْظَمُ دَرَجَةً عِندَ اللَّهِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ (20) Para kang padha angestu sarta padha ngili atinggal apa dene anderpati ing dadalaning Allah kalawan ban- dhane lan nyawane, iku luwih gedhe darajate mungguhing Allah; lan iki para kang padha katekan |
يُبَشِّرُهُمْ رَبُّهُم بِرَحْمَةٍ مِّنْهُ وَرِضْوَانٍ وَجَنَّاتٍ لَّهُمْ فِيهَا نَعِيمٌ مُّقِيمٌ (21) Pangerane amartani becik kalawan wilasa saka Panjenengane sarta pirena tuwin patamanan, kang ana ing kana bakal padha oleh nugraha kang tetep lestari |
خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ (22) Padha manggon ing kono salawase; sayekti Allah iku kang kagungan ganjaran kang agung |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا آبَاءَكُمْ وَإِخْوَانَكُمْ أَوْلِيَاءَ إِنِ اسْتَحَبُّوا الْكُفْرَ عَلَى الْإِيمَانِ ۚ وَمَن يَتَوَلَّهُم مِّنكُمْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ (23) E, sira kang padha angestu, aja sira padha angalap pangayo- man para bapanira lan para sa- dulurira, manawa dheweke padha luwih dhemen kakafiran tinimbang iman; lan sapa golonganira sing angalap pangayoman dheweke lah iku wong kang padha atindak dudu |
قُلْ إِن كَانَ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُم مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُوا حَتَّىٰ يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ (24) Calathua: Manawa bapak-ba- pakira lan anak-anakira lanang lan sadulur-sadulurira lan rabi-rabinira lan kulawarganira sarta bandha- bandhanira olehira angupajiwa, tu- win dagangan kang sira kuwatirake bubruke apa dene omah-omah kang nyenengake sira, iku luwih tinresnan marang sira tinimbang Allah lan Utusan-E tuwin ander- pati ing dadalan-E, lah padha sira ngentenana nganti Allah anekak- ake parentah-E; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang murang yekti |
لَقَدْ نَصَرَكُمُ اللَّهُ فِي مَوَاطِنَ كَثِيرَةٍ ۙ وَيَوْمَ حُنَيْنٍ ۙ إِذْ أَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنكُمْ شَيْئًا وَضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْأَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ ثُمَّ وَلَّيْتُم مُّدْبِرِينَ (25) Sayekti temen Allah wus mitulungi sira ing paprangan sapirang-pirang sarta ing dinane Hunain, nalika kehing cacahira andadekake kumalungkungira na- nging ora migunani apa-apa marang sira, sarta bumi dadi rupek ingatase sira, sanajan ta jembar; tumuli sira padha ambalik mun- dur |
ثُمَّ أَنزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَعَلَى الْمُؤْمِنِينَ وَأَنزَلَ جُنُودًا لَّمْ تَرَوْهَا وَعَذَّبَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْكَافِرِينَ (26) Tumuli Allah anurunake katentreman-E marang Utusan-E lan marang para angestu, sarta anurunake wadyabala kang sira ora weruh lan aniksa para kang padha kafir, lan ya iku piwalesing para kafir |
ثُمَّ يَتُوبُ اللَّهُ مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (27) Tumuli Allah bakal bali ing sawise iku marang sapa kang dadi kaparenging karsa- Ne, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّمَا الْمُشْرِكُونَ نَجَسٌ فَلَا يَقْرَبُوا الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هَٰذَا ۚ وَإِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيكُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ إِن شَاءَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (28) E, sira kang padha angestu, para manembah brahala iku lugu jember mulane sapungkure taun iki aja padha cedhak-cedhak Masjid Suci; lan manawa sira padha kuwatir kamlaratan, lah Allah bakal anyugihake sira saka lubering paparinge, manawa dadi kaparenging karsa-Ne; sayekti Allah iku Angudaneni, Wicak- sana |
قَاتِلُوا الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْآخِرِ وَلَا يُحَرِّمُونَ مَا حَرَّمَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَلَا يَدِينُونَ دِينَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ حَتَّىٰ يُعْطُوا الْجِزْيَةَ عَن يَدٍ وَهُمْ صَاغِرُونَ (29) Padha peranga lumawan para kang padha ora angestu ing Allah lan ing dina akhir sarta ora padha anglarangi apa kang dilarangi dening Allah lan Utusan-E, apa dene padha ora manut agama sanyata, yaiku ewone para kang padha kaparingan Kitab, nganti dheweke padha ambayar pajeg, du- munung angakoni kang kinawasa tuwin dheweke tun- dhuke |
وَقَالَتِ الْيَهُودُ عُزَيْرٌ ابْنُ اللَّهِ وَقَالَتِ النَّصَارَى الْمَسِيحُ ابْنُ اللَّهِ ۖ ذَٰلِكَ قَوْلُهُم بِأَفْوَاهِهِمْ ۖ يُضَاهِئُونَ قَوْلَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَبْلُ ۚ قَاتَلَهُمُ اللَّهُ ۚ أَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ (30) Wong-wong Yahudi ujar, "Esra iku putrane Allah," dene wong-wong Nasrani ujar, "Mesias iku putrane Allah." Pratelan kasebut tanpa dhasar, mung ngandharake tembung-tembung saka wong-wong kafir sadurunge. Muga-muga Allah ngukum dheweke! Kepiye carane bisa disalahake - saka kasunyatane |
اتَّخَذُوا أَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ أَرْبَابًا مِّن دُونِ اللَّهِ وَالْمَسِيحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ لَّا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ سُبْحَانَهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ (31) Dheweke njupuk rabine lan biksu uga Mesias, putrane Maria, dadi raja saliyane Allah, sanajan dheweke diprentah supaya ora nyembah kajaba mung Siji Gusti Allah. Ora ana dewa sing pantes nyembah˺ kajaba Panjenengane. Dheweke kaluhurake luwih saka apa sing digandhengake karo Panjenengane |
يُرِيدُونَ أَن يُطْفِئُوا نُورَ اللَّهِ بِأَفْوَاهِهِمْ وَيَأْبَى اللَّهُ إِلَّا أَن يُتِمَّ نُورَهُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ (32) Dheweke padha arep nyirep papadhanging Allah kalawan cang- kem-cangkeme, ananging Allah ora marengake, kajaba malah arsa nyampurnakake papadhang-E, sa- najan para kafir padha gething |
هُوَ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَىٰ وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ (33) Panjenengane iku kang wus angutus Utusan-E kalawan tuntu- nan sarta agama sanyata, supaya Panjenengane anglindhihake iki marang agama sakabehe, sanajan para manembah brahala padha gething |
۞ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ كَثِيرًا مِّنَ الْأَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُونَ أَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۗ وَالَّذِينَ يَكْنِزُونَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ وَلَا يُنفِقُونَهَا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَبَشِّرْهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ (34) E, sira para kang padha angestu, sayekti akeh-akehe para winasis sarta para pandhita mau temen padha mangan bandhane wong-wong kalawan ora bener sarta padha anyimpangake lan para kang padha anumpuk emas lan salaka sarta ora ditanjakake ing dadalaning Allah, lah padha sira bubungaha kalawan siksa kang nglarani |
يَوْمَ يُحْمَىٰ عَلَيْهَا فِي نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكْوَىٰ بِهَا جِبَاهُهُمْ وَجُنُوبُهُمْ وَظُهُورُهُمْ ۖ هَٰذَا مَا كَنَزْتُمْ لِأَنفُسِكُمْ فَذُوقُوا مَا كُنتُمْ تَكْنِزُونَ (35) Ing dinane manawa iku diobong ana ing genining naraka, banjur bathuk-bathuke lan lam- bung-lambunge sarta geger-gegere diecos nganggo iku: Iki apa kang sira tumpuk kanggo awakmu dhe- we, mulane padha rasakna apa kang wus padha sira tumpuk |
إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنفُسَكُمْ ۚ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ (36) Sayekti wilangane sasi iku mungguhing Allah ana rolas ing dalem kitabing Allah, wiwit dina nalika Panjenengane nitahake langit-langit lan bumi, iku sing papat suci;a iku petungan kang jejeg; mulane ing dalem prakara iku aja padha atindak dudu marang awakira dhewe, sarta padha merangana para manembah bra- hala kaya anggone dheweke ame- rangi sira kabeh; sarta padha weruha, manawa Allah iku anyar- tani para kang padha anjaga dhirine |
إِنَّمَا النَّسِيءُ زِيَادَةٌ فِي الْكُفْرِ ۖ يُضَلُّ بِهِ الَّذِينَ كَفَرُوا يُحِلُّونَهُ عَامًا وَيُحَرِّمُونَهُ عَامًا لِّيُوَاطِئُوا عِدَّةَ مَا حَرَّمَ اللَّهُ فَيُحِلُّوا مَا حَرَّمَ اللَّهُ ۚ زُيِّنَ لَهُمْ سُوءُ أَعْمَالِهِمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ (37) Nyumenekake iku lugu angundhaki ing kakafiran, kang andadekake sasare para kang padha kafir, ing sawijining taun padha nerak iku, ing liyane taun padha anucekake iku, amrih dheweke bisa ange- plokake wilanganing kang disucekake dening Allah, mulane dadi padha nerak apa kang disucekake dening Allah; alaning panggawe-panggawene pinaes- paes tumrap dheweke;a lan Allah iku ora nuntun para wong kang padha kafir |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا مَا لَكُمْ إِذَا قِيلَ لَكُمُ انفِرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ اثَّاقَلْتُمْ إِلَى الْأَرْضِ ۚ أَرَضِيتُم بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا مِنَ الْآخِرَةِ ۚ فَمَا مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا قَلِيلٌ (38) E, para kang padha angestu! apa ta karananira, dene nalika sira didhawuhi: Padha mangkata sira ing dadalaning Allah, sira padha abot kudu andheprok menyang bumi; apa sira wus legawa kala- wan kauripan donya tinimbang akhirat? Ananging pasadhiyan kauripan donya iku katimbang karo akhirat mung sapele |
إِلَّا تَنفِرُوا يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا أَلِيمًا وَيَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّوهُ شَيْئًا ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (39) Manawa sira padha ora mang- kat, Panjenengane bakal aniksa sira kalawan siksa kang nglarani sarta bakal nyalini wong sali- yanira, lan sira ora bakal mitunani Panjenengane barang-barang; lan Allah iku marang samubarang kawasa |
إِلَّا تَنصُرُوهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللَّهُ إِذْ أَخْرَجَهُ الَّذِينَ كَفَرُوا ثَانِيَ اثْنَيْنِ إِذْ هُمَا فِي الْغَارِ إِذْ يَقُولُ لِصَاحِبِهِ لَا تَحْزَنْ إِنَّ اللَّهَ مَعَنَا ۖ فَأَنزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَيْهِ وَأَيَّدَهُ بِجُنُودٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِينَ كَفَرُوا السُّفْلَىٰ ۗ وَكَلِمَةُ اللَّهِ هِيَ الْعُلْيَا ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (40) Manawa sira padha ora mitu- lungi dheweke, lah temen Allah mitulungi dheweke nalika para kang padha kafir anundhung dhe- weke, dheweke iku angka lorone loro nalika sakarone padha ana ing guwa, nalika dheweke anyalathu marang mitrane: Aja susah, sayekti Allah anyartani aku kabeh; tumuli Allah anurunake katentre- man-E marang dheweke sarta anguwatake dheweke kalawan wadyabala kang ora katon ing sira, tuwin andadekake asor tembunge para kang padha kafir; lan sab- daning Allah iku kang luhur; lan Allah iku Minulya, Wicaksana |
انفِرُوا خِفَافًا وَثِقَالًا وَجَاهِدُوا بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنفُسِكُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ (41) Padha mangkata, kalawan entheng lan kalawan abot, sarta padha andarpatia kalawan bandha- nira lan awakira ing dadalaning Allah; iki luwih becik tumrape sira, manawa sira padha weruh |
لَوْ كَانَ عَرَضًا قَرِيبًا وَسَفَرًا قَاصِدًا لَّاتَّبَعُوكَ وَلَٰكِن بَعُدَتْ عَلَيْهِمُ الشُّقَّةُ ۚ وَسَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَوِ اسْتَطَعْنَا لَخَرَجْنَا مَعَكُمْ يُهْلِكُونَ أَنفُسَهُمْ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ (42) Manawa iku kauntungan kang parek sarta lalakon kang cedhak, amasthi dheweke padha andherek ing sira, ananging lala- kon rekasa iku kadohan ingatase dheweke; sarta dheweke padha sepata kalawan Allah: Manawi kula sami sageda, saestu kula sami mangkat andherek sampeyan. Dheweke pa- dha angrusak jiwane dhewe, sarta Allah Angudaneni, manawa dhe- weke temen padha wong doracara |
عَفَا اللَّهُ عَنكَ لِمَ أَذِنتَ لَهُمْ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَكَ الَّذِينَ صَدَقُوا وَتَعْلَمَ الْكَاذِبِينَ (43) Allah amuwung ing sira! yagene sira angidini marang dhe- weke ing sadurunge dadi terang tumrape sira para kang padha temen sarta sira weruh para wong doracara |
لَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ أَن يُجَاهِدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالْمُتَّقِينَ (44) Ora padha njaluk pamit ma- rang sira para kang padha angestu ing Allah lan dina akhir saka ing anderpati kala- wan bandhane sarta awake, lan Allah iku Angudaneni ing wong- wong kang padha anjaga dhirine |
إِنَّمَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَارْتَابَتْ قُلُوبُهُمْ فَهُمْ فِي رَيْبِهِمْ يَتَرَدَّدُونَ (45) Mung para kang padha ora angestu ing Allah lan dina akhir kang anjaluk pamit ing sira sarta kang atine padha semang-semang, mulane ing sajroning semang- semange dheweke padha malang tumolih |
۞ وَلَوْ أَرَادُوا الْخُرُوجَ لَأَعَدُّوا لَهُ عُدَّةً وَلَٰكِن كَرِهَ اللَّهُ انبِعَاثَهُمْ فَثَبَّطَهُمْ وَقِيلَ اقْعُدُوا مَعَ الْقَاعِدِينَ (46) Lan manawa dheweke padha nedya mangkat, iku dheweke mas- thi anyadhiyakake ubarampene, ananging Allah ora rena marang gumregahe, mulane Panjenengane angendhakake dheweke sarta di- pangandikani: Padha karia karo wong kang padha kari |
لَوْ خَرَجُوا فِيكُم مَّا زَادُوكُمْ إِلَّا خَبَالًا وَلَأَوْضَعُوا خِلَالَكُمْ يَبْغُونَكُمُ الْفِتْنَةَ وَفِيكُمْ سَمَّاعُونَ لَهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ (47) Manawa dheweke padha mangkata tunggal sira, ora angun- dhaki apa-apa ing sira kajaba karusakan, lan masthi padha agawe onar ing antaranira, padha angarah cocongkrahan ing antara- nira, lan ing golonganira ana kang padha angrungokake marang dhe- weke; lan Allah iku Angudaneni marang wong kang padha atindak dudu |
لَقَدِ ابْتَغَوُا الْفِتْنَةَ مِن قَبْلُ وَقَلَّبُوا لَكَ الْأُمُورَ حَتَّىٰ جَاءَ الْحَقُّ وَظَهَرَ أَمْرُ اللَّهِ وَهُمْ كَارِهُونَ (48) Sayekti temen ing sadurunge iku dheweke wis padha angarah cocongkrahan sarta padha ambudidaya nandukake upaya lumawan sira, nganti tekaning kanyataan sarta menange paren- tahing Allah, sanajan dheweke padha gething |
وَمِنْهُم مَّن يَقُولُ ائْذَن لِّي وَلَا تَفْتِنِّي ۚ أَلَا فِي الْفِتْنَةِ سَقَطُوا ۗ وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيطَةٌ بِالْكَافِرِينَ (49) Lan sawenehe ana kang cala- thu: Mugi aparing pamit dhateng kula, sarta sampun anyobi ing kula. Sayekti dheweke iku wis padha tumiba ing sajroning coba, lan sayekti temen naraka iku angliputi para kafir |
إِن تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْ ۖ وَإِن تُصِبْكَ مُصِيبَةٌ يَقُولُوا قَدْ أَخَذْنَا أَمْرَنَا مِن قَبْلُ وَيَتَوَلَّوا وَّهُمْ فَرِحُونَ (50) Manawa becik tumiba ing sira iku anusahake dheweke lan manawa bilai angenani sira, padha calathu: Temen, aku wis padha prayitna ing sadurunge marang prakaraku dhewe; karo padha mle- ngos sarta padha bungah |
قُل لَّن يُصِيبَنَا إِلَّا مَا كَتَبَ اللَّهُ لَنَا هُوَ مَوْلَانَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ (51) Calathua: Ora ana kang ange- nani aku, kajaba apa kang wus tinamtu dening Allah tumrap marang aku: Panjenengane iku Pa- ngayomanku; lan, mulane, marang Allah kudune anggone sumendhe para angestu |
قُلْ هَلْ تَرَبَّصُونَ بِنَا إِلَّا إِحْدَى الْحُسْنَيَيْنِ ۖ وَنَحْنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمْ أَن يُصِيبَكُمُ اللَّهُ بِعَذَابٍ مِّنْ عِندِهِ أَوْ بِأَيْدِينَا ۖ فَتَرَبَّصُوا إِنَّا مَعَكُم مُّتَرَبِّصُونَ (52) Calathua: Apa sira padha angajap tumrap marang aku kajaba salah sijine becik loro? Lan aku padha angajap tumrap marang sira, supaya Allah anibani sira kalawan siksa saka ngarsa-Ne utawa asarana tangan-tanganku. Mulane padha angajapa; aku iya padha angajap barengan karo sira |
قُلْ أَنفِقُوا طَوْعًا أَوْ كَرْهًا لَّن يُتَقَبَّلَ مِنكُمْ ۖ إِنَّكُمْ كُنتُمْ قَوْمًا فَاسِقِينَ (53) Calathua: Sira padha cucula bandha, kalawan pambangun turut utawa kalawan kepeksa, iku ora bakal tinarima; sayekti sira iku wong kang murang yekti |
وَمَا مَنَعَهُمْ أَن تُقْبَلَ مِنْهُمْ نَفَقَاتُهُمْ إِلَّا أَنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَبِرَسُولِهِ وَلَا يَأْتُونَ الصَّلَاةَ إِلَّا وَهُمْ كُسَالَىٰ وَلَا يُنفِقُونَ إِلَّا وَهُمْ كَارِهُونَ (54) Ora ana kang angalang-alangi bisane katarima anggone padha cucul bandha, kajaba anggone angafiri marang Allah lan marang Utusan-E sarta anggone ora ane- kani salat kajaba kalawan bot- boten, apa dene anggone ora padha cucul bandha kajaba kalawan kepeksa |
فَلَا تُعْجِبْكَ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُمْ ۚ إِنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُم بِهَا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ أَنفُسُهُمْ وَهُمْ كَافِرُونَ (55) Mulane aja angedabake sira bandha-bandhane lan anak-anake, iku Allah mung angarsakake ka- agem lantaran niksa dheweke ana ing kauripan donya iki lan nyawane padha oncat sajrone dheweke isih padha wong kafir |
وَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ إِنَّهُمْ لَمِنكُمْ وَمَا هُم مِّنكُمْ وَلَٰكِنَّهُمْ قَوْمٌ يَفْرَقُونَ (56) Lan dheweke padha sepata kalawan Allah, yen dheweke iku temen padha golonganira, lan ora pisan dhe- weke iku padha golonganira, ananging dheweke iku wong kang padha wedi |
لَوْ يَجِدُونَ مَلْجَأً أَوْ مَغَارَاتٍ أَوْ مُدَّخَلًا لَّوَلَّوْا إِلَيْهِ وَهُمْ يَجْمَحُونَ (57) Upama oleha pangungsen utawa guwa, utawa pandhelikan, amasthi padha nuju mrono sarta padha enggal anggendring lumayu |
وَمِنْهُم مَّن يَلْمِزُكَ فِي الصَّدَقَاتِ فَإِنْ أُعْطُوا مِنْهَا رَضُوا وَإِن لَّمْ يُعْطَوْا مِنْهَا إِذَا هُمْ يَسْخَطُونَ (58) Lan sawenehe ana kang nyatur ala ing sira ing dalem prakara dana; lah manawa ana sing diwenehake dheweke padha lega atine, lan manawa ora ana sing diwenehake, sanalika padha banget muring-muringe |
وَلَوْ أَنَّهُمْ رَضُوا مَا آتَاهُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَقَالُوا حَسْبُنَا اللَّهُ سَيُؤْتِينَا اللَّهُ مِن فَضْلِهِ وَرَسُولُهُ إِنَّا إِلَى اللَّهِ رَاغِبُونَ (59) Lan manawa dheweke padha narima apa paparinge Allah lan Utusan-E marang dheweke sarta padha angucap: Allah wus nyukupi marang aku: Allah bakal enggal amaringi aku saka lube- ring paparing-E, lan mangkono uga Utusan-E; sayekti marang Allah anggonku padha nyunyu- wun |
۞ إِنَّمَا الصَّدَقَاتُ لِلْفُقَرَاءِ وَالْمَسَاكِينِ وَالْعَامِلِينَ عَلَيْهَا وَالْمُؤَلَّفَةِ قُلُوبُهُمْ وَفِي الرِّقَابِ وَالْغَارِمِينَ وَفِي سَبِيلِ اللَّهِ وَابْنِ السَّبِيلِ ۖ فَرِيضَةً مِّنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (60) Dana iku mung tumanja marang para wong kacingkrangan lan wong kebutuh lan para kang katetep tumandang gawe ingatase prakara iku lan para kang atine ditumiyungake lan kanggo nebusi kawula tawanan lan para kang keblebek ing utang lan ana ing dadalane Allah lan wong lalaku: undhanging Allah; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
وَمِنْهُمُ الَّذِينَ يُؤْذُونَ النَّبِيَّ وَيَقُولُونَ هُوَ أُذُنٌ ۚ قُلْ أُذُنُ خَيْرٍ لَّكُمْ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَيُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِينَ وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ ۚ وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ رَسُولَ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (61) Lan sawenehe ana kang padha banget angribedake Nabi sarta acalathua: Dheweke iku wong sing anggugu sabarang kang dirungu. Calathua: Wong kang angrungokake kang becik tumrape sira, angestu ing Allah lan ngandel marang para angestu, sarta wilasa tumrap sawenehira kang padha angestu; wondene para kang padha banget angribedake nabi, iku bakal oleh siksa kang nglarani |
يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَكُمْ لِيُرْضُوكُمْ وَاللَّهُ وَرَسُولُهُ أَحَقُّ أَن يُرْضُوهُ إِن كَانُوا مُؤْمِنِينَ (62) Dheweke padha supata kala- wan Allah marang sira, amurih pirenanira; lan Allah sarta Utusan-E, iku luwih bener yen dheweke padha angre- nakna Panjenengane, manawa dhe- weke iku padha wong angestu |
أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّهُ مَن يُحَادِدِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَأَنَّ لَهُ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدًا فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ الْخِزْيُ الْعَظِيمُ (63) Apa padha ora weruh, yen sapa sing anglawan Allah lan Utusan-E sayekti bakal oleh geni naraka, bakal manggon ing kono? Iku asor kang gedhe |
يَحْذَرُ الْمُنَافِقُونَ أَن تُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ سُورَةٌ تُنَبِّئُهُم بِمَا فِي قُلُوبِهِمْ ۚ قُلِ اسْتَهْزِئُوا إِنَّ اللَّهَ مُخْرِجٌ مَّا تَحْذَرُونَ (64) Para wong lamis padha kuwatir, yen ana surat tinurunake marang dheweke, kang bakal ameruhake marang dheweke apa kang ana ing sajroning ati-atine. Calathua: Padha angguguyua, sa- yekti Allah iku bakal anglahirake apa kang padha sira kuwatirake |
وَلَئِن سَأَلْتَهُمْ لَيَقُولُنَّ إِنَّمَا كُنَّا نَخُوضُ وَنَلْعَبُ ۚ قُلْ أَبِاللَّهِ وَآيَاتِهِ وَرَسُولِهِ كُنتُمْ تَسْتَهْزِئُونَ (65) Lan manawa dheweke padha sira takoni, masthi padha mang- suli: Aku iki mung padha caturan sembranan lan guguyon. Calathua: Apa marang Allah sarta timbalan- timbalan-E tuwin Utusan-E ang- gonmu padha angguguyu |
لَا تَعْتَذِرُوا قَدْ كَفَرْتُم بَعْدَ إِيمَانِكُمْ ۚ إِن نَّعْفُ عَن طَائِفَةٍ مِّنكُمْ نُعَذِّبْ طَائِفَةً بِأَنَّهُمْ كَانُوا مُجْرِمِينَ (66) Aja padha agawe santolan; temen sira padha angafiri ing sawise sira angestu; manawa Ingsun angapura sawenehira sagolongan, Ingsun bakal aniksa sagolongan amarga saka anggone padha dosa |
الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ بَعْضُهُم مِّن بَعْضٍ ۚ يَأْمُرُونَ بِالْمُنكَرِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمَعْرُوفِ وَيَقْبِضُونَ أَيْدِيَهُمْ ۚ نَسُوا اللَّهَ فَنَسِيَهُمْ ۗ إِنَّ الْمُنَافِقِينَ هُمُ الْفَاسِقُونَ (67) Para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon iku kabeh padha; padha marentahake marang ala sarta menging marang becik tuwin padha anggegem tangan- tangane; padha anglirwakake Allah, mulane Panjenengane ang- lirwakake dheweke; sayekti para wong lamis iku para murang yekti |
وَعَدَ اللَّهُ الْمُنَافِقِينَ وَالْمُنَافِقَاتِ وَالْكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ هِيَ حَسْبُهُمْ ۚ وَلَعَنَهُمُ اللَّهُ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيمٌ (68) Allah wis anyagahi geni naraka marang para lamis lanang lan para lamis wadon sarta para kafir, dimen padha manggon ing kono; iku wis nyukupi dheweke; sarta Allah ambendoni dheweke tuwin bakal padha oleh siksa kang mindeng |
كَالَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ كَانُوا أَشَدَّ مِنكُمْ قُوَّةً وَأَكْثَرَ أَمْوَالًا وَأَوْلَادًا فَاسْتَمْتَعُوا بِخَلَاقِهِمْ فَاسْتَمْتَعْتُم بِخَلَاقِكُمْ كَمَا اسْتَمْتَعَ الَّذِينَ مِن قَبْلِكُم بِخَلَاقِهِمْ وَخُضْتُمْ كَالَّذِي خَاضُوا ۚ أُولَٰئِكَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ (69) Kaya dene para ing saduru- ngira: iku padha luwih banget saka sira mungguhing kakuwatan sarta luwih akeh mungguhing bandha lan anak, mulane dheweke padha oleh pandume; lah sira iya padha oleh pandumira, kaya dene para ing sadurungira anggone oleh pan- dume; sarta sira padha cacaturan ngayawara kaya anggone dheweke wus caturan ngayawara. Iki kang panggawe-panggawene padha mus- pra ing dalem donya lan akhirat; lan iki para kang padha kapitunan |
أَلَمْ يَأْتِهِمْ نَبَأُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ وَقَوْمِ إِبْرَاهِيمَ وَأَصْحَابِ مَدْيَنَ وَالْمُؤْتَفِكَاتِ ۚ أَتَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ ۖ فَمَا كَانَ اللَّهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلَٰكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ (70) Apa ora wus tumeka marang dheweke pawartane para ing sadu- runge; wonge Nuh lan ‘Ada lan Tsamudb sarta wonge Ibrahim tuwin para wong ing Madyanc apa dene ing kutha-kutha kang padha karubuhaked; utusane wis padha anekani dheweke kala- wan tandha-tandha yekti; mulane dudu Allah Kang atindak dudu marang dheweke, nanging dhe- weke dhewe kang atindak dudu marang awake |
وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ يَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَيُطِيعُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ أُولَٰئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللَّهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (71) Wondene para wong lanang angestu lan wong wadon angestu, iku padha dadi pangayoman sa- weneh marang sawenehe; padha marentahake marang becik sarta menging marang ala tuwin padha anjumenengake salat apa dene padha ambayar zakat lan amba- ngun turut ing Allah lan utusan-E; iki, Allah bakal amaringi wilasa dheweke; sayekti Allah iku Maha- mulya, Wicaksana |
وَعَدَ اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَمَسَاكِنَ طَيِّبَةً فِي جَنَّاتِ عَدْنٍ ۚ وَرِضْوَانٌ مِّنَ اللَّهِ أَكْبَرُ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (72) Allah wus anyagahi patama- nan wong lanang angestu lan wong wadon angestu, kang ing jerone kali-kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono, sarta padunungan kang becik ing sa- jrone patamanan kang langgeng, sarta kabeh iku kang becik dhewe yaiku pirena saka ing Allah – mangkono iku pakolih kang gedhe |
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنَافِقِينَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْ ۚ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ (73) E, Nabi! dianderpati marang para kafir sarta para lamis tuwin di kenceng marang dheweke; lan padunungane ing naraka, sarta ala wusanane |
يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ مَا قَالُوا وَلَقَدْ قَالُوا كَلِمَةَ الْكُفْرِ وَكَفَرُوا بَعْدَ إِسْلَامِهِمْ وَهَمُّوا بِمَا لَمْ يَنَالُوا ۚ وَمَا نَقَمُوا إِلَّا أَنْ أَغْنَاهُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ مِن فَضْلِهِ ۚ فَإِن يَتُوبُوا يَكُ خَيْرًا لَّهُمْ ۖ وَإِن يَتَوَلَّوْا يُعَذِّبْهُمُ اللَّهُ عَذَابًا أَلِيمًا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَمَا لَهُمْ فِي الْأَرْضِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ (74) Dheweke padha supata kala- wan Allah, yen ora angucap apa-apa, mangka sayekti temen padha angucapake pangucap kakafiran, sarta padha kafir sawise Islame, sarta padha anjangka marang barang kang dhe- weke padha ora bisa katekan, lan dheweke padha ora nyawadi, mung amarga dene Allah lan Utusan-E anyugihake dheweke saka lubering paparing-E; mulane, manawa dheweke padha tobat, iku bakal becik tumrape dheweke, lan manawa padha mle- ngos, Allah bakal aniksa dheweke kalawan siksa kang nglarani ing dalem donya lan akhirat, lan ana ing bumi padha ora duwe pangayo- man lan ora panulung |
۞ وَمِنْهُم مَّنْ عَاهَدَ اللَّهَ لَئِنْ آتَانَا مِن فَضْلِهِ لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُونَنَّ مِنَ الصَّالِحِينَ (75) Lan sawenehe ana kang apra- janji marang Allah: Manawa Pan- jenengane amaringake lubering paparing-E marang aku, amasthi aku padha aweh dana lan amasthi aku dadi golongane para wong becik |
فَلَمَّا آتَاهُم مِّن فَضْلِهِ بَخِلُوا بِهِ وَتَوَلَّوا وَّهُم مُّعْرِضُونَ (76) Lah bareng Allah amaringi dheweke saka lubering paparing-E, ing kono banjur padha kumed sarta padha mlengos lan padha mundur |
فَأَعْقَبَهُمْ نِفَاقًا فِي قُلُوبِهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ يَلْقَوْنَهُ بِمَا أَخْلَفُوا اللَّهَ مَا وَعَدُوهُ وَبِمَا كَانُوا يَكْذِبُونَ (77) Mulane Panjenengane anung- ka dheweke asarana andhedheki lalamisan ing sajroning ati-atine, tumeka ing dina sapatemone karo Panjenengane, amarga saka ang- gone anyidrani Allah apa kang disanggemake marang Panjene- ngane sarta amarga saka anggone padha goroh |
أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ سِرَّهُمْ وَنَجْوَاهُمْ وَأَنَّ اللَّهَ عَلَّامُ الْغُيُوبِ (78) Apa dheweke padha ora weruh, yen Allah iku Angudaneni pagedhongane sarta rantamane kang winadi, apa dene yen Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samu- barang kang tan katon |
الَّذِينَ يَلْمِزُونَ الْمُطَّوِّعِينَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ فِي الصَّدَقَاتِ وَالَّذِينَ لَا يَجِدُونَ إِلَّا جُهْدَهُمْ فَيَسْخَرُونَ مِنْهُمْ ۙ سَخِرَ اللَّهُ مِنْهُمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (79) Para kang padha anyawadi marang para angestu kang kalawan mulunge dhewe anggone adadana lan para kang padha tinemu ora bisa kajaba kalawan sakuwasane, dadi padha anggu- guyu marang dheweke; Allah males marang dheweke anggone angguguyu sarta dheweke bakal oleh siksa kang nglarani |
اسْتَغْفِرْ لَهُمْ أَوْ لَا تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ إِن تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ سَبْعِينَ مَرَّةً فَلَن يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ (80) Dheweke padha sira suwunna pangapura, utawa aja padha sira suwunake pangapura; sanajan ta padha sira suwunake pangapura rambah ing pitung puluh, lah ora bakal Allah angapura marang dheweke, amarga saka anggone angafiri ing Allah lan Utusan-E, lan Allah iku ora anuntun ing wong kang padha murang yekti |
فَرِحَ الْمُخَلَّفُونَ بِمَقْعَدِهِمْ خِلَافَ رَسُولِ اللَّهِ وَكَرِهُوا أَن يُجَاهِدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَقَالُوا لَا تَنفِرُوا فِي الْحَرِّ ۗ قُلْ نَارُ جَهَنَّمَ أَشَدُّ حَرًّا ۚ لَّوْ كَانُوا يَفْقَهُونَ (81) Para kang tininggal kari pa- dha bungah, amarga saka anggone thethenguk sapungkure Utusaning Allah sarta padha gething yen anderpatia ing dadalaning Allah kalawan bandhane lan awake, tuwin padha calathu: Aja padha mangkat ing papanas. Calathua: Genining naraka iku luwih banget panase. Yen ta dheweke padha ngretia |
فَلْيَضْحَكُوا قَلِيلًا وَلْيَبْكُوا كَثِيرًا جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ (82) Mulane bakal padha sathithik angguyune lan akeh nangise, mi- nangka wawales marang apa kang wus padha dilakoni |
فَإِن رَّجَعَكَ اللَّهُ إِلَىٰ طَائِفَةٍ مِّنْهُمْ فَاسْتَأْذَنُوكَ لِلْخُرُوجِ فَقُل لَّن تَخْرُجُوا مَعِيَ أَبَدًا وَلَن تُقَاتِلُوا مَعِيَ عَدُوًّا ۖ إِنَّكُمْ رَضِيتُم بِالْقُعُودِ أَوَّلَ مَرَّةٍ فَاقْعُدُوا مَعَ الْخَالِفِينَ (83) Mulane, manawa Allah angu- lihake sira katemu papanthan golo- ngane, dheweke padha anja- luk palilah arep mangkat, lah sira wangsulana: ora pisan sira bakal mangkat karo aku, salawase, lan ora pisan sira bakal merangi mung- suh karo aku; sayekti sira iku dhek sapisanane dhemen thethenguk, mulane saiki padha thethenguka karo wong kang padha keri |
وَلَا تُصَلِّ عَلَىٰ أَحَدٍ مِّنْهُم مَّاتَ أَبَدًا وَلَا تَقُمْ عَلَىٰ قَبْرِهِ ۖ إِنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَمَاتُوا وَهُمْ فَاسِقُونَ (84) Lan salawase aja pisan sira anyalatake salah sawiji saka golo- ngane, kang mati, lan aja sira ngadeg ing kubure; sayekti dhe- weke iku padha angafiri marang Allah lan Utusan-E, sarta bakal padha mati sajrone murang yekti |
وَلَا تُعْجِبْكَ أَمْوَالُهُمْ وَأَوْلَادُهُمْ ۚ إِنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ أَن يُعَذِّبَهُم بِهَا فِي الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ أَنفُسُهُمْ وَهُمْ كَافِرُونَ (85) Lan aja anggawokake marang sira bandhane lan anak-anake; iku karsaning Allah mung kagem sarana aniksa dheweke ing donya, sarta supaya bakal pecating jiwane dheweke isih padha wong kafir |
وَإِذَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ أَنْ آمِنُوا بِاللَّهِ وَجَاهِدُوا مَعَ رَسُولِهِ اسْتَأْذَنَكَ أُولُو الطَّوْلِ مِنْهُمْ وَقَالُوا ذَرْنَا نَكُن مَّعَ الْقَاعِدِينَ (86) Lan samangsa surat tinuru- nake andhawuhake: Padha anges- tokna ing Allah sarta padha anderpatia anyartani Utusan-E, sawenehe kang kaserenan kasu- gihan padha anjaluk pamit marang sira sarta calathu: Mugi kula ka- tilar kemawon, kajengipun angan- cani ingkang sami thethenguk punika |
رَضُوا بِأَن يَكُونُوا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُونَ (87) Dheweke padha seneng yen anyartanana para kang padha kari, sarta wus diecap ana ing ati-atine, mulane padha ora mangerti |
لَٰكِنِ الرَّسُولُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ جَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ ۚ وَأُولَٰئِكَ لَهُمُ الْخَيْرَاتُ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (88) Ananging utusan lan para kang padha angestu, kanthine, padha anderpati kalawan bandhane lan awake; lan ya iki kang bakal padha oleh barang becik-becik, lan yaiki kang bakal padha begja |
أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (89) Allah wus anyadhiyani pata- manan marang dheweke, kang ing jerone kali-kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono; iku pakoleh kang gedhe |
وَجَاءَ الْمُعَذِّرُونَ مِنَ الْأَعْرَابِ لِيُؤْذَنَ لَهُمْ وَقَعَدَ الَّذِينَ كَذَبُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ سَيُصِيبُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (90) Lan kang padha anglirwa- kake, yaiku wong-wong sagara wedhi, padha teka, amrih padha diwenehna pamit lan para kang padha anggorohake Allah lan Utusan-E padha thethenguk ; golongane, para kang padha kafir, bakal ditibani siksa kang nglarani |
لَّيْسَ عَلَى الضُّعَفَاءِ وَلَا عَلَى الْمَرْضَىٰ وَلَا عَلَى الَّذِينَ لَا يَجِدُونَ مَا يُنفِقُونَ حَرَجٌ إِذَا نَصَحُوا لِلَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ مَا عَلَى الْمُحْسِنِينَ مِن سَبِيلٍ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (91) Ora pisan ala ingatase wong apes, lan wong-wong lara, lan para kang padha kasepen waragad samangsane padha tulus marang Allah lan Utusan-E: Ora ana dalan marang wong kang padha agawe becik ; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَلَا عَلَى الَّذِينَ إِذَا مَا أَتَوْكَ لِتَحْمِلَهُمْ قُلْتَ لَا أَجِدُ مَا أَحْمِلُكُمْ عَلَيْهِ تَوَلَّوا وَّأَعْيُنُهُمْ تَفِيضُ مِنَ الدَّمْعِ حَزَنًا أَلَّا يَجِدُوا مَا يُنفِقُونَ (92) Lan ora pisan ing atase para kang, nalika tumeka marang sira amrih padha sira emota, padha sira kandhani: Aku ora bisa oleh saranane kanggo angemot sira; dheweke padha bali kalawan mripate andarojos luhe amarga saka susahe, dene padha ora entuk apa kang dienggo waragad |
۞ إِنَّمَا السَّبِيلُ عَلَى الَّذِينَ يَسْتَأْذِنُونَكَ وَهُمْ أَغْنِيَاءُ ۚ رَضُوا بِأَن يَكُونُوا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (93) Dalan iku mung tumrap marang para kang padha anjaluk pamit marang sira, sanajan padha sugih; padha dhemen anyartani para kang padha kari, lan Allah wis angecap ing ati- atine, mulane dheweke padha ora weruh |
يَعْتَذِرُونَ إِلَيْكُمْ إِذَا رَجَعْتُمْ إِلَيْهِمْ ۚ قُل لَّا تَعْتَذِرُوا لَن نُّؤْمِنَ لَكُمْ قَدْ نَبَّأَنَا اللَّهُ مِنْ أَخْبَارِكُمْ ۚ وَسَيَرَى اللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (94) Dheweke bakal padha angan- dhakake santolan marang sira sa- mangsa padha bali katemu dhe- weke. Calathua: Aja padha angan- dhakake santolan, ora bakal aku padha ngandel marang sira; temen Allah wus martani marang aku prakara kaananira, sarta Allah lan Utusan-E bakal amriksani pang- gawenira; tumuli sira bakal padha dibalekake marang Ingkang-Angu- daneni barang kang tan katon lan kang katon; lah Panjenengane bakal amartani sira apa kang wus padha sira lakoni |
سَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَكُمْ إِذَا انقَلَبْتُمْ إِلَيْهِمْ لِتُعْرِضُوا عَنْهُمْ ۖ فَأَعْرِضُوا عَنْهُمْ ۖ إِنَّهُمْ رِجْسٌ ۖ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ (95) Dheweke bakal padha sepata kalawan Allah marang sira samangsa sira padha bali katemu dheweke, amrih sira padha mengoa saka dheweke; sa- yekti dheweke iku jember lan pang- gonane naraka: wawales tumrap apa kang wus padha dilakoni |
يَحْلِفُونَ لَكُمْ لِتَرْضَوْا عَنْهُمْ ۖ فَإِن تَرْضَوْا عَنْهُمْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يَرْضَىٰ عَنِ الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ (96) Dheweke bakal padha sepata marang sira, amrih sira padha apirena marang dheweke; ana- nging manawa sira apirena marang dheweke, lah sayekti Allah iku ora rena marang wong kang padha murang yekti |
الْأَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْرًا وَنِفَاقًا وَأَجْدَرُ أَلَّا يَعْلَمُوا حُدُودَ مَا أَنزَلَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (97) Para wong segara wedhi iku luwih abanget ing kakafirane lan lalamisane, lan luwih mungguh yen ta padha ora weruha wawates kang kadhawuhake dening Allah marang Utusan-E; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
وَمِنَ الْأَعْرَابِ مَن يَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ مَغْرَمًا وَيَتَرَبَّصُ بِكُمُ الدَّوَائِرَ ۚ عَلَيْهِمْ دَائِرَةُ السَّوْءِ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ (98) Lan sawenehe wong ing sagara wedhi ana sing nganggep kapitunan marang apa sing diwe- wehake, sarta padha angadhang- adhang giliraning tumiba ing sira: tumiba ing dheweke giliraning ala iku; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni |
وَمِنَ الْأَعْرَابِ مَن يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَيَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ قُرُبَاتٍ عِندَ اللَّهِ وَصَلَوَاتِ الرَّسُولِ ۚ أَلَا إِنَّهَا قُرْبَةٌ لَّهُمْ ۚ سَيُدْخِلُهُمُ اللَّهُ فِي رَحْمَتِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (99) Lan sawenehe wong ing sagara wedhi ana sing angestu ing Allah lan dina akhir sarta angang- gep apa sing diwewehake mi- nangka pamarek ing ngarsaning Allah sarta pandongane Utusan; Allah bakal anglebokake dheweke marang ing wilasa-Ne; sayekti Allah iku Aparamarta Mahaasih |
وَالسَّابِقُونَ الْأَوَّلُونَ مِنَ الْمُهَاجِرِينَ وَالْأَنصَارِ وَالَّذِينَ اتَّبَعُوهُم بِإِحْسَانٍ رَّضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ وَأَعَدَّ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي تَحْتَهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (100) Lan para kang padha andhi- siki, wiwit-wiwitane para Muha- jirin lan Anshar, lan para kang padha manut dheweke ing kabe- cikan, Allah apirena ing dheweke lan dheweke padha apirena ing Panjenengane sarta Panjenengane anyadhiyani patamanan marang dheweke, kang ing jerone kali- kaline padha mili, dimen padha manggon ing kono salawase; iku pakolih kang agung |
وَمِمَّنْ حَوْلَكُم مِّنَ الْأَعْرَابِ مُنَافِقُونَ ۖ وَمِنْ أَهْلِ الْمَدِينَةِ ۖ مَرَدُوا عَلَى النِّفَاقِ لَا تَعْلَمُهُمْ ۖ نَحْنُ نَعْلَمُهُمْ ۚ سَنُعَذِّبُهُم مَّرَّتَيْنِ ثُمَّ يُرَدُّونَ إِلَىٰ عَذَابٍ عَظِيمٍ (101) Lan sawenehe para wong wonging sagara wedhi ing sakiwa tengenira , iku para wong lamis lan sawenehe wong-wonging kutha Madinah ; dhe- weke padha ambrekunung ing lalamisan; sira ora weruh marang dheweke; Ingsun Angudaneni marang dheweke. Ingsun bakal aniksa dheweke rong rambahan, tumuli bakal padha dibalekake marang siksa kang gedhe |
وَآخَرُونَ اعْتَرَفُوا بِذُنُوبِهِمْ خَلَطُوا عَمَلًا صَالِحًا وَآخَرَ سَيِّئًا عَسَى اللَّهُ أَن يَتُوبَ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (102) Lan liyane iku padha anga- koni kaluputane; dheweke pa- dha angemor panggawe becik karo panggawe ala; mbok manawa- manawa Allah bakal bali marang dheweke; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ ۖ إِنَّ صَلَاتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ (103) Tampanana bandhane du- munung dana, iku sira anggoa anuceni dheweke lan angresikake dheweke, apa dene sira andongak- na dheweke; sayekti donganira iku anentremake dheweke; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni |
أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهِ وَيَأْخُذُ الصَّدَقَاتِ وَأَنَّ اللَّهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ (104) Apa ta padha ora weruh, yen Allah iku anampeni pitobat saka kawula-Ne sarta anampi dana-danane, lan yen Allah iku Ingkang Tansah bola bali , Ingkang-Mahaasih |
وَقُلِ اعْمَلُوا فَسَيَرَى اللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُ وَالْمُؤْمِنُونَ ۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (105) Lan acalathua: Padha tu- mandanga; tumuli Allah bakal amriksani panggawenira lan Utusan-E sarta para angestu; lan sira bakal padha dibalekake marang ingkang Angu- ningani barang kang ora katon lan kang katon, tumuli Panjenengane bakal amartani sira ing barang kang wus padha sira lakoni |
وَآخَرُونَ مُرْجَوْنَ لِأَمْرِ اللَّهِ إِمَّا يُعَذِّبُهُمْ وَإِمَّا يَتُوبُ عَلَيْهِمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (106) Dene liya-liyane, padha di- srantekake ing parentahing Allah, apa ta Panjenengane arsa aniksa dheweke lan apa ta Panjenengane arsa bali marang dhe- weke; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
وَالَّذِينَ اتَّخَذُوا مَسْجِدًا ضِرَارًا وَكُفْرًا وَتَفْرِيقًا بَيْنَ الْمُؤْمِنِينَ وَإِرْصَادًا لِّمَنْ حَارَبَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ مِن قَبْلُ ۚ وَلَيَحْلِفُنَّ إِنْ أَرَدْنَا إِلَّا الْحُسْنَىٰ ۖ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ (107) Lan para kang padha angedegake masjid karana amrih karusakan lan kakafiran tuwin pepecahan antaraning para anges- tu, apa dene minangka pandho- dhotan tumrap wong kang dhek anu amerangi Allah lan Utusan-E; lan sayekti dheweke bakal padha sepata: Aku padha ora duwe karep liya kajaba becik; lan Allah iku anekseni yen satemene dheweke iku padha wong goroh |
لَا تَقُمْ فِيهِ أَبَدًا ۚ لَّمَسْجِدٌ أُسِّسَ عَلَى التَّقْوَىٰ مِنْ أَوَّلِ يَوْمٍ أَحَقُّ أَن تَقُومَ فِيهِ ۚ فِيهِ رِجَالٌ يُحِبُّونَ أَن يَتَطَهَّرُوا ۚ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُطَّهِّرِينَ (108) Aja anjenengi ing kono salawase; sayekti, masjid kang tinalesan ing bekti saking dina wiwitan pisan iku luwih prayoga yen ta sira anjumenengana ing kono; ing kono ana wong-wonge kang padha dhemen yen ta padha disucenana; lan Allah iku remen marang wong kang padha nuceni dirine |
أَفَمَنْ أَسَّسَ بُنْيَانَهُ عَلَىٰ تَقْوَىٰ مِنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٍ خَيْرٌ أَم مَّنْ أَسَّسَ بُنْيَانَهُ عَلَىٰ شَفَا جُرُفٍ هَارٍ فَانْهَارَ بِهِ فِي نَارِ جَهَنَّمَ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ (109) Lah apa ta kang analesi yayasane kalawan bekti maring Allah sarta pirena-Ne iku sing luwih becik, apa ta kang analesi yayasane ing gampenging juju- rang, banjur jugrug angatutake iki menyang ing genining naraka; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang atindak dudu |
لَا يَزَالُ بُنْيَانُهُمُ الَّذِي بَنَوْا رِيبَةً فِي قُلُوبِهِمْ إِلَّا أَن تَقَطَّعَ قُلُوبُهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (110) Yayasane kang diedegake iku ora pegat tansah dadi sumber ing semang ing sajroning ati-atine, kajaba manawa ati-atine wis re- muk; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
۞ إِنَّ اللَّهَ اشْتَرَىٰ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ أَنفُسَهُمْ وَأَمْوَالَهُم بِأَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَ ۚ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَيَقْتُلُونَ وَيُقْتَلُونَ ۖ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا فِي التَّوْرَاةِ وَالْإِنجِيلِ وَالْقُرْآنِ ۚ وَمَنْ أَوْفَىٰ بِعَهْدِهِ مِنَ اللَّهِ ۚ فَاسْتَبْشِرُوا بِبَيْعِكُمُ الَّذِي بَايَعْتُم بِهِ ۚ وَذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (111) Sayekti Allah wus anuku saka para angestu, awak-awake lan bandha-bandhane, yaiku dheweke bakal oleh patamanan; padha pe- rang ing dadalaning Allah, banjur padha amrajaya lan pinrajaya; janji kang nyata ingatase Panjenengane, ing sajroning Taurat lan Injil sarta Qur’an; lan sapa ta kang luwih anuhoni janjine tinimbang Allah? Mulane sira padha di- bungah ing janjinira kang sira janjekake; lan mangkono iku pakolih kang gedhe |
التَّائِبُونَ الْعَابِدُونَ الْحَامِدُونَ السَّائِحُونَ الرَّاكِعُونَ السَّاجِدُونَ الْآمِرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَالنَّاهُونَ عَنِ الْمُنكَرِ وَالْحَافِظُونَ لِحُدُودِ اللَّهِ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ (112) Para kang padha tobat kang padha alaladi kang padha manga- lembana , kang padha puasa, kang padha ruku’, kang padha sujud, kang padha aparentah ing panggawe becik lan kang padha anyegah ing panggawe ala lan kang padha rumeksa ing wawatesing Allah: lan aweha war- ta bubungah marang para angestu |
مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَالَّذِينَ آمَنُوا أَن يَسْتَغْفِرُوا لِلْمُشْرِكِينَ وَلَوْ كَانُوا أُولِي قُرْبَىٰ مِن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمْ أَنَّهُمْ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ (113) Ora mungguh tumrape Nabi lan para kang padha angestu, yen ta padha anyuwunake pangapura para manembah brahala, sanajan ta iku krabat, ing sawise terang tu- mrap dheweke, yen dheweke iku padha wonge geni kang murub |
وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ إِبْرَاهِيمَ لِأَبِيهِ إِلَّا عَن مَّوْعِدَةٍ وَعَدَهَا إِيَّاهُ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُ أَنَّهُ عَدُوٌّ لِّلَّهِ تَبَرَّأَ مِنْهُ ۚ إِنَّ إِبْرَاهِيمَ لَأَوَّاهٌ حَلِيمٌ (114) Lan panyuwune pangapura Ibrahim tumrap wong tuwane iku ora liya kajaba saka prajanjian kang wus dijanjekake marang dhe- weke; ananging bareng wus terang tumrape dheweke, yen dheweke iku mungsuh tumrape Allah, wisuh saka dheweke; sayekti Ibrahim iku banget akeh panga- dhuhe, lembah manah |
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُضِلَّ قَوْمًا بَعْدَ إِذْ هَدَاهُمْ حَتَّىٰ يُبَيِّنَ لَهُم مَّا يَتَّقُونَ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ (115) Lan ora pisan Allah iku agawe sasare sawijining bangsa ing sawise Panjenengane aparing katerangan marang dheweke apa kang kudu diprayitnani; sayekti Allah iku marang samubarang udani |
إِنَّ اللَّهَ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۚ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ (116) Sayekti Allah iku, karato- ning langit-langit lan bumi iku kagungan-E; Panjenengane adamel urip lan adamel pati; lan saliyane Allah sira ora duwe Pangayoman lan Panulung |
لَّقَد تَّابَ اللَّهُ عَلَى النَّبِيِّ وَالْمُهَاجِرِينَ وَالْأَنصَارِ الَّذِينَ اتَّبَعُوهُ فِي سَاعَةِ الْعُسْرَةِ مِن بَعْدِ مَا كَادَ يَزِيغُ قُلُوبُ فَرِيقٍ مِّنْهُمْ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّهُ بِهِمْ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ (117) Lan sayekti temen Allah wis bali marang Nabi lan para kang padha mlayu ating- gal bale omahe sarta para panu- lung kang padha manut dheweke ing wayahe rekasa ing sawise ati- atine saperangane dheweke meh bae mlenceng, tumuli Panjene- ngane bali marang dheweke; sayekti Panjenengane iku marang dheweke kabeh Welas, Mahaasih |
وَعَلَى الثَّلَاثَةِ الَّذِينَ خُلِّفُوا حَتَّىٰ إِذَا ضَاقَتْ عَلَيْهِمُ الْأَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ وَضَاقَتْ عَلَيْهِمْ أَنفُسُهُمْ وَظَنُّوا أَن لَّا مَلْجَأَ مِنَ اللَّهِ إِلَّا إِلَيْهِ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ لِيَتُوبُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ (118) Lan tumrap wong tetelu, kang padha katinggal kari, nganti nalikane bumi rupek ingatase dhe- weke, sanajan jembar, lan jiwane padha dadi rupek ingatase dhe- weke; lan padha yakin, manawa ora ana pangungsen saka Allah, kajaba marang Pan- jenengane; tumuli Panjenengane bali marang dheweke, supaya dheweke padha balia ; sayekti Allah iku Kang-Tansah-aboli-bali , Kang-Mahaasih |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ (119) E, sira kang padha angestu! padha diprayitna ing Allah, sarta padha anyar- tanana para susatya |
مَا كَانَ لِأَهْلِ الْمَدِينَةِ وَمَنْ حَوْلَهُم مِّنَ الْأَعْرَابِ أَن يَتَخَلَّفُوا عَن رَّسُولِ اللَّهِ وَلَا يَرْغَبُوا بِأَنفُسِهِمْ عَن نَّفْسِهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ لَا يُصِيبُهُمْ ظَمَأٌ وَلَا نَصَبٌ وَلَا مَخْمَصَةٌ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلَا يَطَئُونَ مَوْطِئًا يَغِيظُ الْكُفَّارَ وَلَا يَنَالُونَ مِنْ عَدُوٍّ نَّيْلًا إِلَّا كُتِبَ لَهُم بِهِ عَمَلٌ صَالِحٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ (120) Ora mungguh tumrape wong Madinah sarta wong-wong sagara wedhi ing sakiwa-tengene dheweke, yen ta padha karia ing pengkerane Utusaning Allah, sarta ora yen ta padha amriha suka tumrap awake dhewe angungkuli sarirane; mangkono iku amarga ngelak lan rekasa sarta luwe ora angenani dheweke kabeh ana ing dadalaning Allah; lan padha ora angambah dalan, kang andadekake muringe para kafir, apa dene dheweke padha ora apakolih saka musuh apa kang padha pinakolih, ana- nging amarga saka iku panggawe becik wus katulis tumrap dheweke; sayekti Allah iku ora amusprakake ganjarane wong-wong kang padha agawe becik |
وَلَا يُنفِقُونَ نَفَقَةً صَغِيرَةً وَلَا كَبِيرَةً وَلَا يَقْطَعُونَ وَادِيًا إِلَّا كُتِبَ لَهُمْ لِيَجْزِيَهُمُ اللَّهُ أَحْسَنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (121) Sarta dheweke padha ora mewehake paweweh, cilik utawa gedhe, apa dene padha ora anya- brang ing jujurang kajaba iku wus tinulis becik tumrap dheweke, amrih Allah aparing wawales kang luwih becik marang dheweke, amarga saka apa kang wus padha dilakoni |
۞ وَمَا كَانَ الْمُؤْمِنُونَ لِيَنفِرُوا كَافَّةً ۚ فَلَوْلَا نَفَرَ مِن كُلِّ فِرْقَةٍ مِّنْهُمْ طَائِفَةٌ لِّيَتَفَقَّهُوا فِي الدِّينِ وَلِيُنذِرُوا قَوْمَهُمْ إِذَا رَجَعُوا إِلَيْهِمْ لَعَلَّهُمْ يَحْذَرُونَ (122) Lan ora layak para angestu iku yen ta padha budhala akerig lampit; lah yagene ora ana sagolo- ngan saka saben-saben papanthane dheweke, kang budhal, dimen pa- dha marsudi mamrih mangerti ing dalem prakara agama, supaya dheweke padha apepeling marang panunggalane samangsa padha bali katemu dheweke, supa-ya dheweke padha angati-ati |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قَاتِلُوا الَّذِينَ يَلُونَكُم مِّنَ الْكُفَّارِ وَلْيَجِدُوا فِيكُمْ غِلْظَةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ (123) E, sira kang padha angestu! padha merangana para kafir kang ana ing sacedhak-cedhakira sar- ta dimen padha ngerti kekerasan kang ana ing sira; sarta padha weruha yen Allah iku anyartani para kang prayitna |
وَإِذَا مَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ فَمِنْهُم مَّن يَقُولُ أَيُّكُمْ زَادَتْهُ هَٰذِهِ إِيمَانًا ۚ فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا فَزَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَهُمْ يَسْتَبْشِرُونَ (124) Lan samangsa-mangsa ana surat didhawuhake sawenehe ana kang calathu: Kowe kabeh sapa sing mundhak ing piandel dening iki? Wondene para kang padha angestu, lah, iku angundhakake piandele sarta dheweke padha bungah |
وَأَمَّا الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ فَزَادَتْهُمْ رِجْسًا إِلَىٰ رِجْسِهِمْ وَمَاتُوا وَهُمْ كَافِرُونَ (125) Wondhene para kang ing jeroning ati-atine ana lalarane,a iku angundhakake jejember marang jejembere, sarta padha mati ing sajrone dheweke isih padha wong kafir |
أَوَلَا يَرَوْنَ أَنَّهُمْ يُفْتَنُونَ فِي كُلِّ عَامٍ مَّرَّةً أَوْ مَرَّتَيْنِ ثُمَّ لَا يَتُوبُونَ وَلَا هُمْ يَذَّكَّرُونَ (126) Apa ta ora andeleng, yen awake padha cinoba ing dalem saben taun sapisan utawa rong rambahan; ewadene padha ora mratobat sarta padha ora eling |
وَإِذَا مَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ نَّظَرَ بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ هَلْ يَرَاكُم مِّنْ أَحَدٍ ثُمَّ انصَرَفُوا ۚ صَرَفَ اللَّهُ قُلُوبَهُم بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُونَ (127) Lan samangsa-mangsa ana surat diturunake, padha pandeng- pinandeng saweneh marang sawe- nehe: apa Ana wong sawiji kang angingetake kowe? Tumuli padha sumingkir. Allah wis anyingkirake ati-atine, amarga dheweke iku wong kang padha ora mangerti |
لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِّنْ أَنفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُم بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ (128) Sayekti temen wus anekani sira sawijining Utusan, saka ing bangsanira; abot ingatase dheweke tumibanira ing kasangsaran, ba- nget pangemane ing sira, marang para angestu welas, asih A |
فَإِن تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ ۖ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيمِ (129) Ananging manawa dheweke padha malengos, lah calathua: Allah iku wus cukup tumrape aku, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengane; marang Panjenengane sumendheku, lan Panjenengane iku Pangeraning pangawasa kang agung.a |