| وَالْمُرْسَلَاتِ عُرْفًا (1) Dhemi para Malaikat kang diutus kelawan (anggawa) kabecikan
 | 
| فَالْعَاصِفَاتِ عَصْفًا (2) Lan (para Malaikat) mabur rikat banget
 | 
| وَالنَّاشِرَاتِ نَشْرًا (3) Kang nyebar (rahmate Pangeran) kanthi sak ratane
 | 
| فَالْفَارِقَاتِ فَرْقًا (4) Kang ambedakake (kang bener lan luput) kanthi cetha
 | 
| فَالْمُلْقِيَاتِ ذِكْرًا (5) Demi malaikat kang nurunake wahyu (marang para rasul)
 | 
| عُذْرًا أَوْ نُذْرًا (6) Ngapura marang wong tobat, lan apepeling
 | 
| إِنَّمَا تُوعَدُونَ لَوَاقِعٌ (7) Sayekti siksa kang diancamake marang sira iku mesthi kelakon
 | 
| فَإِذَا النُّجُومُ طُمِسَتْ (8) Besuk nalikane lintang padha ilang cahayane
 | 
| وَإِذَا السَّمَاءُ فُرِجَتْ (9) Lan nalikane langit sigar
 | 
| وَإِذَا الْجِبَالُ نُسِفَتْ (10) Lan nalikane gunung padha manculat
 | 
| وَإِذَا الرُّسُلُ أُقِّتَتْ (11) Lan nalikane para Rosul padha dikelumpukake ing mangsa kang tinamtu
 | 
| لِأَيِّ يَوْمٍ أُجِّلَتْ (12) (Niscaya dipun dangu dateng para rosul mau) Dina apa anggone tinamtokake mau
 | 
| لِيَوْمِ الْفَصْلِ (13) Marang dina putusan
 | 
| وَمَا أَدْرَاكَ مَا يَوْمُ الْفَصْلِ (14) Piye panemumu, dina pancasan iku apa
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (15) Ing dina iku para wong kafir kang padha maido al-Quran cilaka banget
 | 
| أَلَمْ نُهْلِكِ الْأَوَّلِينَ (16) Apa Ingsun durung numpes para wong kafir ing zaman kuna
 | 
| ثُمَّ نُتْبِعُهُمُ الْآخِرِينَ (17) Wong kafir ing zaman wekasan uga bakal Ingsun balekake
 | 
| كَذَٰلِكَ نَفْعَلُ بِالْمُجْرِمِينَ (18) Ing tembe sarupane wong kafir uga bakal Ingsun tindakake kaya mangkono
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (19) Ing dina qiyamat iku (wongkafir kang maido al-Quran) cilaka banget
 | 
| أَلَمْ نَخْلُقكُّم مِّن مَّاءٍ مَّهِينٍ (20) Apa sira iku ora Ingsun titahake saka banyu kang ina
 | 
| فَجَعَلْنَاهُ فِي قَرَارٍ مَّكِينٍ (21) Banjur Ingsun papanake ing palerenan kang aman/kokoh (rahim)
 | 
| إِلَىٰ قَدَرٍ مَّعْلُومٍ (22) Nganti tekan titi mangsa kang tinamtu (lahire jabang bayi)
 | 
| فَقَدَرْنَا فَنِعْمَ الْقَادِرُونَ (23) Lan Ingsun nemtokake ukurane, saiba sampurnane anggon Ingsun namtokake ukuran samu barang
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (24) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang gorohake
 | 
| أَلَمْ نَجْعَلِ الْأَرْضَ كِفَاتًا (25) Ingsun apa ora wis gawe bumi iki dadi wadhah
 | 
| أَحْيَاءً وَأَمْوَاتًا (26) Wadhahe wong urip lan wong mati
 | 
| وَجَعَلْنَا فِيهَا رَوَاسِيَ شَامِخَاتٍ وَأَسْقَيْنَاكُم مَّاءً فُرَاتًا (27) Bumi mau Ingsun dokoki gunung kang dhuwur - dhuwur, lan diparingi omben - omben banyu tawa
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (28) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| انطَلِقُوا إِلَىٰ مَا كُنتُم بِهِ تُكَذِّبُونَ (29) Lungoa marang apa kang sira gorohake
 | 
| انطَلِقُوا إِلَىٰ ظِلٍّ ذِي ثَلَاثِ شُعَبٍ (30) Lungoa marang aling - aling kang cawang telu
 | 
| لَّا ظَلِيلٍ وَلَا يُغْنِي مِنَ اللَّهَبِ (31) Kukus mau ora pisan - pisan bisa ngeyubi saka panase dina iku, lan ora bisa nyuda panase geni neraka
 | 
| إِنَّهَا تَرْمِي بِشَرَرٍ كَالْقَصْرِ (32) Urube geni neraka mau mulad - mulad dhuwure padha omah
 | 
| كَأَنَّهُ جِمَالَتٌ صُفْرٌ (33) Akehe lan warnane kaya dhadhung ing perahu, ireng semu kuning
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (34) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| هَٰذَا يَوْمُ لَا يَنطِقُونَ (35) Iki dina sing dheweke ora bakal guneman
 | 
| وَلَا يُؤْذَنُ لَهُمْ فَيَعْتَذِرُونَ (36) Ora ana kang diparengake ngaturake sabab kaluputan, dadi ora ana kang ngaturake sababing kaluputan
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (37) Bilaiing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| هَٰذَا يَوْمُ الْفَصْلِ ۖ جَمَعْنَاكُمْ وَالْأَوَّلِينَ (38) Iki dina pancasan. Ingsun angumpulake sira karo umat kang dhisik
 | 
| فَإِن كَانَ لَكُمْ كَيْدٌ فَكِيدُونِ (39) Lan manawa sira duwe upaya, tamakna upayanira marang Ingsun
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (40) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي ظِلَالٍ وَعُيُونٍ (41) Sayekti para kang anjaga dirine (saka ala) bakal dumunung ing panggonan kang ayom lan akeh sumber - sumbere
 | 
| وَفَوَاكِهَ مِمَّا يَشْتَهُونَ (42) Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna, kang menginake lan enak
 | 
| كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (43) Mara padha mangana lan ngombea kang enak, minangka ganjarane pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
 | 
| إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (44) Ingsun paring ganjaran marang wong kang padha ngelakoni pangabekti kang wis padha sira lakoni biyen
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (45) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| كُلُوا وَتَمَتَّعُوا قَلِيلًا إِنَّكُم مُّجْرِمُونَ (46) (hei para kafir!) Sira padha mangana lan bungah - bungah sadhela sayekti sira iku wong dosa
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (47) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ ارْكَعُوا لَا يَرْكَعُونَ (48) Nalika didhawuhi, "Padha Shalata!" padha mopo ora gelem sholat
 | 
| وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (49) Bilai ing dina iku tumrap wong - wong kang anggorohake
 | 
| فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَهُ يُؤْمِنُونَ (50) Lah sawise iki marang pawarta endi dheweke (wong kafir) bakal padha angestu
 |