| إِذَا السَّمَاءُ انشَقَّتْ (1) Nalikane langit iku pecah
 | 
| وَأَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْ (2) Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake
 | 
| وَإِذَا الْأَرْضُ مُدَّتْ (3) Lan nalikane bumi dirata
 | 
| وَأَلْقَتْ مَا فِيهَا وَتَخَلَّتْ (4) Lan metokake isen - isene nganti resik kothong
 | 
| وَأَذِنَتْ لِرَبِّهَا وَحُقَّتْ (5) Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake
 | 
| يَا أَيُّهَا الْإِنسَانُ إِنَّكَ كَادِحٌ إِلَىٰ رَبِّكَ كَدْحًا فَمُلَاقِيهِ (6) Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik
 | 
| فَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ بِيَمِينِهِ (7) Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)
 | 
| فَسَوْفَ يُحَاسَبُ حِسَابًا يَسِيرًا (8) Bakal ditimbang kelawan entheng
 | 
| وَيَنقَلِبُ إِلَىٰ أَهْلِهِ مَسْرُورًا (9) Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah
 | 
| وَأَمَّا مَنْ أُوتِيَ كِتَابَهُ وَرَاءَ ظَهْرِهِ (10) Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)
 | 
| فَسَوْفَ يَدْعُو ثُبُورًا (11) Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak
 | 
| وَيَصْلَىٰ سَعِيرًا (12) Banjur dicemplungake ing neraka Sa'ir
 | 
| إِنَّهُ كَانَ فِي أَهْلِهِ مَسْرُورًا (13) Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)
 | 
| إِنَّهُ ظَنَّ أَن لَّن يَحُورَ (14) Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah
 | 
| بَلَىٰ إِنَّ رَبَّهُ كَانَ بِهِ بَصِيرًا (15) Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)
 | 
| فَلَا أُقْسِمُ بِالشَّفَقِ (16) Ingsun supata, "Demi mega abang
 | 
| وَاللَّيْلِ وَمَا وَسَقَ (17) Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi
 | 
| وَالْقَمَرِ إِذَا اتَّسَقَ (18) Demi rembulan lan nalikane purnama
 | 
| لَتَرْكَبُنَّ طَبَقًا عَن طَبَقٍ (19) Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin
 | 
| فَمَا لَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ (20) Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)
 | 
| وَإِذَا قُرِئَ عَلَيْهِمُ الْقُرْآنُ لَا يَسْجُدُونَ ۩ (21) Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud
 | 
| بَلِ الَّذِينَ كَفَرُوا يُكَذِّبُونَ (22) Wong kafir malah padha maido al-Qur'an
 | 
| وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يُوعُونَ (23) Allah nguningani luguning atine anggone maido
 | 
| فَبَشِّرْهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ (24) Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani
 | 
| إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ أَجْرٌ غَيْرُ مَمْنُونٍ (25) Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot
 |