| إِذَا السَّمَاءُ انفَطَرَتْ (1) Samongsa langit wis belah
 | 
| وَإِذَا الْكَوَاكِبُ انتَثَرَتْ (2) Lan samongsa lintang - lintange wis pating selebar
 | 
| وَإِذَا الْبِحَارُ فُجِّرَتْ (3) Lan samongsa segara - segara padha dibludagake
 | 
| وَإِذَا الْقُبُورُ بُعْثِرَتْ (4) Lan samangsa kubur - kubur padha binukak
 | 
| عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ وَأَخَّرَتْ (5) Sarupaning jiwa bakal weruh apa kang didhisikake lan kang dikerekake
 | 
| يَا أَيُّهَا الْإِنسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيمِ (6) O, manungsa sapa kang jelomprongake sira, nganti duraka ing Pangeranira kang Mulya
 | 
| الَّذِي خَلَقَكَ فَسَوَّاكَ فَعَدَلَكَ (7) Kang wis gawe awakira genep waras lan patut
 | 
| فِي أَيِّ صُورَةٍ مَّا شَاءَ رَكَّبَكَ (8) Allah namtokake rupanira miturut sakersane
 | 
| كَلَّا بَلْ تُكَذِّبُونَ بِالدِّينِ (9) O, ananging sira padha anggorohake marang wawalese
 | 
| وَإِنَّ عَلَيْكُمْ لَحَافِظِينَ (10) Lan sayekti temen ana kang padha anjaga marang sira
 | 
| كِرَامًا كَاتِبِينَ (11) Para juru nulisi minulya
 | 
| يَعْلَمُونَ مَا تَفْعَلُونَ (12) Padha meruhi apa kang padha sira lakoni
 | 
| إِنَّ الْأَبْرَارَ لَفِي نَعِيمٍ (13) Sayekti para tulus temen bakal padha ana sajeroning nugraha
 | 
| وَإِنَّ الْفُجَّارَ لَفِي جَحِيمٍ (14) Lan sayekti, para duraka temen bakal ana sajeroning geni murub
 | 
| يَصْلَوْنَهَا يَوْمَ الدِّينِ (15) Bakal padha mlebu mrono ing dinane pancasan
 | 
| وَمَا هُمْ عَنْهَا بِغَائِبِينَ (16) Lan ora bakal dheweke padha oncat saka ing kono
 | 
| وَمَا أَدْرَاكَ مَا يَوْمُ الدِّينِ (17) Lan apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
 | 
| ثُمَّ مَا أَدْرَاكَ مَا يَوْمُ الدِّينِ (18) Maneh, apa kang meruhake ing sira, dina pancasan iku apa
 | 
| يَوْمَ لَا تَمْلِكُ نَفْسٌ لِّنَفْسٍ شَيْئًا ۖ وَالْأَمْرُ يَوْمَئِذٍ لِّلَّهِ (19) Dinane ora ana sawijining jiwa bisa andayani sathitika marang jiwa (liyane) ing dina iku sakabehane parentah ana astaning Allah
 |