اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ (1) (Muhammad) sira macaa kelawan asmaning Pangeranira Kang anitahake |
خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ (2) Panjenengane anitahake manungsa saka getih kenthel |
اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ (3) Macaa, lan Pangeranira iku Ingkang Maha Mulya |
الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ (4) Kang meruhake (carane nulis) nganggo kalam |
عَلَّمَ الْإِنسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ (5) Kang meruhake marang manungsa, barang kang maune durung weruh |
كَلَّا إِنَّ الْإِنسَانَ لَيَطْغَىٰ (6) Nanging satemene manungsa iku kebangeten |
أَن رَّآهُ اسْتَغْنَىٰ (7) Dene rumongsa awake wis cukup (ora butuh) |
إِنَّ إِلَىٰ رَبِّكَ الرُّجْعَىٰ (8) Sira iku mesthi bakal bali disowanake ana pangayunaning Allah |
أَرَأَيْتَ الَّذِي يَنْهَىٰ (9) Kapriye penemunira wong kang menging |
عَبْدًا إِذَا صَلَّىٰ (10) Sawijining abdi samongsa sholat |
أَرَأَيْتَ إِن كَانَ عَلَى الْهُدَىٰ (11) Apa sira weruh yen dheweke iku nglungguhi pituduh bener |
أَوْ أَمَرَ بِالتَّقْوَىٰ (12) Utawa ajak - ajak jaga diri (saka ala) |
أَرَأَيْتَ إِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ (13) Apa sira weruh yen dheweke iku anggorohake lan mlengos |
أَلَمْ يَعْلَم بِأَنَّ اللَّهَ يَرَىٰ (14) Apa dheweke ora weruh yen Allah iku amirsani |
كَلَّا لَئِن لَّمْ يَنتَهِ لَنَسْفَعًا بِالنَّاصِيَةِ (15) Temen menawa dheweke (Abu Jahal) Ora mareni anggone kafir ing tembe mesthi Ingsun candhak kuncunge (bathuke) |
نَاصِيَةٍ كَاذِبَةٍ خَاطِئَةٍ (16) Kuncunge wong goroh, kuncunge wong luput |
فَلْيَدْعُ نَادِيَهُ (17) Yen wis mangkono mara ngundanga kanca - kancane jaluka pitulung |
سَنَدْعُ الزَّبَانِيَةَ (18) Nanging Ingsun undangake malaekat Zabaniah |
كَلَّا لَا تُطِعْهُ وَاسْجُدْ وَاقْتَرِب ۩ (19) Aja sira manut dheweke, sarta sumujuda (sholat) lan nyedhakka ing Allah kelawan sujud |