لَا أُقْسِمُ بِهَٰذَا الْبَلَدِ (1) Ingsun supata, demi negara Mekkah iki |
وَأَنتَ حِلٌّ بِهَٰذَا الْبَلَدِ (2) Sira (Muhammad) manggon ing negara Mekkah iki |
وَوَالِدٍ وَمَا وَلَدَ (3) Demi Bapa (Adam) lan turunane (anake) |
لَقَدْ خَلَقْنَا الْإِنسَانَ فِي كَبَدٍ (4) Ingsun temen wis gawe manungsa tansah nglakoni rekasa |
أَيَحْسَبُ أَن لَّن يَقْدِرَ عَلَيْهِ أَحَدٌ (5) Yagene manungsa rumangsa gagah prakosa, ora ana kang bisa nguasani marang awake |
يَقُولُ أَهْلَكْتُ مَالًا لُّبَدًا (6) Kawetu pangucape, "Aku wes metokake bandha pirang - pirang |
أَيَحْسَبُ أَن لَّمْ يَرَهُ أَحَدٌ (7) Yogene manungsa rumangsa yen ora ana kang weruh bandhane kang diwerokake, Allah ora kasamaran |
أَلَمْ نَجْعَل لَّهُ عَيْنَيْنِ (8) Apa Ingsun ora wis maringi mata loro |
وَلِسَانًا وَشَفَتَيْنِ (9) Lan ilat, apa dene lambe loro |
وَهَدَيْنَاهُ النَّجْدَيْنِ (10) Lan Ingsun nuduhake dalan loro (becik lan hala) marang dheweke |
فَلَا اقْتَحَمَ الْعَقَبَةَ (11) Ya gene padha ora ngelakoni dalan bener klawan temen |
وَمَا أَدْرَاكَ مَا الْعَقَبَةُ (12) Sapa kang meruhake sira nglakone dalan bener |
فَكُّ رَقَبَةٍ (13) Yaiku (kayata) merdikaake kawula |
أَوْ إِطْعَامٌ فِي يَوْمٍ ذِي مَسْغَبَةٍ (14) Utawa nalikane angel pangan (pahilan) aweh pangan |
يَتِيمًا ذَا مَقْرَبَةٍ (15) Marang bcah yatim kang ish kelebu sanak |
أَوْ مِسْكِينًا ذَا مَتْرَبَةٍ (16) Utawa marang wong miskin kang prasasat ing lemah |
ثُمَّ كَانَ مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ وَتَوَاصَوْا بِالْمَرْحَمَةِ (17) Kajaba iku wong mau kudu kalebu wong kang angestu sarta weling - wineling narima lan sih-sinasihan |
أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْمَيْمَنَةِ (18) Wong mangkono mau, layang cathetaning lakune padha dielungake saka tengen |
وَالَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا هُمْ أَصْحَابُ الْمَشْأَمَةِ (19) Dene wong kang maido marang timbalan - timbalaningsun iku layang cathetaning lakune padha dielungake saka kiwa |
عَلَيْهِمْ نَارٌ مُّؤْصَدَةٌ (20) Padha disiksa ana ing neraka kang dikunci |