| وَالنَّازِعَاتِ غَرْقًا (1) Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora
 | 
| وَالنَّاشِطَاتِ نَشْطًا (2) Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin)
 | 
| وَالسَّابِحَاتِ سَبْحًا (3) Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat
 | 
| فَالسَّابِقَاتِ سَبْقًا (4) Lan (Malaikat) kang dhisiki banter
 | 
| فَالْمُدَبِّرَاتِ أَمْرًا (5) Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya)
 | 
| يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُ (6) (Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh
 | 
| تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ (7) Nuli ditungka horege maneh kang kapindho
 | 
| قُلُوبٌ يَوْمَئِذٍ وَاجِفَةٌ (8) Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan
 | 
| أَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ (9) Pandelenge padha konjem (wedi)
 | 
| يَقُولُونَ أَإِنَّا لَمَرْدُودُونَ فِي الْحَافِرَةِ (10) Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh
 | 
| أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً (11) Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh
 | 
| قَالُوا تِلْكَ إِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ (12) Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan
 | 
| فَإِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَاحِدَةٌ (13) Ananging iku mung petak sapisan wae
 | 
| فَإِذَا هُم بِالسَّاهِرَةِ (14) Lan mara delengen dheweke padha tangi
 | 
| هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ مُوسَىٰ (15) Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa
 | 
| إِذْ نَادَاهُ رَبُّهُ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى (16) Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa
 | 
| اذْهَبْ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ إِنَّهُ طَغَىٰ (17) Lungoo marang panggonane Fir'aun, awit kebangetan anggone kafir
 | 
| فَقُلْ هَل لَّكَ إِلَىٰ أَن تَزَكَّىٰ (18) Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira
 | 
| وَأَهْدِيَكَ إِلَىٰ رَبِّكَ فَتَخْشَىٰ (19) Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih
 | 
| فَأَرَاهُ الْآيَةَ الْكُبْرَىٰ (20) Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke
 | 
| فَكَذَّبَ وَعَصَىٰ (21) Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut
 | 
| ثُمَّ أَدْبَرَ يَسْعَىٰ (22) Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan
 | 
| فَحَشَرَ فَنَادَىٰ (23) Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh
 | 
| فَقَالَ أَنَا رَبُّكُمُ الْأَعْلَىٰ (24) Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur
 | 
| فَأَخَذَهُ اللَّهُ نَكَالَ الْآخِرَةِ وَالْأُولَىٰ (25) Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik
 | 
| إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَن يَخْشَىٰ (26) Lelakone Fir'aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah
 | 
| أَأَنتُمْ أَشَدُّ خَلْقًا أَمِ السَّمَاءُ ۚ بَنَاهَا (27) Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit
 | 
| رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوَّاهَا (28) Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat
 | 
| وَأَغْطَشَ لَيْلَهَا وَأَخْرَجَ ضُحَاهَا (29) Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan
 | 
| وَالْأَرْضَ بَعْدَ ذَٰلِكَ دَحَاهَا (30) Sawuse mangkono Allah gelar bumi
 | 
| أَخْرَجَ مِنْهَا مَاءَهَا وَمَرْعَاهَا (31) Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi
 | 
| وَالْجِبَالَ أَرْسَاهَا (32) Lan ngukuhake gunung ana bumi
 | 
| مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِأَنْعَامِكُمْ (33) Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya
 | 
| فَإِذَا جَاءَتِ الطَّامَّةُ الْكُبْرَىٰ (34) Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka
 | 
| يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْإِنسَانُ مَا سَعَىٰ (35) Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake
 | 
| وَبُرِّزَتِ الْجَحِيمُ لِمَن يَرَىٰ (36) Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng
 | 
| فَأَمَّا مَن طَغَىٰ (37) Wondene wong kang ambalasar (kafir)
 | 
| وَآثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا (38) Sarta milih kauripan dunya
 | 
| فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَىٰ (39) Sayekti neraka iku panggonane
 | 
| وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ (40) Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor
 | 
| فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ (41) Lah sayekti suwarga iku panggonane
 | 
| يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا (42) Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat)
 | 
| فِيمَ أَنتَ مِن ذِكْرَاهَا (43) Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku
 | 
| إِلَىٰ رَبِّكَ مُنتَهَاهَا (44) Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku
 | 
| إِنَّمَا أَنتَ مُنذِرُ مَن يَخْشَاهَا (45) Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku
 | 
| كَأَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوا إِلَّا عَشِيَّةً أَوْ ضُحَاهَا (46) Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk
 |