الر ۚ كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ لِتُخْرِجَ النَّاسَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ بِإِذْنِ رَبِّهِمْ إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ (1) Ingsun, Allah Ingkang-Amir- sani.a kitab kang Ingsun dha- wuhake marang sira supaya sira angetokna manusa saka ing pepe- teng lelimenganb marang papa- dhang kalawan idining Pangerane – marang dadalane Ingkang-Maha- mulya, Ingkang-Ingalembana |
اللَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَوَيْلٌ لِّلْكَافِرِينَ مِنْ عَذَابٍ شَدِيدٍ (2) Dadalane , kang saba- rang kang ana ing langit-langit lan bumi kagungan-E; lan cilaka tu- mrap para kafir amarga saka siksa kang abot |
الَّذِينَ يَسْتَحِبُّونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ بَعِيدٍ (3) para kang padha luwih dhemen ing kadonyan iki angungkuli akhirat lan padha nyimpang saka dadalane Allah, lan iki diarah bisane bengkong; iki padha dumunung ana ing sasar kang adoh |
وَمَا أَرْسَلْنَا مِن رَّسُولٍ إِلَّا بِلِسَانِ قَوْمِهِ لِيُبَيِّنَ لَهُمْ ۖ فَيُضِلُّ اللَّهُ مَن يَشَاءُ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ (4) Lan Ingsun angutus sawiji- ning utusan iki ora liya kajaba nganggo basane bangsane supaya bisa anerangake kalawan cetha marang dheweke; tumuli Allah agawe sasar sapa kang dadi kapa- reng-E, sarta anuntun sapa kang dadi kapareng-E, lan Panjenengane iku Ingkang-mahamulya, Ingkang- Wicaksana |
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا أَنْ أَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ وَذَكِّرْهُم بِأَيَّامِ اللَّهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ (5) Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa angemban timbalan- timbalan-Ingsun pangandika-Ning- sun: Wetokna bangsanira saka ing peteng lilimengan marang papa- dhang sarta padha elingna ing dinaning Allah; sayekti ing kono temen ana tandha-tandha tumrap sadhengah kang sabar, kang weruh ing panarima |
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اذْكُرُوا نِعْمَةَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ أَنجَاكُم مِّنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ وَيُذَبِّحُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُم بَلَاءٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَظِيمٌ (6) Lan nalikane Musa calathu marang bangsane: Padha elinga nugrahane Allah marang sira kabeh, nalika Panjenengane anyla- metake sira saka wonge Fir’aun kang anibakake sira kabeh ing siksa kang alaa lan padha ambelehi anak-anakira lanang sarta anguripi anak-anakira wadon;b lan ana ing kono iku coba kang gedhe saka Pangeranira |
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكُمْ لَئِن شَكَرْتُمْ لَأَزِيدَنَّكُمْ ۖ وَلَئِن كَفَرْتُمْ إِنَّ عَذَابِي لَشَدِيدٌ (7) Lan nalikane Pangeranira angundhangake: Manawa sira pa- dha weruh ing panarima yekti Ingsun bakal muwuhi sira, lan manawa sira padha ora weruh ing panarima, sayekti siksa-Ningsun iku abot |
وَقَالَ مُوسَىٰ إِن تَكْفُرُوا أَنتُمْ وَمَن فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا فَإِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ حَمِيدٌ (8) Lan Musa calathu: Manawa sira padha ora weruh ing panarima, sira lan sapa-sapa ing bumi kabeh, lah sayekti Allah iku piyambak wis kecukup, Ingalembana |
أَلَمْ يَأْتِكُمْ نَبَأُ الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ ۛ وَالَّذِينَ مِن بَعْدِهِمْ ۛ لَا يَعْلَمُهُمْ إِلَّا اللَّهُ ۚ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَرَدُّوا أَيْدِيَهُمْ فِي أَفْوَاهِهِمْ وَقَالُوا إِنَّا كَفَرْنَا بِمَا أُرْسِلْتُم بِهِ وَإِنَّا لَفِي شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُونَنَا إِلَيْهِ مُرِيبٍ (9) Apa ora tumeka ing sira cari- tane para ing sadurungira, bang- sane Nuhc lan ‘Add lan Tsamude sarta para kang sapungkure iki? Ora ana ameruhi dheweke kajaba Allah. A Para utusane padha anekani dheweke kalawan bukti- bukti kang cetha, ananging dhe- weke padha anyalobokake tangan- tangane ing cangkem-cangkeme, sarta padha calathu: Sayekti, aku padha angemohi ing barang kang diutusake ing kowe lan sayekti aku iki dumunung ing semang-semang kang abanget tumrap sabarang kang koajakake marang aku kabeh |
۞ قَالَتْ رُسُلُهُمْ أَفِي اللَّهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يَدْعُوكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُم مِّن ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى ۚ قَالُوا إِنْ أَنتُمْ إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُنَا تُرِيدُونَ أَن تَصُدُّونَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا فَأْتُونَا بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ (10) Para utusane padha calathu: Apa ana semang-semange ing dalem Allah, kang ani- tahake langit-langit lan bumi? Panjenengane anguwuh sira amrih angapura marang sira saka ing kaluputanira sarta anyumenekake sira tumeka mangsa kang tinamtu. Dheweke padha calathu: Kowe iku ora liya kajaba wong padhane aku; kowe padha niyat arep anyimpang- ake aku saka apa kang adate disembah-sembah bapak-bapakku; mulane anekakna wisesa kang cetha marang aku |
قَالَتْ لَهُمْ رُسُلُهُمْ إِن نَّحْنُ إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَمُنُّ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ وَمَا كَانَ لَنَا أَن نَّأْتِيَكُم بِسُلْطَانٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ (11) Para utusane padha calathu marang dheweke: Aku iki ora liya kajaba wong padhane sira, ana- nging Allah amaringake nugraha- marang kawula-Ne, sapa sing kaparenging karsa-Ne, lan ora mungguh tumrape aku yen ane- kakna wisesa marang sira kajaba kalawan idining Allah; lan marang Allah kudune anggone sumarah para angestu |
وَمَا لَنَا أَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللَّهِ وَقَدْ هَدَانَا سُبُلَنَا ۚ وَلَنَصْبِرَنَّ عَلَىٰ مَا آذَيْتُمُونَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُونَ (12) Lan apa ta karanane yen aku, ora padha sumaraha marang Allah, lan temen Panjenengane wus anun- tun aku ing dadalanku? Lan sa- yekti aku bakal padha anyabarake marang panguya-uyamu ing aku; lan marang Allah kudune anggone sumarah para kang padha sumarah |
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُم مِّنْ أَرْضِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۖ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظَّالِمِينَ (13) Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusane: Sayekti aku bakal padha nundhung kowe kabeh saka ing bumiku , utawa kowe kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangerane amedhar sabda marang dheweke: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu |
وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْأَرْضَ مِن بَعْدِهِمْ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِي وَخَافَ وَعِيدِ (14) Lan sayekti Ingsun bakal angenggonake sira ing bumi ing sapungkure dheweke; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsane Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun |
وَاسْتَفْتَحُوا وَخَابَ كُلُّ جَبَّارٍ عَنِيدٍ (15) Dheweke padha nyuwun pan- casan sarta sarupane kang milawa- ni tanpa duduga padha kacuwan |
مِّن وَرَائِهِ جَهَنَّمُ وَيُسْقَىٰ مِن مَّاءٍ صَدِيدٍ (16) Naraka ana ing ngarepe sarta diombeni banyu panas |
يَتَجَرَّعُهُ وَلَا يَكَادُ يُسِيغُهُ وَيَأْتِيهِ الْمَوْتُ مِن كُلِّ مَكَانٍ وَمَا هُوَ بِمَيِّتٍ ۖ وَمِن وَرَائِهِ عَذَابٌ غَلِيظٌ (17) Anggone ngombe saka sathi- thik-sathithik sarta ora kalawan kapenak pangulune, apa dene kasusahan bakal anekani dhe- weke saka sadhengah panggonan, ananging dheweke ora bakal mati, sarta siksa ingkang anggigirisi bakal ana ngarepe |
مَّثَلُ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ ۖ أَعْمَالُهُمْ كَرَمَادٍ اشْتَدَّتْ بِهِ الرِّيحُ فِي يَوْمٍ عَاصِفٍ ۖ لَّا يَقْدِرُونَ مِمَّا كَسَبُوا عَلَىٰ شَيْءٍ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الضَّلَالُ الْبَعِيدُ (18) Sanepane para kang padha kafir marang Pangerane: pang- gawe-panggawene kaya dene awu kang katiyup ing angin ing dina sindhung riwut, dheweke ora bakal bisa nguwasani sathithik-thithika marang barang kang wus pina- kolih; iki sasar kang adoh |
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۚ إِن يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيدٍ (19) Apa sira ora weruh, yen Allah wus anitahake langit-langit lan bumi kalayan yakti? Manawa Panjenengane angarsakna, Panje- nengane amundhut sira sarta anekakake titah kang anyar |
وَمَا ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ بِعَزِيزٍ (20) Lan iki ora angel ingatase Allah |
وَبَرَزُوا لِلَّهِ جَمِيعًا فَقَالَ الضُّعَفَاءُ لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ أَنتُم مُّغْنُونَ عَنَّا مِنْ عَذَابِ اللَّهِ مِن شَيْءٍ ۚ قَالُوا لَوْ هَدَانَا اللَّهُ لَهَدَيْنَاكُمْ ۖ سَوَاءٌ عَلَيْنَا أَجَزِعْنَا أَمْ صَبَرْنَا مَا لَنَا مِن مَّحِيصٍ (21) Lan dheweke bakal padha ngaton ing ngarsaning Allah kabeh, banjur para kang apes bakal calathu marang para kang padha gumedhe: Sayekti aku biyen padha pandherekmu, lah apa kowe padha bisa anulak siksaning Allah sa- thithik-sathithik saka ing aku? Bakal padha calathu: Mungguh Allah anuntuna aku, amasthi aku padha anuntun ing kowe; padha bae ingatase aku kabeh, apa aku padha ora sabar apa padha sabar; aku padha ora duwe pangungsen |
وَقَالَ الشَّيْطَانُ لَمَّا قُضِيَ الْأَمْرُ إِنَّ اللَّهَ وَعَدَكُمْ وَعْدَ الْحَقِّ وَوَعَدتُّكُمْ فَأَخْلَفْتُكُمْ ۖ وَمَا كَانَ لِيَ عَلَيْكُم مِّن سُلْطَانٍ إِلَّا أَن دَعَوْتُكُمْ فَاسْتَجَبْتُمْ لِي ۖ فَلَا تَلُومُونِي وَلُومُوا أَنفُسَكُم ۖ مَّا أَنَا بِمُصْرِخِكُمْ وَمَا أَنتُم بِمُصْرِخِيَّ ۖ إِنِّي كَفَرْتُ بِمَا أَشْرَكْتُمُونِ مِن قَبْلُ ۗ إِنَّ الظَّالِمِينَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (22) Lan setan bakal calathu bareng prakara wis kaputus: Sayekti Allah wis anjanjeni kowe janji nyata, lan aku iya anjanjeni kowe, ananging kowe padha dak- cidrani, lan ingatase marang kowe aku ora duwe purba wise- sa ananging marang kowe aku mung ajak-ajak, kowe banjur padha miturut marang aku; mulane aja padha anutuh aku, lan padha nutuha awakmu dhewe: Ora bisa aku dadi rewangmu lan iya ora bisa kowe padha dadi rewang- ku: sayekti, aku anyelaki marang anggonmu padha anyakuthokake aku ing biyen; sayekti, para wong atindak dudu kang bakal padha oleh bagean siksa kang nglarani |
وَأُدْخِلَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ ۖ تَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ (23) Lan para kang padha angestu lan padha alaku becik padha dilebokake ing patamanan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, padha manggon ing kono kalawan idining Pangerane; pakurmate ana ing kono: Rahayu |
أَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ أَصْلُهَا ثَابِتٌ وَفَرْعُهَا فِي السَّمَاءِ (24) Apa sira ora animbang- nimbang, kapriye anggone Allah wus adamel sanepane sabda utama, kaya dene wit kang becik kang oyode kukuh lan kang pang- pange dhuwur |
تُؤْتِي أُكُلَهَا كُلَّ حِينٍ بِإِذْنِ رَبِّهَا ۗ وَيَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُونَ (25) Angetokake wohe ing sadhe- ngah mangsa kalawan idining Pangerane? Lan Allah adamel sa- nepa-sanepa tumrap para manusa, supaya padha elinga |
وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيثَةٍ كَشَجَرَةٍ خَبِيثَةٍ اجْتُثَّتْ مِن فَوْقِ الْأَرْضِ مَا لَهَا مِن قَرَارٍ (26) Lan sanepane sabda candhala iku kaya dhene wit ala, rungkad saka ing dhuwuring bumi; kasan- tosane ora ana |
يُثَبِّتُ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۖ وَيُضِلُّ اللَّهُ الظَّالِمِينَ ۚ وَيَفْعَلُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ (27) Allah anetepake para kang padha angestu, kalawan sabda kang tetep, ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat, sarta Allah anasarake wong-wong kang atindak dudu, lan Allah iku anindakake apa kaparenging karsa- Ne |
۞ أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ بَدَّلُوا نِعْمَتَ اللَّهِ كُفْرًا وَأَحَلُّوا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِ (28) Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunake bangsane ing enggon karusakan |
جَهَنَّمَ يَصْلَوْنَهَا ۖ وَبِئْسَ الْقَرَارُ (29) naraka? Dheweke bakal malebu mrono, lan ala padunungan iku |
وَجَعَلُوا لِلَّهِ أَندَادًا لِّيُضِلُّوا عَن سَبِيلِهِ ۗ قُلْ تَمَتَّعُوا فَإِنَّ مَصِيرَكُمْ إِلَى النَّارِ (30) Lan dheweke padha agawe sisihan anjejeri Allah, pamrihe anasarake saka ing dadalan-E. Calathua: Padha emat- na, lah sayekti, balinira iku tumeka marang geni |
قُل لِّعِبَادِيَ الَّذِينَ آمَنُوا يُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُنفِقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً مِّن قَبْلِ أَن يَأْتِيَ يَوْمٌ لَّا بَيْعٌ فِيهِ وَلَا خِلَالٌ (31) Calathua marang para kawu- la-Ningsun kang padha angestu padha anjumenengna salat sarta amewehna barang paparing-Ingsun marang dheweke, kalawan sisi- dheman utawa kalawan ngedheng, ing sadurunge tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran |
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَأَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا لَّكُمْ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِي الْبَحْرِ بِأَمْرِهِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْأَنْهَارَ (32) Allah iku Kang anitahake langit-langit lan bumi sarta anurun- ake banyu saka ing mendhung, banjur didamel angetokake wowo- han, minongka rijeki tumrap marang sira, sarta Panjenengane andadekake prau alaladi marang sira, amrih padha lumaku ing sagara kalawan parentahe Panjene- ngane, apa dene Panjenengane andadekake kali-kali padha laladi marang sira |
وَسَخَّرَ لَكُمُ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ دَائِبَيْنِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ (33) Lan Panjenengane andadek- ake srengenge lan rembulan alaladi marang sira, sakarone padha lumaku manut dalane, apa dene Panjenengane andadekake wengi lan raina alaladi marang sira |
وَآتَاكُم مِّن كُلِّ مَا سَأَلْتُمُوهُ ۚ وَإِن تَعُدُّوا نِعْمَتَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ الْإِنسَانَ لَظَلُومٌ كَفَّارٌ (34) Lan Panjenengane amaringi sira sarupane barang panyuwunira ing Panjenengane; lan lamun sira padha angitunga nugrahaning Allah, iku sira ora bisa ngetung; sayekti, manusa iku banget ang- gone atindak dudu, banget ora duwe panarima |
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَن نَّعْبُدَ الْأَصْنَامَ (35) Lan nalikane Ibrahim munjuk: Pangeran kawula! mugi nagari punika Tuwan dadosaken kerta, saha mugi kawula tuwin anak-anak kawula Tuwan tebihaken saking angawulani bra- hala-brahala |
رَبِّ إِنَّهُنَّ أَضْلَلْنَ كَثِيرًا مِّنَ النَّاسِ ۖ فَمَن تَبِعَنِي فَإِنَّهُ مِنِّي ۖ وَمَنْ عَصَانِي فَإِنَّكَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (36) Pangeran kawula! saestu, punika sampun anasaraken titiyang kathah; milanipun sinten ing- kang manut ing kawula, saestu pu- nika golongan kawula, lan sinten ingkang ambangkang ing kawula, lah saestu Tuwan punika Apara- marta, Mahaasih |
رَّبَّنَا إِنِّي أَسْكَنتُ مِن ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِندَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُوا الصَّلَاةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُم مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ (37) Dhuh, Pangeran kawula! saestu, kawula angenggenaken saperangan ing turun kawula ing jujurang ingkang boten wonten wedalipun wowohan, ing sacelak- ipun padaleman Tuwan ingkang Sinuci,a Pangeran kawula! amurih piyambakipun sami anjumenengna salat, milanipun mugi manah- manahipun para titiyang sami Tuwan dadosaken tumiyung dha- teng piyambakipun, saha mugi sami Tuwan rijekeni wowohan; darapon sami atura panuwun |
رَبَّنَا إِنَّكَ تَعْلَمُ مَا نُخْفِي وَمَا نُعْلِنُ ۗ وَمَا يَخْفَىٰ عَلَى اللَّهِ مِن شَيْءٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ (38) Dhuh Pangeran kawula! sa- estu, Tuwan punika angudaneni punapa ingkang sami kawula singidaken saha punapa ingkang sami kawula wedharaken, sarta ingatasipun Allah boten wonten ingkang kasamaran samukawis ingkang wonten ing bumi sarta ingkang wonten ing langit |
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي وَهَبَ لِي عَلَى الْكِبَرِ إِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبِّي لَسَمِيعُ الدُّعَاءِ (39) Sadaya pangalembana kagu- nganipun Allah ingkang sampun amaringi Isma’il saha Ishaq dha- teng kawula ing sepuh ; saestu Pangeran kawula punika temen Ingkang-Midhanget- aken panyuwun |
رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَ الصَّلَاةِ وَمِن ذُرِّيَّتِي ۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءِ (40) Pangeran kawula! mugi ka- wula Tuwan dadosaken tiyang ingkang ajumenengaken salat, saha turun-turun kawula ; dhuh Pangeran kawula, mugi Tuwan anyembadani panyuwun kawula |
رَبَّنَا اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِينَ يَوْمَ يَقُومُ الْحِسَابُ (41) Dhuh Pangeran kawula, mugi Tuwan aparing pangayomana dha- teng kawula, saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng para angestu ing dinten adeging peta- ngan |
وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظَّالِمُونَ ۚ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ (42) Lan aja sira ngira, manawa Allah iku lena marang apa pang- gawene para wong kang atindak dudu: Panjenengane mung aparing sumene marang dheweke tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng |
مُهْطِعِينَ مُقْنِعِي رُءُوسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ إِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْ ۖ وَأَفْئِدَتُهُمْ هَوَاءٌ (43) Padha mara aririkatan, sirahe padha andhangak, mripate tanpa tumolih marang dheweke sarta padha entek atine |
وَأَنذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيهِمُ الْعَذَابُ فَيَقُولُ الَّذِينَ ظَلَمُوا رَبَّنَا أَخِّرْنَا إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ نُّجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَ ۗ أَوَلَمْ تَكُونُوا أَقْسَمْتُم مِّن قَبْلُ مَا لَكُم مِّن زَوَالٍ (44) Lan para manusa padha pepelingana dina bakal tumeka- ning siksa marang dheweke; tumuli para kang padha atindak dudu bakal munjuk: Dhuh, Pangeran kawula, mugi Tuwan anyumenekaken kawula dumugi mangsa ingkang parek, kawula sami anyandikanana panguwuh Tuwan saha manut para utusan. Apa ta kowe ora wus padha supata, ing biyen, kowe ora bakal padha tumiba ing karusakan |
وَسَكَنتُمْ فِي مَسَاكِنِ الَّذِينَ ظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ وَتَبَيَّنَ لَكُمْ كَيْفَ فَعَلْنَا بِهِمْ وَضَرَبْنَا لَكُمُ الْأَمْثَالَ (45) Lan sira padha manggon ana ing padunungane para kang padha atindak dudu marang awake dhe- we, apa dene wis terang tumrape sira, kapriye pamisesa-Ningsun marang dheweke, lan Ingsun wus andadekake sanepa-sanepa tumrap ing sira |
وَقَدْ مَكَرُوا مَكْرَهُمْ وَعِندَ اللَّهِ مَكْرُهُمْ وَإِن كَانَ مَكْرُهُمْ لِتَزُولَ مِنْهُ الْجِبَالُ (46) Lan temen dheweke padha angrancang rancangane, ana- nging rancangane iku ana ing Allah sanajan ta rancangane iku gunung bisa sirna |
فَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ مُخْلِفَ وَعْدِهِ رُسُلَهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ ذُو انتِقَامٍ (47) Mulane aja ngira, Allah, anyulayani janji-Ne marang utu- san-utusan-E; sayekti Allah iku Mahamulya, Ingkang kagungan wawales |
يَوْمَ تُبَدَّلُ الْأَرْضُ غَيْرَ الْأَرْضِ وَالسَّمَاوَاتُ ۖ وَبَرَزُوا لِلَّهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ (48) Ing dina kalane bumi disalini bumi sejene lan langit-langit , sarta dheweke bakal padha ngaton maring Allah, Ingkang-Mahatunggal, Ingkang- Mahawisesa |
وَتَرَى الْمُجْرِمِينَ يَوْمَئِذٍ مُّقَرَّنِينَ فِي الْأَصْفَادِ (49) Lan ing dina iku sira bakal andeleng para wong duraka padha katalenan dadi siji ing rente- ngan |
سَرَابِيلُهُم مِّن قَطِرَانٍ وَتَغْشَىٰ وُجُوهَهُمُ النَّارُ (50) Sandhangane sing digawe tir, sarta geni anutupi rai-raine |
لِيَجْزِيَ اللَّهُ كُلَّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ (51) Amrih Allah amales siji- sijining jiwa apa panggawene; sayekti Allah iku rikat ing pangetung |
هَٰذَا بَلَاغٌ لِّلنَّاسِ وَلِيُنذَرُوا بِهِ وَلِيَعْلَمُوا أَنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ وَلِيَذَّكَّرَ أُولُو الْأَلْبَابِ (52) Iki panerangan anyukupi tu- mrap para manusa, lan supaya dheweke padha dipepelingi sarana iku, lan supaya padha weruha, yen Panjenengane iku Sesembahan Mahatunggal sarta supaya para kang padha ana akale padha elinga |