المر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ ۗ وَالَّذِي أُنزِلَ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ الْحَقُّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُونَ (1) Ingsun, Allah, Ingkang-Ngu- daneni, Ingkang-Mirsani. Iki ayat-ayating Kitab;a lan apa kang kadhawuhake marang sira saka Pangeranira iku barang yakti, ana- nging akeh-akehing manusa padha ora angestu |
اللَّهُ الَّذِي رَفَعَ السَّمَاوَاتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا ۖ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ كُلٌّ يَجْرِي لِأَجَلٍ مُّسَمًّى ۚ يُدَبِّرُ الْأَمْرَ يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُم بِلِقَاءِ رَبِّكُمْ تُوقِنُونَ (2) Allah iku Kang andhuwurake langit-langit kalawan tanpa saka, kang kodeleng, sartab Panjenengane angasta purbawisesa ing karaton ikuc tuwin andadekake srengenge lan rembulan alaladi , siji- sijine anut lakune dhewe-dhewe tumeka mangsa kang tinamtu; Pan- jenengane amranata sabarang reh, anerangake awijang tandha-tandha, supaya sira marang sapatemoning Pangeranira padha yakin |
وَهُوَ الَّذِي مَدَّ الْأَرْضَ وَجَعَلَ فِيهَا رَوَاسِيَ وَأَنْهَارًا ۖ وَمِن كُلِّ الثَّمَرَاتِ جَعَلَ فِيهَا زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ ۖ يُغْشِي اللَّيْلَ النَّهَارَ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ (3) Lan Panjenengane iku kang wus anggelar bumi, sarta agawe gunung-gunung kang kukuh lan kali-kali ana ing kono, lan sarupa- ning woh-wohan ing kono Panje- nengane wus andadekake rong war- na; Panjenengane anutupake wengi ing raina; sayekti, ing kene iki temen ana tandha-tandha tumrap wong kang padha mikir-mikir |
وَفِي الْأَرْضِ قِطَعٌ مُّتَجَاوِرَاتٌ وَجَنَّاتٌ مِّنْ أَعْنَابٍ وَزَرْعٌ وَنَخِيلٌ صِنْوَانٌ وَغَيْرُ صِنْوَانٍ يُسْقَىٰ بِمَاءٍ وَاحِدٍ وَنُفَضِّلُ بَعْضَهَا عَلَىٰ بَعْضٍ فِي الْأُكُلِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَعْقِلُونَ (4) Lan ing bumi ana talatah- talatah kang sasandhingan sarta kebon-kebon anggur lan gandum sarta kurma mawa oyod siji lan mawa oyod beda- beda, _ padha dibanyoni kalawan banyu sawiji, lan ing dalem woh- ing kang saweneh Ingsun luwihake becik angungkuli sawenehe; sayekti ing kene iki temen ana tandha- tandha tumrap wong kang padha mangerti |
۞ وَإِن تَعْجَبْ فَعَجَبٌ قَوْلُهُمْ أَإِذَا كُنَّا تُرَابًا أَإِنَّا لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ الْأَغْلَالُ فِي أَعْنَاقِهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (5) Lan manawa sira gumun, lah pangucape iya padha anggumun- ake: Apa! manawa aku wis dadi lemah, apa aku temen padha ana ing dalem titah kang anyar? Iki para kang padha kafir marang Pangerane lan iki ing gulune padha ana rantene, sarta iki para wong- wonging geni; padha ana ing kono pamanggone |
وَيَسْتَعْجِلُونَكَ بِالسَّيِّئَةِ قَبْلَ الْحَسَنَةِ وَقَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِهِمُ الْمَثُلَاتُ ۗ وَإِنَّ رَبَّكَ لَذُو مَغْفِرَةٍ لِّلنَّاسِ عَلَىٰ ظُلْمِهِمْ ۖ وَإِنَّ رَبَّكَ لَشَدِيدُ الْعِقَابِ (6) Dheweke padha anggege ing sira marang ala ing sadurunge kabecikan, lan temen ing sadu- runge dheweke wis kalakon ana siksa kang dadi pola; lan sayekti, Pangeranira iku Ingkang- Kagungan-pangapura tumrap para manusa, sanajan padha atindak dudu; lan sayekti Pangeranira iku keras ing pamales |
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۗ إِنَّمَا أَنتَ مُنذِرٌ ۖ وَلِكُلِّ قَوْمٍ هَادٍ (7) Lan padha calathu para kang padha kafir: Yagene ora ana tan- dha saka Pangerane kang katurun- ake marang dheweke? Sira iku mung juru-pepeling lan panuntun tumrap siji-sijining bangsa |
اللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَحْمِلُ كُلُّ أُنثَىٰ وَمَا تَغِيضُ الْأَرْحَامُ وَمَا تَزْدَادُ ۖ وَكُلُّ شَيْءٍ عِندَهُ بِمِقْدَارٍ (8) Allah angudaneni apa kang kinandhut ing siji-sijining wadon, sarta apa kang ora kasampurnak- ake dening talanakan lan apa kang kawuwuhake ; lan samu- barang iku ana ing ngarsa-Ne ana papasthene |
عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْكَبِيرُ الْمُتَعَالِ (9) Ingkang-Anguningani kang ora katon lan kang katon, Ingkang- Agung, Ingkang-Mahaluhur |
سَوَاءٌ مِّنكُم مَّنْ أَسَرَّ الْقَوْلَ وَمَن جَهَرَ بِهِ وَمَنْ هُوَ مُسْتَخْفٍ بِاللَّيْلِ وَسَارِبٌ بِالنَّهَارِ (10) Padha sapa saka ing antaranira kang anyingidake pangucap lan sapa kang anglairake apa dene sapa kang singidan ing wengi tuwin kang metu ing raina |
لَهُ مُعَقِّبَاتٌ مِّن بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهِ يَحْفَظُونَهُ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُغَيِّرُ مَا بِقَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنفُسِهِمْ ۗ وَإِذَا أَرَادَ اللَّهُ بِقَوْمٍ سُوءًا فَلَا مَرَدَّ لَهُ ۚ وَمَا لَهُم مِّن دُونِهِ مِن وَالٍ (11) padha angetutake dheweke, ana ing ngarepe sarta ana ing burine, kang padha rumeksa dheweke atas saking parentahing Allah. Sayekti, Allah iku ora angewahi kaananing para manusa, nganti dheweke padha angowahi kaanane dhewe; lan manawa Allah angarsakake ala tumrap para ma- nusa, lan ora bakal ana panulake, sarta saliyane Panjenengane dhe- weke padha ora duwe kakawal |
هُوَ الَّذِي يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنشِئُ السَّحَابَ الثِّقَالَ (12) Panjenengane iku Kang anga- tonake kilat ing sira, andadekake wedi lan pangarep-arep, sarta andadekake mendhung kang abot |
وَيُسَبِّحُ الرَّعْدُ بِحَمْدِهِ وَالْمَلَائِكَةُ مِنْ خِيفَتِهِ وَيُرْسِلُ الصَّوَاعِقَ فَيُصِيبُ بِهَا مَن يَشَاءُ وَهُمْ يُجَادِلُونَ فِي اللَّهِ وَهُوَ شَدِيدُ الْمِحَالِ (13) Lan baledheg iku mahasucek- ake Panjenengane kalawan panga- lembana-Ne, mangkono uga para malaikat, amarga saka wedine ing Panjenengane; lan Panjenengane angutus panah-panahing baledheg, iku angenani sapa kang dadi kapa- renging karsa-Ne; ewadene dhe- weke padha madoni ing bab Allah, lan Panjenengane iku keras ing dalem kawanen |
لَهُ دَعْوَةُ الْحَقِّ ۖ وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِهِ لَا يَسْتَجِيبُونَ لَهُم بِشَيْءٍ إِلَّا كَبَاسِطِ كَفَّيْهِ إِلَى الْمَاءِ لِيَبْلُغَ فَاهُ وَمَا هُوَ بِبَالِغِهِ ۚ وَمَا دُعَاءُ الْكَافِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَالٍ (14) Marang Panjenengane panyu- wun kang bener iku; lan para kang padha nyunyuwun saliyane Allah, iku ora bakal nyembadani marang dheweke ananging kaya wong kang ngulurake tangane loro marang banyu, amurih tumekaa marang cangkeme, ana- nging ora bakal iku tumeka mrono; lan ora liya panyuwune para kafir iku kajaba muspra |
وَلِلَّهِ يَسْجُدُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ طَوْعًا وَكَرْهًا وَظِلَالُهُم بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ ۩ (15) Lan marang Allah sumung- keme samubarang kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kalawan ambangun-turut sarta kalawan kapeksa, mangkono uga ayang- ayange, ing wayah esuk lan sore.a |
قُلْ مَن رَّبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ قُلِ اللَّهُ ۚ قُلْ أَفَاتَّخَذْتُم مِّن دُونِهِ أَوْلِيَاءَ لَا يَمْلِكُونَ لِأَنفُسِهِمْ نَفْعًا وَلَا ضَرًّا ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ أَمْ هَلْ تَسْتَوِي الظُّلُمَاتُ وَالنُّورُ ۗ أَمْ جَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ خَلَقُوا كَخَلْقِهِ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْ ۚ قُلِ اللَّهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ (16) Calathua: Sapa ta Pangeran- ing langit-langit lan bumi? Cala- thua: Allah. Calathua: Lah yagene kowe padha angalap pangayoman saliyane Panjenengane, kang ora bisa anguwasani marang awake dhewe, apa amakolehi apa amitu- nani? Calathua: Apa padha wong wuta karo wong kang waras pandelenge? Utawa, apa padha pepeteng karo papadhang? Utawa, apa padha angedegake sekuthon jejeraning Allah, kang anganakake titah kaya titah-E mangkono, nganti apa kang tumitah iki dadi kisruh tumrap dheweke? Calathua: Allah iku Ingkang-Anitahake sa- mubarang, lan Panjenengane iku Ingkang Maha-tunggal, Ingkang- Mahawisesa. A |
أَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَسَالَتْ أَوْدِيَةٌ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَدًا رَّابِيًا ۚ وَمِمَّا يُوقِدُونَ عَلَيْهِ فِي النَّارِ ابْتِغَاءَ حِلْيَةٍ أَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِّثْلُهُ ۚ كَذَٰلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ ۚ فَأَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاءً ۖ وَأَمَّا مَا يَنفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِي الْأَرْضِ ۚ كَذَٰلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ (17) Panjenengane anurunake ba- nyu saka ing mega, banjur jurang- juranging kali padha mili samurwate, sarta iline angelekake unthuk kang matumpa-tumpa, lan saka barang kang padha diluluh ing geni, kang pamrihe arep ginawe papaes utawa piranti, metu unthuke, kaya mangkono ; kaya mangkono Allah anggone adamel sanepa barang yakti lan barang goroh; wondene si unthuk, lah iku sirna kaya barang kang tanpa aji; dene apa kang migunani marang manu- sa, iku lestari ana ing bumi; kaya mangkono Allah anggone adamel sanepa |
لِلَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَالَّذِينَ لَمْ يَسْتَجِيبُوا لَهُ لَوْ أَنَّ لَهُم مَّا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا وَمِثْلَهُ مَعَهُ لَافْتَدَوْا بِهِ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ سُوءُ الْحِسَابِ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمِهَادُ (18) Para kang padha nyandikani marang Pangerane iku padha oleh bagean becik; lan para kang padha ora anyandikani marang Panjene- ngane, iku saupama padha andar- benana sabarang kang ana ing bumi kabeh, sarta samono maneh, amasthi iku bakal diulungake mi- nangka panebus. Iku petungan ala kang dadi bageane, sarta naraka padunungane, lan ala palerenan iku |
۞ أَفَمَن يَعْلَمُ أَنَّمَا أُنزِلَ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ أَعْمَىٰ ۚ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُولُو الْأَلْبَابِ (19) Lah apa ta wong kang weruh manawa apa kang kadhawuhake marang sira saka Pangeranira iku barang yekti, iku padha karo wong kang wuta? Mung wong kang padha ana akale kang mikir-mikir |
الَّذِينَ يُوفُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَلَا يَنقُضُونَ الْمِيثَاقَ (20) Para kang padha anuhoni janjining Allah, sarta ora medhot sasanggeman |
وَالَّذِينَ يَصِلُونَ مَا أَمَرَ اللَّهُ بِهِ أَن يُوصَلَ وَيَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ وَيَخَافُونَ سُوءَ الْحِسَابِ (21) Lan para kang padha nyam- bung barang kang didhawuhake dening Allah supaya disambu- nga sarta padha pakering ma- rang Pangerane apa dene padha wedi marang petungan ala |
وَالَّذِينَ صَبَرُوا ابْتِغَاءَ وَجْهِ رَبِّهِمْ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَنفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً وَيَدْرَءُونَ بِالْحَسَنَةِ السَّيِّئَةَ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عُقْبَى الدَّارِ (22) Lan para kang padha tetep santosa angupaya pirenane Pangerane sarta anjumenengake shalat, apa dene padha mewehake barang paparing-Ingsun ing dhe- weke kalawan sisidheman tuwin kalawan ngeblak, sarta padha anulak ala kalawan kabecikan; iki kang bakal padha oleh bagean kawusanan padunungan |
جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا وَمَن صَلَحَ مِنْ آبَائِهِمْ وَأَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ يَدْخُلُونَ عَلَيْهِم مِّن كُلِّ بَابٍ (23) Patamanan padunungan kang langgeng, kang anggone lumebu mrono dalah para wongtuwane lan jodho-jodhone sarta turun- turune endi kang kalakuane becik; apa dene para malaikat padha lumebu amarek dheweke saka saben-saben kori |
سَلَامٌ عَلَيْكُم بِمَا صَبَرْتُمْ ۚ فَنِعْمَ عُقْبَى الدَّارِ (24) Rahayu mugi tetep ingatas- ipun ijengandika, dening anggen ijengandika sampun tetep santosa; lah, iba ta pinunjulipun kawusana- ning padunungan punika |
وَالَّذِينَ يَنقُضُونَ عَهْدَ اللَّهِ مِن بَعْدِ مِيثَاقِهِ وَيَقْطَعُونَ مَا أَمَرَ اللَّهُ بِهِ أَن يُوصَلَ وَيُفْسِدُونَ فِي الْأَرْضِ ۙ أُولَٰئِكَ لَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوءُ الدَّارِ (25) Lan para kang padha ngrusak janjining Allah ing sawise diugeri, sarta medhot apa kang kadhawuh- ake dening Allah supaya disam- bunga, tuwin padha agawe wisuna ing bumi, iki kang bakal padha oleh bagean bebendu sarta oleh bagean padunungan kang ala |
اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَن يَشَاءُ وَيَقْدِرُ ۚ وَفَرِحُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا مَتَاعٌ (26) Allah iku anjembarake rijeki tumrap sapa kang dadi kapare- nging karsa-Ne sarta nyumpi; lan dheweke padha seneng-seneng marang kauripan kadonyan, lan kauripan donya iku katandhing karo kauripan akhirat ora liya kajaba mung kabungahan sawatara mangsa |
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ يُضِلُّ مَن يَشَاءُ وَيَهْدِي إِلَيْهِ مَنْ أَنَابَ (27) Lan para kang padha kafir padha acalathu: Yagene ora ana tandha saka Pangerane katurunake marang dheweke? Calathua: Sayekti, Allah iku anasarake sapa kang karep, sarta nuntun marang Panjenengane sapa kang bali |
الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُم بِذِكْرِ اللَّهِ ۗ أَلَا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ (28) Para kang padha angestu sarta kang atine padha dadi jenjem dening eling maring Allah; o, sayekti, kalawan eling maring Allah ati padha dadi jenjem |
الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ طُوبَىٰ لَهُمْ وَحُسْنُ مَآبٍ (29) Para kang padha angestu sarta anglakoni panggawe becik, iku kawusanan becik bageane sarta bali kang utama |
كَذَٰلِكَ أَرْسَلْنَاكَ فِي أُمَّةٍ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِهَا أُمَمٌ لِّتَتْلُوَ عَلَيْهِمُ الَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ وَهُمْ يَكْفُرُونَ بِالرَّحْمَٰنِ ۚ قُلْ هُوَ رَبِّي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ مَتَابِ (30) Kaya mangkono anggon- Ingsun angutus sira ing dalem sawijining umat, ing sadurunge iku temen pira-pira umat wis ke- pungkur, supaya sira amacakake marang dheweke apa kang Ingsun wedharake marang sira, ewadene dheweke padha angafiri marang Ingsun-Mahamurah. Calathua: Pan- jenengane iku Pangeranku, ora ana sesembahan kajaba Panjenengane; marang Panjenengane sumarahku sarta marang Panjenengane baliku |
وَلَوْ أَنَّ قُرْآنًا سُيِّرَتْ بِهِ الْجِبَالُ أَوْ قُطِّعَتْ بِهِ الْأَرْضُ أَوْ كُلِّمَ بِهِ الْمَوْتَىٰ ۗ بَل لِّلَّهِ الْأَمْرُ جَمِيعًا ۗ أَفَلَمْ يَيْأَسِ الَّذِينَ آمَنُوا أَن لَّوْ يَشَاءُ اللَّهُ لَهَدَى النَّاسَ جَمِيعًا ۗ وَلَا يَزَالُ الَّذِينَ كَفَرُوا تُصِيبُهُم بِمَا صَنَعُوا قَارِعَةٌ أَوْ تَحُلُّ قَرِيبًا مِّن دَارِهِمْ حَتَّىٰ يَأْتِيَ وَعْدُ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيعَادَ (31) Lan lamun ta ana sawijining Quran kang kanggo anglakokake gunung-gunung, utawa kanggo an- jajah bumi utawa kanggo ambi- sakake caturan wong mati – o, balik parentah iku ana ing astane Allah kabeh. Apa ta para kang padha angestu durung sumurup, yen, manawa Allah angarsakna, amasthi Panjenengane anuntun sa- kehing manusa? Lan ora bakal leren-leren para kang padha kafir anggone padha kataman babaya kang anggigirisi amarga saka pang- gawene, utawa iku bakal tumurun cedhak saka padunungane, nganti tumekane janjining Allah, sa- yekti Allah iku ora bakal anyula- yani janji |
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّن قَبْلِكَ فَأَمْلَيْتُ لِلَّذِينَ كَفَرُوا ثُمَّ أَخَذْتُهُمْ ۖ فَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ (32) Lan sayekti temen para utusan ing sadurungira padha di- guguyu, ananging Ingsun aparing sumene marang para kang padha kafir, tumuli padha Ingsun lebur; lah kapriye kaanane wawales- Ingsun |
أَفَمَنْ هُوَ قَائِمٌ عَلَىٰ كُلِّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ ۗ وَجَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ قُلْ سَمُّوهُمْ ۚ أَمْ تُنَبِّئُونَهُ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِي الْأَرْضِ أَم بِظَاهِرٍ مِّنَ الْقَوْلِ ۗ بَلْ زُيِّنَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا مَكْرُهُمْ وَصُدُّوا عَنِ السَّبِيلِ ۗ وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِنْ هَادٍ (33) Lah apa ta Panjenengane, kang rumeksa sarupaning jiwa tumrap apa panggawene. ? Ewadene dheweke padha agawe sekuthon tumrap Allah. Calathua: Padha jenengna; apa ta kowe arep anerangake marang Panjenengane prakara barang kang Panjenengane ora pirsa ing bumi, utawa apa ta kalawan pangucap kang lair? Balik tu- mrap kang padha kafir rancangane padha rinengga-nengga sarta padha tinulak saka ing dadalan; lan sapa kang disasarake dening Allaha ora bakal duwe panuntun |
لَّهُمْ عَذَابٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَشَقُّ ۖ وَمَا لَهُم مِّنَ اللَّهِ مِن وَاقٍ (34) Bakal padha oleh siksa ing dalem kauripan donya, sarta siksa- ning akhirat sayekti luwih abanget, apa dene ora bakal duwe panga- yoman minangka panulak ing Allah |
۞ مَّثَلُ الْجَنَّةِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۖ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ أُكُلُهَا دَائِمٌ وَظِلُّهَا ۚ تِلْكَ عُقْبَى الَّذِينَ اتَّقَوا ۖ وَّعُقْبَى الْكَافِرِينَ النَّارُ (35) Sanepane patamanan kang di- janjekake para wong bekti iku: ing jerone kali-kaline padha mili; woh-wohane tanpa pedhot, lan ayome; iki ka- wusanane para kang padha prayit- na , lan kawusanane para kafir iku geni |
وَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَفْرَحُونَ بِمَا أُنزِلَ إِلَيْكَ ۖ وَمِنَ الْأَحْزَابِ مَن يُنكِرُ بَعْضَهُ ۚ قُلْ إِنَّمَا أُمِرْتُ أَنْ أَعْبُدَ اللَّهَ وَلَا أُشْرِكَ بِهِ ۚ إِلَيْهِ أَدْعُو وَإِلَيْهِ مَآبِ (36) Lan para kang wus padha Ingsun paringi Kitab iku padha bungah marang apa kang kadha- wuhake marang sira, lan para papanthan ana kang ngemohi saperangan iku. Calathua: Aku iki mung didhawuhi, supaya aku angawulani Allah lan ora anya- kuthokake apa-apa karo Panjene- ngane; marang Panjenengane panguwuhku , sarta marang Panjenengane baliku |
وَكَذَٰلِكَ أَنزَلْنَاهُ حُكْمًا عَرَبِيًّا ۚ وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُم بَعْدَمَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا وَاقٍ (37) Lan kaya mangkono anggon Ingsun andhawuhake iku, sawiji- ning pancasan bener ing basa Arab, lan manawa sira manut pepenginane kang asor-asor ing sawise ana kawruh tumeka marang sira, sira ora bakal duwe panga- yoman utawa panjaga minangka panulaking Allah |
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّن قَبْلِكَ وَجَعَلْنَا لَهُمْ أَزْوَاجًا وَذُرِّيَّةً ۚ وَمَا كَانَ لِرَسُولٍ أَن يَأْتِيَ بِآيَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ لِكُلِّ أَجَلٍ كِتَابٌ (38) Lan sayekti temen Ingsun wus angutus para utusan ing sadurung- ira sarta padha Ingsun paringi jodho lan turun; lan ora dumunung ana ing utusan ane- kakake tandha iku, kajaba kalawan idining Allah; tumrap sarupaning katamtuan iku ana mangsane kang tinamtu |
يَمْحُو اللَّهُ مَا يَشَاءُ وَيُثْبِتُ ۖ وَعِندَهُ أُمُّ الْكِتَابِ (39) Allah angilangi sarta anetep- ake apa kang dadi keparenging karsa-Ne; lan ana ing ngarsa-Ne tatalesing Kitab iku |
وَإِن مَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ (40) Lan Ingsun bakal ameruhake marang sira saperangane kang Ingsun ancamake marang dheweke utawa Ingsun agawe patinira, amarga sasangganira iku mung anekakake ayahan, dene amancasi petungane iku ana ing Ingsun |
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ وَاللَّهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ سَرِيعُ الْحِسَابِ (41) Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun angrawuhi bumi Ingsun elongi saka tepis-iringe? lan Allah iku amancasi – ora ana kang bisa ambadhal marang pancasan-E, lan Panjenengane iku rikat ing dalem pangetung |
وَقَدْ مَكَرَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ فَلِلَّهِ الْمَكْرُ جَمِيعًا ۖ يَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ ۗ وَسَيَعْلَمُ الْكُفَّارُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ (42) Lan para ing sadurunge dheweke iku temen wis padha andhapuk rancangan, ananging kabeh pangrancang iku ana ing Allah; Panjenengane anguningani apa panggawene siji- sijining jiwa, lan para kafir bakal weruh, kawusananing padunungan iku bageane sapa |
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَسْتَ مُرْسَلًا ۚ قُلْ كَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ وَمَنْ عِندَهُ عِلْمُ الْكِتَابِ (43) Lan para kang padha kafir padha calathu: Kowe iku dudu utu- san. Calathua: Allah iku wis cukup minangka saksi antarane aku lan kowe lan sapa kang kadunungan kawruh Kitab |