سَبَّحَ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ (1) Isine langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ (2) Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni |
كَبُرَ مَقْتًا عِندَ اللَّهِ أَن تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ (3) Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni |
إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِهِ صَفًّا كَأَنَّهُم بُنْيَانٌ مَّرْصُوصٌ (4) Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa |
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ لِمَ تُؤْذُونَنِي وَقَد تَّعْلَمُونَ أَنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ ۖ فَلَمَّا زَاغُوا أَزَاغَ اللَّهُ قُلُوبَهُمْ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ (5) (Muhammad) , nyeritakna nalikane Musa pitutur marang ummate, " Para ummatku, ya gene kowe padha nglarakake atiku gene kowe padha nglarakake atiku ing mangka kowe wis padha weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe?" Bareng para ummat mau padha puguh nyimpang saka ing bener, Allah ora kersa nuduhake wong kang padha duraka |
وَإِذْ قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ إِنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُم مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرَاةِ وَمُبَشِّرًا بِرَسُولٍ يَأْتِي مِن بَعْدِي اسْمُهُ أَحْمَدُ ۖ فَلَمَّا جَاءَهُم بِالْبَيِّنَاتِ قَالُوا هَٰذَا سِحْرٌ مُّبِينٌ (6) Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, " Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad ( Muhammad) " . Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, " Tandha yekti iki cetha sihir |
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ وَهُوَ يُدْعَىٰ إِلَى الْإِسْلَامِ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ (7) Ora ana wong kang nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh ngarani marang Allah kang ora patut, kang mangka wong mau wis tampa dhawuh, dipurih ngelakoni Agama Islam, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir |
يُرِيدُونَ لِيُطْفِئُوا نُورَ اللَّهِ بِأَفْوَاهِهِمْ وَاللَّهُ مُتِمُّ نُورِهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ (8) Karepe wong kafir mau kudu mateni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kafir padha gething |
هُوَ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَىٰ وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ (9) Allah iku ngutus Rasule nyiarake pituduh bener ( agama Islam) dikersakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liyane kabeh, sanadiyan wong mangro tingal padha ora dhemen |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَىٰ تِجَارَةٍ تُنجِيكُم مِّنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ (10) Para mukmin! Apa sira ( gelem) Ingsun tuduhake dagangan kang nyelametake ing sira saka siksa kang ngelarani |
تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنفُسِكُمْ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ (11) Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni |
يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ وَمَسَاكِنَ طَيِّبَةً فِي جَنَّاتِ عَدْنٍ ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (12) Allah ngapura sakabehe kaluputanira, lan nglebokake sira ana ing suwarga kang ana bengawane mili ana ing sangisare kekayon, lan ana omah kang luwih dening indhah rerenggane dhumunung ana sajeroning suwarga ' Adn kang mangkono aran kebegjan gedhe |
وَأُخْرَىٰ تُحِبُّونَهَا ۖ نَصْرٌ مِّنَ اللَّهِ وَفَتْحٌ قَرِيبٌ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ (13) Lan ana maneh bakal paparinge Allah kang sira dhemeni, hiya iku pitulunge Allah lan kemenangan kang cedhak ( wektune) . Iku sira wartakna anggawa bebungah marang para mukmin |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا أَنصَارَ اللَّهِ كَمَا قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ لِلْحَوَارِيِّينَ مَنْ أَنصَارِي إِلَى اللَّهِ ۖ قَالَ الْحَوَارِيُّونَ نَحْنُ أَنصَارُ اللَّهِ ۖ فَآمَنَت طَّائِفَةٌ مِّن بَنِي إِسْرَائِيلَ وَكَفَرَت طَّائِفَةٌ ۖ فَأَيَّدْنَا الَّذِينَ آمَنُوا عَلَىٰ عَدُوِّهِمْ فَأَصْبَحُوا ظَاهِرِينَ (14) Para mukmin! sira padha dadiya wong biyantu marang agamane Allah. Kayadene Isa putra Maryam dhawuh marang sahabate kang setiya, " Sapa kang keduga biyantu marang aku ( kanggo) ngedekake agama Allah?" Para pendherek kang setiya ( sahabat Hawariyun) padha matur, " Kula tamtu sami biyantu dhateng agamaning Allah" . Ing kono sagolongan Bani Israil ana kang percaya lan ana kang maido. Dene wong sing percaya padha Ingsun sentosakake wusana menang perange ngalahake saterune |