يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا (1) He Manungsa kabeh, sira padha bektia ing Pangeranira, kang wis nitahake saka awak siji lan banjor nitahake bojone dititahake saka bagiane awak siji mau sarta kang wis nyebar saka sakarone iku priya lan wanita kang akeh. Lan sira padha bektia marang Allah kang padha sira anggo gegaraning panyuwun lan (sira aja medhot) sih. Satemene Allah iku nguwasake ing sira kabeh |
وَآتُوا الْيَتَامَىٰ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَتَبَدَّلُوا الْخَبِيثَ بِالطَّيِّبِ ۖ وَلَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَهُمْ إِلَىٰ أَمْوَالِكُمْ ۚ إِنَّهُ كَانَ حُوبًا كَبِيرًا (2) Lan sira padha menehna bandhane bocah Yatim sarta sira aja nglironi bandhane kang becik, sira ijoli kang ala. Lan aja mangan bandhane bocah Yatim mau sira campur bandhanira. Satemene wong kang mengkono iku dosa gedhe |
وَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تُقْسِطُوا فِي الْيَتَامَىٰ فَانكِحُوا مَا طَابَ لَكُم مِّنَ النِّسَاءِ مَثْنَىٰ وَثُلَاثَ وَرُبَاعَ ۖ فَإِنْ خِفْتُمْ أَلَّا تَعْدِلُوا فَوَاحِدَةً أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَدْنَىٰ أَلَّا تَعُولُوا (3) Dene menawa sira padha kuwatir ora bakal tumindak adil tumrape bandhane bocah yatim (lan kuwatir ora bakal bisa adil tumrap pandumira marang bojo) sira padha nikaha (rabia) wong wadon kang dadi condhoning atinira, ngloro nelu utawa mapat bae. Dene yen sira meksa isih kuwatir ora bakal bisa tumindak adil, iya rabia (nikaha) wong wadon mung siji bae, utawa nerimaa mung wong wadon tukon darbeking tanganira bae, kang mengkono iku luwih cedhak sumingkir saka tumindak nganiaya |
وَآتُوا النِّسَاءَ صَدُقَاتِهِنَّ نِحْلَةً ۚ فَإِن طِبْنَ لَكُمْ عَن شَيْءٍ مِّنْهُ نَفْسًا فَكُلُوهُ هَنِيئًا مَّرِيئًا (4) Lan sira mbayara mas kawining wong wadon, minangka paweweh. Dene yen wong wadon mau wis ridha mas kawine marang sira, mas kawin mau sira pangana kelawan enak |
وَلَا تُؤْتُوا السُّفَهَاءَ أَمْوَالَكُمُ الَّتِي جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ قِيَامًا وَارْزُقُوهُمْ فِيهَا وَاكْسُوهُمْ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوفًا (5) He wong kang padha nguwasani bandhane bocah sakpepadhane, bocah kang padha ngebreh bandhane, aja sira wenehake, kersane Allah bandha mau dicekelake sira kanggo ngopeni bocah mau. Sira padha ngingonana lan sira padha nyandangana bocah mau kelawan bandhane. Lan sira padha nandukna tembung manis tur kepenak marang bocah mau |
وَابْتَلُوا الْيَتَامَىٰ حَتَّىٰ إِذَا بَلَغُوا النِّكَاحَ فَإِنْ آنَسْتُم مِّنْهُمْ رُشْدًا فَادْفَعُوا إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ ۖ وَلَا تَأْكُلُوهَا إِسْرَافًا وَبِدَارًا أَن يَكْبَرُوا ۚ وَمَن كَانَ غَنِيًّا فَلْيَسْتَعْفِفْ ۖ وَمَن كَانَ فَقِيرًا فَلْيَأْكُلْ بِالْمَعْرُوفِ ۚ فَإِذَا دَفَعْتُمْ إِلَيْهِمْ أَمْوَالَهُمْ فَأَشْهِدُوا عَلَيْهِمْ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ حَسِيبًا (6) Lan sira padha nitipriksa kahananing bocah yatim nganti tekan dewasa (baligh wayahe rabi). Ing kono manawa muturut panimbangira bocah yatim mau wis pinter, bandhane nuli sira wenehake marang bocah mau. Lan sira aja wani-wani mangan bandhane bocah yatim kelawan ora bener nggege entek ing bandha mau. Lan sapa kang nguwasani bandhane bocah yatim iku sugih, aja mangan babar pisan marang bandhane bocah yatim. Nanging yen kekurangan, ya mangana bandhane kelawan becik (bener). Dene manawa sira padha masrahake bandhane bocah yatim kang nduweni bandha mau, sira padha neksekna temene bocah yatim mau wis nampa bandhane. Lan wis cukup Allah dadi Panimbang |
لِّلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِّمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ مِمَّا قَلَّ مِنْهُ أَوْ كَثُرَ ۚ نَصِيبًا مَّفْرُوضًا (7) Wong-wong lanang padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyung) utawa saka sanak sedulure. Wong-wong wadon iya padha duwe panduman saka barang tetinggalane wong tuwa loro (bapabiyunge) utawa saka sanak sedulure, ana kang mung nampa sethithik utawa akeh. Mangkono iku panduman kang wis tinamtokake |
وَإِذَا حَضَرَ الْقِسْمَةَ أُولُو الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينُ فَارْزُقُوهُم مِّنْهُ وَقُولُوا لَهُمْ قَوْلًا مَّعْرُوفًا (8) He wong kang padha tampa panduman waris, manawa anak sanak sadulur kang benere ora oleh panduman, lan bocah yatim, apa dene para wong miskin padha teka meruhi pengedume barang tinggalan iku padha sira ujurana (sadurunge barang mau dibage marang para waris kang mesthi nompa) lan padha sira tandukana tembung kang becik lan manis |
وَلْيَخْشَ الَّذِينَ لَوْ تَرَكُوا مِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوا عَلَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوا اللَّهَ وَلْيَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (9) Lan sira padha nguwarna wong kang padha lara banget, kang manawa mati sarta sapungkure tinggal anak cilik. Anak cilik mau dikuwatirake mbokmanawa ora kopen, mulane sira padha bektia marang Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kelawan pitutur kang becik |
إِنَّ الَّذِينَ يَأْكُلُونَ أَمْوَالَ الْيَتَامَىٰ ظُلْمًا إِنَّمَا يَأْكُلُونَ فِي بُطُونِهِمْ نَارًا ۖ وَسَيَصْلَوْنَ سَعِيرًا (10) Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka, ing besuk bakal dicemplungake ing neraka Sa'ir |
يُوصِيكُمُ اللَّهُ فِي أَوْلَادِكُمْ ۖ لِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنثَيَيْنِ ۚ فَإِن كُنَّ نِسَاءً فَوْقَ اثْنَتَيْنِ فَلَهُنَّ ثُلُثَا مَا تَرَكَ ۖ وَإِن كَانَتْ وَاحِدَةً فَلَهَا النِّصْفُ ۚ وَلِأَبَوَيْهِ لِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ مِمَّا تَرَكَ إِن كَانَ لَهُ وَلَدٌ ۚ فَإِن لَّمْ يَكُن لَّهُ وَلَدٌ وَوَرِثَهُ أَبَوَاهُ فَلِأُمِّهِ الثُّلُثُ ۚ فَإِن كَانَ لَهُ إِخْوَةٌ فَلِأُمِّهِ السُّدُسُ ۚ مِن بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِي بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ لَا تَدْرُونَ أَيُّهُمْ أَقْرَبُ لَكُمْ نَفْعًا ۚ فَرِيضَةً مِّنَ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا (11) Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana |
۞ وَلَكُمْ نِصْفُ مَا تَرَكَ أَزْوَاجُكُمْ إِن لَّمْ يَكُن لَّهُنَّ وَلَدٌ ۚ فَإِن كَانَ لَهُنَّ وَلَدٌ فَلَكُمُ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْنَ ۚ مِن بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصِينَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۚ وَلَهُنَّ الرُّبُعُ مِمَّا تَرَكْتُمْ إِن لَّمْ يَكُن لَّكُمْ وَلَدٌ ۚ فَإِن كَانَ لَكُمْ وَلَدٌ فَلَهُنَّ الثُّمُنُ مِمَّا تَرَكْتُم ۚ مِّن بَعْدِ وَصِيَّةٍ تُوصُونَ بِهَا أَوْ دَيْنٍ ۗ وَإِن كَانَ رَجُلٌ يُورَثُ كَلَالَةً أَوِ امْرَأَةٌ وَلَهُ أَخٌ أَوْ أُخْتٌ فَلِكُلِّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا السُّدُسُ ۚ فَإِن كَانُوا أَكْثَرَ مِن ذَٰلِكَ فَهُمْ شُرَكَاءُ فِي الثُّلُثِ ۚ مِن بَعْدِ وَصِيَّةٍ يُوصَىٰ بِهَا أَوْ دَيْنٍ غَيْرَ مُضَارٍّ ۚ وَصِيَّةً مِّنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَلِيمٌ (12) Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan rabinira kang mati, iku manawa rabinira mau ora tinggal anak. Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating branang tetinggalane rabinira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening rabinira, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange. Para rabinira duwe panduman saprapating barang tinggalanira yen sira mati, iku manawa sira ora tinggal anak. Dene yen sira tinggal anak, rabinira mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, sarta dienggo mundhati utange. Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaku utawa anak, ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan. Nanging yen sedulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diendum rampak sakancane padha sedulur tunggal sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo mundhati utange, tur wasiyat mau ora ndadekake kemlarataning (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah. Dene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Sabar |
تِلْكَ حُدُودُ اللَّهِ ۚ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (13) Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung |
وَمَن يَعْصِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُّهِينٌ (14) Dene sing sapa duraka ing Allah lan Utusane, apa dene nerak angger-anggere Allah, Allah bakal nyiksa marang wong mau, dicemplungake neraka, ana kono padha langgeng sarta dipatrapi siksa kang ina |
وَاللَّاتِي يَأْتِينَ الْفَاحِشَةَ مِن نِّسَائِكُمْ فَاسْتَشْهِدُوا عَلَيْهِنَّ أَرْبَعَةً مِّنكُمْ ۖ فَإِن شَهِدُوا فَأَمْسِكُوهُنَّ فِي الْبُيُوتِ حَتَّىٰ يَتَوَفَّاهُنَّ الْمَوْتُ أَوْ يَجْعَلَ اللَّهُ لَهُنَّ سَبِيلًا (15) (Para wong kang padha nyekel kabenaran) mungguh para wanita kang padha nglakoni ala (zina) iku padha sira golekna saksi lanang papat. Manawa wong papat mau wis padha nyekseni anggone zina, wanita mau banjur sira kunjaranen, (kurungen) ana sajroning omah, nganti dheweke mati utawa nganti Allah ndamel dalan marang dheweke (lepas saka anggone dikurung utawa dikunjara) |
وَاللَّذَانِ يَأْتِيَانِهَا مِنكُمْ فَآذُوهُمَا ۖ فَإِن تَابَا وَأَصْلَحَا فَأَعْرِضُوا عَنْهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ تَوَّابًا رَّحِيمًا (16) Dene yen ana wong loro kang nindakake laku ala (zina) iku padha pilaranen dene wong loro mau banjur padha tobat, lan padha mbecikake kelakuane, yen wis nengna wae. Satemene Allah kepareng nampa tobate para kawula sarta Maha Asih |
إِنَّمَا التَّوْبَةُ عَلَى اللَّهِ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السُّوءَ بِجَهَالَةٍ ثُمَّ يَتُوبُونَ مِن قَرِيبٍ فَأُولَٰئِكَ يَتُوبُ اللَّهُ عَلَيْهِمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (17) Satemene tobat (kang ditampa) dening Allah iku tumrap wong kang nglakoni laku ala kang padha klimput atine (jalaran saka ora mangerti), kang ora antara suwe banjur tobat. Wong kang mangkono iku diparengake tobate dening Allah. Allah iku Ngudaneni tur Maha Wicaksana |
وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّىٰ إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (18) Tobat iku ora tumrap wong kang nglakoni laku ala pirang-pirang, kang nganti tekan waktu mati lagi matur: "Ing sapunika kawula tobat". Lan ora tumrap wong kang padha mati kafir. Wong mangkono mau Ingsun ancam kelawan siksa kang nglarani |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا يَحِلُّ لَكُمْ أَن تَرِثُوا النِّسَاءَ كَرْهًا ۖ وَلَا تَعْضُلُوهُنَّ لِتَذْهَبُوا بِبَعْضِ مَا آتَيْتُمُوهُنَّ إِلَّا أَن يَأْتِينَ بِفَاحِشَةٍ مُّبَيِّنَةٍ ۚ وَعَاشِرُوهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ ۚ فَإِن كَرِهْتُمُوهُنَّ فَعَسَىٰ أَن تَكْرَهُوا شَيْئًا وَيَجْعَلَ اللَّهُ فِيهِ خَيْرًا كَثِيرًا (19) He wong kang mukmin kabeh, tumrap sira ora bakal halal maris bandhane para wanita kelawan peksan. Lan sira aja padha nyegah wong wadon mau manawa arep omah-omah maneh. Pamrihe supaya sira bisa ngilangake seperangane bandha kang sira wenehake marang dheweke, kajaba yen wanita-wanita mau wis terang anggone nindakake laku ala (zina). Lan sira supaya nyrawungi marang wanita-wanita mau kelawan becik. Dene manawa sira ora dhemen marang wong wadon mau, (sira antekna dhisik) mbokmanawa sira gething marang sawijining barang, nanging Allah nitahake kabecikan pirang-pirang ana ing barang kang sira gethingi |
وَإِنْ أَرَدتُّمُ اسْتِبْدَالَ زَوْجٍ مَّكَانَ زَوْجٍ وَآتَيْتُمْ إِحْدَاهُنَّ قِنطَارًا فَلَا تَأْخُذُوا مِنْهُ شَيْئًا ۚ أَتَأْخُذُونَهُ بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُّبِينًا (20) Lan manawa sira duwe sedya arep ganti bojo (arep rabi maneh) mongka sira wis mbayar utawa nganggemi maskawin bandha akeh marang bojo kang ora sira dhemeni, iku sira aja pisan-pisan ngelongi maskawin mau sethithik-thithika, (yen sira nganti nglakoni) apa sira ngepek maskawin kelawan panganiaya lan dosa kang wis terang |
وَكَيْفَ تَأْخُذُونَهُ وَقَدْ أَفْضَىٰ بَعْضُكُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ وَأَخَذْنَ مِنكُم مِّيثَاقًا غَلِيظًا (21) Kapriye yen sira nganti padha ngelongi (jupuk) maskawine, kang mongka sira wis kelakon saresmi karo bojonira sarta dheweke wis padha ngalap perjanjian kukuh saka sira kabeh |
وَلَا تَنكِحُوا مَا نَكَحَ آبَاؤُكُم مِّنَ النِّسَاءِ إِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۚ إِنَّهُ كَانَ فَاحِشَةً وَمَقْتًا وَسَاءَ سَبِيلًا (22) Lan maneh sira aja padha ngrabeni wong wadon kang wis nate diningkah (dirabi) dening bapa utawa embahira, kajaba kang wis kebanjur biyen. Satemene kang mangkono iku jember lan kabendon dening Allah sarta ala-alaning dalan |
حُرِّمَتْ عَلَيْكُمْ أُمَّهَاتُكُمْ وَبَنَاتُكُمْ وَأَخَوَاتُكُمْ وَعَمَّاتُكُمْ وَخَالَاتُكُمْ وَبَنَاتُ الْأَخِ وَبَنَاتُ الْأُخْتِ وَأُمَّهَاتُكُمُ اللَّاتِي أَرْضَعْنَكُمْ وَأَخَوَاتُكُم مِّنَ الرَّضَاعَةِ وَأُمَّهَاتُ نِسَائِكُمْ وَرَبَائِبُكُمُ اللَّاتِي فِي حُجُورِكُم مِّن نِّسَائِكُمُ اللَّاتِي دَخَلْتُم بِهِنَّ فَإِن لَّمْ تَكُونُوا دَخَلْتُم بِهِنَّ فَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ وَحَلَائِلُ أَبْنَائِكُمُ الَّذِينَ مِنْ أَصْلَابِكُمْ وَأَن تَجْمَعُوا بَيْنَ الْأُخْتَيْنِ إِلَّا مَا قَدْ سَلَفَ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَّحِيمًا (23) Lan sira (uga) dilarangi angngrabeni biyungira lan anakira wadon lan sadulurira wadon, lan sadulure wadon bapakira lan sadulure wadon biyungira, lan anake wadon sadulur wadon lan biyungira inya kang wis nyusoni ing sira lan sedulurira wadon tunggal suson lan biyunge rabinira lan anakira kuwalon kang kelumrahane ana ing pangkonira, metu saka rabinira kang wis becik (cumbana). Dene yen sira durung becik (cumbana) lan rabinira, ora ana pakewuhe sira ngrabeni anakira kuwalon. Lan dilarangi maneh tilas rabine anakira lanang kang patutan saka sira dhewe lan maneh sira dilarang wayuh wanita loro kang padha sedulur, mengkono mau kajaba wis kebanjur biyen. Satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih |
۞ وَالْمُحْصَنَاتُ مِنَ النِّسَاءِ إِلَّا مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۖ كِتَابَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ ۚ وَأُحِلَّ لَكُم مَّا وَرَاءَ ذَٰلِكُمْ أَن تَبْتَغُوا بِأَمْوَالِكُم مُّحْصِنِينَ غَيْرَ مُسَافِحِينَ ۚ فَمَا اسْتَمْتَعْتُم بِهِ مِنْهُنَّ فَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ فَرِيضَةً ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ فِيمَا تَرَاضَيْتُم بِهِ مِن بَعْدِ الْفَرِيضَةِ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا حَكِيمًا (24) Lan maneh sira padha dilarangi ngrabeni wong wadon kang somahan (kang duwe bojo) kajaba wanita (jariah) kang kadarbe ing sira, Allah nemtokake kang mangkono mau marang sira kabeh, lan sira padha dililani ngupaya bojo wanita, liyane kang klebu ing larangan mau, sarana maskawin bandhanira, dadi sira padha ora aran zina, aran sesomahan, endi wanita kang sira anggo kebungahan karabi ing sira bayara maskawin kang kasebut ing nikah, sawise maskawin mau ditemtokake akeh sethithike. Manawa sira sarta wanita mau padha narima mundhaking maskawin utawa sudane, yen ora ana pakewuhe. Satemene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Wicaksana |
وَمَن لَّمْ يَسْتَطِعْ مِنكُمْ طَوْلًا أَن يَنكِحَ الْمُحْصَنَاتِ الْمُؤْمِنَاتِ فَمِن مَّا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُم مِّن فَتَيَاتِكُمُ الْمُؤْمِنَاتِ ۚ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِإِيمَانِكُم ۚ بَعْضُكُم مِّن بَعْضٍ ۚ فَانكِحُوهُنَّ بِإِذْنِ أَهْلِهِنَّ وَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ بِالْمَعْرُوفِ مُحْصَنَاتٍ غَيْرَ مُسَافِحَاتٍ وَلَا مُتَّخِذَاتِ أَخْدَانٍ ۚ فَإِذَا أُحْصِنَّ فَإِنْ أَتَيْنَ بِفَاحِشَةٍ فَعَلَيْهِنَّ نِصْفُ مَا عَلَى الْمُحْصَنَاتِ مِنَ الْعَذَابِ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَشِيَ الْعَنَتَ مِنكُمْ ۚ وَأَن تَصْبِرُوا خَيْرٌ لَّكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (25) Lan sing sapa saka sira kabeh ora kuwat mbayar mas kawin kanggo wong wadon merdika kang mukmin, iya nikaha (ngrabiya) wong wadon kawula kang mukmin, kang kadarbe ing liyan. Allah iku Ngudaneni setia lan orane anggonira mukmin. Yen lahira sira anggonira mukmin. Yen lahira sira lan wong wadon kawula kang resik, ora gelem zina, ngedheng utawa dhelikan. Sira nikaha klawan ridlaning bendarane, lan sira mbayara maskawine klawan ganep. Manawa wong wadon kawula mau wis kelakon omah-omah, kang mongka mbanjur nglakoni kang mongka mbanjur nglakoni zina, iku patrapane saparoning patrapane wong wadon merdika. Dene kenane ngrabeni wong wadon kawula kang jalaran ora kuwat mbayar maskawine wong-wong wadon merdika, iku tumrap wong kang kuwatir mbok manawa nglakoni zina. Ewa dene yen sira kuwat sabar ora ngrabeni wong wadon kawula lan uga ora zina, iku tumraping sira luwih becik. Dene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Asih |
يُرِيدُ اللَّهُ لِيُبَيِّنَ لَكُمْ وَيَهْدِيَكُمْ سُنَنَ الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ وَيَتُوبَ عَلَيْكُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (26) Allah iku kersa nerangake laku-lakuning agama marang sira kabeh lan paring pituduh laku-lakuning para Nabi sadurungira lan kersa nampa tobatira. Dene Allah iku Maha Ngudaneni sarta Maha Wicaksana |
وَاللَّهُ يُرِيدُ أَن يَتُوبَ عَلَيْكُمْ وَيُرِيدُ الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الشَّهَوَاتِ أَن تَمِيلُوا مَيْلًا عَظِيمًا (27) Allah kersa nampa tobatira kabeh. Dene wong-wong kang padha nggugu hawa nafsune (wong Yahudi lan wong Nasrani) iku padha pamrih supaya sira kabeh padha nyleweng temenan (saka barang kang bener) |
يُرِيدُ اللَّهُ أَن يُخَفِّفَ عَنكُمْ ۚ وَخُلِقَ الْإِنسَانُ ضَعِيفًا (28) Allah kersa ngenthengake marang sira kabeh, jalaran manungsa iku dititahake apes |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَأْكُلُوا أَمْوَالَكُم بَيْنَكُم بِالْبَاطِلِ إِلَّا أَن تَكُونَ تِجَارَةً عَن تَرَاضٍ مِّنكُمْ ۚ وَلَا تَقْتُلُوا أَنفُسَكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُمْ رَحِيمًا (29) Para wong mukmin kabeh, sira aja mangan bandha-bandhanira ana ing antaranira kelawan batal, kajaba yen bandha mau arupa dagangan kang wis krana lila, lan sira aja padha mateni awakira dhewe, jalaran satemene Allah iku Maha Asih marang sira kabeh |
وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ عُدْوَانًا وَظُلْمًا فَسَوْفَ نُصْلِيهِ نَارًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا (30) Lan sing sapa tumindak kang mengkono iku nglanggar wates lan nganiaya, temen Ingsung nutup (ngilangi) kaluputanira (kang cilik) bakal nyemplungake dheweke ana ing neraka. Lan kang mengkono iku mungguhing Allah gampang |
إِن تَجْتَنِبُوا كَبَائِرَ مَا تُنْهَوْنَ عَنْهُ نُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَنُدْخِلْكُم مُّدْخَلًا كَرِيمًا (31) Menawa sira padha nyingkiri larangan (dosa) gedhe kang tumrap marang sira kabeh, mesthi tumindak ala kang sira tindakake Ingsun tutupi (dosa-dosa cilik) Lan sira bakal padha Ingsun lebokake ing suwarga kang Mulya |
وَلَا تَتَمَنَّوْا مَا فَضَّلَ اللَّهُ بِهِ بَعْضَكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ لِّلرِّجَالِ نَصِيبٌ مِّمَّا اكْتَسَبُوا ۖ وَلِلنِّسَاءِ نَصِيبٌ مِّمَّا اكْتَسَبْنَ ۚ وَاسْأَلُوا اللَّهَ مِن فَضْلِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا (32) Lan sira aja padha kemeren, ngarep-ngarep kabegjan kang wis diparingake dening Allah marang saweneh saka sira ngungkuli liyane. Para wong lanang padha duwe panduman pituwase barang kang wis padha ditindakake. Para wong wadon uga padha duwe panduman pituwase barang kang wis ditindakake. Sira padha nyuwuna sih kanugrahaning Allah. Satemene Allah iku ngudaneni marang samubarang |
وَلِكُلٍّ جَعَلْنَا مَوَالِيَ مِمَّا تَرَكَ الْوَالِدَانِ وَالْأَقْرَبُونَ ۚ وَالَّذِينَ عَقَدَتْ أَيْمَانُكُمْ فَآتُوهُمْ نَصِيبَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدًا (33) Lan tumrap siji-sijine wong (mati) Ingsun wis ndadekake ahli waris tumrap barang tetinggalane, (yaiku) wong tuwane loro lan para sanak sadulure. Lan (menawa ana) wong-wong padha perjanjian kanthi supawa (kawula), jalaran saka iku sira padha menehna wong-wong mau. Satemene Allah iku Maha nekseni marang samubarang |
الرِّجَالُ قَوَّامُونَ عَلَى النِّسَاءِ بِمَا فَضَّلَ اللَّهُ بَعْضَهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ وَبِمَا أَنفَقُوا مِنْ أَمْوَالِهِمْ ۚ فَالصَّالِحَاتُ قَانِتَاتٌ حَافِظَاتٌ لِّلْغَيْبِ بِمَا حَفِظَ اللَّهُ ۚ وَاللَّاتِي تَخَافُونَ نُشُوزَهُنَّ فَعِظُوهُنَّ وَاهْجُرُوهُنَّ فِي الْمَضَاجِعِ وَاضْرِبُوهُنَّ ۖ فَإِنْ أَطَعْنَكُمْ فَلَا تَبْغُوا عَلَيْهِنَّ سَبِيلًا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيًّا كَبِيرًا (34) Para wong lanang iku padha nguwasani (dadi Pemimpin) marang para wong wadon, jalaran anggone Allah ngluwihake wong lanang ngungkuli wong-wong wadon, lan jalaran anggone dheweke wis aweh nafkah nganggo bandhane, Mulane wong wadon kang becik iku mesthi manut miturut (tha'at) marang lakine (bojo), tur rumeksa ing wadine (ora sedheng) kelawan pangreksane Allah kang wis didhawuhake. Dene wong wadon kang sira kuwatirake wangkal (ora manut miturut), iku sira pituturan kang becik, yen meksa wangkal, nuli sira ngedohna saka paturone. Yen meksa isih wangkal, sira gitiki. Dene yen banjur manut miturut marang sira, aja sira goleh-golekake perkara. Satemene Allah iku Maha Luhur lan Maha Agung |
وَإِنْ خِفْتُمْ شِقَاقَ بَيْنِهِمَا فَابْعَثُوا حَكَمًا مِّنْ أَهْلِهِ وَحَكَمًا مِّنْ أَهْلِهَا إِن يُرِيدَا إِصْلَاحًا يُوَفِّقِ اللَّهُ بَيْنَهُمَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلِيمًا خَبِيرًا (35) (He wong kang padha nyekel bebeneran), menawa sira padha kuwatir (weruh) pasulayaning wong bebojoan nuli sira padha nganakna juru pemisah , saka sadulure kang lanang lan sijine saka sanake kang wadon . Sabanjure menawa juru pemisah loro-loro mau karep gawe becik, Allah bakal nulungi antarane wong loro mau. Satemene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Waspada |
۞ وَاعْبُدُوا اللَّهَ وَلَا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا وَبِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَالْجَارِ ذِي الْقُرْبَىٰ وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنبِ وَابْنِ السَّبِيلِ وَمَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَن كَانَ مُخْتَالًا فَخُورًا (36) LAn sira padha manembaha Allah, lan aja nyekuthokake Allah kelawan barang liyane. Lan padha gawea becik (ngabekti) marang wong tuwa loro, lan para sedulurira, lan para bocah Yatim, lan para wong miskin, lan tangga lan para wong miskin, lan tangga cedak kang isih sanak, lan tangga kang adoh lan kanca kang raket lan marang Ibnu Sabi (wong kang pinuju lelungan), apa dene kawula kang kadarbe ing sira. Satemene Allah iku ora remen wong kang gumedhe lan ngunggul-ngunggulake kaluwihane |
الَّذِينَ يَبْخَلُونَ وَيَأْمُرُونَ النَّاسَ بِالْبُخْلِ وَيَكْتُمُونَ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ ۗ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُّهِينًا (37) (Yaiku) wong-wong kang medhit (kumel) lan kang ngajak-ngajak para manungsa supaya padha medhit, lan padha ngumpetake peparinging Allah kang wis diparingake marang wong mau. Lan Ingsun ngancam marang wong kafir kanthi siksa kang ngasorake |
وَالَّذِينَ يُنفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ رِئَاءَ النَّاسِ وَلَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْآخِرِ ۗ وَمَن يَكُنِ الشَّيْطَانُ لَهُ قَرِينًا فَسَاءَ قَرِينًا (38) (kajaba wong kafir), Ingsun uga ngancam wong kang padha dermakake bandhane nganggo diweruhake ing wong (murih dilem) lan pra percaya ing Allah, apa dene ora percaya marang anane dina qiyamat. Dene sing sapa duwe kanca syetan iku weruha menawa syetan iku kanca kang ala banget |
وَمَاذَا عَلَيْهِمْ لَوْ آمَنُوا بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَنفَقُوا مِمَّا رَزَقَهُمُ اللَّهُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِهِمْ عَلِيمًا (39) Apa ta pakewuhe upama wong-wong padha gelem percaya marang Allah lan dina Qiyamat sarta padha gelem ndermakake bandha kang wis diparingke dening Allah? Allah iku ngudaneni marang wong-wong mau kabeh |
إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ ۖ وَإِن تَكُ حَسَنَةً يُضَاعِفْهَا وَيُؤْتِ مِن لَّدُنْهُ أَجْرًا عَظِيمًا (40) Satemene Allah iku ora kersa nganiaya sanajan mung sabobote semut kang cilik. Dene menawa ana amal-amale iku becik, Allah bakal maringi ganjarane tikel-matikel, sarta bakal maringi ganjaran kang agung saka ngarsane |
فَكَيْفَ إِذَا جِئْنَا مِن كُلِّ أُمَّةٍ بِشَهِيدٍ وَجِئْنَا بِكَ عَلَىٰ هَٰؤُلَاءِ شَهِيدًا (41) Kapriye bakal kedadeyane wong-wong kafir mau besuk nalika Ingsun nekakake saksi saka saben-saben ummat, lan Ingsun nekakake sira (Muhammad) supaya dadi saksi tumrap wong-wong kafir mau |
يَوْمَئِذٍ يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَعَصَوُا الرَّسُولَ لَوْ تُسَوَّىٰ بِهِمُ الْأَرْضُ وَلَا يَكْتُمُونَ اللَّهَ حَدِيثًا (42) Ing dina iku sarupaning wong-wong kafir lan wong-wong kang padha duraka ing Rasul, luwih seneng (bungah) awake sirna dadi lemah, lan padha ora bisa ngumpetake paturan marang Allah nelaki tumindake kang ala kang wis ditindakake |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَقْرَبُوا الصَّلَاةَ وَأَنتُمْ سُكَارَىٰ حَتَّىٰ تَعْلَمُوا مَا تَقُولُونَ وَلَا جُنُبًا إِلَّا عَابِرِي سَبِيلٍ حَتَّىٰ تَغْتَسِلُوا ۚ وَإِن كُنتُم مَّرْضَىٰ أَوْ عَلَىٰ سَفَرٍ أَوْ جَاءَ أَحَدٌ مِّنكُم مِّنَ الْغَائِطِ أَوْ لَامَسْتُمُ النِّسَاءَ فَلَمْ تَجِدُوا مَاءً فَتَيَمَّمُوا صَعِيدًا طَيِّبًا فَامْسَحُوا بِوُجُوهِكُمْ وَأَيْدِيكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا غَفُورًا (43) He wong kang padha mukmin kabeh, sira aja padha nindakake sholat menawa sira lagi mendem, kajaba menawa sira kabeh wis padha mangerti apa kang sira ucapake, lan aja padha nindakake shalat menawa sira padha junub (mentas cumbana), kajaba wong kang pinuju lelungan, lumaku ana ing dedalan, nganti sira padha adus. Dene yen sira pinuju lara utawa ana sajroning lelungan, utawa salah sawiji nira mentas teka saka jamban, utawa sira senggolan karo wong wadon (cumbana), iku yen sira padha ora oleh bangu, sira banjur padha tayamum nganggo lebu kang resik (suci), nuli padha ngusapa rahinira lan tanganira. Satemene Allah iku Maha Agung sarta Maha Pangapura |
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِّنَ الْكِتَابِ يَشْتَرُونَ الضَّلَالَةَ وَيُرِيدُونَ أَن تَضِلُّوا السَّبِيلَ (44) Apa sira Muhammad ora sumurup wong-wong kang diparingi Kitab (Yahudi lan Nasrani) malah padha ngijoli kanthi barang sasar sarta padha duwe karep arep nasarake marang sira saka dalan kang bener |
وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِأَعْدَائِكُمْ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَلِيًّا وَكَفَىٰ بِاللَّهِ نَصِيرًا (45) Dene Allah iku ngudaneni marang para saterunira. Lan pangreksane Allah wis cukup marang sira. Lan semono uga pangayomane Allah marang sira iya wis cukup |
مِّنَ الَّذِينَ هَادُوا يُحَرِّفُونَ الْكَلِمَ عَن مَّوَاضِعِهِ وَيَقُولُونَ سَمِعْنَا وَعَصَيْنَا وَاسْمَعْ غَيْرَ مُسْمَعٍ وَرَاعِنَا لَيًّا بِأَلْسِنَتِهِمْ وَطَعْنًا فِي الدِّينِ ۚ وَلَوْ أَنَّهُمْ قَالُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا وَاسْمَعْ وَانظُرْنَا لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَأَقْوَمَ وَلَٰكِن لَّعَنَهُمُ اللَّهُ بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُونَ إِلَّا قَلِيلًا (46) Sawenehe wong-wong Yahudi ana sagolongan kang padha ngowahi tetembungane Kitab Taurat, ana tetembungan kang dibuwang saka panggonane (banjur disalini tetembungan liyane), lan padha matur marang Kanjeng Rasul: "Pangandika panjenengan sampun kula mirengaken, nanging kula sami mbangkang (mopo). panjenengan kula aturi mirengaken, nanging boten dipun gatosaken", sarta pangucape maneh: "Raa'Inaa", dheweke padha mutar balik klawan lisane, sarta natoni (nyenyamah - nacat) agama. Saupama dheweke iku padha ngucap: "Kita sami mireng lan kita sami ndherek, panjenengan kula aturi mirengaken sarta mugi panjenengan nyrantosaken dhateng kita", temen kang mengkono iku luwih becik lan luwih jejeg, nanging Allah wis bendoni (nglaknati) marang dheweke kegawa anggone padha kafir. Mulane ora padha gelem percaya kejaba mung sethithik |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ آمِنُوا بِمَا نَزَّلْنَا مُصَدِّقًا لِّمَا مَعَكُم مِّن قَبْلِ أَن نَّطْمِسَ وُجُوهًا فَنَرُدَّهَا عَلَىٰ أَدْبَارِهَا أَوْ نَلْعَنَهُمْ كَمَا لَعَنَّا أَصْحَابَ السَّبْتِ ۚ وَكَانَ أَمْرُ اللَّهِ مَفْعُولًا (47) He para wong kang padha diparingi Kitab, sira padha percaya ing kitab Qur'an kang wis Ingsun turunake, kang mbenerake marang kitab cecekelanira, mumpung Ingsun durung ngrusak rahi pirang-pirang, kang sabanjure padha Ingsun inger marep marang mburi, utawa mumpung Ingsun durung mbendoni marang wong mau kaya anggoningsun mbendoni para Bani Israil kang padha kaluputan nyambut gawe, ana ing dina Sabtu (Ingsun salini rupa kethek). Dene kabeh prentahe (dhawuhe) Allah iku mesthi kaleksan |
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَن يَشَاءُ ۚ وَمَن يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدِ افْتَرَىٰ إِثْمًا عَظِيمًا (48) Satemene Allah iku ora bakal ngapura menawa panjenengane nganti disekuthokake, nanging panjenengane ngapura saliyane kang mengkono marang wong-wong kang dadi keparenge kersane. Dene sapa kang nyekuthokake marang Allah, iku setemene dheweke iku tumindak dosa kang gedhe |
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يُزَكُّونَ أَنفُسَهُم ۚ بَلِ اللَّهُ يُزَكِّي مَن يَشَاءُ وَلَا يُظْلَمُونَ فَتِيلًا (49) (Muhammad), apa sira durung sumurup wong-wong (Yahudi lan Nasrani) kang padha sumuci-suci nucekake awake dhewek (iku ora bener, dnee kang bener) Allah iku nucekake wong kang dadi kepareng kersane. (Wong Yahudi lan wong Nasrani kaya mengkono mau mesthi padha disiksa). Lan dheweke iku ora bakal padha dikaniaya sethithik-thithika |
انظُرْ كَيْفَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۖ وَكَفَىٰ بِهِ إِثْمًا مُّبِينًا (50) Sira ndelenga kepriye anggone wong-wong mau padha gawe gegorohan marang ngersane Allah, lan wis cukup mengkono iku (dadi) sawijining dosa kang tetela |
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِّنَ الْكِتَابِ يُؤْمِنُونَ بِالْجِبْتِ وَالطَّاغُوتِ وَيَقُولُونَ لِلَّذِينَ كَفَرُوا هَٰؤُلَاءِ أَهْدَىٰ مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا سَبِيلًا (51) Apa sira (Muhammad) durung sumurup marang wong-wong kang padha wis diparingi panduman saka kitab? Dheweke padha percaya marang berhala kang aran Jibti lan Thaghut, sarta padha ngucap marang kancane kang padha kafir, menawa wong-wong mau luwih oleh pituduh marang dalan kang bener ngungkuli wong-wong kang padha percaya |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَعَنَهُمُ اللَّهُ ۖ وَمَن يَلْعَنِ اللَّهُ فَلَن تَجِدَ لَهُ نَصِيرًا (52) Wong kang mengkono iku tetap padha dibendoni (dila'nati) dening Allah, wis mesthi ora ana kang bisa nulungi |
أَمْ لَهُمْ نَصِيبٌ مِّنَ الْمُلْكِ فَإِذًا لَّا يُؤْتُونَ النَّاسَ نَقِيرًا (53) Apa wong mengkono mau padha duwe panduman Keratoning Allah (ora). Wong mengkono mau ora pisan-pisan gelem weweh sethithik-thithika marang para manungsa |
أَمْ يَحْسُدُونَ النَّاسَ عَلَىٰ مَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ ۖ فَقَدْ آتَيْنَا آلَ إِبْرَاهِيمَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَآتَيْنَاهُم مُّلْكًا عَظِيمًا (54) Apa ta padha andrengkeni para manusa dening anggone padha kaparingan dening Allah arupa lubering kadarman-E? Lah temen Ingsun wis amaringi Kitab lan kawicaksanan para dharah Ibrahim, sarta wus padha Ingsun paringi karaton kang gedhe |
فَمِنْهُم مَّنْ آمَنَ بِهِ وَمِنْهُم مَّن صَدَّ عَنْهُ ۚ وَكَفَىٰ بِجَهَنَّمَ سَعِيرًا (55) Mulane sawenehe ana sing angestu ing dheweke lan sawenehe ana sing malengos saka dhe- weke, lan naraka iku wis cukup kanggo ngobong |
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِنَا سَوْفَ نُصْلِيهِمْ نَارًا كُلَّمَا نَضِجَتْ جُلُودُهُم بَدَّلْنَاهُمْ جُلُودًا غَيْرَهَا لِيَذُوقُوا الْعَذَابَ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَزِيزًا حَكِيمًا (56) Sayekti para kang padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun, bakal Ingsun cemplungake ing geni; saben-saben kulite wis padha kobong, padha Ingsun salini kulit liyane, supaya padha ang- rasakake siksa; sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana |
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ لَّهُمْ فِيهَا أَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ ۖ وَنُدْخِلُهُمْ ظِلًّا ظَلِيلًا (57) Lan para kang padha angestu sarta anglakoni panggawe becik, bakal Ingsun lebokake ing pata- manan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; ana ing kono bakal padha oleh jodho kang padha sucia lan bakal padha Ingsun lebokake ing kabegjan gedhe |
۞ إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُكُمْ أَن تُؤَدُّوا الْأَمَانَاتِ إِلَىٰ أَهْلِهَا وَإِذَا حَكَمْتُم بَيْنَ النَّاسِ أَن تَحْكُمُوا بِالْعَدْلِ ۚ إِنَّ اللَّهَ نِعِمَّا يَعِظُكُم بِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ سَمِيعًا بَصِيرًا (58) Sayekti Allah adhawuh ma- rang sira ingandikakake padha ambalekake titipan marang sing pantes anampani, lan samang- sa sira anibakake bebeneran anta- raning para manusa ingandikakake kalawan adil; sayekti Allah iku amituturi sira kalawan apa kang linuhung; sayekti Allah iku Ami- yarsa, Amirsani |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَأُولِي الْأَمْرِ مِنكُمْ ۖ فَإِن تَنَازَعْتُمْ فِي شَيْءٍ فَرُدُّوهُ إِلَى اللَّهِ وَالرَّسُولِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا (59) E, para kang padha angestu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan padha ambangun-turuta ing Utusan sarta kang nyekel papren- tahan saka ing antaranira; lah, manawa sira padha pasulayan ing dalem sawijining prakara, iku iya balekna marang Allah lan Utusan, yen ta sira iku padha angestu ing Allah lan dina akhir; iki luwih prayoga sarta wusanane luwih dening becik |
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يَزْعُمُونَ أَنَّهُمْ آمَنُوا بِمَا أُنزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنزِلَ مِن قَبْلِكَ يُرِيدُونَ أَن يَتَحَاكَمُوا إِلَى الطَّاغُوتِ وَقَدْ أُمِرُوا أَن يَكْفُرُوا بِهِ وَيُرِيدُ الشَّيْطَانُ أَن يُضِلَّهُمْ ضَلَالًا بَعِيدًا (60) Apa sira ora andeleng marang para kang padha angaku yen padha angestu marang apa kang kadha- wuhake marang sira sarta apa kang kadhawuhake ing sadurungira? Dheweke padha duwe karep an- jaluk bebeneran marang setan, sanajan wis padha didhawuhi, iki ingandikakake angafiri, lan si setan duwe karep arep anasarake dhe- weke kalawan sasar kang adoh |
وَإِذَا قِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا إِلَىٰ مَا أَنزَلَ اللَّهُ وَإِلَى الرَّسُولِ رَأَيْتَ الْمُنَافِقِينَ يَصُدُّونَ عَنكَ صُدُودًا (61) Lan samangsane padha di- calathoni: Ayo padha tumekaa marang apa sing kadhawuhake dening Allah lan marang Utusan, sira bakal weruh para lamis padha malengos saka ing sira kalawan pamalengos kang abanget |
فَكَيْفَ إِذَا أَصَابَتْهُم مُّصِيبَةٌ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيهِمْ ثُمَّ جَاءُوكَ يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ إِنْ أَرَدْنَا إِلَّا إِحْسَانًا وَتَوْفِيقًا (62) Nanging kapriye manawa babaya anibani dheweke, amarga saka panggawene tangan-tangane kang dhisik-dhisik? Tumuli padha anekani sira, kalawan sumpah dhemi Allah: Kajeng kula boten sanes kajawi sae sarta pirukun |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يَعْلَمُ اللَّهُ مَا فِي قُلُوبِهِمْ فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَعِظْهُمْ وَقُل لَّهُمْ فِي أَنفُسِهِمْ قَوْلًا بَلِيغًا (63) Iki para kang apa sing ana ing sajroning ati-atine, Allah angu- ningani; mulane padha singkirana lan padha tuturana sarta padha kandanana prakara awake kalawan tembung kang mranani |
وَمَا أَرْسَلْنَا مِن رَّسُولٍ إِلَّا لِيُطَاعَ بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَلَوْ أَنَّهُمْ إِذ ظَّلَمُوا أَنفُسَهُمْ جَاءُوكَ فَاسْتَغْفَرُوا اللَّهَ وَاسْتَغْفَرَ لَهُمُ الرَّسُولُ لَوَجَدُوا اللَّهَ تَوَّابًا رَّحِيمًا (64) Anggon-Ingsun angutus Utu- san iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah; lan saupama dheweke iku nalikane padha atindak dudu marang awake dhewe anekani sira, banjur nyu- wun pangapura ing Allah sarta Utusan anyuwunake panga- pura dheweke, amasthi padha katemu nyatane, Allah iku tansah awongsal-wangsul , Mahaasih |
فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوا فِي أَنفُسِهِمْ حَرَجًا مِّمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا (65) Nanging ora! dhemi Pangera- nira, dheweke iku padha ora angestu nganti tumekane dheweke padha anetepake sira dadi juru nibakake bebeneran ing dalem prakara kang dadi sulaya antarane awake, tumuli ing atine ora ana rupeke tumrap pancasanira sarta padha manut kalawan sumarah |
وَلَوْ أَنَّا كَتَبْنَا عَلَيْهِمْ أَنِ اقْتُلُوا أَنفُسَكُمْ أَوِ اخْرُجُوا مِن دِيَارِكُم مَّا فَعَلُوهُ إِلَّا قَلِيلٌ مِّنْهُمْ ۖ وَلَوْ أَنَّهُمْ فَعَلُوا مَا يُوعَظُونَ بِهِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْ وَأَشَدَّ تَثْبِيتًا (66) Lan manawa Ingsun anetep- ana wajib marang dheweke: Padha tohna jiwanira utawa lungaa saka ing nagaranira, iku ora bakal padha anindakake, kajaba ana sathithik; lan saupama dheweke padha anindakna apa kang dipitu- turake marang dheweke, amasthi luwih becik awake sarta anetepake bangeting kukuhe |
وَإِذًا لَّآتَيْنَاهُم مِّن لَّدُنَّا أَجْرًا عَظِيمًا (67) Lan amasthi tumuli padha Ingsun paringi ganjaran gedhe saka ing ngarsa-Ningsun dhewe |
وَلَهَدَيْنَاهُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيمًا (68) Sarta amasthi padha Ingsun tuntun ing dalan kang bener |
وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَالرَّسُولَ فَأُولَٰئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِم مِّنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِينَ ۚ وَحَسُنَ أُولَٰئِكَ رَفِيقًا (69) Lan sapa sing ambangunturut ing Allah lan Utusan, lah ya iki panunggalane para kang padha kaparingan nugraha dening Allah, kaya ta: para nabi, lan para wong temen, sarta para babanten tuwin para wong tulus, lan rewang kang becik banget iki |
ذَٰلِكَ الْفَضْلُ مِنَ اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ عَلِيمًا (70) Iki lubering kadarman saka ing Allah, lan wis cukup Allah Ingkang-Anguningani |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا خُذُوا حِذْرَكُمْ فَانفِرُوا ثُبَاتٍ أَوِ انفِرُوا جَمِيعًا (71) E, para kang padha angestu, padha pasangen kaprayitnanira, mulane padha mangsaha sagolo- ngan-sagolongan utawa mangsaha bareng kabeh |
وَإِنَّ مِنكُمْ لَمَن لَّيُبَطِّئَنَّ فَإِنْ أَصَابَتْكُم مُّصِيبَةٌ قَالَ قَدْ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيَّ إِذْ لَمْ أَكُن مَّعَهُمْ شَهِيدًا (72) Lan sayekti sawenehira ana kang pancen angereni! Lah mana- wa babaya angenani sira, angucap: Temen Allah wus aparing nugraha marang aku, dene aku ora teka ambarengi dheweke |
وَلَئِنْ أَصَابَكُمْ فَضْلٌ مِّنَ اللَّهِ لَيَقُولَنَّ كَأَن لَّمْ تَكُن بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُ مَوَدَّةٌ يَا لَيْتَنِي كُنتُ مَعَهُمْ فَأَفُوزَ فَوْزًا عَظِيمًا (73) Lan manawa lubering kadar- man saka ing Allah anekani sira, masthi bakal angucap, sajake antaranira karo dheweke kaya ora ana sambunging sih katresnan: O, mungguh aku ambarengana dhe- weke, amasthi aku bakal entuk oleh-olehan gedhe |
۞ فَلْيُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ الَّذِينَ يَشْرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا بِالْآخِرَةِ ۚ وَمَن يُقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَيُقْتَلْ أَوْ يَغْلِبْ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا (74) Mulane padha peranga ing dadalaning Allah para kang padha angedol kauripan donya iki ma- mrih akhirat; lan sapa sing perang ing dadalaning Allah, apa banjur kapatenan apa menang, iku masthi bakal Ingsun paringi pituwas kang agung |
وَمَا لَكُمْ لَا تُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاءِ وَالْوِلْدَانِ الَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا أَخْرِجْنَا مِنْ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ الظَّالِمِ أَهْلُهَا وَاجْعَل لَّنَا مِن لَّدُنكَ وَلِيًّا وَاجْعَل لَّنَا مِن لَّدُنكَ نَصِيرًا (75) Lan apa ta karananira sira padha ora perang ing dadalaning Allah lan wong-wong lanang lan wong-wong wadon sar- ta bocah-bocah kang padha apes, kang padha munjuk: Pangeran kawula! mugi kawula Tuwan wedalaken saking nagari punika, ingkang tiyangipun para anganiaya, saha mugi Tuwan apa- ring dhateng kawula pangayoman saking ngarsa Tuwan, punapa dene mugi Tuwan aparing dhateng kawula panulung saking ngarsa Tuwan |
الَّذِينَ آمَنُوا يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ الطَّاغُوتِ فَقَاتِلُوا أَوْلِيَاءَ الشَّيْطَانِ ۖ إِنَّ كَيْدَ الشَّيْطَانِ كَانَ ضَعِيفًا (76) Para kang padha angestu iku padha perang ing dadalaning Allah, lan para kang padha kafir iku padha perang ing dadalaning setan. Mulane padha peranga lumawan para mitraning setan; sayekti upayaning setan iku apes |
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ قِيلَ لَهُمْ كُفُّوا أَيْدِيَكُمْ وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ فَلَمَّا كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقِتَالُ إِذَا فَرِيقٌ مِّنْهُمْ يَخْشَوْنَ النَّاسَ كَخَشْيَةِ اللَّهِ أَوْ أَشَدَّ خَشْيَةً ۚ وَقَالُوا رَبَّنَا لِمَ كَتَبْتَ عَلَيْنَا الْقِتَالَ لَوْلَا أَخَّرْتَنَا إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ ۗ قُلْ مَتَاعُ الدُّنْيَا قَلِيلٌ وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ لِّمَنِ اتَّقَىٰ وَلَا تُظْلَمُونَ فَتِيلًا (77) Apa sira ora andeleng marang para kang padha didhawuhi: Lerena tangan-tanganmu lan anju- menengna salat sarta ambayara zakat; nanging samangsa perang ditetepake wajib ingatase dheweke, lah ing kono, ana sing sapantha wedi marang manusa kaya kudune wedine maring Allah, utawa malah kapara banget ing wedi, tuwin padha munjuk: Pangeran kawula, punapaa dene Tuwan anetepaken wajib perang tumrap dhateng kawula? Punapaa kawula boten Tuwan sumenekaken sakedhap malih? Calathua: Kabungahan ing donya iku sapele, sarta akhirat iku luwih becik tumrape wong kang bekti, lan sira ora pisan-pisan bakal kataman ing panggawe dudu |
أَيْنَمَا تَكُونُوا يُدْرِككُّمُ الْمَوْتُ وَلَوْ كُنتُمْ فِي بُرُوجٍ مُّشَيَّدَةٍ ۗ وَإِن تُصِبْهُمْ حَسَنَةٌ يَقُولُوا هَٰذِهِ مِنْ عِندِ اللَّهِ ۖ وَإِن تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَقُولُوا هَٰذِهِ مِنْ عِندِكَ ۚ قُلْ كُلٌّ مِّنْ عِندِ اللَّهِ ۖ فَمَالِ هَٰؤُلَاءِ الْقَوْمِ لَا يَكَادُونَ يَفْقَهُونَ حَدِيثًا (78) Ana ing ngendi-endia mang- gonira, pati iku bakal tumeka ing sira, sanajan sira padha ana ing gedhong dhuwur. Lan manawa katekan becik, padha acalathu: Iki saka ngarsaning Allah; lan mana- wa katekan ala, padha calathu: Iki saka kowe. Calathua: Kabeh iku saka ngarsaning Allah; ananging ana apa ta wong-wong iki, dene prasasat padha ora ngerti apa kang kadhawuhake |
مَّا أَصَابَكَ مِنْ حَسَنَةٍ فَمِنَ اللَّهِ ۖ وَمَا أَصَابَكَ مِن سَيِّئَةٍ فَمِن نَّفْسِكَ ۚ وَأَرْسَلْنَاكَ لِلنَّاسِ رَسُولًا ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا (79) Sabarang becik kang tumeka ing sira , lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhewe; lan Ingsun angutus ing sira ! marang kama- nusan minangka Utusan; lan wis cukup Allah iku minangka Saksi |
مَّن يُطِعِ الرَّسُولَ فَقَدْ أَطَاعَ اللَّهَ ۖ وَمَن تَوَلَّىٰ فَمَا أَرْسَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا (80) Sapa sing ambangun-turut ing Utusan, lah sajatine iku ambangun- turut ing Allah; lan sapa sing ma- lengos, lah anggon-Ingsun angutus ing sira iku ora minangka juru- ngreksa dheweke |
وَيَقُولُونَ طَاعَةٌ فَإِذَا بَرَزُوا مِنْ عِندِكَ بَيَّتَ طَائِفَةٌ مِّنْهُمْ غَيْرَ الَّذِي تَقُولُ ۖ وَاللَّهُ يَكْتُبُ مَا يُبَيِّتُونَ ۖ فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا (81) Lan dheweke padha acalathu: Pambangun-turut. Ananging bareng wis padha metu saka ing ngarepira, sing sapantha, ing wengi anetepake tumindak dudu kang sira dha- wuhake; lan Allah iku anyerati apa kang ditetepake ing wengi, mulane padha singkirana lan sumendhea marang Allah, lan wis cukup Allah iku minangka Panga- yoman |
أَفَلَا يَتَدَبَّرُونَ الْقُرْآنَ ۚ وَلَوْ كَانَ مِنْ عِندِ غَيْرِ اللَّهِ لَوَجَدُوا فِيهِ اخْتِلَافًا كَثِيرًا (82) Lah apa ta padha ora meleng marang Quran? Lan saupama saka saliyane Allah, amasthi dheweke padha mrangguli pasulayan sa- pirang-pirang ana ing sajerone |
وَإِذَا جَاءَهُمْ أَمْرٌ مِّنَ الْأَمْنِ أَوِ الْخَوْفِ أَذَاعُوا بِهِ ۖ وَلَوْ رَدُّوهُ إِلَى الرَّسُولِ وَإِلَىٰ أُولِي الْأَمْرِ مِنْهُمْ لَعَلِمَهُ الَّذِينَ يَسْتَنبِطُونَهُ مِنْهُمْ ۗ وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ لَاتَّبَعْتُمُ الشَّيْطَانَ إِلَّا قَلِيلًا (83) Lan manawa ana pawarta tumeka marang dheweke: aman utawa nguwatiri, disebar-sebarake; lan manawa iki diaturake marang Utusan lan marang kang nyekel paprentahan saka ing antarane, amasthi sawenehe, sing padha bisa nastitekake iki, bakal wis padha weruh; lan saupama oraa ana lubering kadarmane Allah sarta wilasa-Ne, amasthi sira bakal padha manut marang setan, kajaba sathithik |
فَقَاتِلْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ لَا تُكَلَّفُ إِلَّا نَفْسَكَ ۚ وَحَرِّضِ الْمُؤْمِنِينَ ۖ عَسَى اللَّهُ أَن يَكُفَّ بَأْسَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ وَاللَّهُ أَشَدُّ بَأْسًا وَأَشَدُّ تَنكِيلًا (84) Mulane sira peranga ing dadalaning Allah: ora liya kang kajibah iku kajaba awakira dhewe; sarta ananangia para angestu; manawa-manawa Allah ameperake perange wong kafir, lan Allah iku luwih abanget ing kawanen sarta luwih abanget ing pidana |
مَّن يَشْفَعْ شَفَاعَةً حَسَنَةً يَكُن لَّهُ نَصِيبٌ مِّنْهَا ۖ وَمَن يَشْفَعْ شَفَاعَةً سَيِّئَةً يَكُن لَّهُ كِفْلٌ مِّنْهَا ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ مُّقِيتًا (85) Sapa sing rewang-rewang ing dalem panggawe becik, bakal oleh panduman sape- rangane, lan sapa sing rewang- rewang ing dalem pang- gawe ala, bakal duwe tanggungan saperangane; lan Allah iku kang amisesa ing samubarang |
وَإِذَا حُيِّيتُم بِتَحِيَّةٍ فَحَيُّوا بِأَحْسَنَ مِنْهَا أَوْ رُدُّوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَسِيبًا (86) Lan manawa sira dikurmati kalawan pakurmatan, lah kurmata kalawan kang luwih becik tinimbang iku, utawa mang- sulana padha karo iku; sayekti Allah iku marang samubarang angetang |
اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۗ وَمَنْ أَصْدَقُ مِنَ اللَّهِ حَدِيثًا (87) Allah, ora ana sesembahan kajaba Panjenengane; sayekti Pan- jenengane temen bakal angimpun sira kabeh ing dina kiyamat, wis ora ana semange ing dalem iki; lan sapa ta sing luwih temen ing pangucap tinimbang Allah |
۞ فَمَا لَكُمْ فِي الْمُنَافِقِينَ فِئَتَيْنِ وَاللَّهُ أَرْكَسَهُم بِمَا كَسَبُوا ۚ أَتُرِيدُونَ أَن تَهْدُوا مَنْ أَضَلَّ اللَّهُ ۖ وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَن تَجِدَ لَهُ سَبِيلًا (88) Lah ana apa ta sira iku dene dadi rong golongan ing dalem para lamis, ing mang- ka Allah ambalekake dheweke amarga saka panggawe-panggawene? Apa ta sira padha arep nuntun wong kang wis kasasarake dening Allah? Lan sapa sing wis kasasarake dening Allah, amasthi ora bakal sira entuk dalan tumrap dheweke |
وَدُّوا لَوْ تَكْفُرُونَ كَمَا كَفَرُوا فَتَكُونُونَ سَوَاءً ۖ فَلَا تَتَّخِذُوا مِنْهُمْ أَوْلِيَاءَ حَتَّىٰ يُهَاجِرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ فَإِن تَوَلَّوْا فَخُذُوهُمْ وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ وَجَدتُّمُوهُمْ ۖ وَلَا تَتَّخِذُوا مِنْهُمْ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا (89) Padha angajap-ajap supaya sira padha kafira kaya olehe padha kafir, dadi sira kabeh banjur padha; mulane aja ana kang padha sira alap mitra nganti tumekane dhe- weke padha ngili ing dadalaning Allah; ananging manawa padha malengos, lah padha sira cekela lan padha sira patenana, ana ing ngendi bae katemunira karo dheweke, lan aja ana kang padha sira alap mitra utawa panulung |
إِلَّا الَّذِينَ يَصِلُونَ إِلَىٰ قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُم مِّيثَاقٌ أَوْ جَاءُوكُمْ حَصِرَتْ صُدُورُهُمْ أَن يُقَاتِلُوكُمْ أَوْ يُقَاتِلُوا قَوْمَهُمْ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَسَلَّطَهُمْ عَلَيْكُمْ فَلَقَاتَلُوكُمْ ۚ فَإِنِ اعْتَزَلُوكُمْ فَلَمْ يُقَاتِلُوكُمْ وَأَلْقَوْا إِلَيْكُمُ السَّلَمَ فَمَا جَعَلَ اللَّهُ لَكُمْ عَلَيْهِمْ سَبِيلًا (90) Kajaba para kang padha lumebu marang golongan, kang aprajanjian karo sira, utawa tume- ka marang sira, amenggak atine amerangi sira, utawa amerangi golongane; lan saupama Allah iku angarsakna, amasthi aparing kaku- watan marang dheweke anglawan sira, banjur masthi amerangi sira; mulane manawa dheweke padha anyingkiri sira, dadi padha ora amerangi sira, sarta angacarani pirukun marang sira, amasthi Allah ora aparing dalan marang sira amituna dheweke |
سَتَجِدُونَ آخَرِينَ يُرِيدُونَ أَن يَأْمَنُوكُمْ وَيَأْمَنُوا قَوْمَهُمْ كُلَّ مَا رُدُّوا إِلَى الْفِتْنَةِ أُرْكِسُوا فِيهَا ۚ فَإِن لَّمْ يَعْتَزِلُوكُمْ وَيُلْقُوا إِلَيْكُمُ السَّلَمَ وَيَكُفُّوا أَيْدِيَهُمْ فَخُذُوهُمْ وَاقْتُلُوهُمْ حَيْثُ ثَقِفْتُمُوهُمْ ۚ وَأُولَٰئِكُمْ جَعَلْنَا لَكُمْ عَلَيْهِمْ سُلْطَانًا مُّبِينًا (91) Sira bakal padha kepranggul liyane, kang kapengin aman ka- lawan sira sarta aman kalawan golongane; saben-saben padha bali marang piala, saya kablebek ana ing kono; mulane manawa dheweke padha ora anyingkiri sira sarta ora angacarani pirukun ma- rang sira apa dene ora anglerenake tangan-tangane, lah padha sira cekela lan sira patenana ana ing ngendi bae katemunira dheweke; lan kanggo nglawan iki anggon- Ingsun aparing wewenang kang cetha marang sira |
وَمَا كَانَ لِمُؤْمِنٍ أَن يَقْتُلَ مُؤْمِنًا إِلَّا خَطَأً ۚ وَمَن قَتَلَ مُؤْمِنًا خَطَأً فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ وَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ إِلَىٰ أَهْلِهِ إِلَّا أَن يَصَّدَّقُوا ۚ فَإِن كَانَ مِن قَوْمٍ عَدُوٍّ لَّكُمْ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۖ وَإِن كَانَ مِن قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُم مِّيثَاقٌ فَدِيَةٌ مُّسَلَّمَةٌ إِلَىٰ أَهْلِهِ وَتَحْرِيرُ رَقَبَةٍ مُّؤْمِنَةٍ ۖ فَمَن لَّمْ يَجِدْ فَصِيَامُ شَهْرَيْنِ مُتَتَابِعَيْنِ تَوْبَةً مِّنَ اللَّهِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (92) Lan ora mungguh tumrape mukmin yen ta matenana mukmin, kajaba kleru; lan sapa sing mateni mukmin ora kalawan dijarag, lah amardikakna kawula mukmin siji sarta tetempuh kudu kabayar marang ahline, kaja- ba yen iki anglilakake; ananging manawa dheweke iku asal saka golongan kang amungsuhi sira, sarta dheweke iku mukmin, lah amardikakake kawula mukmin siji , lan manawa dhe-weke iku asal saka ing golongan kang aprajanjian kalawan sira, lah tetempuh kudu dibayar marang ahline karo amardikakake kawula mukmin siji; ananging manawa ora bisa entuk lah kudu puwasa rong sasi tumaruntun: pitobat saka ing Allah, lan Allah iku Anguningani, Wicaksana |
وَمَن يَقْتُلْ مُؤْمِنًا مُّتَعَمِّدًا فَجَزَاؤُهُ جَهَنَّمُ خَالِدًا فِيهَا وَغَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِ وَلَعَنَهُ وَأَعَدَّ لَهُ عَذَابًا عَظِيمًا (93) Lan sapa sing amateni muk- min kalawan jaragan, lah wawa- lese naraka, bakal manggon ing kono lan Allah bakal andhawahake bendu-Ne marang dheweke sarta angla’nati dheweke apa dene anyadhiyakake siksa kang gedhe marang dheweke |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا ضَرَبْتُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَتَبَيَّنُوا وَلَا تَقُولُوا لِمَنْ أَلْقَىٰ إِلَيْكُمُ السَّلَامَ لَسْتَ مُؤْمِنًا تَبْتَغُونَ عَرَضَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فَعِندَ اللَّهِ مَغَانِمُ كَثِيرَةٌ ۚ كَذَٰلِكَ كُنتُم مِّن قَبْلُ فَمَنَّ اللَّهُ عَلَيْكُمْ فَتَبَيَّنُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا (94) E, para kang padha angestu, samangsa sira maju perang ing dadalaning Allah, lah padha aniti- priksaa, lah aja padha calathu marang sapa sing anibakake salam marang sira: Kowe iku dudu mukmin. Apa sira padha ngupaya barang-barang kauripan donya! Lah ing ngarsaning Allah ana kauntungan sapirang-pirang; sira iku ing biyen iya kaya mangkono, tumuli Allah aparing nugraha ma- rang sira; mulane padha anindakna paniti priksa; sayekti Allah iku waspada ing sabarang kang padha sira lakoni |
لَّا يَسْتَوِي الْقَاعِدُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ غَيْرُ أُولِي الضَّرَرِ وَالْمُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ ۚ فَضَّلَ اللَّهُ الْمُجَاهِدِينَ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ عَلَى الْقَاعِدِينَ دَرَجَةً ۚ وَكُلًّا وَعَدَ اللَّهُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَفَضَّلَ اللَّهُ الْمُجَاهِدِينَ عَلَى الْقَاعِدِينَ أَجْرًا عَظِيمًا (95) Ora padha para mukmin sing thenguk-thenguk, dudu sing nan- dhang rekasa, karo para kang padha nyrempeng ing dadalaning Allah kalawan bandhane lan jiwane; Allah wis angluwihake dhuwur ing drajat para kang padha nyrempeng kalawan bandhane lan jiwane angungkuli para kang padha thenguk-thenguk, lan siji- sijine padha disagahi kabecikan dening Allah, lan Allah angluwi- hake para kang padha anyrempeng angungkuli para thenguk-thenguk kalawan ganjaran kang gedhe |
دَرَجَاتٍ مِّنْهُ وَمَغْفِرَةً وَرَحْمَةً ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا (96) Darajat-darajat saka Panjenengane, sarta pangayomana tuwin wilasa, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
إِنَّ الَّذِينَ تَوَفَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ ظَالِمِي أَنفُسِهِمْ قَالُوا فِيمَ كُنتُمْ ۖ قَالُوا كُنَّا مُسْتَضْعَفِينَ فِي الْأَرْضِ ۚ قَالُوا أَلَمْ تَكُنْ أَرْضُ اللَّهِ وَاسِعَةً فَتُهَاجِرُوا فِيهَا ۚ فَأُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا (97) Sayekti para malaikat, mana- wa amateni para kang padha atin- dak dudu marang jiwane dhewe, padha calathu: Kapriye kahanan- ira? Bakal padha mangsuli: Kula punika sami apes wonten ing bumi. Bakal padha calathu: Apa bumine Allah iku ora jembar, dadi sira pa- dha bisa ngalih ing kono? Mulane, ya iki kang padunungane naraka, lan iki papan kang ala |
إِلَّا الْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الرِّجَالِ وَالنِّسَاءِ وَالْوِلْدَانِ لَا يَسْتَطِيعُونَ حِيلَةً وَلَا يَهْتَدُونَ سَبِيلًا (98) Kajaba wong-wong lanang lan wong-wong wadon lan bocah- bocah kang padha apes, kang padha ora kuwat saranane lan ora entuk dalan |
فَأُولَٰئِكَ عَسَى اللَّهُ أَن يَعْفُوَ عَنْهُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَفُوًّا غَفُورًا (99) Mulane, ya iki, manawa- manawa Allah kapareng amuwung dheweke, lan Allah iku ambek Amuwung, Aparamarta |
۞ وَمَن يُهَاجِرْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يَجِدْ فِي الْأَرْضِ مُرَاغَمًا كَثِيرًا وَسَعَةً ۚ وَمَن يَخْرُجْ مِن بَيْتِهِ مُهَاجِرًا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ ثُمَّ يُدْرِكْهُ الْمَوْتُ فَقَدْ وَقَعَ أَجْرُهُ عَلَى اللَّهِ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا (100) Lan sapa sing angili ing dadalaning Allah, ana ing bumi bakal nemu enggon pangungsen sapirang-pirang sarta sumber pa- ngupajiwa kang ambludag; lan sapa sing metu atinggal bale omahe, lumayu marang Allah lan Utusan-E, tumuli pati anututi dheweke, lah ganjarane temen ana ing Allah, lan Allah iku Apara- marta, Mahaasih |
وَإِذَا ضَرَبْتُمْ فِي الْأَرْضِ فَلَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَن تَقْصُرُوا مِنَ الصَّلَاةِ إِنْ خِفْتُمْ أَن يَفْتِنَكُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ إِنَّ الْكَافِرِينَ كَانُوا لَكُمْ عَدُوًّا مُّبِينًا (101) Lan samangsa sira padha lalaku ing bumi, lah ora cacad ingatase sira yen sira anyendhakna salat, manawa sira kuwatir yen para kang padha kafir angrempak ing sira; sayekti para kafir iku mungsuhira kang tetela |
وَإِذَا كُنتَ فِيهِمْ فَأَقَمْتَ لَهُمُ الصَّلَاةَ فَلْتَقُمْ طَائِفَةٌ مِّنْهُم مَّعَكَ وَلْيَأْخُذُوا أَسْلِحَتَهُمْ فَإِذَا سَجَدُوا فَلْيَكُونُوا مِن وَرَائِكُمْ وَلْتَأْتِ طَائِفَةٌ أُخْرَىٰ لَمْ يُصَلُّوا فَلْيُصَلُّوا مَعَكَ وَلْيَأْخُذُوا حِذْرَهُمْ وَأَسْلِحَتَهُمْ ۗ وَدَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ تَغْفُلُونَ عَنْ أَسْلِحَتِكُمْ وَأَمْتِعَتِكُمْ فَيَمِيلُونَ عَلَيْكُم مَّيْلَةً وَاحِدَةً ۚ وَلَا جُنَاحَ عَلَيْكُمْ إِن كَانَ بِكُمْ أَذًى مِّن مَّطَرٍ أَوْ كُنتُم مَّرْضَىٰ أَن تَضَعُوا أَسْلِحَتَكُمْ ۖ وَخُذُوا حِذْرَكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ أَعَدَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُّهِينًا (102) Lan manawa sira ana ing antarane dheweke padha sarta anjumenengake salat tumrap dhe- weke, lah dheweke sing sapantha sira kona ngadeg bareng lan sira sarta padha nyekela gagamane; lah nalika padha sujud padha sira kona menyang ing burinira, lan sapantha liyane sing durung salat supaya majua banjur padha salata amba- rengi sira sarta padha ngrenggepa kaprayitnane lan gagamane; pangarep-arepe kang padha kafir, sira padha kalalena gagama- nira lan gawanira, banjur dheweke arep angrempak ing sira kalawan panyerang kang ambabar-pisani; lan ora cacad ingatase sira anye- lehake gagamanira, manawa sira kena ing udan utawa pinuju lara, sarta padha angrenggepa kapra- yitnanira; sayekti Allah iku anya- dhiyakake siksa kang angasorake tumrap para kafir |
فَإِذَا قَضَيْتُمُ الصَّلَاةَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِكُمْ ۚ فَإِذَا اطْمَأْنَنتُمْ فَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۚ إِنَّ الصَّلَاةَ كَانَتْ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ كِتَابًا مَّوْقُوتًا (103) Lah nalikane wis rampung anggonira salat, banjur padha anebuta ing Allah kalawan ngadeg sarta kalawan linggih tuwin kala- wan turon miring; ananging sa- mangsa sira wis padha jenjem, iya padha anjumenengna salat; sayekti salat iku ingatase para angestu sawijining angger kang tinamtu wayahe |
وَلَا تَهِنُوا فِي ابْتِغَاءِ الْقَوْمِ ۖ إِن تَكُونُوا تَأْلَمُونَ فَإِنَّهُمْ يَأْلَمُونَ كَمَا تَأْلَمُونَ ۖ وَتَرْجُونَ مِنَ اللَّهِ مَا لَا يَرْجُونَ ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (104) Lan aja padha kendho ang- gonira anglud mungsuh; manawa sira padha kelaran, lah sayekti dheweke padha kelaran kaya kelaranira, lan sira angarep-arep saka Allah barang kang dheweke padha ora angarep-arep; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
إِنَّا أَنزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ لِتَحْكُمَ بَيْنَ النَّاسِ بِمَا أَرَاكَ اللَّهُ ۚ وَلَا تَكُن لِّلْخَائِنِينَ خَصِيمًا (105) Sayekti, Ingsun wus andha- wuhake Kitab marang sira kalawan kayekten, supaya sira anibakake bebeneran antarane para manusa kalawan apa kang wis disume- repake dening Allah marang sira; lan aja sira dadi tukang madoni makolehake para cidra |
وَاسْتَغْفِرِ اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَّحِيمًا (106) Lan nyuwuna pangapura- ning Allah; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَلَا تُجَادِلْ عَنِ الَّذِينَ يَخْتَانُونَ أَنفُسَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ مَن كَانَ خَوَّانًا أَثِيمًا (107) Lan aja angikal padu ama- kolehake para kang anglakoni palacidra marang jiwane dhewe; sayekti Allah iku ora remen ma- rang sapa kang padha apalacidra, dosa |
يَسْتَخْفُونَ مِنَ النَّاسِ وَلَا يَسْتَخْفُونَ مِنَ اللَّهِ وَهُوَ مَعَهُمْ إِذْ يُبَيِّتُونَ مَا لَا يَرْضَىٰ مِنَ الْقَوْلِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطًا (108) Padha umpetan saka para manusa, lan ora padha umpetan saka ing Allah, lan Panjenengane iku anjenengi dheweke, nalika ing wengi padha angangen-angen tembung kang Panjenengane ora rena, lan Allah iku anglimputi samubarang kang padha di- lakoni |
هَا أَنتُمْ هَٰؤُلَاءِ جَادَلْتُمْ عَنْهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فَمَن يُجَادِلُ اللَّهَ عَنْهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَم مَّن يَكُونُ عَلَيْهِمْ وَكِيلًا (109) Delengen! Sira iku kang padha angikal padu amakolehake dheweke ing dalem kauripan donya; ananging sapa sing bakal angikal padu marang Allah amakolehake dheweke ing dina kiyamat, utawa sapa sing bakal dadi pangayoman tumrap marang dheweke |
وَمَن يَعْمَلْ سُوءًا أَوْ يَظْلِمْ نَفْسَهُ ثُمَّ يَسْتَغْفِرِ اللَّهَ يَجِدِ اللَّهَ غَفُورًا رَّحِيمًا (110) Lan sapa sing anglakoni panggawe ala utawa atindak dudu marang jiwane dhewe, tumuli nyu- wun pangapuraning Allah, masthi bakal nemu Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَمَن يَكْسِبْ إِثْمًا فَإِنَّمَا يَكْسِبُهُ عَلَىٰ نَفْسِهِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (111) Lan sapa sing sing atindak dosa, lah tumindake iku mung amitunani tumrap marang jiwane; lan Allah iku Anguningani, Wicak- sana |
وَمَن يَكْسِبْ خَطِيئَةً أَوْ إِثْمًا ثُمَّ يَرْمِ بِهِ بَرِيئًا فَقَدِ احْتَمَلَ بُهْتَانًا وَإِثْمًا مُّبِينًا (112) Lan sapa sing anglakoni sawijining kaluputan utawa sawiji- ning dosa, tumuli angipatake iki marang sing ora magepokan, lah temen anggendhong momotane wong doracara lan dosa kang tetela |
وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكَ وَرَحْمَتُهُ لَهَمَّت طَّائِفَةٌ مِّنْهُمْ أَن يُضِلُّوكَ وَمَا يُضِلُّونَ إِلَّا أَنفُسَهُمْ ۖ وَمَا يَضُرُّونَكَ مِن شَيْءٍ ۚ وَأَنزَلَ اللَّهُ عَلَيْكَ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَعَلَّمَكَ مَا لَمْ تَكُن تَعْلَمُ ۚ وَكَانَ فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكَ عَظِيمًا (113) Lan saupama ora anaa lubering kadarmaning Allah tuwin wilasa-Ne marang sira, amasthi dheweke sing sagolongan ane- tepake sedya arep angrusakake sira ananging ora liya kajaba angrusak jiwane dhewe, lan ora pisan- pisan bakal angrusakake sira; lan Allah wus andhawuhake marang sira Kitab lan kawicaksanan, sarta wus mulang apa sing sira ora weruh, lan lubering kadarmaning Allah marang sira iku gedhe banget |
۞ لَّا خَيْرَ فِي كَثِيرٍ مِّن نَّجْوَاهُمْ إِلَّا مَنْ أَمَرَ بِصَدَقَةٍ أَوْ مَعْرُوفٍ أَوْ إِصْلَاحٍ بَيْنَ النَّاسِ ۚ وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ ابْتِغَاءَ مَرْضَاتِ اللَّهِ فَسَوْفَ نُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا (114) Ora ana becike ing dalem keh-kehane pirembugane kang wadi iku, kajaba sapa sing maren- tahake dana, utawa kabecikan uta- wa pirukun antarane para manusa; lan sapa sing anglakoni mangkene iki mamrih karenaning Allah, amasthi dheweke bakal Ingsun paringi ganjaran kang gedhe |
وَمَن يُشَاقِقِ الرَّسُولَ مِن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُ الْهُدَىٰ وَيَتَّبِعْ غَيْرَ سَبِيلِ الْمُؤْمِنِينَ نُوَلِّهِ مَا تَوَلَّىٰ وَنُصْلِهِ جَهَنَّمَ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا (115) Lan sapa sing ngecrahi Utusan ing sawise tuntunan dadi terang tumrap dheweke, sarta nurut kang dudu dadalane para angestu, dheweke iku bakal Ingsun adhep- ake marang barang kang diadhep- ake, lan bakal Ingsun cemplungake naraka; lan iku papan kang ala. A |
إِنَّ اللَّهَ لَا يَغْفِرُ أَن يُشْرَكَ بِهِ وَيَغْفِرُ مَا دُونَ ذَٰلِكَ لِمَن يَشَاءُ ۚ وَمَن يُشْرِكْ بِاللَّهِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا (116) Sayekti Allah ora angapura anyakuthokake sawiji-wiji karo Panjenengane, lan angapura kabeh saliyane iku marang sapa sing dadi kaparenging karsa-Ne;a lan sapa sing nyakuthokake sawiji- wiji karo Allah, lah temen sasar kalawan sasar kang adoh |
إِن يَدْعُونَ مِن دُونِهِ إِلَّا إِنَاثًا وَإِن يَدْعُونَ إِلَّا شَيْطَانًا مَّرِيدًا (117) Para anguwuh saliyane Pan- jenengane, ora liya kajaba barang kang tanpa jiwa, lan ora liya kajaba padha anguwuh setan kang tanpa ana becike |
لَّعَنَهُ اللَّهُ ۘ وَقَالَ لَأَتَّخِذَنَّ مِنْ عِبَادِكَ نَصِيبًا مَّفْرُوضًا (118) Allah wus angla’nati dhe- weke; lan dheweke munjuk: Saestu kula badhe amendheti kawula Tu- wan sapanduman ingkang tinamtu |
وَلَأُضِلَّنَّهُمْ وَلَأُمَنِّيَنَّهُمْ وَلَآمُرَنَّهُمْ فَلَيُبَتِّكُنَّ آذَانَ الْأَنْعَامِ وَلَآمُرَنَّهُمْ فَلَيُغَيِّرُنَّ خَلْقَ اللَّهِ ۚ وَمَن يَتَّخِذِ الشَّيْطَانَ وَلِيًّا مِّن دُونِ اللَّهِ فَقَدْ خَسِرَ خُسْرَانًا مُّبِينًا (119) Lan saestu badhe sami kula tatangi ing pepenginan ingkang muspra, tuwin saestu badhe sami kula ajani anyigar kupinging raja- kaya punapa dene saestu sami badhe kula ajani ingkang supados angewahi titahing Allah; lan sapa sing aluwung angalap setan minangka pangayoman tinimbang Allah, iya masthi bakal kapitunan kalawan kapitunan kang tetela |
يَعِدُهُمْ وَيُمَنِّيهِمْ ۖ وَمَا يَعِدُهُمُ الشَّيْطَانُ إِلَّا غُرُورًا (120) Dheweke padha disaguhi lan padha ditatangi pepenginane kang muspra; lan ora liya kasa- guhane setan marang dheweke iku kajaba mung ngapusi |
أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ وَلَا يَجِدُونَ عَنْهَا مَحِيصًا (121) Iki para kang panggonane iku naraka, lan ora bakal padha oleh pangungsen saka ing kono |
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَنُدْخِلُهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ وَمَنْ أَصْدَقُ مِنَ اللَّهِ قِيلًا (122) Wondene para kang padha angestu lan anglakoni panggawe- panggawe becik, bakal padha Ingsun lebokake ing patamanan, kang ing jerone kali-kaline padha mili, padha manggon ing kono, langgeng; janjining Allah, temenan; lan sapa sing luwih temen ing pangucap tinim- bang Allah |
لَّيْسَ بِأَمَانِيِّكُمْ وَلَا أَمَانِيِّ أَهْلِ الْكِتَابِ ۗ مَن يَعْمَلْ سُوءًا يُجْزَ بِهِ وَلَا يَجِدْ لَهُ مِن دُونِ اللَّهِ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا (123) Ora bakal cocog karo pepe- nginanira kang muspra, lan iya ora cocog karo pepenginane pandhereke Kitab kang muspra; sapa sing anglakoni ala, bakal winales kalawan ala, lan saliyane Allah dheweke ora bakal entuk pangayoman lan ora panulung |
وَمَن يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ مِن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَأُولَٰئِكَ يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُونَ نَقِيرًا (124) Lan sapa sing anglakoni panggawe-panggawe becik, apa wong lanang apa wong wadon, lan dheweke iku wong angestu, _ lah iki bakal padha lumebu ing taman, lan ora pisan-pisan bakal kataman ing tindak dudu |
وَمَنْ أَحْسَنُ دِينًا مِّمَّنْ أَسْلَمَ وَجْهَهُ لِلَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ وَاتَّبَعَ مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۗ وَاتَّخَذَ اللَّهُ إِبْرَاهِيمَ خَلِيلًا (125) Lan sapa ta kang luwih becik agamane tinimbang wong kang sumarah babar pisan adhepe marang Allah? lan dheweke iku wong kang agawe becik sarta miturut agamane Ibrahim, wong tulus, lan Allah iku amundhut Ibrahim minangka mitra |
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ مُّحِيطًا (126) Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungane Allah; lan Allah iku anglimputi samubarang |
وَيَسْتَفْتُونَكَ فِي النِّسَاءِ ۖ قُلِ اللَّهُ يُفْتِيكُمْ فِيهِنَّ وَمَا يُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فِي الْكِتَابِ فِي يَتَامَى النِّسَاءِ اللَّاتِي لَا تُؤْتُونَهُنَّ مَا كُتِبَ لَهُنَّ وَتَرْغَبُونَ أَن تَنكِحُوهُنَّ وَالْمُسْتَضْعَفِينَ مِنَ الْوِلْدَانِ وَأَن تَقُومُوا لِلْيَتَامَىٰ بِالْقِسْطِ ۚ وَمَا تَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِهِ عَلِيمًا (127) Dheweke padha nyuwun putusan tumrap para wadon. Cala- thua: Allah aparing weruh marang sira putusan tumrap dheweke lan apa kang wus diwacakake marang sira ing sajroning Kitab ing bab anak-anak yatime para wadon, kang padha ora sira wenehi apa kang wus katetepake dadi bageane, ing mangka sira emoh anikaha dheweke, sarta ing bab para kang apes, yaiku para anak-anak, lan atindaka kalawan adil marang bocah-bocah yatim; lan kabecikan apa kang padha sira lakoni, lah sayekti, iku Allah anguningani |
وَإِنِ امْرَأَةٌ خَافَتْ مِن بَعْلِهَا نُشُوزًا أَوْ إِعْرَاضًا فَلَا جُنَاحَ عَلَيْهِمَا أَن يُصْلِحَا بَيْنَهُمَا صُلْحًا ۚ وَالصُّلْحُ خَيْرٌ ۗ وَأُحْضِرَتِ الْأَنفُسُ الشُّحَّ ۚ وَإِن تُحْسِنُوا وَتَتَّقُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا (128) Lan manawa wong wadon kuwatir tindak siyane utawa paninggaling lakine, lah ora ala ingatase sakalorone, manawa padha angadegake pirukun antara- ne sakalorone,a lan pirukun iku luwih becik; lan budi iku dianani kumed; lan manawa sira padha agawe becik lan padha bekti, lah sayekti Allah iku Waspada marang apa kang padha sira lakoni |
وَلَن تَسْتَطِيعُوا أَن تَعْدِلُوا بَيْنَ النِّسَاءِ وَلَوْ حَرَصْتُمْ ۖ فَلَا تَمِيلُوا كُلَّ الْمَيْلِ فَتَذَرُوهَا كَالْمُعَلَّقَةِ ۚ وَإِن تُصْلِحُوا وَتَتَّقُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ غَفُورًا رَّحِيمًا (129) Lan sira padha ora duwe kawasa anggonira arep tumindak adil antarane para rabi,b sanajan banget kapenginira, nanging sira aja padha dhoyong kalawan dho- yong babar pisan , nganti dheweke sira etogake bae keplanggrang; lan manawa sira padha angedegake pirukun sarta padha bekti, sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَإِن يَتَفَرَّقَا يُغْنِ اللَّهُ كُلًّا مِّن سَعَتِهِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ وَاسِعًا حَكِيمًا (130) Lan manawa sakaloron pa- dha pegatan, Allah bakal angilang- ake kabutuhane sakarone amarga saka jembaring paparing-E, lan Allah iku jembar paparing-E, Wicaksana |
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَلَقَدْ وَصَّيْنَا الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِن قَبْلِكُمْ وَإِيَّاكُمْ أَنِ اتَّقُوا اللَّهَ ۚ وَإِن تَكْفُرُوا فَإِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَنِيًّا حَمِيدًا (131) Lan samubarang ing langit- langit sarta samubarang ing bumi iku kagungane Allah, lan sayekti temen Ingsun wis andhawuhi para kang padha kaparingan Kitab ing sadurungira lan marang sira, supaya padha di bekti maring Allah; lan manawa sira padha angafiri, lah sayekti samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku kagungane Allah, lan Allah iku ora kabutuh ing samubarang, Maha-pinuji |
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا (132) Lan kagungane Allah samu- barang ing langit-langit lan samu- barang ing bumi iku, lan wis cukup Allah iku minangka Pangayoman |
إِن يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ أَيُّهَا النَّاسُ وَيَأْتِ بِآخَرِينَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ ذَٰلِكَ قَدِيرًا (133) Manawa Panjenengane angar- sakake, saged anglungakake sira, o, para manusa! Lan anekakake liyane; lan Allah iku, nindakake mangkono iku kawasa |
مَّن كَانَ يُرِيدُ ثَوَابَ الدُّنْيَا فَعِندَ اللَّهِ ثَوَابُ الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا بَصِيرًا (134) Sapa sing kapengin gan- jaran donya, lah, ing ngarsaning Allah iku ana ganjaran donya lan akhirat; lan Allah iku Amiyarsa, Amirsani |
۞ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُونُوا قَوَّامِينَ بِالْقِسْطِ شُهَدَاءَ لِلَّهِ وَلَوْ عَلَىٰ أَنفُسِكُمْ أَوِ الْوَالِدَيْنِ وَالْأَقْرَبِينَ ۚ إِن يَكُنْ غَنِيًّا أَوْ فَقِيرًا فَاللَّهُ أَوْلَىٰ بِهِمَا ۖ فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَن تَعْدِلُوا ۚ وَإِن تَلْوُوا أَوْ تُعْرِضُوا فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا (135) E, para kang padha angestu, padha dadia wong kang nyan- tosakake ing adil, saksi karana Allah, sanajan amitunani awakira dhewe utawa wong tuwa sa- kaloron utawa para akrab ; yen dheweke iku sugiha utawa mis- kina, lah Allah iku luwih dening saged ing sakarone; mulane aja padha miturut ing pepenginan kang asor, mun- dhak sira padha nyaleweng; lan manawa sira nalisir utawa ange- dohi, lah sayekti Allah iku waspada marang samubarang kang padha sira lakoni |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا آمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي نَزَّلَ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَالْكِتَابِ الَّذِي أَنزَلَ مِن قَبْلُ ۚ وَمَن يَكْفُرْ بِاللَّهِ وَمَلَائِكَتِهِ وَكُتُبِهِ وَرُسُلِهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ فَقَدْ ضَلَّ ضَلَالًا بَعِيدًا (136) E, para kang padha angestu, padha angestua ing Allah lan Utusan-E, lan Kitab kang wus kadhawuhake marang Utusan-E, lan Kitab kang wus dhumawuh ing sadurunge; lan sapa sing angafiri Allah lan para malaikat-E, lan kitab-kitab-E, lan para utusan-E, lan dina akhir, iya temen-temen sasar kalawan sasar kang adoh |
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا ثُمَّ آمَنُوا ثُمَّ كَفَرُوا ثُمَّ ازْدَادُوا كُفْرًا لَّمْ يَكُنِ اللَّهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ سَبِيلًا (137) Sayekti, para kang padha angestu tumuli angafiri, tumuli angestu , tumuli angafiri , tumuli padha ngundhaki kafire, iku Allah ora bakal angapura lan ora bakal nuntun dheweke ing dalan |
بَشِّرِ الْمُنَافِقِينَ بِأَنَّ لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (138) Dhawuhna marang para lamis, yen dheweke bakal padha oleh siksa kang nglarani |
الَّذِينَ يَتَّخِذُونَ الْكَافِرِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۚ أَيَبْتَغُونَ عِندَهُمُ الْعِزَّةَ فَإِنَّ الْعِزَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا (139) Para sing padha aluwung angalap para kafir minangka pa- ngayoman tinimbang para angestu. Apa ta padha golek singgih saka ing dheweke? Lah sayekti singgih iku kagungane Allah kabeh |
وَقَدْ نَزَّلَ عَلَيْكُمْ فِي الْكِتَابِ أَنْ إِذَا سَمِعْتُمْ آيَاتِ اللَّهِ يُكْفَرُ بِهَا وَيُسْتَهْزَأُ بِهَا فَلَا تَقْعُدُوا مَعَهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ إِنَّكُمْ إِذًا مِّثْلُهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ جَامِعُ الْمُنَافِقِينَ وَالْكَافِرِينَ فِي جَهَنَّمَ جَمِيعًا (140) Lan temen Panjenengane wus andhawuhake marang sira ana ing dalem Kitab, dhawuh-E: Manawa sira padha angrungu timbalan-timbalaning Allah padha dikafiri lan padha diguguyu, lah aja sira padha lulungguhan karo dheweke, nganti padha lumebu ing gunem liyane; sayekti, mengko mundhak sira dadi papadhane; sayekti Allah bakal angumpulake para lamis lan para kafir kabeh ana ing naraka |
الَّذِينَ يَتَرَبَّصُونَ بِكُمْ فَإِن كَانَ لَكُمْ فَتْحٌ مِّنَ اللَّهِ قَالُوا أَلَمْ نَكُن مَّعَكُمْ وَإِن كَانَ لِلْكَافِرِينَ نَصِيبٌ قَالُوا أَلَمْ نَسْتَحْوِذْ عَلَيْكُمْ وَنَمْنَعْكُم مِّنَ الْمُؤْمِنِينَ ۚ فَاللَّهُ يَحْكُمُ بَيْنَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَلَن يَجْعَلَ اللَّهُ لِلْكَافِرِينَ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ سَبِيلًا (141) Para kang padha anganti- anti ing sira; lah manawa sira padha oleh ka- menangan saka ing Allah, padha calathu: Apa ta aku iki padha dudu rowangmu? Lan manawa kabegjan dumunung ing para kafir, padha acalathu: Apa aku iki ora padha amakolehake unggul tumrap ma- rang kowe sarta ananggulangi kowe saka para angestu? Kang iku, ing dina kiyamat, Allah bakal anibakake bebeneran ing antara- nira; lan ora pisan Allah bakal andamelake dalan para kafir kang- go angalahake para angestu |
إِنَّ الْمُنَافِقِينَ يُخَادِعُونَ اللَّهَ وَهُوَ خَادِعُهُمْ وَإِذَا قَامُوا إِلَى الصَّلَاةِ قَامُوا كُسَالَىٰ يُرَاءُونَ النَّاسَ وَلَا يَذْكُرُونَ اللَّهَ إِلَّا قَلِيلًا (142) Sayekti, para lamis padha sir apus-apus ing Allah, lan Panje- nengane bakal males anggone padha apus-apus; lan manawa dheweke padha menyat arep salat, menyate kalawan wegah; mung amrih dinelenga ing wong, sarta ora padha angangen-angen ing Allah, kajaba sathithik |
مُّذَبْذَبِينَ بَيْنَ ذَٰلِكَ لَا إِلَىٰ هَٰؤُلَاءِ وَلَا إِلَىٰ هَٰؤُلَاءِ ۚ وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَن تَجِدَ لَهُ سَبِيلًا (143) Padha gajeg-gajeg antarane kuwi , ora kuwi lan ora kuwi; lan sapa sing sinasarake Allah, ya ora bakal sira nemu dalan tumrap dheweke.a |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا الْكَافِرِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۚ أَتُرِيدُونَ أَن تَجْعَلُوا لِلَّهِ عَلَيْكُمْ سُلْطَانًا مُّبِينًا (144) E, para kang padha angestu, aja padha aluwung apek panga- yoman para kafir tinimbang para angestu;b apa sira nedya padha agawe tandha yekti tetela konjuk ing Allah, kang mitunani ing sira |
إِنَّ الْمُنَافِقِينَ فِي الدَّرْكِ الْأَسْفَلِ مِنَ النَّارِ وَلَن تَجِدَ لَهُمْ نَصِيرًا (145) Sayekti, para lamis iku padha ana ing geni lapisan kang ngisor dhewe, lan ora bakal sira nemu panulung tumrap marang dheweke |
إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا وَأَصْلَحُوا وَاعْتَصَمُوا بِاللَّهِ وَأَخْلَصُوا دِينَهُمْ لِلَّهِ فَأُولَٰئِكَ مَعَ الْمُؤْمِنِينَ ۖ وَسَوْفَ يُؤْتِ اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ أَجْرًا عَظِيمًا (146) Kajaba kang padha tobat sarta ambecikake kalakuane tuwin agondhelan ing Allah apa dene tulus pambangunturute maring Allah; lah yaiku sartane para angestu; lan Allah bakal amaringi ganjaran kang gedhe marang para angestu |
مَّا يَفْعَلُ اللَّهُ بِعَذَابِكُمْ إِن شَكَرْتُمْ وَآمَنتُمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ شَاكِرًا عَلِيمًا (147) Apa perlune Allah aniksa ing sira, manawa sira pancen padha weruh ing panarima sarta angestu? Lan Allah iku Kang tikel- matikel ing pangganjar, Angu- daneni |
۞ لَّا يُحِبُّ اللَّهُ الْجَهْرَ بِالسُّوءِ مِنَ الْقَوْلِ إِلَّا مَن ظُلِمَ ۚ وَكَانَ اللَّهُ سَمِيعًا عَلِيمًا (148) Allah Iku ora remen marang wedharing pangucap ngeblak kang nylekit, kajaba manawa iki dening wong kang kinaniaya; lan Allah iku Amiyarsa, Angudaneni |
إِن تُبْدُوا خَيْرًا أَوْ تُخْفُوهُ أَوْ تَعْفُوا عَن سُوءٍ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ عَفُوًّا قَدِيرًا (149) Manawa sira kalawan nge- dheng anglakoni kabecikan utawa kalawan sira sidhem, utawa anga- pura ing ala, lah sayekti Allah iku Aksama, Kawasa |
إِنَّ الَّذِينَ يَكْفُرُونَ بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيُرِيدُونَ أَن يُفَرِّقُوا بَيْنَ اللَّهِ وَرُسُلِهِ وَيَقُولُونَ نُؤْمِنُ بِبَعْضٍ وَنَكْفُرُ بِبَعْضٍ وَيُرِيدُونَ أَن يَتَّخِذُوا بَيْنَ ذَٰلِكَ سَبِيلًا (150) Sayekti para kang padha angafiri ing Allah sarta para utusan-E, tuwin padha sumedya anejekake antarane Allah karo para utusan-E, apa dene padha acalathu: Aku padha angestu marang kang saweneh sarta anga- firi sawenehe, sarta padha sumedya angalap dalan antarane iku |
أُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ حَقًّا ۚ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ عَذَابًا مُّهِينًا (151) Iki para kang padha kafir temenan, lan Ingsun anyadhiyak- ake siksa kang angasorake tumrap para kafir |
وَالَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ وَلَمْ يُفَرِّقُوا بَيْنَ أَحَدٍ مِّنْهُمْ أُولَٰئِكَ سَوْفَ يُؤْتِيهِمْ أُجُورَهُمْ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا (152) Lan para sing padha angestu ing Allah lan para utusan-E, sarta ora anejekake antarane siji-sijine, iki bakal padha pinaringan ganja- rane; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
يَسْأَلُكَ أَهْلُ الْكِتَابِ أَن تُنَزِّلَ عَلَيْهِمْ كِتَابًا مِّنَ السَّمَاءِ ۚ فَقَدْ سَأَلُوا مُوسَىٰ أَكْبَرَ مِن ذَٰلِكَ فَقَالُوا أَرِنَا اللَّهَ جَهْرَةً فَأَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ بِظُلْمِهِمْ ۚ ثُمَّ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ مِن بَعْدِ مَا جَاءَتْهُمُ الْبَيِّنَاتُ فَعَفَوْنَا عَن ذَٰلِكَ ۚ وَآتَيْنَا مُوسَىٰ سُلْطَانًا مُّبِينًا (153) Pandhereking Kitab padha anjaluk marang sira, supaya sira anurunake kitab saka ing langit marang dheweke; ananging temen biyen anjaluk marang Musa kang luwih gedhe tinimbang iku, amarga padha calathu: Aku padha weruhna ing Allah kalawan satmata; mulane swara gumludhug angenani dhe- weke amarga saka anggone padha atindak dudu.a tumuli padha anga- lap pedhet,b ing sa- wise tandha-tandha yekti kang ce- tha tumeka marang dheweke, ana- nging Ingsun puwung kang mang- kono iku, sarta Ingsun aparing wisesa kang cetha marang Musa |
وَرَفَعْنَا فَوْقَهُمُ الطُّورَ بِمِيثَاقِهِمْ وَقُلْنَا لَهُمُ ادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا وَقُلْنَا لَهُمْ لَا تَعْدُوا فِي السَّبْتِ وَأَخَذْنَا مِنْهُم مِّيثَاقًا غَلِيظًا (154) Lan Ingsun andhuwurake gununge angungkuli dheweke nali- kane sasangge- mane,c sarta Ingsun angandika marang dheweke: Padha lumebua ing lawang iki kalawan sujud;d lan Ingsun angandika marang dhe- weke: Aja padha anerak walering Sabbat;e lan Ingsun wus amundhut prajanjian kang kukuh saka dheweke |
فَبِمَا نَقْضِهِم مِّيثَاقَهُمْ وَكُفْرِهِم بِآيَاتِ اللَّهِ وَقَتْلِهِمُ الْأَنبِيَاءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَقَوْلِهِمْ قُلُوبُنَا غُلْفٌ ۚ بَلْ طَبَعَ اللَّهُ عَلَيْهَا بِكُفْرِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُونَ إِلَّا قَلِيلًا (155) Mulane, amarga saka ang- gone padha anyidrani prajanjiane sarta anggone padha angafiri timbalan-timbalaning Allah tuwin anggone padha anyedani para nabi kalawan ora benerf apa dene anggone padha calathu: Atiku iki katutupan,g – o, balik Allah wus angecap marang dheweke amarga saka anggone padha kafir,h mulane ora padha angestu kajaba mung sathithik |
وَبِكُفْرِهِمْ وَقَوْلِهِمْ عَلَىٰ مَرْيَمَ بُهْتَانًا عَظِيمًا (156) Lan amarga saka anggone padha kafir sarta anggone angu- nekake Maryam kalawan pandalih kang gedhe |
وَقَوْلِهِمْ إِنَّا قَتَلْنَا الْمَسِيحَ عِيسَى ابْنَ مَرْيَمَ رَسُولَ اللَّهِ وَمَا قَتَلُوهُ وَمَا صَلَبُوهُ وَلَٰكِن شُبِّهَ لَهُمْ ۚ وَإِنَّ الَّذِينَ اخْتَلَفُوا فِيهِ لَفِي شَكٍّ مِّنْهُ ۚ مَا لَهُم بِهِ مِنْ عِلْمٍ إِلَّا اتِّبَاعَ الظَّنِّ ۚ وَمَا قَتَلُوهُ يَقِينًا (157) lan kanggo gumunggung, "Kita padha mateni Sang Mesias, Yesus, putra Maryam, utusaning Allah." Nanging dheweke ora mateni lan ora nyalib, nanging mung katon nyata. Malah sing mbantah ˹crucifixion˺ iki ragu-ragu. Dheweke ora duwe ilmu apa-apa - mung nggawe asumsi. Dheweke mesthi ora mateni dheweke |
بَل رَّفَعَهُ اللَّهُ إِلَيْهِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا (158) Luwih becik, Allah ngunggahake awake dhewe. Lan Allah iku Maha Kuwasa, Maha Wicaksana |
وَإِن مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ إِلَّا لَيُؤْمِنَنَّ بِهِ قَبْلَ مَوْتِهِ ۖ وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ يَكُونُ عَلَيْهِمْ شَهِيدًا (159) Saben Wong ing Kitab mesthi bakal precaya sadurunge seda. Lan ing dina kiamat Yesus bakal dadi seksi tumrap wong-wong mau |
فَبِظُلْمٍ مِّنَ الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ طَيِّبَاتٍ أُحِلَّتْ لَهُمْ وَبِصَدِّهِمْ عَن سَبِيلِ اللَّهِ كَثِيرًا (160) Mulane, awit dening tindak dudune para kang padha Yahudi, Ingsun angaramake ingatase dhe- weke barang-barang angresepake kang dikenakake marang dheweke, sarta amarga saka anggone padha angalang-alangi ing akeh ing dadalaning Allah |
وَأَخْذِهِمُ الرِّبَا وَقَدْ نُهُوا عَنْهُ وَأَكْلِهِمْ أَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ ۚ وَأَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ مِنْهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (161) Sarta anggone padha anga- lap riba’ – nadyan ta iku temen dheweke padha dilarangi – apa dene anggone padha mangan ban- dhaning wong kalawan ora bener; lan Ingsun anyadhiyakake siksa kang anglarani tumrap dheweke kang padha wong kafir |
لَّٰكِنِ الرَّاسِخُونَ فِي الْعِلْمِ مِنْهُمْ وَالْمُؤْمِنُونَ يُؤْمِنُونَ بِمَا أُنزِلَ إِلَيْكَ وَمَا أُنزِلَ مِن قَبْلِكَ ۚ وَالْمُقِيمِينَ الصَّلَاةَ ۚ وَالْمُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالْمُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ أُولَٰئِكَ سَنُؤْتِيهِمْ أَجْرًا عَظِيمًا (162) Ananging dheweke, para sing teguh ing kawruh lan para angestu, padha angestu marang sapa sing didhawuhake marang sira lan apa sing kadhawuhake ing sadurungira, sarta para kang padha anjumenengake salat tuwin para kang padha amewehake zakat apa dene para sing padha angestu ing Allah lan dina akhir, iki bakal padha Ingsun paringi ganjaran kang gedhe |
۞ إِنَّا أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ كَمَا أَوْحَيْنَا إِلَىٰ نُوحٍ وَالنَّبِيِّينَ مِن بَعْدِهِ ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطِ وَعِيسَىٰ وَأَيُّوبَ وَيُونُسَ وَهَارُونَ وَسُلَيْمَانَ ۚ وَآتَيْنَا دَاوُودَ زَبُورًا (163) Sayekti Ingsun amedhar sabda marang sira kaya anggon- Ingsun amedhar sabda marang Nuh sarta para nabi ing sapungkure, lan Ingsun amedhar sabda marang Ibrahim lan Isma’il lan Ishaq lan Ya’qub sarta para Pancer, lan ‘Isa lan Ayyub lan Yunus lan Harun, lan Sulaiman sarta Ingsun amaringi tulis marang Dawud |
وَرُسُلًا قَدْ قَصَصْنَاهُمْ عَلَيْكَ مِن قَبْلُ وَرُسُلًا لَّمْ نَقْصُصْهُمْ عَلَيْكَ ۚ وَكَلَّمَ اللَّهُ مُوسَىٰ تَكْلِيمًا (164) Lan para utusan kang ing sadurunge wus padha Ingsun caritakake marang sira lan para utusan kang padha ora Ingsun caritakake marang sira; lan Allah angandikani Musa kalawan pangandika |
رُّسُلًا مُّبَشِّرِينَ وَمُنذِرِينَ لِئَلَّا يَكُونَ لِلنَّاسِ عَلَى اللَّهِ حُجَّةٌ بَعْدَ الرُّسُلِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا (165) para utu- san, minangka juru-warta bubu- ngah sarta juru pepeling, supaya para manusa aja padha duwe kojah amadoni Allah ing sawise para utusan; lan Allah iku Minulya, Wicaksana |
لَّٰكِنِ اللَّهُ يَشْهَدُ بِمَا أَنزَلَ إِلَيْكَ ۖ أَنزَلَهُ بِعِلْمِهِ ۖ وَالْمَلَائِكَةُ يَشْهَدُونَ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا (166) Ananging Allah anekseni kalawan apa kang wus dhumawuh marang sira, kang dhumawuhe kalawan ngelmu-Ne, sarta para malaikat padha anekseni; lan wis cukup Allah minangka saksi |
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ قَدْ ضَلُّوا ضَلَالًا بَعِيدًا (167) Sayekti, para kang padha kafir sarta angalang-alangi saka dadalaning Allah – temen padha sasar kalawan sasar kang adoh |
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَظَلَمُوا لَمْ يَكُنِ اللَّهُ لِيَغْفِرَ لَهُمْ وَلَا لِيَهْدِيَهُمْ طَرِيقًا (168) Sayekti, para kang padha kafir lan padha atindak dudu, iku Allah ora bakal ngapura lan ora bakal anuntun ing dalan |
إِلَّا طَرِيقَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرًا (169) Kajaba ing dadalaning na- raka, supaya padha manggon ana ing kono lawas,a lan mangkene iki ingatase Allah gampang |
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ الرَّسُولُ بِالْحَقِّ مِن رَّبِّكُمْ فَآمِنُوا خَيْرًا لَّكُمْ ۚ وَإِن تَكْفُرُوا فَإِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (170) E, para manusa! Temen wis teka utusan marang sira kalawan yekti saka Pangeranira, mulane padha angestu, becik tumrape sira; lan manawa sira padha anga- firi, lah sayekti kagungane Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; sarta Allah iku Anguda- neni, Wicaksana |
يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لَا تَغْلُوا فِي دِينِكُمْ وَلَا تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ ۚ إِنَّمَا الْمَسِيحُ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ رَسُولُ اللَّهِ وَكَلِمَتُهُ أَلْقَاهَا إِلَىٰ مَرْيَمَ وَرُوحٌ مِّنْهُ ۖ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ ۖ وَلَا تَقُولُوا ثَلَاثَةٌ ۚ انتَهُوا خَيْرًا لَّكُمْ ۚ إِنَّمَا اللَّهُ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ سُبْحَانَهُ أَن يَكُونَ لَهُ وَلَدٌ ۘ لَّهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ وَكِيلًا (171) He Wong-wong ing Buku! Aja nganti nggegirisi babagan iman sampeyan; Aja ngomong apa-apa bab Allah kajaba sing bener. Mesias, Yesus, putrane Maria, ora liya yaiku utusaning Allah lan pangujunge Sabdane lumantar Maria lan roh sing digawe prentah saka Panjenengane. Dadi, pretyayaa marang Allah lan para utusane lan aja ujar, "Tritunggal." Mungkasi! —Kanggo kepentinganmu dhewe. Allah iku mung satunggaling Gusti Allah. Maha Suci! Dheweke luwih dhuwur duwe putra! Dheweke kagungan apa wae sing ana ing swarga lan apa wae sing ana ing bumi. Lan Allah cukup dadi wali Urusan |
لَّن يَسْتَنكِفَ الْمَسِيحُ أَن يَكُونَ عَبْدًا لِّلَّهِ وَلَا الْمَلَائِكَةُ الْمُقَرَّبُونَ ۚ وَمَن يَسْتَنكِفْ عَنْ عِبَادَتِهِ وَيَسْتَكْبِرْ فَسَيَحْشُرُهُمْ إِلَيْهِ جَمِيعًا (172) Mesias ora bakal bangga yen dadi abdi saka Allah, uga malaekat sing paling cedhak karo Allah. Wong-wong sing bangga banget lan sombong nyembah marang dheweke bakal digawa bebarengan ing ngarsane |
فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَيُوَفِّيهِمْ أُجُورَهُمْ وَيَزِيدُهُم مِّن فَضْلِهِ ۖ وَأَمَّا الَّذِينَ اسْتَنكَفُوا وَاسْتَكْبَرُوا فَيُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا وَلَا يَجِدُونَ لَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا (173) Ana dene, para kang padha angestu sarta anindakake pangga- we becik, iku Panjenengane bakal amaringi ganep ganjarane lan bakal angundhaki lubering kadarman-E marang dheweke; wondene para kang padha ora sotah sarta gume- dhe, Panjenengane bakal niksa dheweke kalawan siksa kang ngla- rani. Lan saliyane Allah dhe- weke ora bakal padha nemu panga- yoman utawa panulung |
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُم بُرْهَانٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَأَنزَلْنَا إِلَيْكُمْ نُورًا مُّبِينًا (174) E, para manusa! Sayekti wus tumeka marang sira tandha yekti saka Pangeranira sarta Ingsun wus anurunake marang sira papa- dhang kang anelahi |
فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَاعْتَصَمُوا بِهِ فَسَيُدْخِلُهُمْ فِي رَحْمَةٍ مِّنْهُ وَفَضْلٍ وَيَهْدِيهِمْ إِلَيْهِ صِرَاطًا مُّسْتَقِيمًا (175) Ana dene para kang padha angestu ing Allah sarta agondhelan ing Panjenengane, amasthi bakal padha dilebokake ing wilasa tuwin lubering kadarman saka Panjene- ngane, sarta Panjenengane bakal nuntun dheweke ing dadalan kang bener marang Panjenengane |
يَسْتَفْتُونَكَ قُلِ اللَّهُ يُفْتِيكُمْ فِي الْكَلَالَةِ ۚ إِنِ امْرُؤٌ هَلَكَ لَيْسَ لَهُ وَلَدٌ وَلَهُ أُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَ ۚ وَهُوَ يَرِثُهَا إِن لَّمْ يَكُن لَّهَا وَلَدٌ ۚ فَإِن كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثَانِ مِمَّا تَرَكَ ۚ وَإِن كَانُوا إِخْوَةً رِّجَالًا وَنِسَاءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنثَيَيْنِ ۗ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ أَن تَضِلُّوا ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ (176) Dheweke padha anerang marang sira putusaning angger. Dhawuha: Allah aparing putusan marang sira prakara wong kang ora duwe bapa biyung sapandhuwur sarta anak sapangisor; manawa ana wong mati ora duwe anak lanang lan duwe sadulur wadon siji, iki oleh saparo- ning barang tinggalan, lan sadulur lanang bakal ngukup warisane sadulur wadon manawa sadulur wadon iki ora duwe anak lanang; ananging manawa sadulur wadon mau loro, iki oleh bagean rong pratelone barang tinggalan; lan manawa sadulur mau ana lanang wadon, lah pandumaning lanang siji padhane bageaning wadon lo- ro; Allah anerangake marang sira, supaya sira aja padha sasar, lan Allah iku Anguningani samubarang |