الر ۚ كِتَابٌ أُحْكِمَتْ آيَاتُهُ ثُمَّ فُصِّلَتْ مِن لَّدُنْ حَكِيمٍ خَبِيرٍ (1) Ingsun, Allah, Ingkang-Angu- ningani.a Kitab, kang ayat- ayate ginawe pancasan, tumuli katerangake awijang, saka ngarsane Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada |
أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۚ إِنَّنِي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ وَبَشِيرٌ (2) Supaya sira ora padha anga- wulani kajaba Allah. Sayekti aku iku juru pepeling saka Panjenengane tumrap marang sira sarta juru aweh warta bubungah |
وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُم مَّتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِن تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ (3) Sarta padha nyuwuna panga- pura Pangeranira, tumuli tobata marang Panjenengane; Panjene- ngane bakal anyadhiyani sira pasa- dhiyan kang becik tumeka mangsa kang tinamtu, sarta Panjenengane amaringake nugraha-Ne marang sarupane kang kasinungan nugra- ha; lan manawa sira padha malengos, sayekti aku iki anguwa- tirake sira siksa ing dina kang agung |
إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (4) Marang Allah anggonira padha bali lan Panjenengane iku marang samubarang kawasa |
أَلَا إِنَّهُمْ يَثْنُونَ صُدُورَهُمْ لِيَسْتَخْفُوا مِنْهُ ۚ أَلَا حِينَ يَسْتَغْشُونَ ثِيَابَهُمْ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ (5) O, sayekti dheweke padha nglempit dhadha-dhadhane su- paya padha bisa anyingidake saka Panjene- ngane; O, sayekti, nalikane dhe- weke padha krukup sarana san- dhangane, Panjenengane angu- ningani apa kang padha disingid- ake lan apa kang padha dilairake; sayekti, Panjenengane anguningani apa kang ana ing sajroning dhadha-dhadha |
۞ وَمَا مِن دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ (6) Lan ora liya, sata ing bumi iku, kajaba dumunung ing Allah rejekine lan Panjenengane iku uni- nga enggon palerenane lan enggon pasimpenane; sarupane iku ana ing dalem kitab kang terang |
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ وَكَانَ عَرْشُهُ عَلَى الْمَاءِ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ۗ وَلَئِن قُلْتَ إِنَّكُم مَّبْعُوثُونَ مِن بَعْدِ الْمَوْتِ لَيَقُولَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ (7) Lan Panjenengane iku kang anitahake langit-langit lan bumi ing dalem nem mangsaa – lan kara- ton-E marang banyu – amrih Panjenengane amedharake sira, sapa sira kang becik dhewe ing panggawe lan manawa sira calathoni: sayekti sira iku bakal tinangekake ing sawise mati, amasthi para kang padha kafir bakal padha calathu: Iki ora liya kajaba panggorohan kang cetha |
وَلَئِنْ أَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ إِلَىٰ أُمَّةٍ مَّعْدُودَةٍ لَّيَقُولُنَّ مَا يَحْبِسُهُ ۗ أَلَا يَوْمَ يَأْتِيهِمْ لَيْسَ مَصْرُوفًا عَنْهُمْ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ (8) Lan manawa Ingsun anyume- nekna siksa ing dheweke tumeka mangsa kang tinamtu amasthi dheweke bakal padha calathu: Apa kang murungake iku? O, sayekti, ing dinane bakal tumibane iku marang dheweke ora bakal kena disingkirake saka dheweke, lan apa kang wus padha diguguyu, bakal anglimputi dheweke |
وَلَئِنْ أَذَقْنَا الْإِنسَانَ مِنَّا رَحْمَةً ثُمَّ نَزَعْنَاهَا مِنْهُ إِنَّهُ لَيَئُوسٌ كَفُورٌ (9) Lan manawa Ingsun angicip- ake manusa ing wilasa saka Ingsun iku tumuli Ingsun sing- kirake saka dheweke sayekti dhe- weke masthi nglokro, ora atur panuwun |
وَلَئِنْ أَذَقْنَاهُ نَعْمَاءَ بَعْدَ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُ لَيَقُولَنَّ ذَهَبَ السَّيِّئَاتُ عَنِّي ۚ إِنَّهُ لَفَرِحٌ فَخُورٌ (10) Lan manawa Ingsun angicip- ake dheweke ing nugraha sawise sangsara angenani dheweke amas- thi dheweke bakal padha calathu: Wus birat ala saka ing aku; sayekti dheweke padha bungah, umuk |
إِلَّا الَّذِينَ صَبَرُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَٰئِكَ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ (11) Kajaba para kang padha sabar lan padha anglakoni panggawe be- cik iki bakal padha oleh pangapura sarta pituwas kang gedhe |
فَلَعَلَّكَ تَارِكٌ بَعْضَ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ وَضَائِقٌ بِهِ صَدْرُكَ أَن يَقُولُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ كَنزٌ أَوْ جَاءَ مَعَهُ مَلَكٌ ۚ إِنَّمَا أَنتَ نَذِيرٌ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلٌ (12) Lah manawa-manawa sira iku arep aninggal saperangane apa kang kadhawuhake marang sira lan dhadhanira bakal dadi rupek marga saka iku, jalaran dheweke padha calathu.: Yagene ora ana bandha katurunake marang dheweke utawa malaikat teka anyartani dheweke? Sira iku mung juru-pepeling; lan Allah iku Kang rumeksa marang samubarang. A |
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ فَأْتُوا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهِ مُفْتَرَيَاتٍ وَادْعُوا مَنِ اسْتَطَعْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (13) Utawa, apa ta dheweke padha calathu: Iku anggitane dhewe. Ca- lathua: Lah mara, mujudna sepuluh bab anggitan sapadhane iki, lan nyambata sapa sakadugamu, sali- yane Allah, manawa kowe padha temen |
فَإِلَّمْ يَسْتَجِيبُوا لَكُمْ فَاعْلَمُوا أَنَّمَا أُنزِلَ بِعِلْمِ اللَّهِ وَأَن لَّا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّسْلِمُونَ (14) Lah manawa dheweke padha ora anyembadani marang kowe, lah padha weruha, manawa iku kadhawuhake kalawan kawruhing Allah lan ora ana sesembahan kajaba Panjenengane: Lah apa ta kowe bakal padha sumarah |
مَن كَانَ يُرِيدُ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا وَزِينَتَهَا نُوَفِّ إِلَيْهِمْ أَعْمَالَهُمْ فِيهَا وَهُمْ فِيهَا لَا يُبْخَسُونَ (15) Sapa sing karep ing kauripan donya dalah papaese, panggawe- panggawene ing kono Ingsun bakal amituwasi ganep marang dheweke, lan dheweke ana ing kono ora bakal padha digawe tuna |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَيْسَ لَهُمْ فِي الْآخِرَةِ إِلَّا النَّارُ ۖ وَحَبِطَ مَا صَنَعُوا فِيهَا وَبَاطِلٌ مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ (16) Iki para sing ana ing akhirat padha ora oleh apa-apa kajaba geni lan muspra sabarang panggawene ing kono, sarta nglaha apa kang padha dilakoni |
أَفَمَن كَانَ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّهِ وَيَتْلُوهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ وَمِن قَبْلِهِ كِتَابُ مُوسَىٰ إِمَامًا وَرَحْمَةً ۚ أُولَٰئِكَ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۚ وَمَن يَكْفُرْ بِهِ مِنَ الْأَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهُ ۚ فَلَا تَكُ فِي مِرْيَةٍ مِّنْهُ ۚ إِنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُونَ (17) Lah apa wong kang kadunu- ngan bukti terang saka Pangerane ? Lan sawijining saksi saka Panjenengane amaca iku, sarta sadurunge iku Kitabe Musa, minangka pituduh lan wilasa. Iki padha angestu marang iku; dene papanthan-papanthan, sapa sing angafiri marang iku, lah iku geni papan kang dijanjekake; mulane aja sira semang-semang marang prakara iku; sayekti, iku barang nyata saka Pangeranira, ananging akeh-akehe manusa padha ora angestu |
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا ۚ أُولَٰئِكَ يُعْرَضُونَ عَلَىٰ رَبِّهِمْ وَيَقُولُ الْأَشْهَادُ هَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ كَذَبُوا عَلَىٰ رَبِّهِمْ ۚ أَلَا لَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ (18) Lan sapa sing luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawe- gawe goroh tumrap marang Allah? Iki bakal padha disebakake marang Pangerane, lan para saksi bakal padha acalathu: Iki para kang padha anggorohake marang Pange- rane. O, sayekti, wewelaking Allah tumiba marang wong kang padha atindak dudu |
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُم بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ (19) Kang padha nyimpang saka dadalaning Allah sarta padha ma- mrih menggoke iku; lan dheweke iku para kang padha kafir marang akhirat |
أُولَٰئِكَ لَمْ يَكُونُوا مُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ وَمَا كَانَ لَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِنْ أَوْلِيَاءَ ۘ يُضَاعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُ ۚ مَا كَانُوا يَسْتَطِيعُونَ السَّمْعَ وَمَا كَانُوا يُبْصِرُونَ (20) Iki ana ing bumi ora bakal padha bisa angoncati, lan bakal padha ora duwe pangayoman saliyane Allah; siksane tumrap dheweke bakal ditikelake; dheweke padha ora kuwat ngrungu apa dene padha ora weruh |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ (21) Iki para kang padha agawe kapitunane jiwa-jiwane, sarta saba- rang, anggone padha agawe-gawe, sirna saka ing awake |
لَا جَرَمَ أَنَّهُمْ فِي الْآخِرَةِ هُمُ الْأَخْسَرُونَ (22) Ora kena ora, ana ing akhirat dheweke iku wong kang padha luwih dening kapitunan |
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَأَخْبَتُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ (23) Sayekti para kang padha angestu sarta padha anglakoni panggawe becik, apa dene padha andhap asor marang Pangerane, iki para wonging patamanan, padha ana ing kono bakal pamanggone |
۞ مَثَلُ الْفَرِيقَيْنِ كَالْأَعْمَىٰ وَالْأَصَمِّ وَالْبَصِيرِ وَالسَّمِيعِ ۚ هَلْ يَسْتَوِيَانِ مَثَلًا ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ (24) Sanepane rong golongan iku kaya dene wong wuta lan wong tuli karo wong awas lan wong rungon; apa dheweke iku padha mungguhing kaanane? Apa ta kowe iku padha ora ngrasak- ngrasakake |
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ إِنِّي لَكُمْ نَذِيرٌ مُّبِينٌ (25) Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Nuha marang bang- sane: Sayekti aku iki juru-pepeling kang terang tumrap marang sira |
أَن لَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۖ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ أَلِيمٍ (26) Yaiku sira aja padha anga- wulani sapa-sapa kajaba Allah; sayekti aku anguwatirake marang sira siksa ing dina kang nglarani |
فَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ مَا نَرَاكَ إِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا وَمَا نَرَاكَ اتَّبَعَكَ إِلَّا الَّذِينَ هُمْ أَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِ وَمَا نَرَىٰ لَكُمْ عَلَيْنَا مِن فَضْلٍ بَلْ نَظُنُّكُمْ كَاذِبِينَ (27) Ananging para panggedhe- ning bangsane kang padha kafir padha acalathu: Ora liya panya- wangku marang kowe kajaba mung wong kaya aku bae, lan panyawangku ora ana wong manut ing kowe, kajaba kang sawangane sagebyaran bae golonganku kang pidak-padarakan, apa dene pa- nyawangku kowe iku ora duwe kaluwihan angungkuli aku; balik panganggepku kowe iku wong goroh |
قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَآتَانِي رَحْمَةً مِّنْ عِندِهِ فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْ أَنُلْزِمُكُمُوهَا وَأَنتُمْ لَهَا كَارِهُونَ (28) Dheweke acalathu: E, bang- saku! mara aku kandhanana, ma- nawa aku kadunungan bukti terang saka Pangeranku sarta Panjene- ngane amaringi wilasa aku saka ngarsa-Ne, lan iku digawe ora terang ingatase kowe; apa aku anjiyad kowe iku, kang mangka iku kowe padha gething |
وَيَا قَوْمِ لَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًا ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۚ وَمَا أَنَا بِطَارِدِ الَّذِينَ آمَنُوا ۚ إِنَّهُم مُّلَاقُو رَبِّهِمْ وَلَٰكِنِّي أَرَاكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُونَ (29) Apa maneh, o, bangsaku! aku ora anjaluk bandha kowe kanggo pituwase aku; pituwasku mung ana ing Allah piyambak, lan aku ora bakal anundhung para kang padha angestu; sayekti dheweke bakal padha ketemu Pangerane, ananging panyawangku kowe iku bangsa kang padha bodho |
وَيَا قَوْمِ مَن يَنصُرُنِي مِنَ اللَّهِ إِن طَرَدتُّهُمْ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ (30) Lan maneh, o, bangsaku! sapa kang bakal mitulungi aku anulak Allah, lamun aku anundhunga dhe- weke? Lah apa ta kowe iku padha ora ngangen-angen |
وَلَا أَقُولُ لَكُمْ عِندِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ إِنِّي مَلَكٌ وَلَا أَقُولُ لِلَّذِينَ تَزْدَرِي أَعْيُنُكُمْ لَن يُؤْتِيَهُمُ اللَّهُ خَيْرًا ۖ اللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا فِي أَنفُسِهِمْ ۖ إِنِّي إِذًا لَّمِنَ الظَّالِمِينَ (31) Lan aku ora kandha marang kowe, yen gedhong Allah iku ana ing aku, sarta aku ora weruh barang kang ora katon, apa dene aku ora kandha, yen aku iki malaikat; tuwin aku ora kandha, manawa para kang mungguhing pandelengmu padha ina papa iku Allah ora bakal maringi kabecikan – Allah iku luwih angudaneni apa kang ana ing sajroning atine – amarga yen mangkonoa sayekti aku iki dadi ewone wong kang padha atindak dudu |
قَالُوا يَا نُوحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَأَكْثَرْتَ جِدَالَنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ (32) Dheweke padha acalathu: E, Nuh! Temen kowe wus apapadon karo aku, sarta andadawa padu karo aku iku, mulane tekakna marang aku apa kang koancamake ing aku, manawa kowe iku ewone wong kang padha temen |
قَالَ إِنَّمَا يَأْتِيكُم بِهِ اللَّهُ إِن شَاءَ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ (33) Dheweke acalathu: Mung Allah kang bakal nekakake iku ing kowe, manawa dadi karsa-Ne, sarta kowe ora bakal padha bisa oncat |
وَلَا يَنفَعُكُمْ نُصْحِي إِنْ أَرَدتُّ أَنْ أَنصَحَ لَكُمْ إِن كَانَ اللَّهُ يُرِيدُ أَن يُغْوِيَكُمْ ۚ هُوَ رَبُّكُمْ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ (34) Lan pituturku ora bakal migunani marang kowe yen aku arep mituturana ing kowe, lamun Allah iku wus angarsakake adamel leburmu;a Panjenengane iku Pange- ranmu, lan marang Panjenengane anggonmu bakal dibalekake |
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ إِنِ افْتَرَيْتُهُ فَعَلَيَّ إِجْرَامِي وَأَنَا بَرِيءٌ مِّمَّا تُجْرِمُونَ (35) Apa ta padha acalathu: Iku olehe bawa-anggit? Calathua: Ma- nawa iku olehku bawa-anggit, iya dak sangga dhewe kaluputanku lan aku lebaran saka kaluputan kang padha kolakoni |
وَأُوحِيَ إِلَىٰ نُوحٍ أَنَّهُ لَن يُؤْمِنَ مِن قَوْمِكَ إِلَّا مَن قَدْ آمَنَ فَلَا تَبْتَئِسْ بِمَا كَانُوا يَفْعَلُونَ (36) Lan sabda kawedharake ma- rang Nuh: ora ana bangsanira kang bakal angestu kajaba sapa kang wus angestu, mulane aja sira sedhih marang apa kang padha dilakoni |
وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِأَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا وَلَا تُخَاطِبْنِي فِي الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ إِنَّهُم مُّغْرَقُونَ (37) Lan agawea prau kalawan Ingsun jenengi sarta dha- wuh-timbalan-Ingsun lan aja sira duwe unjuk marang Ingsun ing bab para kang padha atindak dudu; sayekti dheweke bakal padha kinelem |
وَيَصْنَعُ الْفُلْكَ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَأٌ مِّن قَوْمِهِ سَخِرُوا مِنْهُ ۚ قَالَ إِن تَسْخَرُوا مِنَّا فَإِنَّا نَسْخَرُ مِنكُمْ كَمَا تَسْخَرُونَ (38) Lan dheweke banjur agawe prau; lan saben-saben ana bangsa- ne kang padha dadi kepala liwat ana ing kono, padha amomoyoki dheweke. Dheweke acalathu: Manawa kowe padha amomoyoki aku, lan sayekti aku iya padha amomoyoki kowe, kaya anggonmu momoyoki |
فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن يَأْتِيهِ عَذَابٌ يُخْزِيهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيمٌ (39) Lah kowe bakal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasorake, lan sapa kang bakal katiban siksa kang awet |
حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّورُ قُلْنَا احْمِلْ فِيهَا مِن كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَأَهْلَكَ إِلَّا مَن سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ آمَنَ ۚ وَمَا آمَنَ مَعَهُ إِلَّا قَلِيلٌ (40) Nganti, nalikane parentah Ingsun wis tumeka sarta banyu metu saka ing jujurang, Ingsun angandika: Angemota ing kono saben-saben barang nyajodho, sarta kulawarganira, _ kajaba sapa kang wus katiban sabda ing sadurunge – apa dene sapa kang angestu. Lan ora liya rewange kang angestu iku kajaba mung sathithik |
۞ وَقَالَ ارْكَبُوا فِيهَا بِسْمِ اللَّهِ مَجْرَاهَا وَمُرْسَاهَا ۚ إِنَّ رَبِّي لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ (41) Lan dheweke acalathu: Padha nungganga prau, kalawan asma- ning Allah lalayarane lan labuhe jangkar; sayekti Pangeranku iku temen Aparamarta, Mahaasih |
وَهِيَ تَجْرِي بِهِمْ فِي مَوْجٍ كَالْجِبَالِ وَنَادَىٰ نُوحٌ ابْنَهُ وَكَانَ فِي مَعْزِلٍ يَا بُنَيَّ ارْكَب مَّعَنَا وَلَا تَكُن مَّعَ الْكَافِرِينَ (42) Lan prau iku kalawan momo- tane lumaku ing tengahing alun kang prasasat gunung; sarta Nuh anguwuh anake lanang, lan iki ana ing kadohan: E, anakku la- nang, nungganga prau karo aku sarta aja anggolong para kafir |
قَالَ سَآوِي إِلَىٰ جَبَلٍ يَعْصِمُنِي مِنَ الْمَاءِ ۚ قَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ إِلَّا مَن رَّحِمَ ۚ وَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِينَ (43) Wangsulane: Kula badhe ngili dhateng redi, ingkang badhe milujengaken kula saking toya. Ing dina iki ora ana kang bisa nylamet- ake saka siksaning Allah kajaba sapa kang sinihan ing Panjene- ngane; lan ombak angalingi wong sakarone, mulane dheweke kalebu golongane kang padha kinelem |
وَقِيلَ يَا أَرْضُ ابْلَعِي مَاءَكِ وَيَا سَمَاءُ أَقْلِعِي وَغِيضَ الْمَاءُ وَقُضِيَ الْأَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُودِيِّ ۖ وَقِيلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ (44) Lan didhawuhake: E, bumi! untalen banyunira, lan, e, men- dhung! sumingkira; lan banyune surut sarta prakara wis kaputus, lan praune ngandhas ing Judi, sarta didhawuhake: Sirnaa bangsa kang atindak dudu |
وَنَادَىٰ نُوحٌ رَّبَّهُ فَقَالَ رَبِّ إِنَّ ابْنِي مِنْ أَهْلِي وَإِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَأَنتَ أَحْكَمُ الْحَاكِمِينَ (45) Lan Nuh anguwuh Pangerane unjuke: Pangeran kawula! saestu anak kawula punika kalebet kula- warga kawula, saha saestu, janji Tuwan punika nyata, saha Tuwan punika Adil-adilipun para ingkang sami nyepeng pangadilan |
قَالَ يَا نُوحُ إِنَّهُ لَيْسَ مِنْ أَهْلِكَ ۖ إِنَّهُ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ ۖ فَلَا تَسْأَلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۖ إِنِّي أَعِظُكَ أَن تَكُونَ مِنَ الْجَاهِلِينَ (46) Panjenengane angandika: E, Nuh! Sayekti dheweke ora kalebu kulawarganira; satemene dheweke iku saliyane pang- gawe becik; mulane aja sira nyuwun marang Ingsun apa kang sira ora kadunungan kaweruhe; sayekti Ingsun amituturi sira, mundhak sira dadi golongan para kang padha bodho |
قَالَ رَبِّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ أَنْ أَسْأَلَكَ مَا لَيْسَ لِي بِهِ عِلْمٌ ۖ وَإِلَّا تَغْفِرْ لِي وَتَرْحَمْنِي أَكُن مِّنَ الْخَاسِرِينَ (47) Dheweke munjuk: Pangeran kawula! saestu kawula angayom ing Tuwan, sampun ngantos kawu- la nyuwun ing Tuwan samukawis ingkang kawula boten kadunungan kawruhipun; saha, manawi Tuwan boten angampunten ing kawula tuwin boten aparing wilasa ing kawula, kawula badhe kagolong para ingkang sami kapitunan |
قِيلَ يَا نُوحُ اهْبِطْ بِسَلَامٍ مِّنَّا وَبَرَكَاتٍ عَلَيْكَ وَعَلَىٰ أُمَمٍ مِّمَّن مَّعَكَ ۚ وَأُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ ثُمَّ يَمَسُّهُم مِّنَّا عَذَابٌ أَلِيمٌ (48) Didhawuhake E, Nuh! Mudhuna kalawan karahayon saka Panjenenganingsun sarta berkah tumrap marang sira sarta tumrap para bangsa saka golongan kang melu sira, lan bakal ana bangsa-bangsa kang bakal Ingsun paringi pasadhiyan, tumuli siksa kang nglarani saka Panjenenga- ningsun bakal angenani dheweke |
تِلْكَ مِنْ أَنبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهَا إِلَيْكَ ۖ مَا كُنتَ تَعْلَمُهَا أَنتَ وَلَا قَوْمُكَ مِن قَبْلِ هَٰذَا ۖ فَاصْبِرْ ۖ إِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِينَ (49) Iki sawenehing pawarta- pawarta prakara kang ora katon, kang Ingsun wedharake marang sira, iku sira ora weruh – sira sarta bangsanira ya ora – ing sadurunge iki; mulane disabar; sayekti, kawu- sanan iku bageane para kang padha anjaga dhiri |
وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ إِنْ أَنتُمْ إِلَّا مُفْتَرُونَ (50) Lan marang ‘Ada sadulure, Hud.b Calathu- ne: E, bangsaku! padha ngawulaa ing Allah, kowe ora duwe sesem- bahan saliyane Panjenengane; ora liya kowe iku kajaba tukang nganggit-anggit |
يَا قَوْمِ لَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى الَّذِي فَطَرَنِي ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (51) E, bangsaku! aku ora njaluk pituwas kowe ing atase prakara iku; pituwasku mung ana ing Panjene- ngane, kang wus anitahake aku; lah apa ta kowe iku padha ora ngerti |
وَيَا قَوْمِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا وَيَزِدْكُمْ قُوَّةً إِلَىٰ قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِينَ (52) Apa dene, o, bangsaku! padha nyuwuna pangapura ing Pangeranira, tumuli tobata marang Panjenengane, Panjenengane bakal angutus mendhung marang ing dhuwurira angesokake udan ange- mohi, sarta, amuwuhi kakuwatan marang kakuwatanmu tuwin aja kowe padha duraka malengos |
قَالُوا يَا هُودُ مَا جِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَمَا نَحْنُ بِتَارِكِي آلِهَتِنَا عَن قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ (53) Dheweke padha calathu: E, Hud! Kowe ora anekakake bukti kang terang marang aku, lan aku ora bakal padha ninggal sesemba- hanku marga saka calathumu, lan aku iki dudu wong kang padha angestu marang kowe |
إِن نَّقُولُ إِلَّا اعْتَرَاكَ بَعْضُ آلِهَتِنَا بِسُوءٍ ۗ قَالَ إِنِّي أُشْهِدُ اللَّهَ وَاشْهَدُوا أَنِّي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ (54) Ora liya aku iki mung padha kandha, yen sawenehing sesem- bahanku anibakake wilalat marang kowe. Calathune: Sayekti aku iki aneksekake marang Allah lan ko- we iya padha neksenana, yen aku iki lebaran saka barang kang padha kok sekutokake |
مِن دُونِهِ ۖ فَكِيدُونِي جَمِيعًا ثُمَّ لَا تُنظِرُونِ (55) Saliyane Panjenengane mula- ne padha anandukna sandi-upaya- mu kabeh bae marang aku; tumuli aku aja kok wenehi sumene |
إِنِّي تَوَكَّلْتُ عَلَى اللَّهِ رَبِّي وَرَبِّكُم ۚ مَّا مِن دَابَّةٍ إِلَّا هُوَ آخِذٌ بِنَاصِيَتِهَا ۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ (56) Sayekti aku iki sumendhe marang Allah, Pangeranku lan Pangeranmu; ora ana titah kang asipat urip kang ora dikawasani Panjenengane; sayekti Pangeranku iku ana ing dalan kang bener |
فَإِن تَوَلَّوْا فَقَدْ أَبْلَغْتُكُم مَّا أُرْسِلْتُ بِهِ إِلَيْكُمْ ۚ وَيَسْتَخْلِفُ رَبِّي قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّونَهُ شَيْئًا ۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَفِيظٌ (57) Ananging manawa kowe padha malengos, lah temen aku wis nekakake marang kowe ayahan anggonku kautus marang kowe sarta Pangeranku bakal anyalini bangsa saliyane kowe, lan kowe ora bisa amitunani Panjenengane apa-apa; sayekti Pangeranku iku marang samubarang rumeksa |
وَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا هُودًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَنَجَّيْنَاهُم مِّنْ عَذَابٍ غَلِيظٍ (58) Lan bareng parentah-Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametake Hud sarta para kang padha anges- tokake dheweke, kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta pa- dha Ingsun selametake saka siksa kang keras |
وَتِلْكَ عَادٌ ۖ جَحَدُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهُ وَاتَّبَعُوا أَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيدٍ (59) Lan iya iku ‘Ad dheweke padha angemohi timbalan-timbala- ning Pangeran sarta padha andha- ga para utusan-E, tuwin padha manut parentahing sarupane kang gumedhe angas |
وَأُتْبِعُوا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ أَلَا إِنَّ عَادًا كَفَرُوا رَبَّهُمْ ۗ أَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُودٍ (60) Lan dheweke dielud ing we- welak ana ing donya ikia sarta ing dina kiyamat; O, lah sayekti, ‘Ad iku angafiri Pangerane; O, lah, ‘Ad bangsane Hud, sirnaa |
۞ وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ هُوَ أَنشَأَكُم مِّنَ الْأَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيهَا فَاسْتَغْفِرُوهُ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ ۚ إِنَّ رَبِّي قَرِيبٌ مُّجِيبٌ (61) Lan marang Tsamudb Ingsun angutus sadulure Salih.c Calathune: O, bangsaku! padha angawulanana Allah, kowe padha ora duwe se- sembahan saliyane Panjenengane; Panjenengane wus andadekake ko- we saka bumi, sarta angenggonake kowe ana ing kono; mulane padha nyuwuna Pangapura Panjene- ngane, tumuli padha tobata marang Panjenengane; sayekti Pangeranku iku caket, nyembadani |
قَالُوا يَا صَالِحُ قَدْ كُنتَ فِينَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هَٰذَا ۖ أَتَنْهَانَا أَن نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ آبَاؤُنَا وَإِنَّنَا لَفِي شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُونَا إِلَيْهِ مُرِيبٍ (62) Dheweke padha calathu: O, Salih temen kowe iku wong ing golonganku, ing sadurunge iki dadi dununging pangarep-arep kang gedhe; apa kowe anglarangi aku padha angawulani apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lan sayekti aku iki padha ana ing semang-semang kang abanget ma- rang apa kang kok uwuh tumrap ing aku |
قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَآتَانِي مِنْهُ رَحْمَةً فَمَن يَنصُرُنِي مِنَ اللَّهِ إِنْ عَصَيْتُهُ ۖ فَمَا تَزِيدُونَنِي غَيْرَ تَخْسِيرٍ (63) Calathune: O, bangsaku! mara aku kandhanana, manawa aku kadunungan bukti kang terang saka Pangeranku, sarta Panjene- ngane amaringi wilasa aku saka Sarirane – lah sapa ta kang bakal mitulungi anulak Allah yen ta aku andagaa marang Panjenengane. Mulane, ora pisan kowe iku padha angundhaki apa-apa marang aku, saliyane kapitunan |
وَيَا قَوْمِ هَٰذِهِ نَاقَةُ اللَّهِ لَكُمْ آيَةً فَذَرُوهَا تَأْكُلْ فِي أَرْضِ اللَّهِ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيبٌ (64) Lan, O, bangsaku! iki unta wadon kagunganing Allah tumrap marang kowe,a sawijining tandha; mulane kareben bae mangan ana ing bumining Allah, lan aja kowe anggepok kalawan piala, mundhak siksa kang parek angenani ing kowe |
فَعَقَرُوهَا فَقَالَ تَمَتَّعُوا فِي دَارِكُمْ ثَلَاثَةَ أَيَّامٍ ۖ ذَٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوبٍ (65) Ananging padha ambeleh iku tumuli dheweke acalathu: Kowe padha abungah-bungaha ing omah- mu telung dina, iku janji kang ora maleca |
فَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا صَالِحًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِئِذٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيزُ (66) Lah bareng pancasan Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametake Salih sarta para kancane kang padha angestokake kalawan wilasa saka Ingsun, tuwin saka asore ing dina iku; sayekti Pangeranira iku Ing- kang-Prakosa, Ingkang-Minulya |
وَأَخَذَ الَّذِينَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دِيَارِهِمْ جَاثِمِينَ (67) Sarta swara gumludhug anye- rang para kang padha atindak dudu,b temahan dheweke padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahe |
كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۗ أَلَا إِنَّ ثَمُودَ كَفَرُوا رَبَّهُمْ ۗ أَلَا بُعْدًا لِّثَمُودَ (68) Kaya-kaya ing kono iku dhe- weke ora tau angenggoni; o, sayek- ti Tsamud iku angafiri Pangerane, o, sayekti, sirnaa Tsamud |
وَلَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُنَا إِبْرَاهِيمَ بِالْبُشْرَىٰ قَالُوا سَلَامًا ۖ قَالَ سَلَامٌ ۖ فَمَا لَبِثَ أَن جَاءَ بِعِجْلٍ حَنِيذٍ (69) Lan sayekti temen para utu- san-utusan-Ingsun wus padha anekani Ibrahim kalawan pawarta bubungah. Padha angucap: Raha- yu! Wangsulane: Rahayu! Sarta tanpa taha angladekake panggang pedhet |
فَلَمَّا رَأَىٰ أَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ إِلَيْهِ نَكِرَهُمْ وَأَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيفَةً ۚ قَالُوا لَا تَخَفْ إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمِ لُوطٍ (70) Bareng dheweke weruh, tangan-tangane padha ora angge- pok marang iku, panemune iku aneh sarta rumasa wedi marang dheweke. Padha calathu: sampun sampeyan ajrih, saestu kula punika sami kautus dhateng umatipun Luth |
وَامْرَأَتُهُ قَائِمَةٌ فَضَحِكَتْ فَبَشَّرْنَاهَا بِإِسْحَاقَ وَمِن وَرَاءِ إِسْحَاقَ يَعْقُوبَ (71) Sarta rabine ngadeg karo angguguyu; tumuli Ingsun aparing pawarta bubungah marang dheweke bakal anak-anak Ishaq, sarta ing sawise Ishaq Ya’qub |
قَالَتْ يَا وَيْلَتَىٰ أَأَلِدُ وَأَنَا عَجُوزٌ وَهَٰذَا بَعْلِي شَيْخًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيبٌ (72) Calathune: O, angeram-eram- ake! punapa badhe kula gadhah anak, tiyang kula punika sampun sepuh sanget, sarta punika, laki kula, sampun sepuh sanget? Saestu, punika barang ingkang angeram-eramaken |
قَالُوا أَتَعْجَبِينَ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ ۖ رَحْمَتُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ عَلَيْكُمْ أَهْلَ الْبَيْتِ ۚ إِنَّهُ حَمِيدٌ مَّجِيدٌ (73) Dheweke padha calathu: Punapa sampeyan anggumuni pa- rentahipun Allah? Wilasanipun Allah sarta berkah-Ipun dhumawah dhateng sampeyan o, batihing griya; saestu Panjenenganipun punika Pinuji, Linuhung |
فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ إِبْرَاهِيمَ الرَّوْعُ وَجَاءَتْهُ الْبُشْرَىٰ يُجَادِلُنَا فِي قَوْمِ لُوطٍ (74) Bareng si wedi wis sumingkir saka Ibrahim sarta pawarta bubu- ngah wis tumeka marang dheweke, dheweke amadoni Ingsun ing dalem umate Luth |
إِنَّ إِبْرَاهِيمَ لَحَلِيمٌ أَوَّاهٌ مُّنِيبٌ (75) Sayekti Ibrahim iku temen momot lembah manah akeh tobate |
يَا إِبْرَاهِيمُ أَعْرِضْ عَنْ هَٰذَا ۖ إِنَّهُ قَدْ جَاءَ أَمْرُ رَبِّكَ ۖ وَإِنَّهُمْ آتِيهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُودٍ (76) O, Ibrahim! togna bae iki sayekti pancasane Pangeranira te- men wus tumeka, lan sayekti, siksa masthi tumiba marang dheweke, tanpa kena ditulak |
وَلَمَّا جَاءَتْ رُسُلُنَا لُوطًا سِيءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَقَالَ هَٰذَا يَوْمٌ عَصِيبٌ (77) Lan bareng para utusan- Ingsun wus tumeka marang Luth,a iki nusahake marang dheweke, sarta ora kuwagang angayomi tuwin acalathu: Iki dina kang rekasa |
وَجَاءَهُ قَوْمُهُ يُهْرَعُونَ إِلَيْهِ وَمِن قَبْلُ كَانُوا يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ ۚ قَالَ يَا قَوْمِ هَٰؤُلَاءِ بَنَاتِي هُنَّ أَطْهَرُ لَكُمْ ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ وَلَا تُخْزُونِ فِي ضَيْفِي ۖ أَلَيْسَ مِنكُمْ رَجُلٌ رَّشِيدٌ (78) Lan umate anekani dheweke, kalawan lumayu ang- gone amarani dheweke, lan ing mau-maune pancen gawene anin- dakake panggawe ala. Calathune: E, umatku, iki anak-anak wadon – iku luwih suci – tumrap marang kowe, lah padha diprayitna marang Allah, sarta aja padha anisthakake aku tumrap marang dhayoh-dhayohku; apa ta kowe iku ora ana siji-sijia sing burus ing budhi |
قَالُوا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِي بَنَاتِكَ مِنْ حَقٍّ وَإِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيدُ (79) Dheweke padha mangsuli: Kowe rak wis weruh temenan, yen aku padha ora duwe melik marang anak-anakmu wadon, lan sayekti kowe iku temen weruh apa kang padha dakkarepake |
قَالَ لَوْ أَنَّ لِي بِكُمْ قُوَّةً أَوْ آوِي إِلَىٰ رُكْنٍ شَدِيدٍ (80) Calathune: Ah, lamuna aku duwe kakuwatan kanggo nulak kowe, utawa dak ngungsi marang Panulung Kang Prakosa. A |
قَالُوا يَا لُوطُ إِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَن يَصِلُوا إِلَيْكَ ۖ فَأَسْرِ بِأَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ اللَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنكُمْ أَحَدٌ إِلَّا امْرَأَتَكَ ۖ إِنَّهُ مُصِيبُهَا مَا أَصَابَهُمْ ۚ إِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُ ۚ أَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيبٍ (81) Padha calathu: O Luth! kula punika saestu para utusanipun Pa- ngeran ijengandika; piyambakipun boten badhe sami angengingi ijengandika; milanipun ijengandika oncataken para pandhereka ije- ngandika ing saperanganing dalu – sarta sampun ngantos wonten satunggal-tunggala golongan ije- ngandika ingkang wangsul – kaja- wi semah ijengandika, amargi saestu, punika badhe nandhang punapa ingkang sami dipun san- dhang; saestu wancinipun ingkang sampun tinamtu punika wanci gagat bangun; punapa wancinipun gagat bangun boten sampun caket |
فَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّن سِجِّيلٍ مَّنضُودٍ (82) Lah bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun walik sarta Ingsun udani watu, barang kang wus pinancasan, tumaruntun |
مُّسَوَّمَةً عِندَ رَبِّكَ ۖ وَمَا هِيَ مِنَ الظَّالِمِينَ بِبَعِيدٍ (83) Tinengeran ing ngarsaning Pangeranira; lan iku ora adoh saka para kang padha atindak dudu |
۞ وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ وَلَا تَنقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيزَانَ ۚ إِنِّي أَرَاكُم بِخَيْرٍ وَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيطٍ (84) Lan marang Madyan sadulure, Syu’aib.a Cala- thune: E, Umatku! padha ngawu- lanana Allah, kowe padha ora duwe sesembahan saliyane Panje- nengane, sarta aja padha angurangi ukuran lan timbangan; sayekti pandelengku kowe iku padha gemah ripah, lan sayekti aku iku nguwatirake kowe marang siksa- ning dina kang anglimputi |
وَيَا قَوْمِ أَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيزَانَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ (85) Lan, o, umatku! padha ang- ganepana ukuran lan timbangan kalawan jejeg, sarta aja padha amitunani wong-wong ing barang barange tuwin aja atindak rusuh ing bumi, agawe wisuna |
بَقِيَّتُ اللَّهِ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ ۚ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِحَفِيظٍ (86) Apa kang dumunung ing Allah iku luwih becik tumrap ing kowe, manawa kowe iku padha wong angestu, lan aku iku dudu juru-rumeksa marang kowe |
قَالُوا يَا شُعَيْبُ أَصَلَاتُكَ تَأْمُرُكَ أَن نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ آبَاؤُنَا أَوْ أَن نَّفْعَلَ فِي أَمْوَالِنَا مَا نَشَاءُ ۖ إِنَّكَ لَأَنتَ الْحَلِيمُ الرَّشِيدُ (87) Dheweke padha calathu: O, Syu’aib! apa salatmu iku maren- tahi kowe, supaya aku padha ninggala apa kang padha disembah bapak-bapakku, utawa supaya tu- mrap bandhaku aku ora padha tumindak sakarepku? Sayekti kowe iku temen wong momot, wong burus |
قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَرَزَقَنِي مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا ۚ وَمَا أُرِيدُ أَنْ أُخَالِفَكُمْ إِلَىٰ مَا أَنْهَاكُمْ عَنْهُ ۚ إِنْ أُرِيدُ إِلَّا الْإِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُ ۚ وَمَا تَوْفِيقِي إِلَّا بِاللَّهِ ۚ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ أُنِيبُ (88) Calathune: O, umatku! kapri- ye panimbangmu, manawa aku kadunungan bukti terang saka ing Pangeranku, sarta Panjenengane angrijekeni aku saka Sarirane, rijeki kang becik; sarta ora pisan aku duwea karep, yen anggonku anyulayani kowe iku, arep marani apa kang dak cegahake ing kowe; ora liya karepku kajaba mung ambecikake apa sakuwasaku; lan ora liya, pitulung kalaksanane becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah; ing Panjenengane sumen- dheku sarta marang Panjenengane anggonku adhedhepe |
وَيَا قَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِي أَن يُصِيبَكُم مِّثْلُ مَا أَصَابَ قَوْمَ نُوحٍ أَوْ قَوْمَ هُودٍ أَوْ قَوْمَ صَالِحٍ ۚ وَمَا قَوْمُ لُوطٍ مِّنكُم بِبَعِيدٍ (89) Lan maneh, o, umatku! panu- lak marang aku iku aja nganti andadekake kowe padha atindak dosa, mundhak kowe bakal padha nandhang padhane sapanandhange umate Nuh,a utawa umate Hudb utawa umate Salihc lan ora pisan umate Luthd iku adoh saka ing kowe |
وَاسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ ۚ إِنَّ رَبِّي رَحِيمٌ وَدُودٌ (90) Sarta padha nyuwuna nga- pura Pangeranmu, tumuli padha tobata marang Panjenengane; sayekti Pangeranku iku Mahaasih, Sutresna |
قَالُوا يَا شُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيرًا مِّمَّا تَقُولُ وَإِنَّا لَنَرَاكَ فِينَا ضَعِيفًا ۖ وَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنَاكَ ۖ وَمَا أَنتَ عَلَيْنَا بِعَزِيزٍ (91) Padha calathu: E, Syu’aib! aku padha ora mangerti marang apa calathumu kang akeh-akeh iku, lan sayekti, panyawangku, ana ing golonganku kene, kowe iku temen apes, lan aja angelingi kula- wangsamu amasthi kowe wis dak bandhemi watu, lan mangsa menanga kowe nglawan aku |
قَالَ يَا قَوْمِ أَرَهْطِي أَعَزُّ عَلَيْكُم مِّنَ اللَّهِ وَاتَّخَذْتُمُوهُ وَرَاءَكُمْ ظِهْرِيًّا ۖ إِنَّ رَبِّي بِمَا تَعْمَلُونَ مُحِيطٌ (92) Calathune: O, umatku! apa kulawangsaku iku ingatase kowe luwih aji tinimbang Allah? lan kowe padha anganggep sapele Panjenengane, kosingkur; sayekti Pangeranku iku anglimputi saba- rang panggawemu |
وَيَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ سَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن يَأْتِيهِ عَذَابٌ يُخْزِيهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌ ۖ وَارْتَقِبُوا إِنِّي مَعَكُمْ رَقِيبٌ (93) Lan maneh, o, umatku! padha tumindaka ing sabisa-bisamu, aku dhewe iya daktumindak; kowe bakal enggal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasorake awake, lan sapa sing wong goroh, lan padha anga- wasana, sayekti aku iki iya anga- wasake, barenganmu |
وَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَأَخَذَتِ الَّذِينَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دِيَارِهِمْ جَاثِمِينَ (94) Lan bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun anyalametake Syu’aib sarta kancane kang padha angestu kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta swara gumludhug anyerang para kang padha atindak dudu, temahan dheweke padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahe,a |
كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۗ أَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُودُ (95) Kaya-kaya ing iku dheweke ora tau angenggoni; o, sayekti le- bur Madyan, kaya lebure Tsamud |
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا وَسُلْطَانٍ مُّبِينٍ (96) Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa kalawan tim- balan-timbalan Ingsun sarta wisesa kang cetha |
إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَاتَّبَعُوا أَمْرَ فِرْعَوْنَ ۖ وَمَا أَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيدٍ (97) Marang Fir’aun sarta para panggedhe-panggedhene, ananging iki padha manut parentahing Fir’aun, lan ora pisan parentahing Fir’aun iku tuturutan bener |
يَقْدُمُ قَوْمَهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَأَوْرَدَهُمُ النَّارَ ۖ وَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُودُ (98) Ana ing dina kiyamat dhe- weke bakal angirid golongane, sarta padha digiring marang geni: lan ala papanthan kang digiring iku |
وَأُتْبِعُوا فِي هَٰذِهِ لَعْنَةً وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُودُ (99) Lan ana ing iki sarta ing dina kiyamat dheweke padha dielud ing wewelak: ala paparing kang bakal pinaringake |
ذَٰلِكَ مِنْ أَنبَاءِ الْقُرَىٰ نَقُصُّهُ عَلَيْكَ ۖ مِنْهَا قَائِمٌ وَحَصِيدٌ (100) Iki sawenehing pawarta kutha-kutha, kang Ingsun caritakake marang sira; sawenehe ana kang ngadeg lan ana kang rubuh |
وَمَا ظَلَمْنَاهُمْ وَلَٰكِن ظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ ۖ فَمَا أَغْنَتْ عَنْهُمْ آلِهَتُهُمُ الَّتِي يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مِن شَيْءٍ لَّمَّا جَاءَ أَمْرُ رَبِّكَ ۖ وَمَا زَادُوهُمْ غَيْرَ تَتْبِيبٍ (101) Lan ora pisan Ingsun anga- niaya dheweke, balik dheweke kang padha anganiaya marang awake dhewe; lah para sesemba- hane kang padha disambat-sebuti, saliyane Allah, ora pisan makolehi apa-apa ing dheweke, samangsa pancasane Pangeranira wus tume- ka; lan mung padha muwuhi karu- sakane |
وَكَذَٰلِكَ أَخْذُ رَبِّكَ إِذَا أَخَذَ الْقُرَىٰ وَهِيَ ظَالِمَةٌ ۚ إِنَّ أَخْذَهُ أَلِيمٌ شَدِيدٌ (102) Lan kaya mangkono iku pi- danane Pangeranira nalika amida- nani kutha-kutha, kang padha atindak dudu; sayekti pidana-Ne iku anglarani, keras |
إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْآخِرَةِ ۚ ذَٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوعٌ لَّهُ النَّاسُ وَذَٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُودٌ (103) Sayekti, ing jerone iku te- men ana tandha tumrap sapa kang wedi ing siksa akhirat; iki dina enggon kaimpuning para manusa, sarta iki dina adeging pasaksi |
وَمَا نُؤَخِّرُهُ إِلَّا لِأَجَلٍ مَّعْدُودٍ (104) Lan iku ora pisan Ingsun sumenekake, kajaba tumeka mang- sa kang wus tinamtu |
يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ إِلَّا بِإِذْنِهِ ۚ فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَسَعِيدٌ (105) Ing dina kang bakal tume- ka, ora ana jiwa sawiji caturan, kajaba kalawan idin Panjenengane, lah sawenehe padha cilaka sarta padha begja |
فَأَمَّا الَّذِينَ شَقُوا فَفِي النَّارِ لَهُمْ فِيهَا زَفِيرٌ وَشَهِيقٌ (106) Wondene para kang padha cilaka, lah bakal padha ana ing jero geni, ana ing kono bakal padha kadunungan pangadhuh lan pan- jerit |
خَالِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ إِلَّا مَا شَاءَ رَبُّكَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيدُ (107) Padha manggon ing kono sasuwene langit-langit lan bumi isih, kajaba apa karsane Pange- ranira; sayekti Pangeranira iku Ingkang-Mahabisa-Anindakake ma- rang apa kang dikarsakake |
۞ وَأَمَّا الَّذِينَ سُعِدُوا فَفِي الْجَنَّةِ خَالِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ إِلَّا مَا شَاءَ رَبُّكَ ۖ عَطَاءً غَيْرَ مَجْذُوذٍ (108) Dene para kang padha ginawe begja, lah bakal padha ing jeroning patamanan, padha mang- gon ing kono, sasuwene langit- langit lan bumi isih, kajaba apa karsane Pangeranira: paparing kang tanpa ana pedhote |
فَلَا تَكُ فِي مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هَٰؤُلَاءِ ۚ مَا يَعْبُدُونَ إِلَّا كَمَا يَعْبُدُ آبَاؤُهُم مِّن قَبْلُ ۚ وَإِنَّا لَمُوَفُّوهُمْ نَصِيبَهُمْ غَيْرَ مَنقُوصٍ (109) Mulane aja sira dumunung ing semang-semang tumrap apa kang padha sinembah iki; ora liya dheweke iku kajaba padha manem- bah kaya panembahane bapak- bapakne biyen; lan sayekti, temen Ingsun bakal amituwasi ganep ma- rang dheweke apa pandume, tanpa nganggo sudan |
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَاخْتُلِفَ فِيهِ ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَفِي شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيبٍ (110) Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi kitab marang Musa, ananging sing ditindakake amila- wani ing jerone; lan lamun sabda saka Pangeranira oraa wus andhisiki,a amasthi prakara ing antarane dheweke wis kapancasan; lan sayekti dheweke iku temen padha dumunung ing semang kang anguwatiri |
وَإِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ أَعْمَالَهُمْ ۚ إِنَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ خَبِيرٌ (111) Lan sayekti Pangeranira temen bakal amituwasi ganep marang sakehing panggawene; sayekti Panjenengane iku waspada marang sabarang kang padha dilakoni |
فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ (112) Mulane ditetep ngambah dalan bener kaya kang wus dipa- rentahake marang sira, lan sapa-sapa sartanira kang tobat ; sarta aja padha lacut , sayekti Panjenengane iku amirsani sabarang kang padha sira lakoni |
وَلَا تَرْكَنُوا إِلَى الَّذِينَ ظَلَمُوا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِنْ أَوْلِيَاءَ ثُمَّ لَا تُنصَرُونَ (113) Sarta aja padha tumiyung marang para kang padha atindak dudu, mundhak geni angenani sira, lan ora pisan sira duwe panga- yoman saliyane Allah, satemah sira ora bakal padha tinulungan |
وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ (114) Lan anjumenengna salat ing rong peranganing raina sarta ana ing wiwitaning wengi; sayekti panggawe becik iku ambirat pang- gawe ala; iki pepeling tumrap para kang padha angalap eling |
وَاصْبِرْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ (115) Lan di sabar, lah sayekti Allah iku ora bakal angilangake pituwase para kang padha atindak becik |
فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُونِ مِن قَبْلِكُمْ أُولُو بَقِيَّةٍ يَنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِي الْأَرْضِ إِلَّا قَلِيلًا مِّمَّنْ أَنجَيْنَا مِنْهُمْ ۗ وَاتَّبَعَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مَا أُتْرِفُوا فِيهِ وَكَانُوا مُجْرِمِينَ (116) Lah yagene para kula- wangsa ing sadurungira ora ana kang kadunungan kadibyan, kang anyegah agawe wisuna ing bumi, kajaba mung sathithik, sawenehe para kang padha Ingsun salametake? Lah para kang padha atindak dudu padha amburu barang, kang ing kono dheweke di- sludhah kasenengane, lan dheweke iku padha wong duraka |
وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا مُصْلِحُونَ (117) Lan ora mungguh tumrape Pangeranira yen anglebura kutha- kutha karana piandel kang luput kang mangka wonge padha wong atindak becik |
وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ أُمَّةً وَاحِدَةً ۖ وَلَا يَزَالُونَ مُخْتَلِفِينَ (118) Lan yen ta Pangeranira angarsakna, Panjenengane amasthi wus andadekake manusa dadi umat siji, ananging tansah padha seje- seje |
إِلَّا مَن رَّحِمَ رَبُّكَ ۚ وَلِذَٰلِكَ خَلَقَهُمْ ۗ وَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ (119) Kajaba sapa-sapa kang oleh wilasane Pangeranira, lan karana iku anggone Panjenengane anitah- ake dheweke; lan wus kalak- sanan sabdaning Pangeran: Sayekti naraka bakal Dakiseni kumpuling jin lan manusa |
وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنبَاءِ الرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهِ فُؤَادَكَ ۚ وَجَاءَكَ فِي هَٰذِهِ الْحَقُّ وَمَوْعِظَةٌ وَذِكْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ (120) Lan sarupane pawartane para utusan kang Ingsun caritakake marang sira, iku minangka sara- nane aneguhake atinira; lan ing sajrone iki, kasunyatan lan pitutur wus tumeka marang sira, sarta pepeling tumrap para angestu |
وَقُل لِّلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنَّا عَامِلُونَ (121) Lan calathua marang para kang angestu: padha anindakna mi- turut kahananmu, sayekti aku iya padha anindakake |
وَانتَظِرُوا إِنَّا مُنتَظِرُونَ (122) Sarta padha ngentenana, sayekti aku iya padha angenteni |
وَلِلَّهِ غَيْبُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَإِلَيْهِ يُرْجَعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِ ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ (123) Lan kagunganing Allah apa kang tan-katon ing langit-langit lan bumi, lan marang Panjenengane anggone sakeh ing prakara bakal dibalekake; mulane ngawulanana Panjenengane sarta sumendhea marang Panjenengane, lan ora pisan Pangeranira iku lena ing sabarang kang padha kolakoni |