يَسْأَلُونَكَ عَنِ الْأَنفَالِ ۖ قُلِ الْأَنفَالُ لِلَّهِ وَالرَّسُولِ ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَصْلِحُوا ذَاتَ بَيْنِكُمْ ۖ وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ (1) Dheweke padha takon marang sira prakara wuwuhan-wuwuhan. Kandhanana: Wuwuhan-wuwuhan * iku kagungane Allah lan Utusan. mulane padha di prayitna Allah sarta padha bedhamia prakarane ing antaranira, tuwin padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-E, manawa sira iku padha wong angestu |
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ (2) Para angestu iku mung para kang padha giris atine samangsa Allah sinebut, lan samangsa tim- balan-timbalan-E diwacakake ma- rang dheweke padha wuwuh imane sarta marang Pangerane anggone padha sumendhe |
الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ (3) Para kang padha anjumeneng- ake salat sarta padha mewehake barang paparing-Ingsun ing dhe- weke |
أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَّهُمْ دَرَجَاتٌ عِندَ رَبِّهِمْ وَمَغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ (4) Ya iki para wong angestu temenan; dheweke bakal padha oleh drajat luhur sarta pangapura tuwin rijeki kang mulya saka ngar- saning Pangerane |
كَمَا أَخْرَجَكَ رَبُّكَ مِن بَيْتِكَ بِالْحَقِّ وَإِنَّ فَرِيقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِينَ لَكَارِهُونَ (5) Kaya dene anggone Pange- ranira angetokake sira saka ngo- mahira kalawan yekti, sanajan saperangane wong kang padha angestu temen padha ora sarju |
يُجَادِلُونَكَ فِي الْحَقِّ بَعْدَمَا تَبَيَّنَ كَأَنَّمَا يُسَاقُونَ إِلَى الْمَوْتِ وَهُمْ يَنظُرُونَ (6) Dheweke padha amadoni sira ing dalem prakara yakti, ing sawise iki dadi terang, kaya-kaya dheweke digiring marang pati, kang sarta dheweke padha andeleng |
وَإِذْ يَعِدُكُمُ اللَّهُ إِحْدَى الطَّائِفَتَيْنِ أَنَّهَا لَكُمْ وَتَوَدُّونَ أَنَّ غَيْرَ ذَاتِ الشَّوْكَةِ تَكُونُ لَكُمْ وَيُرِيدُ اللَّهُ أَن يُحِقَّ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ وَيَقْطَعَ دَابِرَ الْكَافِرِينَ (7) Lan nalikane Allah anyagahi sira salah sijine golongan loro iku dadi bubuhanira, lan sira angajab bisaa kang ora asikep gagaman dadi bubuhanira; lan Allah angarsakake ambenerake kang bener kalawan pangandika-Ne tuwin anatas oyode para kafir |
لِيُحِقَّ الْحَقَّ وَيُبْطِلَ الْبَاطِلَ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُونَ (8) Amrih Panjenengane ambuk- tekake benere kang bener sarta anedahake lupute kang luput, sana- jan para wong dosa padha ora sarju |
إِذْ تَسْتَغِيثُونَ رَبَّكُمْ فَاسْتَجَابَ لَكُمْ أَنِّي مُمِدُّكُم بِأَلْفٍ مِّنَ الْمَلَائِكَةِ مُرْدِفِينَ (9) Nalikane sira nyuwun pitu- lung Pangeranira, tumuli Panje- nengane anyembadani ing sira: Ingsun bakal anulungi sira kala- wan sewu malaikat, urut-urutan |
وَمَا جَعَلَهُ اللَّهُ إِلَّا بُشْرَىٰ وَلِتَطْمَئِنَّ بِهِ قُلُوبُكُمْ ۚ وَمَا النَّصْرُ إِلَّا مِنْ عِندِ اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (10) Lan Allah andadekake iki, iku ora liya kajaba minangka pawarta becik sarta supaya, sarana iku, atinira dadi anteng; lan ora liya kamenangan iku kajaba saka ngarsaning Allah; sayekti Allah iku Mahamulya, Wicaksana |
إِذْ يُغَشِّيكُمُ النُّعَاسَ أَمَنَةً مِّنْهُ وَيُنَزِّلُ عَلَيْكُم مِّنَ السَّمَاءِ مَاءً لِّيُطَهِّرَكُم بِهِ وَيُذْهِبَ عَنكُمْ رِجْزَ الشَّيْطَانِ وَلِيَرْبِطَ عَلَىٰ قُلُوبِكُمْ وَيُثَبِّتَ بِهِ الْأَقْدَامَ (11) Nalika Panjenengane wus anurunake anteng marang sira, minangka aman saka Panjenengane, sarta anurunake banyu saka ing mendhunga marang sira, amrih Panjenengane anuceni sira, asarana iku, sarta ambirat leletheking setan saka ing sira, lan amrih Panjenengane angukuhake marang atinira tuwin – asarana iku – anetepake dalamakan |
إِذْ يُوحِي رَبُّكَ إِلَى الْمَلَائِكَةِ أَنِّي مَعَكُمْ فَثَبِّتُوا الَّذِينَ آمَنُوا ۚ سَأُلْقِي فِي قُلُوبِ الَّذِينَ كَفَرُوا الرُّعْبَ فَاضْرِبُوا فَوْقَ الْأَعْنَاقِ وَاضْرِبُوا مِنْهُمْ كُلَّ بَنَانٍ (12) Nalika Pangeranira amedhar sabda marang para malaikat: Ing- sun iki anyartani sira, mulane padha tetepna para kang padha angestu; Ingsun bakal andekekake miris ing dalem ati-atine para kang padha kafir. Mulane padha gepu- ken sadhuwuring tenggoke sarta paruthulen kabeh pucuking dariji- ne |
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ شَاقُّوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ وَمَن يُشَاقِقِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَإِنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ (13) Mangkono iku amarga saka anggone padha lumawan Allah lan utusan-E; lan sapa sing lumawan Allah lan utusan-E, lah sayekti Allah iku abanget walese |
ذَٰلِكُمْ فَذُوقُوهُ وَأَنَّ لِلْكَافِرِينَ عَذَابَ النَّارِ (14) Mangkono iku – lah iku padha rasakna, lan yen bubuhane para kafir iku siksa geni |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا لَقِيتُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا زَحْفًا فَلَا تُوَلُّوهُمُ الْأَدْبَارَ (15) E, para kang padha angestu! Manawa sira kepapag para kang padha kafir mangsah perang, lah aja sira padha amalik gegerira ing dheweke |
وَمَن يُوَلِّهِمْ يَوْمَئِذٍ دُبُرَهُ إِلَّا مُتَحَرِّفًا لِّقِتَالٍ أَوْ مُتَحَيِّزًا إِلَىٰ فِئَةٍ فَقَدْ بَاءَ بِغَضَبٍ مِّنَ اللَّهِ وَمَأْوَاهُ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ (16) Lan sapa sing amalik gegere ing dheweke ing dina iku, _ kajaba manawa anggone bali iku karana perluning perang utawa anggolong marang papanthan, lah sayekti wis mungguh oleh bebenduning Allah, sarta panggonane naraka; iku pa- dunungan ala |
فَلَمْ تَقْتُلُوهُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ قَتَلَهُمْ ۚ وَمَا رَمَيْتَ إِذْ رَمَيْتَ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ رَمَىٰ ۚ وَلِيُبْلِيَ الْمُؤْمِنِينَ مِنْهُ بَلَاءً حَسَنًا ۚ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ (17) Mulane, dudu sira kang mateni dheweke, ananging Allah kang mateni dheweke, lan dudu sira kang ambalang nalikane sira ambalang, ananging Allah kang ambalang lan amrih Panjene- ngane amaringi paparing kang becik saka Panjenengane marang para angestu; sayekti Allah iku Amiyarsa, Angudaneni |
ذَٰلِكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ مُوهِنُ كَيْدِ الْكَافِرِينَ (18) Iki, sarta Allah iku kang angapesake jurite para kafir |
إِن تَسْتَفْتِحُوا فَقَدْ جَاءَكُمُ الْفَتْحُ ۖ وَإِن تَنتَهُوا فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَإِن تَعُودُوا نَعُدْ وَلَن تُغْنِيَ عَنكُمْ فِئَتُكُمْ شَيْئًا وَلَوْ كَثُرَتْ وَأَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُؤْمِنِينَ (19) Manawa sira padha nyuwun putusan, lah temen putusan iku wus tumeka marang sira; lan manawa sira padha anguwisi, lah iku luwih becik tumrape sira; lan manawa sira padha angambali maneh, Ingsun bakal angambali, sarta wadyabala-nira ora bakal makolehi marang sira babar pisan, sanajan akeha, lan yen Allah iku anyartani para angestu |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَا تَوَلَّوْا عَنْهُ وَأَنتُمْ تَسْمَعُونَ (20) E, sira kang padha angestu! Padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-E, sarta aja sira padha ambalik saka Panjenengane, kang mangka sira padha ngrungu |
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ قَالُوا سَمِعْنَا وَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ (21) Sarta aja dadi kaya kang padha calathu: Kula sami mireng, lan dheweke padha ora ambangun- turut.a |
۞ إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِندَ اللَّهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ (22) Sayekti ala-alane sato tumraping Allah iku para budheg, para bisu kang padha ora ngerti |
وَلَوْ عَلِمَ اللَّهُ فِيهِمْ خَيْرًا لَّأَسْمَعَهُمْ ۖ وَلَوْ أَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوا وَّهُم مُّعْرِضُونَ (23) Lan saupama Allah uninga kabecikan ana ing dheweke, yekti aparing krungu dheweke, lan saupama Panjenengane aparing krungu dheweke, yekti dheweke padha malengos kang sarta padha sumingkir |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَجِيبُوا لِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ إِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيكُمْ ۖ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَحُولُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهِ وَأَنَّهُ إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ (24) E, sira kang padha angestu! Padha anyembadanana marang Allah lan Utusan-E, nalikane Panjenengane anguwuh sira marang barang kang angurip sira; lan padha weruha, yen Allah iku angelet-eleti antaraning wong karo atine sarta yen sira iku bakal padha diimpun marang Panjenengane |
وَاتَّقُوا فِتْنَةً لَّا تُصِيبَنَّ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنكُمْ خَاصَّةً ۖ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ (25) Lan padha di prayitna marang coba, kang ora mung mligi ange- nani panunggalanira kang padha atindak dudu bae; sarta padha weruha, yen Allah iku abanget ing walese |
وَاذْكُرُوا إِذْ أَنتُمْ قَلِيلٌ مُّسْتَضْعَفُونَ فِي الْأَرْضِ تَخَافُونَ أَن يَتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَآوَاكُمْ وَأَيَّدَكُم بِنَصْرِهِ وَرَزَقَكُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ (26) Lan padha ngelingana nali- kane sira lagi sathithik, dianggep apes ana ing nagara, kuwatir ma- nawa wong-wong padha amban- dhang sira, nanging Panjene- ngane angayomi sira sarta angu- kuhake sira kalawan pitulung-E tuwin apaparing sira arupa barang- barang becik, supaya sira padha atur panuwun |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَخُونُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ وَتَخُونُوا أَمَانَاتِكُمْ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ (27) E, sira kang padha angestu! Aja padha cidra ing Allah lan Utusan, sarta aja padha cidra ing barang kang dipracayakake sira, kang mangka sira padha weruh |
وَاعْلَمُوا أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ (28) Lan padha weruha, manawa bandhanira lan anak-anakira iku coba, sarta manawa Allah iku ing ngarsa-Ne ana ganjaran kang agung |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِن تَتَّقُوا اللَّهَ يَجْعَل لَّكُمْ فُرْقَانًا وَيُكَفِّرْ عَنكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ (29) E, sira kang padha angestu! Manawa sira prayitna ing Allah, Panjenengane ba- kal amaringi panyilah marang sira, sarta bakal ambirat alanira saka ing sira tuwin angapura marang sira; lan Allah iku Ingkang kagungan kanugrahan agung |
وَإِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِيُثْبِتُوكَ أَوْ يَقْتُلُوكَ أَوْ يُخْرِجُوكَ ۚ وَيَمْكُرُونَ وَيَمْكُرُ اللَّهُ ۖ وَاللَّهُ خَيْرُ الْمَاكِرِينَ (30) Lan nalikane para kang padha kafir angrancang upaya tumanduk ing sira arep angunjara sira utawa arep amateni sira, utawa arep anundhung sira; lan dheweke padha agawe rancangan, sarta Allah iya adamel rancangan; lan Allah iku Becik-becike para juru- rancang |
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا قَالُوا قَدْ سَمِعْنَا لَوْ نَشَاءُ لَقُلْنَا مِثْلَ هَٰذَا ۙ إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ (31) Lan kalane timbalan-timba- lan-Ingsun diwacakake marang dheweke, padha acalathu: Temen aku wis padha ngrungu; upama aku karepa, sayekti aku padha bisa angucapake papadhane iki; iki ora liya kajaba caritane para kuna |
وَإِذْ قَالُوا اللَّهُمَّ إِن كَانَ هَٰذَا هُوَ الْحَقَّ مِنْ عِندِكَ فَأَمْطِرْ عَلَيْنَا حِجَارَةً مِّنَ السَّمَاءِ أَوِ ائْتِنَا بِعَذَابٍ أَلِيمٍ (32) Lan kalane dheweke padha ngucap: Dhuh Allah! manawi pu- nika barang yakti saking ngarsa Tuwan, lah mugi Tuwan anjawah- aken sela saking langit dhateng kawula, utawi andhatengaken siksa ingkang nyakiti dhateng kawula |
وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُمْ وَأَنتَ فِيهِمْ ۚ وَمَا كَانَ اللَّهُ مُعَذِّبَهُمْ وَهُمْ يَسْتَغْفِرُونَ (33) Ananging ora bakal Allah aniksa dheweke ing sasuwene sira ana ing antarane, lan ora bakal Allah aniksa dheweke, manawa dheweke padha nyuwun panga- pura |
وَمَا لَهُمْ أَلَّا يُعَذِّبَهُمُ اللَّهُ وَهُمْ يَصُدُّونَ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَمَا كَانُوا أَوْلِيَاءَهُ ۚ إِنْ أَوْلِيَاؤُهُ إِلَّا الْمُتَّقُونَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (34) Lan apa ta tumrap dheweke, dene Allah ora aniksa dheweke, kang mangka dheweke padha anyegah saka Masjid Suci, sarta padha ora juru-rumeksane; ora liya juru-rumeksane iku kajaba wong kang padha prayitna , ananging dheweke iku sing akeh padha ora weruh |
وَمَا كَانَ صَلَاتُهُمْ عِندَ الْبَيْتِ إِلَّا مُكَاءً وَتَصْدِيَةً ۚ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْفُرُونَ (35) Lan ora liya sembahyange ana sangareping Padaleman iku kajaba mung singsot lan keplok; mulane padha angrasakna siksane, amarga saka anggonira padha kafir |
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يُنفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ لِيَصُدُّوا عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ فَسَيُنفِقُونَهَا ثُمَّ تَكُونُ عَلَيْهِمْ حَسْرَةً ثُمَّ يُغْلَبُونَ ۗ وَالَّذِينَ كَفَرُوا إِلَىٰ جَهَنَّمَ يُحْشَرُونَ (36) Sayekti, para kang padha kafir iku padha angetokake bandhane kanggo anyegah saka da- dalaning Allah; mulane dheweke bakal padha angetokake iku, tumuli iku ingatase dheweke bakal dadi piduwung kang abanget, tumuli dheweke padha kasoran; lan para kang padha kafir bakal padha di- giring marang naraka |
لِيَمِيزَ اللَّهُ الْخَبِيثَ مِنَ الطَّيِّبِ وَيَجْعَلَ الْخَبِيثَ بَعْضَهُ عَلَىٰ بَعْضٍ فَيَرْكُمَهُ جَمِيعًا فَيَجْعَلَهُ فِي جَهَنَّمَ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ (37) Supaya Allah amisahake kang jember saka kang becik, sarta andadekake kang jember iku atum- pang tindih; banjur Panjenengane angumpuk-undhung kabeh iku, tumuli anglebokake ing naraka; iki para kang padha kapitunan |
قُل لِّلَّذِينَ كَفَرُوا إِن يَنتَهُوا يُغْفَرْ لَهُم مَّا قَدْ سَلَفَ وَإِن يَعُودُوا فَقَدْ مَضَتْ سُنَّتُ الْأَوَّلِينَ (38) Calathua marang para kang padha kafir, yen padha mareni, dheweke bakal ingapura apa kang wus kapungkur; lan manawa padha angambali; lah temen wus kala- kon lalakone para kuna |
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّىٰ لَا تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلَّهِ ۚ فَإِنِ انتَهَوْا فَإِنَّ اللَّهَ بِمَا يَعْمَلُونَ بَصِيرٌ (39) Lan padha peranga mungsuh dheweke nganti panindhesan ora ana, lan agama iku sakabehe kagu- ngane Allah; nanging, manawa dheweke padha mareni, sayekti Allah iku marang apa kang padha dilakoni angudaneni |
وَإِن تَوَلَّوْا فَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَوْلَاكُمْ ۚ نِعْمَ الْمَوْلَىٰ وَنِعْمَ النَّصِيرُ (40) Lan manawa dheweke padha ambalik, lah padha weruha, yen Allah iku Pangayomanira; becik- beciking Pangayoman lan becik- beciking Juru-tutulung |
۞ وَاعْلَمُوا أَنَّمَا غَنِمْتُم مِّن شَيْءٍ فَأَنَّ لِلَّهِ خُمُسَهُ وَلِلرَّسُولِ وَلِذِي الْقُرْبَىٰ وَالْيَتَامَىٰ وَالْمَسَاكِينِ وَابْنِ السَّبِيلِ إِن كُنتُمْ آمَنتُم بِاللَّهِ وَمَا أَنزَلْنَا عَلَىٰ عَبْدِنَا يَوْمَ الْفُرْقَانِ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعَانِ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ (41) Lan padha weruha, yen kuku- panira ana ing paprangan, arupa apa bae, lah iku kang sapralimane bageane Allah lan bageane Utusan sarta bageane santana tuwin para bocah yatim lan para wong miskin apa dene wong lalaku, manawa sira iku padha angestu ing Allah sarta apa kang Ingsun dhawuhake marang kawula-Ningsun, ing dina- ning panyilah, ing dina tempuke golongan loro; lan Allah iku marang samubarang kawasa |
إِذْ أَنتُم بِالْعُدْوَةِ الدُّنْيَا وَهُم بِالْعُدْوَةِ الْقُصْوَىٰ وَالرَّكْبُ أَسْفَلَ مِنكُمْ ۚ وَلَوْ تَوَاعَدتُّمْ لَاخْتَلَفْتُمْ فِي الْمِيعَادِ ۙ وَلَٰكِن لِّيَقْضِيَ اللَّهُ أَمْرًا كَانَ مَفْعُولًا لِّيَهْلِكَ مَنْ هَلَكَ عَن بَيِّنَةٍ وَيَحْيَىٰ مَنْ حَيَّ عَن بَيِّنَةٍ ۗ وَإِنَّ اللَّهَ لَسَمِيعٌ عَلِيمٌ (42) Nalikane sira padha ana ing sacedhake pepereng sarta dheweke ana ing pepereng adoh, sarta untan-untan ana ing panggonan kang luwih endhek tinimbang sira; lan saupama sira padha semayanana, masthi sira bakal padha nyulayani ing sema- yan, ananging – supayane Allah anyidakna prakara kang wus masthi kudu kalakon, supaya sapa kang kudune lebur lebura kalawan bukti cetha sarta sapa kang kudune urip uripa kalawan bukti cetha; lan sayekti Allah iku temen Amiyarsa, Angudaneni |
إِذْ يُرِيكَهُمُ اللَّهُ فِي مَنَامِكَ قَلِيلًا ۖ وَلَوْ أَرَاكَهُمْ كَثِيرًا لَّفَشِلْتُمْ وَلَتَنَازَعْتُمْ فِي الْأَمْرِ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ سَلَّمَ ۗ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ (43) Nalika Allah meruhake sira ing dheweke ing jerone impenira katon sathithik; lan saupama Pan- jenengane meruhake sira ing dheweke katon akeh, amasthi sira padha rumasa apes sarta padha pradondi ing dalem prakara iku, ananging Allah anylametake ; sayekti Panjenengane iku Ingkang- Angudaneni apa kang ana ing dhadha-dhadha |
وَإِذْ يُرِيكُمُوهُمْ إِذِ الْتَقَيْتُمْ فِي أَعْيُنِكُمْ قَلِيلًا وَيُقَلِّلُكُمْ فِي أَعْيُنِهِمْ لِيَقْضِيَ اللَّهُ أَمْرًا كَانَ مَفْعُولًا ۗ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ (44) Lan nalika Panjenengane meruhake sira ing dheweke, kalane sira pethuk , ana ing pandelengira katon sathithik sarta Panjenengane anyathithikake sira ing dalem pandelenge, supa- yane Allah anyidakna prakara kang wis masthi kudu kalakon; lan marang Allah anggone sakehing prakara dibalekake |
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِذَا لَقِيتُمْ فِئَةً فَاثْبُتُوا وَاذْكُرُوا اللَّهَ كَثِيرًا لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ (45) E, sira kang padha angestu! samangsa sira kapapag sawijining papanthan, lah padha di tetep sarta padha di akeh anggonira eling maring Allah, supaya sira padha begja |
وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَلَا تَنَازَعُوا فَتَفْشَلُوا وَتَذْهَبَ رِيحُكُمْ ۖ وَاصْبِرُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ (46) Sarta padha ambangun-turuta ing Allah lan Utusan-E, lan aja padha pradondi, mundhak sira padha rumasa apes lan ilang kakuwatanira sarta padha di sabar; sayekti Allah iku anyartani para wong sabar |
وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ خَرَجُوا مِن دِيَارِهِم بَطَرًا وَرِئَاءَ النَّاسِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ وَاللَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطٌ (47) Lan aja padha kaya para kang padha metu saka ing panggonane kalawan umuk sarta pamer marang manusa tuwin padha nga- doh saka dadalaning Allah, lan Allah iku anglimputi ing sabarang panggawene |
وَإِذْ زَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ وَقَالَ لَا غَالِبَ لَكُمُ الْيَوْمَ مِنَ النَّاسِ وَإِنِّي جَارٌ لَّكُمْ ۖ فَلَمَّا تَرَاءَتِ الْفِئَتَانِ نَكَصَ عَلَىٰ عَقِبَيْهِ وَقَالَ إِنِّي بَرِيءٌ مِّنكُمْ إِنِّي أَرَىٰ مَا لَا تَرَوْنَ إِنِّي أَخَافُ اللَّهَ ۚ وَاللَّهُ شَدِيدُ الْعِقَابِ (48) Lan nalikane setan ama- maesi dheweke ing panggawe- panggawene karo calathu: Ing dina iki ora ana manusa kang ngalahake marang kowe, lan sayekti aku iki pangayomanmu; ananging bareng papanthan loro iku wis padha adu- arep, dheweke ambalik ing tung- kake karo calathu: Temen aku iki lebaran saka kowe, sayekti aku weruh barang kang kowe padha ora weruh, temen aku iki wedi maring Allah; lan Allah iku aba- nget ing pamales |
إِذْ يَقُولُ الْمُنَافِقُونَ وَالَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ غَرَّ هَٰؤُلَاءِ دِينُهُمْ ۗ وَمَن يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَإِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (49) Nalikane para lamis lan para kang ing sajroning atine padha ana larane calathu: Agamane iku wus anyadhangake dheweke marang karusakan; lan sapa sing asesen- dhean marang Allah, lah sayekti Allah iku Minulya, Wicaksana |
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ يَتَوَفَّى الَّذِينَ كَفَرُوا ۙ الْمَلَائِكَةُ يَضْرِبُونَ وُجُوهَهُمْ وَأَدْبَارَهُمْ وَذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ (50) Lan saupama sira weruha, nalika para Malaikat amateni para kang padha kafir, anggebugi raine lan gegere, sarta : Padha ngrasakna siksa kang angge- sengake |
ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيدِ (51) Iki amarga saka apa pang- gawening tangan-tanganira kang dhingin-dhingin, lan amarga Allah iku ora pisan atindak dudu marang para kawula |
كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ ۙ وَالَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَفَرُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ قَوِيٌّ شَدِيدُ الْعِقَابِ (52) Kaya tindake wonge Fir’aun sarta para ing sadurunge: padha angafiri ing timbalan-timbalaning Allah, mulane Allah anglebur dhe- weke, amarga saka dosane; sayekti Allah iku Kuwat, Abanget ing pamales |
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ لَمْ يَكُ مُغَيِّرًا نِّعْمَةً أَنْعَمَهَا عَلَىٰ قَوْمٍ حَتَّىٰ يُغَيِّرُوا مَا بِأَنفُسِهِمْ ۙ وَأَنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ عَلِيمٌ (53) Iki amarga dene Allah iku ora pisan angewahi nugraha kang wus Dinugrahakake marang sawijining bangsa, kajaba yen dheweke ango- wahi kahanane dhewe; lan amarga dene Allah iku Amiyarsa, Anguda- neni |
كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ ۙ وَالَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَذَّبُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ فَأَهْلَكْنَاهُم بِذُنُوبِهِمْ وَأَغْرَقْنَا آلَ فِرْعَوْنَ ۚ وَكُلٌّ كَانُوا ظَالِمِينَ (54) Kaya tindake wonge Fir’aun sarta para ing sadurunge: padha anggorohake timbalan-timbalaning Pangerane, mulane Ingsun angle- bur dheweke, amarga saka dosane lan Ingsun angelem wonge Fir’aun, lan kabeh iku wong kang padha atindak dudu |
إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِندَ اللَّهِ الَّذِينَ كَفَرُوا فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ (55) Sayekti, ala-alane sato kewan iku mungguhing Allah para kang padha kafir, lah dheweke ora bakal padha angestu |
الَّذِينَ عَاهَدتَّ مِنْهُمْ ثُمَّ يَنقُضُونَ عَهْدَهُمْ فِي كُلِّ مَرَّةٍ وَهُمْ لَا يَتَّقُونَ (56) Dheweke, para kang padha aprajanjian karo sira, banjur padha angrusak prajanjiane marambah- rambah, lan padha ora prayitna |
فَإِمَّا تَثْقَفَنَّهُمْ فِي الْحَرْبِ فَشَرِّدْ بِهِم مَّنْ خَلْفَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ (57) Mulane manawa sira anem- puh dheweke ana ing paprangan, lah sira buyarna, sapa ing saburine, supaya dheweke padha elinga |
وَإِمَّا تَخَافَنَّ مِن قَوْمٍ خِيَانَةً فَانبِذْ إِلَيْهِمْ عَلَىٰ سَوَاءٍ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْخَائِنِينَ (58) Lan manawa sira wedi cidra- ne sawijining golongan, lah uwuk- na atas dhadhasar padha-padha; sayekti Allah iku ora remen para wong cidra |
وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا سَبَقُوا ۚ إِنَّهُمْ لَا يُعْجِزُونَ (59) Lan para kang padha kafir aja padha ngira manawa dheweke ba- kal teka andhisiki; sayekti dhewek- e ora andadekake apes |
وَأَعِدُّوا لَهُم مَّا اسْتَطَعْتُم مِّن قُوَّةٍ وَمِن رِّبَاطِ الْخَيْلِ تُرْهِبُونَ بِهِ عَدُوَّ اللَّهِ وَعَدُوَّكُمْ وَآخَرِينَ مِن دُونِهِمْ لَا تَعْلَمُونَهُمُ اللَّهُ يَعْلَمُهُمْ ۚ وَمَا تُنفِقُوا مِن شَيْءٍ فِي سَبِيلِ اللَّهِ يُوَفَّ إِلَيْكُمْ وَأَنتُمْ لَا تُظْلَمُونَ (60) Lan padha cacawisa anggu- lang dheweke apa ing sabisanira, arupa kakuwatan lan arupa jaran kang cinancang ing wates, kanggo anggirisake mungsuhing Allah lan mungsuhira lan liya-liyane kajaba dheweke, kang sira padha ora weruh, kang Allah udani; lan barang apa bae kang sira wetokake ing dadalaning Allah, liliru genep bakal pinaringake marang sira, sarta sira ora bakal kinaniaya |
۞ وَإِن جَنَحُوا لِلسَّلْمِ فَاجْنَحْ لَهَا وَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (61) Lan manawa dheweke padha tumiyung marang dhame, lah sira tumiyunga mrono sarta kumandela marang Allah; sayekti Panjenengane iku Ingkang-Miyar- sa, Ingkang-Ngudaneni |
وَإِن يُرِيدُوا أَن يَخْدَعُوكَ فَإِنَّ حَسْبَكَ اللَّهُ ۚ هُوَ الَّذِي أَيَّدَكَ بِنَصْرِهِ وَبِالْمُؤْمِنِينَ (62) Lan manawa dheweke sume- dya ambalubuk sira, _ lah sayekti Allah iku wis cukup tumrape sira; Panjenengane iku Kang angu- watake sira kalawan pitulung-E lan kalawan para angestu |
وَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ ۚ لَوْ أَنفَقْتَ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا مَّا أَلَّفْتَ بَيْنَ قُلُوبِهِمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ أَلَّفَ بَيْنَهُمْ ۚ إِنَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (63) Lan anggolongake ati-atine; saupama sira angetokna apa kang ana ing bumi kabeh, ora bakal sira bisa anggolongake ati-atine ana- nging Allah anggolongake dhe- weke; sayekti Panjenengane iku Minulya, Wicaksana |
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ حَسْبُكَ اللَّهُ وَمَنِ اتَّبَعَكَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ (64) E, Nabi! Allah iku wis cukup tumrape ing sira sarta pandhe- rekira, para angestu |
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ حَرِّضِ الْمُؤْمِنِينَ عَلَى الْقِتَالِ ۚ إِن يَكُن مِّنكُمْ عِشْرُونَ صَابِرُونَ يَغْلِبُوا مِائَتَيْنِ ۚ وَإِن يَكُن مِّنكُم مِّائَةٌ يَغْلِبُوا أَلْفًا مِّنَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُونَ (65) O, Nabi! ambobolehana para angestu, marang perang; mana- wa golonganira ana rongpuluh wong sing teguh atine, bakal ngalahake rongatus, lan manawa golonganira ana satus, bakal anga- lahake sewu para kang padha kafir, awit dene dheweke iku wong kang ora padha mangerti. A |
الْآنَ خَفَّفَ اللَّهُ عَنكُمْ وَعَلِمَ أَنَّ فِيكُمْ ضَعْفًا ۚ فَإِن يَكُن مِّنكُم مِّائَةٌ صَابِرَةٌ يَغْلِبُوا مِائَتَيْنِ ۚ وَإِن يَكُن مِّنكُمْ أَلْفٌ يَغْلِبُوا أَلْفَيْنِ بِإِذْنِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ مَعَ الصَّابِرِينَ (66) Ing samengko Allah angen- thengake sasangganira, sarta Pan- jenengane anguningani, yen apes dumunung ing sira; lah yen golonganira ana satus wong sing teguh atine, bakal angalahake rong atus, lan yen golonganira ana sewu, bakal angalahake rong ewu kalawan idining Allah; lan Allah iku anyartani para wong teguh atine |
مَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَن يَكُونَ لَهُ أَسْرَىٰ حَتَّىٰ يُثْخِنَ فِي الْأَرْضِ ۚ تُرِيدُونَ عَرَضَ الدُّنْيَا وَاللَّهُ يُرِيدُ الْآخِرَةَ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (67) Ora mungguh tumrape Nabi, yen ta amundhuta tawanan, kajaba manawa panjenengane perang sar- ta menang ana ing bumi; sira padha karep marang barang kang ora langgeng ing donya iki, mangka Allah angarsakake akhirat ; lan Allah iku Minulya, Wicaksana |
لَّوْلَا كِتَابٌ مِّنَ اللَّهِ سَبَقَ لَمَسَّكُمْ فِيمَا أَخَذْتُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ (68) Saupama oraa ana undhang saka Allah kang wus dhumawuh ing dhisik, sayekti siksa kang gedhe wus anibani sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni |
فَكُلُوا مِمَّا غَنِمْتُمْ حَلَالًا طَيِّبًا ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (69) Lah padha mangana barang pakolihira ana ing paprangan, kang halal lan apik, sarta di padha prayitna ing Allah; sayekti Allah iku Apara- marta, Mahaasih |
يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ قُل لِّمَن فِي أَيْدِيكُم مِّنَ الْأَسْرَىٰ إِن يَعْلَمِ اللَّهُ فِي قُلُوبِكُمْ خَيْرًا يُؤْتِكُمْ خَيْرًا مِّمَّا أُخِذَ مِنكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ (70) O, Nabi! Calathua marang para tawanan kang ana ing tanga- nira: Manawa Allah anguningani ana kabecikan ing sajroning ati- atinira, Panjenengane bakal ama- ringi sira luwih becik tinimbang apa kang wis kapundhut saka ing sira,a sarta bakal angapura marang sira; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih |
وَإِن يُرِيدُوا خِيَانَتَكَ فَقَدْ خَانُوا اللَّهَ مِن قَبْلُ فَأَمْكَنَ مِنْهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (71) Lan manawa dheweke padha arep anyidrani sira, lah temen dhe- weke iku ing sadurunge wis anyidrani Allah, ananging Pan- jenengane amaringi angu- wasani dheweke; lan Allah iku Angudaneni, Wicaksana |
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالَّذِينَ آوَوا وَّنَصَرُوا أُولَٰئِكَ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يُهَاجِرُوا مَا لَكُم مِّن وَلَايَتِهِم مِّن شَيْءٍ حَتَّىٰ يُهَاجِرُوا ۚ وَإِنِ اسْتَنصَرُوكُمْ فِي الدِّينِ فَعَلَيْكُمُ النَّصْرُ إِلَّا عَلَىٰ قَوْمٍ بَيْنَكُمْ وَبَيْنَهُم مِّيثَاقٌ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ (72) Sayekti para kang padha angestu sarta oncat aninggal tuwin nyrempeng ing da- dalaning Allah kalawan bandhane lan jiwane sarta para kang padha aweh pangungsen lan mitulungi – iki padha dadi pangayoman sa- weneh marang sawenehe; wondene para kang padha angestu lan ora oncat aninggal , iku dudu bubuhanira pisan-pisan anggone angayomi, nganti saoncate; lan manawa dheweke padha anjaluk pitulungira ing dalem prakara agama, lah wajib ingatase sira anulungana, kajaba tumrap wong kang antaranira karo dheweke ana prajanjian, lan Allah iku Amirsani ing sabarang kang padha sira lakoni |
وَالَّذِينَ كَفَرُوا بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ إِلَّا تَفْعَلُوهُ تَكُن فِتْنَةٌ فِي الْأَرْضِ وَفَسَادٌ كَبِيرٌ (73) Wondene para kang padha kafir, iku padha dadi pangayoman saweneh marang sawenehe; iku manawa sira padha ora aninda- kake, bakal ana panindhesan ing bumi sarta wisuna kang gedhe |
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَالَّذِينَ آوَوا وَّنَصَرُوا أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُؤْمِنُونَ حَقًّا ۚ لَّهُم مَّغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ (74) Wondene para kang padha angestu sarta oncat aninggal lan anyrempeng ing dadalaning Allah, sarta para kang padha aweh pangungsen lan amitulungi – iki para wong angestu sajati; bakal padha oleh pangapura sarta rejeki kang mulya |
وَالَّذِينَ آمَنُوا مِن بَعْدُ وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا مَعَكُمْ فَأُولَٰئِكَ مِنكُمْ ۚ وَأُولُو الْأَرْحَامِ بَعْضُهُمْ أَوْلَىٰ بِبَعْضٍ فِي كِتَابِ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ (75) Wondene para kang sawise iku padha angestu sarta oncat aninggal tuwin anyrem- peng anyartani sira – iki golo- nganira; lan para kang padha duwe gagayutan sanak iku ing dalem kitabe Allah luwih cedhak sawe- neh marang sawenehe; sayekti Allah iku marang samubarang ngudaneni |