إِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُّبِينًا (1) (Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah) |
لِّيَغْفِرَ لَكَ اللَّهُ مَا تَقَدَّمَ مِن ذَنبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُّسْتَقِيمًا (2) Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener |
وَيَنصُرَكَ اللَّهُ نَصْرًا عَزِيزًا (3) Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya |
هُوَ الَّذِي أَنزَلَ السَّكِينَةَ فِي قُلُوبِ الْمُؤْمِنِينَ لِيَزْدَادُوا إِيمَانًا مَّعَ إِيمَانِهِمْ ۗ وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا (4) Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana |
لِّيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عِندَ اللَّهِ فَوْزًا عَظِيمًا (5) Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah |
وَيُعَذِّبَ الْمُنَافِقِينَ وَالْمُنَافِقَاتِ وَالْمُشْرِكِينَ وَالْمُشْرِكَاتِ الظَّانِّينَ بِاللَّهِ ظَنَّ السَّوْءِ ۚ عَلَيْهِمْ دَائِرَةُ السَّوْءِ ۖ وَغَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَلَعَنَهُمْ وَأَعَدَّ لَهُمْ جَهَنَّمَ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا (6) Allah bakal nyiksa para wong lamis lanang utawa wadon apadene wong mangro tingal lanang lan wadon kang padha nyana hala marang Allah. Kanggo dheweke digilir ing barang hala, Allah ngancam siksa neraka jahannam lan hala kadadeyane |
وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا (7) Isining langit lan bumi kabeh wadyabalane ALlah kang Maha Mulya tur wicaksana |
إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ شَاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيرًا (8) (Muhammad) Ingsun ngutus sira perlu nekseni hala becika ummatira, lan bebungah wong ngabekti bakal diganjar, lan ngancam wong duroko |
لِّتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُعَزِّرُوهُ وَتُوَقِّرُوهُ وَتُسَبِّحُوهُ بُكْرَةً وَأَصِيلًا (9) (Dhawuh Ingsun mau supaya) padha percaya Allah lan utusane, apadene ngajeni marang Rasul (utusan) lan supaya nyebut Maha suci ing Allah wayah esuk, lan sore |
إِنَّ الَّذِينَ يُبَايِعُونَكَ إِنَّمَا يُبَايِعُونَ اللَّهَ يَدُ اللَّهِ فَوْقَ أَيْدِيهِمْ ۚ فَمَن نَّكَثَ فَإِنَّمَا يَنكُثُ عَلَىٰ نَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَوْفَىٰ بِمَا عَاهَدَ عَلَيْهُ اللَّهَ فَسَيُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا (10) Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe |
سَيَقُولُ لَكَ الْمُخَلَّفُونَ مِنَ الْأَعْرَابِ شَغَلَتْنَا أَمْوَالُنَا وَأَهْلُونَا فَاسْتَغْفِرْ لَنَا ۚ يَقُولُونَ بِأَلْسِنَتِهِم مَّا لَيْسَ فِي قُلُوبِهِمْ ۚ قُلْ فَمَن يَمْلِكُ لَكُم مِّنَ اللَّهِ شَيْئًا إِنْ أَرَادَ بِكُمْ ضَرًّا أَوْ أَرَادَ بِكُمْ نَفْعًا ۚ بَلْ كَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرًا (11) Wong pedesan (ing Madinah kang ora melu perang) bakal padha matur, "Kula boten dherek jalaran ngareksa bandha sak anak bojo kula, mula mugi panjenengan Suwunaken pangapuraning Allah". Anggone matur mengkono mau mung ana lambe wae ora terus ing atine. (Muhammad) Dhawuha, "Sanadyan kowe ana ing ngomah wae, menawa Allah ngersakake bilahi marang kowe sapa kang kaconggah nolak? Utawa manawa Allah paring slamet sapa kang bisa murungake? Allah iku waspada marang kang bok lakoni |
بَلْ ظَنَنتُمْ أَن لَّن يَنقَلِبَ الرَّسُولُ وَالْمُؤْمِنُونَ إِلَىٰ أَهْلِيهِمْ أَبَدًا وَزُيِّنَ ذَٰلِكَ فِي قُلُوبِكُمْ وَظَنَنتُمْ ظَنَّ السَّوْءِ وَكُنتُمْ قَوْمًا بُورًا (12) Malah kowe padha nyana yen Rasul lan para mukmin salawase ora bakal ketemu sanak sadulure, sira kena godha dhemen panemu kang mangkono yaiku panyanamu elek, kowe bakal karusakan |
وَمَن لَّمْ يُؤْمِن بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ فَإِنَّا أَعْتَدْنَا لِلْكَافِرِينَ سَعِيرًا (13) Sing sapa ora percaya ing Allah lan marang utusane iku wong kafir. Ingsun ancam siksa neraka Sa'ir |
وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ يَغْفِرُ لِمَن يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَن يَشَاءُ ۚ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا (14) Kraton bumi lan langit kagungane Allah, Allah ngapura wong kang dadi keparengen kersane lan nyiksa wong kang dadi keparenge kersane. Allah iku kepareng ngapura dosa tur Maha Asih |
سَيَقُولُ الْمُخَلَّفُونَ إِذَا انطَلَقْتُمْ إِلَىٰ مَغَانِمَ لِتَأْخُذُوهَا ذَرُونَا نَتَّبِعْكُمْ ۖ يُرِيدُونَ أَن يُبَدِّلُوا كَلَامَ اللَّهِ ۚ قُل لَّن تَتَّبِعُونَا كَذَٰلِكُمْ قَالَ اللَّهُ مِن قَبْلُ ۖ فَسَيَقُولُونَ بَلْ تَحْسُدُونَنَا ۚ بَلْ كَانُوا لَا يَفْقَهُونَ إِلَّا قَلِيلًا (15) (Wong kang padha keri ora maju perang) bakal ngucap, "Menawa kowe lunga arep jupuki jarahan perang (Khaibar) aku aja kok larang melu jupuki" Anggone kondha mau karepe kudu ngawaki pangandikane Allah. Sira dhawuha, "Kowe ora kena melu aku. Wis terang pangandikane Allah sakdurunge kelakon perang". Dheweke bakal mangsuli, "Anggonmu ora aweh iku amarga drengki (gething)". Wong mau kang weruh (benere agama Islam) mau sethithik |
قُل لِّلْمُخَلَّفِينَ مِنَ الْأَعْرَابِ سَتُدْعَوْنَ إِلَىٰ قَوْمٍ أُولِي بَأْسٍ شَدِيدٍ تُقَاتِلُونَهُمْ أَوْ يُسْلِمُونَ ۖ فَإِن تُطِيعُوا يُؤْتِكُمُ اللَّهُ أَجْرًا حَسَنًا ۖ وَإِن تَتَوَلَّوْا كَمَا تَوَلَّيْتُم مِّن قَبْلُ يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (16) (Muhammad) Dhawuha marang wong padesan kang padha keri (ora melu perang mau) ing buri kowe bakal padha didhawuhi mapagake perang mungsuh kang prakosa tur miranti gegamane. Kowe padha didhawuhi nyirnakake mungsuh mau utawa nelukake dadi wong Islam. Manawa kowe nurut, Allah bakal maringi ganjaran becik, dene yen kowe mogok kaya kang dhisik Allah bakal matrapi siksa kang nglarani |
لَّيْسَ عَلَى الْأَعْمَىٰ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْأَعْرَجِ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ يُدْخِلْهُ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ وَمَن يَتَوَلَّ يُعَذِّبْهُ عَذَابًا أَلِيمًا (17) Wong wuta lan wong pinacang, wong loro ora dadi apa manawa keri ora melu perang dene sapa wonge ngestokake dhawuhe Rasul bakal diganjar suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon dene sapa wonge bangkang dhawuhe Allah lan rasul bakal kasiksa kang nglarani |
۞ لَّقَدْ رَضِيَ اللَّهُ عَنِ الْمُؤْمِنِينَ إِذْ يُبَايِعُونَكَ تَحْتَ الشَّجَرَةِ فَعَلِمَ مَا فِي قُلُوبِهِمْ فَأَنزَلَ السَّكِينَةَ عَلَيْهِمْ وَأَثَابَهُمْ فَتْحًا قَرِيبًا (18) Allah wis nerangake anggone padha sahabat padha pasetya marang sira (Muhammad) ana sangisore kekayon (sanggem ora bakal mlayu saka perang) Allah nguningani lugune atine para sahabat mau. Dhasar padha setya tuhu, mulane Allah banjur maringi tentrem atine, lan uga diparingi kemenangan kang cedhak (wektune) |
وَمَغَانِمَ كَثِيرَةً يَأْخُذُونَهَا ۗ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا (19) Allah maringi jarahan pirang - pirang kang padha dijupuk (ing khaibar) Allah Maha Mulya tur Maha Wicaksana |
وَعَدَكُمُ اللَّهُ مَغَانِمَ كَثِيرَةً تَأْخُذُونَهَا فَعَجَّلَ لَكُمْ هَٰذِهِ وَكَفَّ أَيْدِيَ النَّاسِ عَنكُمْ وَلِتَكُونَ آيَةً لِّلْمُؤْمِنِينَ وَيَهْدِيَكُمْ صِرَاطًا مُّسْتَقِيمًا (20) Allah wis dhawuhake marang sira bakal oleh rampasan (jarahan) akeh, sira jupuki (saka Khaibar) nuli gelisake kelakone saiki, sarta Allah nyegah tangane manungsa kang arep ngrusuhi. Mengko iku supaya dadi tondho yekti kuasaning Allah marang Mukmin lan nuduhake dalan bener marang sira kabeh |
وَأُخْرَىٰ لَمْ تَقْدِرُوا عَلَيْهَا قَدْ أَحَاطَ اللَّهُ بِهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرًا (21) Lan sira bakal diparingi kemenangan liyane kang saiki durung sira kuasani (yaiku negara - negara liya) Allah iku nguasani samu barang |
وَلَوْ قَاتَلَكُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوَلَّوُا الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يَجِدُونَ وَلِيًّا وَلَا نَصِيرًا (22) Upama wong kafir padha mapakake perang mesthi padha mlayu menyang buri ora ana kang bisa nulungi lan ora duwe andel - andel kang nulungi awake |
سُنَّةَ اللَّهِ الَّتِي قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلُ ۖ وَلَن تَجِدَ لِسُنَّةِ اللَّهِ تَبْدِيلًا (23) Allah nindakake mangkono mau, ora beda kang wis ditindakake tumrap para ummat kuna sadurunge (wong Mekkah), samu barang kang wis ditindakake Allah ora ana kang bisa ngowahi |
وَهُوَ الَّذِي كَفَّ أَيْدِيَهُمْ عَنكُمْ وَأَيْدِيَكُمْ عَنْهُم بِبَطْنِ مَكَّةَ مِن بَعْدِ أَنْ أَظْفَرَكُمْ عَلَيْهِمْ ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرًا (24) Allah iku kang nyegah tangane wong kafir anggone arep nglarani sira uga nyegah tanganira naggone arep nglarani wong kafir sejeroni kutha Mekkah sawise sira menang ngalahake dheweke. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni |
هُمُ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوكُمْ عَنِ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ وَالْهَدْيَ مَعْكُوفًا أَن يَبْلُغَ مَحِلَّهُ ۚ وَلَوْلَا رِجَالٌ مُّؤْمِنُونَ وَنِسَاءٌ مُّؤْمِنَاتٌ لَّمْ تَعْلَمُوهُمْ أَن تَطَئُوهُمْ فَتُصِيبَكُم مِّنْهُم مَّعَرَّةٌ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۖ لِّيُدْخِلَ اللَّهُ فِي رَحْمَتِهِ مَن يَشَاءُ ۚ لَوْ تَزَيَّلُوا لَعَذَّبْنَا الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا (25) Wong kafir padha nyegati wnggonira mlebu ing Masjidil Haram lan nyegah hewan kurban ora oleh dibeleh ana ing panggonan kang tinemtokake kaya kang wis kelakon. Upama ora ana wong mukmin lanang lan wadhon awor wong kafir mesthi sira ora weruh sapa kang mukmin bakal kesasar mateni dheweke. Dhadi sira bakal nandang dosa kang ora weruh urusane. Kersane Allah nglebokake wong mukmin ana rahmate. Upama wong Islam wis pisah karo wong kafir, mesthi Ingsun siksa wong kafir mau kanthi siksa kang nglarani |
إِذْ جَعَلَ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي قُلُوبِهِمُ الْحَمِيَّةَ حَمِيَّةَ الْجَاهِلِيَّةِ فَأَنزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَعَلَى الْمُؤْمِنِينَ وَأَلْزَمَهُمْ كَلِمَةَ التَّقْوَىٰ وَكَانُوا أَحَقَّ بِهَا وَأَهْلَهَا ۚ وَكَانَ اللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمًا (26) Marga wong kafir mau atine padha gumedhe, yaiku gumedhene wong bodho, mulane Allah banjur nurunake katentreman marang Rasul lan mukmin. Kabeh padha dikersakake mantep anggone nyungkemi kalimah takwa lan wong mukmin wis dibenerake kalimat takwa mau, Allah nguningani samu barang |
لَّقَدْ صَدَقَ اللَّهُ رَسُولَهُ الرُّؤْيَا بِالْحَقِّ ۖ لَتَدْخُلُنَّ الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ إِن شَاءَ اللَّهُ آمِنِينَ مُحَلِّقِينَ رُءُوسَكُمْ وَمُقَصِّرِينَ لَا تَخَافُونَ ۖ فَعَلِمَ مَا لَمْ تَعْلَمُوا فَجَعَلَ مِن دُونِ ذَٰلِكَ فَتْحًا قَرِيبًا (27) Satemene Allah arep nyatakake yen impene Rasul mau temen sawantahe yaiku satemene sira mesthi bakal mlebu ing Masjidil Haram kelawan slamet lan tentrem sarta padha cukur rambut sirah lan guntingi (rambute) tanpa kuatir salawase. Dadi genah mawan ALlah pirsa kang kowe padha ora weruh. (Makkah direbut tahun buri, saiki lagi Khaibar disik) lan ALlah maringi unggul perang kang cedhak wektune |
هُوَ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَىٰ وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ ۚ وَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا (28) Allah iku ngutus Rasule dikersakake gelar pituduh (agama Islam kang bener) supaya gumelare mau nyirnakek agama liyane. Kang mangkono iku cukup disekseni dening Allah piyambak |
مُّحَمَّدٌ رَّسُولُ اللَّهِ ۚ وَالَّذِينَ مَعَهُ أَشِدَّاءُ عَلَى الْكُفَّارِ رُحَمَاءُ بَيْنَهُمْ ۖ تَرَاهُمْ رُكَّعًا سُجَّدًا يَبْتَغُونَ فَضْلًا مِّنَ اللَّهِ وَرِضْوَانًا ۖ سِيمَاهُمْ فِي وُجُوهِهِم مِّنْ أَثَرِ السُّجُودِ ۚ ذَٰلِكَ مَثَلُهُمْ فِي التَّوْرَاةِ ۚ وَمَثَلُهُمْ فِي الْإِنجِيلِ كَزَرْعٍ أَخْرَجَ شَطْأَهُ فَآزَرَهُ فَاسْتَغْلَظَ فَاسْتَوَىٰ عَلَىٰ سُوقِهِ يُعْجِبُ الزُّرَّاعَ لِيَغِيظَ بِهِمُ الْكُفَّارَ ۗ وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ مِنْهُم مَّغْفِرَةً وَأَجْرًا عَظِيمًا (29) Muhammad iku utusane ALlah, dene kang padha dherek panjenengane padha gagah prakosa lan kendel ngalahake para wong kafir. Apa dene padha asih karo kancane (wong mukmin) kaya sira deleng padha ruku' an sujud, amngkono maneh. padha ngarep - arep kanugrahan lan paringe kersane Allah. Dene labet anggone padha sujud mau bakal katon tengere. Rahine mancorong sanepane kasebut ing kitab Taurat lan Injil. Para sahabat mau kaya tanduran gandum kang metu anake kang banjur gedhe madani uwit kang dhisik, dadekake gumune wong kang padha nandur. Awit saka iku Allah dukani sarupane wong kafir. Allah prasetya maringi ganjaran lan pangapura gedhe marang wong mukmin kang padha nglakoni penggawe becik |