| هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (1) Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales
 | 
| وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (2) Ing dina iku akeh awak padha konjem
 | 
| عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ (3) Padha ngelakoni kangelan lan rekasa
 | 
| تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً (4) Lumebu ing geni murub
 | 
| تُسْقَىٰ مِنْ عَيْنٍ آنِيَةٍ (5) Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)
 | 
| لَّيْسَ لَهُمْ طَعَامٌ إِلَّا مِن ضَرِيعٍ (6) Ora padha oleh pangan, kejaba eri
 | 
| لَّا يُسْمِنُ وَلَا يُغْنِي مِن جُوعٍ (7) Ora bisa ngelemoni lan ora maregi
 | 
| وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَّاعِمَةٌ (8) Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak
 | 
| لِّسَعْيِهَا رَاضِيَةٌ (9) Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik
 | 
| فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ (10) Manggon ana ing taman kang linuhung
 | 
| لَّا تَسْمَعُ فِيهَا لَاغِيَةً (11) Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala
 | 
| فِيهَا عَيْنٌ جَارِيَةٌ (12) Ing kono ana bengawane mili
 | 
| فِيهَا سُرُرٌ مَّرْفُوعَةٌ (13) Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur
 | 
| وَأَكْوَابٌ مَّوْضُوعَةٌ (14) Sarta pinggan unjukan kang wus tinata
 | 
| وَنَمَارِقُ مَصْفُوفَةٌ (15) Lan bantal kang jejer - jejer
 | 
| وَزَرَابِيُّ مَبْثُوثَةٌ (16) Apa dene babut kang gumelar
 | 
| أَفَلَا يَنظُرُونَ إِلَى الْإِبِلِ كَيْفَ خُلِقَتْ (17) Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake
 | 
| وَإِلَى السَّمَاءِ كَيْفَ رُفِعَتْ (18) Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur
 | 
| وَإِلَى الْجِبَالِ كَيْفَ نُصِبَتْ (19) Lan gunung - gunung anggone padha didegake
 | 
| وَإِلَى الْأَرْضِ كَيْفَ سُطِحَتْ (20) Lan bumi anggone di gelar
 | 
| فَذَكِّرْ إِنَّمَا أَنتَ مُذَكِّرٌ (21) Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)
 | 
| لَّسْتَ عَلَيْهِم بِمُصَيْطِرٍ (22) Sira dudu wajibe meksa marang dheweke
 | 
| إِلَّا مَن تَوَلَّىٰ وَكَفَرَ (23) Amung wong - wong kang malengos lan maido
 | 
| فَيُعَذِّبُهُ اللَّهُ الْعَذَابَ الْأَكْبَرَ (24) Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe
 | 
| إِنَّ إِلَيْنَا إِيَابَهُمْ (25) Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)
 | 
| ثُمَّ إِنَّ عَلَيْنَا حِسَابَهُم (26) Nuli padha Ingsun timbang hala becike
 |