الم (1) Alif, Laam, Miim |
تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْحَكِيمِ (2) Ayat - ayat kitab (al-Qur'an) iki kang isi kawicaksanaan |
هُدًى وَرَحْمَةً لِّلْمُحْسِنِينَ (3) Hiya iku pituduh minangka rahmating Allah marang wong kang padha ngelakoni panggawe becik |
الَّذِينَ يُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَهُم بِالْآخِرَةِ هُمْ يُوقِنُونَ (4) Kang padha ngelakoni sholat lan bayar zakat sarta ngandel bakal anane akherat |
أُولَٰئِكَ عَلَىٰ هُدًى مِّن رَّبِّهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ (5) Wong kang mangkono mahu padha netepi pituduh ing Pangerane, mulane wong mangkono mahu padha beja |
وَمِنَ النَّاسِ مَن يَشْتَرِي لَهْوَ الْحَدِيثِ لِيُضِلَّ عَن سَبِيلِ اللَّهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَيَتَّخِذَهَا هُزُوًا ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مُّهِينٌ (6) Sawenehing wong ana kang milih cerita kang dilagokake, tur tembunge nengsemake dianggo nasarake wong liya saka dalaning Allah (Islam) tanpa keterangan bener (ngawur). Ayate Allah banjur dianggo geguyon. Wong kang mangkono mahu bakal dipatrapi siksa kang ngremehake |
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا وَلَّىٰ مُسْتَكْبِرًا كَأَن لَّمْ يَسْمَعْهَا كَأَنَّ فِي أُذُنَيْهِ وَقْرًا ۖ فَبَشِّرْهُ بِعَذَابٍ أَلِيمٍ (7) Wong kang mangkono mahu manawa diwacakake al-Quran ayatingsun banjur mlengos lan gumedhe, ethok - ethok ora krungu, kupinge kaya disumpeli bajur budheg, wong kaya mangkono mahu diterang - terangake bakal dipatrapi siksa kang ngelarani |
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُمْ جَنَّاتُ النَّعِيمِ (8) Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik bakal diganjar suwarga Na'im |
خَالِدِينَ فِيهَا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ (9) Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Prasetyane Allah kang ditukoni kelawan nyata. Allah Maha Mulya tur Wicaksana |
خَلَقَ السَّمَاوَاتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ تَرَوْنَهَا ۖ وَأَلْقَىٰ فِي الْأَرْضِ رَوَاسِيَ أَن تَمِيدَ بِكُمْ وَبَثَّ فِيهَا مِن كُلِّ دَابَّةٍ ۚ وَأَنزَلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَنبَتْنَا فِيهَا مِن كُلِّ زَوْجٍ كَرِيمٍ (10) Allah gawe langit ana ing dhuwur tanpa cagak, kaya kang sira deleng, lan handokokake gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi. Supaya bumi aja goncang - ganjing ngobah - obah sira. Sarta andokokake sawarnaning hewan kang gumrayap ana bumi. Apa dene Ingsun nurunake banyu saka langit. Sabanjure bumi ahu Ingsun wetokake thetukulane warna - warna kang becik |
هَٰذَا خَلْقُ اللَّهِ فَأَرُونِي مَاذَا خَلَقَ الَّذِينَ مِن دُونِهِ ۚ بَلِ الظَّالِمُونَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (11) Kang wis kasebut iki kabeh gaweyaning Allah, mara Ingsun tuduhna brahala kang padha sira nggo Pangeran, endi gaweyane. Wong (kafir) iku tetela wong kesasar |
وَلَقَدْ آتَيْنَا لُقْمَانَ الْحِكْمَةَ أَنِ اشْكُرْ لِلَّهِ ۚ وَمَن يَشْكُرْ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِ ۖ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ حَمِيدٌ (12) Ingsun wis paring kawicaksanan marang Lukma. Dhawuh Ingsun, Lukman, sira syukura ing Allah, marga anggonira diparingi kawicaksanaan. Sing sapa syukur ing ganjarane kanggo awake dhewe. Dene sing sapa ora ngandel peparinging Allah, weruha yen Allah ora butuh marang titahe, tur pantes hing ngalembana |
وَإِذْ قَالَ لُقْمَانُ لِابْنِهِ وَهُوَ يَعِظُهُ يَا بُنَيَّ لَا تُشْرِكْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّ الشِّرْكَ لَظُلْمٌ عَظِيمٌ (13) Sira nyaritakna Lukman nalikane mulang lan mituturi marang anake, "Anaku, kowe aja pisan - pisan mangro-tingal anggonmu mangeran ing Allah, awit mangro tingal iku duraka gedhe |
وَوَصَّيْنَا الْإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ وَهْنًا عَلَىٰ وَهْنٍ وَفِصَالُهُ فِي عَامَيْنِ أَنِ اشْكُرْ لِي وَلِوَالِدَيْكَ إِلَيَّ الْمَصِيرُ (14) Ingsun dhawuh marang manungsa, "Padha ngabektiya marang wong tuwane loro. Awit nalika ana sajerone wetengane biyunge nandang reribet saya tuwa wetengane awake sangsaya abot. Sawise lahir jabang bayine anggone nusone nganti lawas. Panyapihe nganti umur rong tahun. He manungsa, sira padha syukura marang Ingsun lan marang wong tuwanira loro. Ing tembe sira bakal bali seba marang ngerasningsun |
وَإِن جَاهَدَاكَ عَلَىٰ أَن تُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۖ وَصَاحِبْهُمَا فِي الدُّنْيَا مَعْرُوفًا ۖ وَاتَّبِعْ سَبِيلَ مَنْ أَنَابَ إِلَيَّ ۚ ثُمَّ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ (15) Manawa wong tuwanira loro mahu akon mangro tingal marang sira, nyembah marang barang kang sira ora weruh katerangan yen iu Pangeran, sira aja manut. Sira dadiya kancane kelawan becik. Sira manuta laku jantraning wong kang setiya tuhu marang Ingsun. Ing tembe sira bakal bali sowan marang Ingsun. Lan bakal anerangake semu barang kang padha sira lakoni |
يَا بُنَيَّ إِنَّهَا إِن تَكُ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ فَتَكُن فِي صَخْرَةٍ أَوْ فِي السَّمَاوَاتِ أَوْ فِي الْأَرْضِ يَأْتِ بِهَا اللَّهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَطِيفٌ خَبِيرٌ (16) Piwulange Lukman, "Anakku, panggawe hala iku, sanadyan mung sabobote wiji sawi siji, sarta panggonane ana sajerone watu, utawa ana langit - utawa bumi, mesthi ditekakake dening Allah sarta banjur ditimbang. Satemene Allah iku alus tur waspada |
يَا بُنَيَّ أَقِمِ الصَّلَاةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنكَرِ وَاصْبِرْ عَلَىٰ مَا أَصَابَكَ ۖ إِنَّ ذَٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْأُمُورِ (17) Hai anakku, nglakonono sholat lan hajak - ajaka ngelakoni kabecikan lan menginga ngelakoni penggawe hala, lan shabara atimu ketaman pihala kang tumanduk ing kowe. Awit kang mangkono iku perkara kang diwajibake Allah ing kowe |
وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِي الْأَرْضِ مَرَحًا ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ (18) Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe, rupa ngremehake. lan yen lumaku ana ing bumi aja ngembelengan awit Allah ora remen, kang kaya mangkono |
وَاقْصِدْ فِي مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِن صَوْتِكَ ۚ إِنَّ أَنكَرَ الْأَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيرِ (19) Anggonmu mlaku kang sedhengan, lan yen nyuwara kang alon lan aris. Awit surawa kasar iku kaya suwarane khimar/keledai (elek banget) |
أَلَمْ تَرَوْا أَنَّ اللَّهَ سَخَّرَ لَكُم مَّا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَأَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهُ ظَاهِرَةً وَبَاطِنَةً ۗ وَمِنَ النَّاسِ مَن يُجَادِلُ فِي اللَّهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَلَا هُدًى وَلَا كِتَابٍ مُّنِيرٍ (20) (Pangandikane Allah), "He wong kafir, apa ora padha handeleng ing ALlah anggone maringi hising langit marang sira (srengenge, rembulan lan lintang), apa dene isen - isening bumi (segara, hewan, woh - wohan) lan Allah paring kabungahan kang sampurna lahir bathine marang sira. Hewa dene sawenehing wong ana kang madoni bab kahananing Allah, tanpa kaweruh lan tanpa wewaton pituduh rasul, lan tanpa wewaton kitang kang terang |
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اتَّبِعُوا مَا أَنزَلَ اللَّهُ قَالُوا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۚ أَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطَانُ يَدْعُوهُمْ إِلَىٰ عَذَابِ السَّعِيرِ (21) Wong kafir mau menawa didhawuhi, "Kowe padha ngestokno dhawuhing Allah". Wangsulane, "Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula". Pangendikaning Allah, "Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa'ir |
۞ وَمَن يُسْلِمْ وَجْهَهُ إِلَى اللَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقَىٰ ۗ وَإِلَى اللَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ (22) Sapa ngadhepake awake ngadhepi Allah, sarta nglakoni panggawe becik. Iku wis cekelan tali kukuh lan mitayani. Semu barang prakara iku karampungane ana ngastane Allah |
وَمَن كَفَرَ فَلَا يَحْزُنكَ كُفْرُهُ ۚ إِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ فَنُنَبِّئُهُم بِمَا عَمِلُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ (23) Sira aja sedhih marga wong padha puguh kafir. Awit ing tembe bakal padha bali disebabake (sowan) marang Pangeran. Ingsun bakal melehake samu barang kang wis padha dilakoni. Allah nguningani sakrenteking ati |
نُمَتِّعُهُمْ قَلِيلًا ثُمَّ نَضْطَرُّهُمْ إِلَىٰ عَذَابٍ غَلِيظٍ (24) Ingsun paring kabungahan (marang si kafir) mung sawatara, ing besuk (ana akhirat) dipeksa marang siksa kang abot |
وَلَئِن سَأَلْتَهُم مَّنْ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ لَيَقُولُنَّ اللَّهُ ۚ قُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (25) Manawa takon marang wong kafir mau, "Sapa kang gawe bumi lan langit ?" Padha mangsuli, "Allah". Sakabehing puji kagungane Allah. Nanging cuwadene kang akeh padha ora mangerti |
لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنَّ اللَّهَ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ (26) Semu barang hisining bumi lan langit kabeh kagungane Allah. Satemene Allah iku sugih tur pinuji |
وَلَوْ أَنَّمَا فِي الْأَرْضِ مِن شَجَرَةٍ أَقْلَامٌ وَالْبَحْرُ يَمُدُّهُ مِن بَعْدِهِ سَبْعَةُ أَبْحُرٍ مَّا نَفِدَتْ كَلِمَاتُ اللَّهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ (27) Upama hisning bumi kang rupa kayu digawe kalam, banjur segara wujud mangsi dianggo nulisi pangandikaning Allah (kaweruh sing diparingake) henteke banyu segara diwuwuhi segara pitung mono engkas mesthi ora paja -paja ngentekake pangandikaning lan kaweruhing Allah. Satemene ALlah iku Maha Mulia tur Wicaksana |
مَّا خَلْقُكُمْ وَلَا بَعْثُكُمْ إِلَّا كَنَفْسٍ وَاحِدَةٍ ۗ إِنَّ اللَّهَ سَمِيعٌ بَصِيرٌ (28) Allah anggone gawe awakira lan nguripake saka pati marang wong sajagad (kelawan barang, ora kangelan) kaya mung gawe lan nguripake wong siji bahe. Allah iku miyarsa tur mirsani |
أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ كُلٌّ يَجْرِي إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى وَأَنَّ اللَّهَ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ (29) Apa sira hora handeleng Allah anggone nglojokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene anggone marintah srengene lan rembulan loro pisan padha mlaku ana cakrawalane dhewe - dhewe, nganti tekan wewangen kang tinamtokake (Qiyamat). Allah waspada samu barang kang sira lakoni |
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ وَأَنَّ مَا يَدْعُونَ مِن دُونِهِ الْبَاطِلُ وَأَنَّ اللَّهَ هُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيرُ (30) Mulane mangkono awit Allah iku langgeng tan kena owah, sarta benere kudu disembah. Ananging brahala kang padha dianggo Pangeran iku palsu satemene Allah Maha Mulya lan Agung |
أَلَمْ تَرَ أَنَّ الْفُلْكَ تَجْرِي فِي الْبَحْرِ بِنِعْمَتِ اللَّهِ لِيُرِيَكُم مِّنْ آيَاتِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ (31) Sira apa ora handeleng perahu kang mlaku ana ing segara sarana angin minangka peparinging Allah kabungahan, ditontonake marang sira tandha yektine allah kahelokan. Kahelokan mahu tumrap wong kang teguh atine sarta syukur mesthi dadi tandha yekti kuwasane Allah |
وَإِذَا غَشِيَهُم مَّوْجٌ كَالظُّلَلِ دَعَوُا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ فَلَمَّا نَجَّاهُمْ إِلَى الْبَرِّ فَمِنْهُم مُّقْتَصِدٌ ۚ وَمَا يَجْحَدُ بِآيَاتِنَا إِلَّا كُلُّ خَتَّارٍ كَفُورٍ (32) Lan nalikane tinempuh angin ribut ana segara, ombake gedhe sagunung - gunung. Banjur padha nyuwun slamet ing Allah, kaya wong suci atine sumungkem marang agama. bareng wis slamet tekan dharatan wong mahu ana kang lestari percaya ing Allah. Dene wong kang maido ayatingsun, ora maneh kejaba wong kang cidra lan kafir |
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمْ وَاخْشَوْا يَوْمًا لَّا يَجْزِي وَالِدٌ عَن وَلَدِهِ وَلَا مَوْلُودٌ هُوَ جَازٍ عَن وَالِدِهِ شَيْئًا ۚ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ ۖ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَلَا يَغُرَّنَّكُم بِاللَّهِ الْغَرُورُ (33) He manungsa, sira padha bektia ing Allah Pangeranira, lan wediya ing dina (Qiyamat) kang ing kono bapa ora perduli anake, lan anake ora perduli marang bapakne ora bisa mitulungi sathithik - thithika. Prasetianing Allah bakal nguripake wong kang wis mati lan haganjar apa dene nyiksa bakal kaleksanan temenan. Ngati - ngatiya aja nganti kajelomprong kabungahan donya, lan sungkemira ing Allah aja nganti dijlomprongake ing syetan |
إِنَّ اللَّهَ عِندَهُ عِلْمُ السَّاعَةِ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْأَرْحَامِ ۖ وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًا ۖ وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ بِأَيِّ أَرْضٍ تَمُوتُ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ (34) Allah nguningani besuk apa kelakone dina qiyamat. Lan mengko apa tumuruning udan. Nguningani bayi kang ana ing wetengan (lanang apa wadon). Dene ora ana wong kang weruh kang bakal dilakono dona sesuk. Lan ora weruh uga anggone bakal mati ana bumi ngendi. Satemene Allah nguningani tur waspada marang samu barang |