الرَّحْمَٰنُ (1) Pangeran kang Maha Murah |
عَلَّمَ الْقُرْآنَ (2) Iku mulang Qur'an |
خَلَقَ الْإِنسَانَ (3) Agawe manungsa |
عَلَّمَهُ الْبَيَانَ (4) Mulang manungsa supaya pinter guneman |
الشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍ (5) Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane |
وَالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ (6) Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah |
وَالسَّمَاءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيزَانَ (7) Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil) |
أَلَّا تَطْغَوْا فِي الْمِيزَانِ (8) Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang |
وَأَقِيمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيزَانَ (9) Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot |
وَالْأَرْضَ وَضَعَهَا لِلْأَنَامِ (10) Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa) |
فِيهَا فَاكِهَةٌ وَالنَّخْلُ ذَاتُ الْأَكْمَامِ (11) Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung |
وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُ (12) Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (13) Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido |
خَلَقَ الْإِنسَانَ مِن صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ (14) Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong |
وَخَلَقَ الْجَانَّ مِن مَّارِجٍ مِّن نَّارٍ (15) Lan gawe jin saka urubing geni |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (16) Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido |
رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِ (17) Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (18) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido |
مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيَانِ (19) Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu |
بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيَانِ (20) Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (21) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido |
يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُ (22) Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (23) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido |
وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنشَآتُ فِي الْبَحْرِ كَالْأَعْلَامِ (24) Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (25) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍ (26) Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak |
وَيَبْقَىٰ وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ (27) Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (28) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho |
يَسْأَلُهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِي شَأْنٍ (29) Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (30) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido |
سَنَفْرُغُ لَكُمْ أَيُّهَ الثَّقَلَانِ (31) Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (32) Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido |
يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ إِنِ اسْتَطَعْتُمْ أَن تَنفُذُوا مِنْ أَقْطَارِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ فَانفُذُوا ۚ لَا تَنفُذُونَ إِلَّا بِسُلْطَانٍ (33) He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (34) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّن نَّارٍ وَنُحَاسٌ فَلَا تَنتَصِرَانِ (35) He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (36) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فَإِذَا انشَقَّتِ السَّمَاءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِ (37) Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (38) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْأَلُ عَن ذَنبِهِ إِنسٌ وَلَا جَانٌّ (39) Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (40) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
يُعْرَفُ الْمُجْرِمُونَ بِسِيمَاهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِي وَالْأَقْدَامِ (41) Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (42) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
هَٰذِهِ جَهَنَّمُ الَّتِي يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُونَ (43) (Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen |
يَطُوفُونَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيمٍ آنٍ (44) Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (45) Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido |
وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ جَنَّتَانِ (46) Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa) |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (47) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
ذَوَاتَا أَفْنَانٍ (48) Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (49) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِمَا عَيْنَانِ تَجْرِيَانِ (50) Suwarga loro mau ana bengawane mili |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (51) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِمَا مِن كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجَانِ (52) Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (53) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ فُرُشٍ بَطَائِنُهَا مِنْ إِسْتَبْرَقٍ ۚ وَجَنَى الْجَنَّتَيْنِ دَانٍ (54) Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (55) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِنَّ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ (56) Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (57) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
كَأَنَّهُنَّ الْيَاقُوتُ وَالْمَرْجَانُ (58) Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (59) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
هَلْ جَزَاءُ الْإِحْسَانِ إِلَّا الْإِحْسَانُ (60) Pituasing laku becik ora liya holeh becik |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (61) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
وَمِن دُونِهِمَا جَنَّتَانِ (62) Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (63) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
مُدْهَامَّتَانِ (64) Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (65) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِمَا عَيْنَانِ نَضَّاخَتَانِ (66) Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (67) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِمَا فَاكِهَةٌ وَنَخْلٌ وَرُمَّانٌ (68) Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (69) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
فِيهِنَّ خَيْرَاتٌ حِسَانٌ (70) Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (71) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
حُورٌ مَّقْصُورَاتٌ فِي الْخِيَامِ (72) Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (73) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ (74) Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (75) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍ (76) Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane |
فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ (77) Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido |
تَبَارَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِي الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ (78) Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin |