| لَا أُقْسِمُ بِيَوْمِ الْقِيَامَةِ (1) Ingsun supata, "Dhemi dina qiyamat
 | 
| وَلَا أُقْسِمُ بِالنَّفْسِ اللَّوَّامَةِ (2) Lan uga supata, "Demi Nafsu Lawwamah (Jiwa sing gela)
 | 
| أَيَحْسَبُ الْإِنسَانُ أَلَّن نَّجْمَعَ عِظَامَهُ (3) Apa manungsa ngira, yen Ingsun ora bisa nglumpukake balunge kang wis pisah - pisah
 | 
| بَلَىٰ قَادِرِينَ عَلَىٰ أَن نُّسَوِّيَ بَنَانَهُ (4) Luput panyanane, Ingsun kawasa mulihake kabeh drijine kaya mahu - mahune
 | 
| بَلْ يُرِيدُ الْإِنسَانُ لِيَفْجُرَ أَمَامَهُ (5) Nanging manungsa karepe arep gorohake barang kang ana ngarepe
 | 
| يَسْأَلُ أَيَّانَ يَوْمُ الْقِيَامَةِ (6) Dheweke takon, "Kapan ta dina Qiyamat iku
 | 
| فَإِذَا بَرِقَ الْبَصَرُ (7) Nanging bareng pandelenge wus blawur
 | 
| وَخَسَفَ الْقَمَرُ (8) Lan rembulan ilang pencoronge
 | 
| وَجُمِعَ الشَّمْسُ وَالْقَمَرُ (9) Apa dene srengenge lan rembulan padha metu saka kulon
 | 
| يَقُولُ الْإِنسَانُ يَوْمَئِذٍ أَيْنَ الْمَفَرُّ (10) Ing dina iku manungsa padha celathu, "Aku ngungsi mlayu menyang ngendhi
 | 
| كَلَّا لَا وَزَرَ (11) Mangsa oleha pangungsen ing dina iku ora ana pangungsen
 | 
| إِلَىٰ رَبِّكَ يَوْمَئِذٍ الْمُسْتَقَرُّ (12) Ing dina iku bakal mung marang Pangeranira dununging palerenan
 | 
| يُنَبَّأُ الْإِنسَانُ يَوْمَئِذٍ بِمَا قَدَّمَ وَأَخَّرَ (13) Ing dina iku manungsa bakal diwartani sabarang panggawene kang didhisikake lan (sabarang) kang dikerekake
 | 
| بَلِ الْإِنسَانُ عَلَىٰ نَفْسِهِ بَصِيرَةٌ (14) Siji - sijining manungsa padha weruh lakone dhewe - dhewe
 | 
| وَلَوْ أَلْقَىٰ مَعَاذِيرَهُ (15) Sanadyan ta ngandhakake alangane
 | 
| لَا تُحَرِّكْ بِهِ لِسَانَكَ لِتَعْجَلَ بِهِ (16) Lisanira aja kumecap (ngunekake al-Quran)sadurunge rampung pamacane (Malaikat Jibril murih gelis - gelis apal al-Quran mau)
 | 
| إِنَّ عَلَيْنَا جَمْعَهُ وَقُرْآنَهُ (17) Marga Ingsun kang bakal ngalumpukake al-Quran mau ana ing atinira dalah sawacane pisan
 | 
| فَإِذَا قَرَأْنَاهُ فَاتَّبِعْ قُرْآنَهُ (18) Nalikane Ingsun wis rampung macakake al-Quran marang sira, nuli sira macaa (aja sira barengi)
 | 
| ثُمَّ إِنَّ عَلَيْنَا بَيَانَهُ (19) Sawise mangkono, Ingsun kang mesthi paring mangerti surasaning al-Quran marang sira
 | 
| كَلَّا بَلْ تُحِبُّونَ الْعَاجِلَةَ (20) Sira iku padha anesrani (aja kesusu) ananging sira seneng panguripan dunya
 | 
| وَتَذَرُونَ الْآخِرَةَ (21) Lan nglirwakake akehrat
 | 
| وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَّاضِرَةٌ (22) Ing dina iku akeh wong kang rahine bagus lan manis
 | 
| إِلَىٰ رَبِّهَا نَاظِرَةٌ (23) Padha andeleng Allah Pangerane
 | 
| وَوُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ بَاسِرَةٌ (24) Lan uga akeh rahi ala tur suntrut
 | 
| تَظُنُّ أَن يُفْعَلَ بِهَا فَاقِرَةٌ (25) Padha weruh yen siksa gedhe bakal dipatrapi marang dheweke
 | 
| كَلَّا إِذَا بَلَغَتِ التَّرَاقِيَ (26) Temen nalika ruh tinarik tekan gurung
 | 
| وَقِيلَ مَنْ ۜ رَاقٍ (27) Sarta dicelathoni, "Sapa tukange nambani
 | 
| وَظَنَّ أَنَّهُ الْفِرَاقُ (28) Sarta dheweke yakin, yen iki (wayahe) pisah
 | 
| وَالْتَفَّتِ السَّاقُ بِالسَّاقِ (29) Sikile kang siji dhempet karo sikil sijine
 | 
| إِلَىٰ رَبِّكَ يَوْمَئِذٍ الْمَسَاقُ (30) Ing dina iku wayahe dituntun marang ngarsane Pangeranira
 | 
| فَلَا صَدَّقَ وَلَا صَلَّىٰ (31) Wis ira bisa pracaya (Rosul lan Al-Quran) lan ora bisa shalat kang migunani
 | 
| وَلَٰكِن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ (32) Nanging maido (al-Quran) lan mlengos saka dalan bener
 | 
| ثُمَّ ذَهَبَ إِلَىٰ أَهْلِهِ يَتَمَطَّىٰ (33) Banjur menyang ngomahe sanake, lakune gumedhe
 | 
| أَوْلَىٰ لَكَ فَأَوْلَىٰ (34) Cilako kanggomu (wong kafir) tur rambah - rambah
 | 
| ثُمَّ أَوْلَىٰ لَكَ فَأَوْلَىٰ (35) Nuli cilaka tur rambah - rambah (tumrap sira wong kafir)
 | 
| أَيَحْسَبُ الْإِنسَانُ أَن يُتْرَكَ سُدًى (36) Apa manungsa ngira yen bakal ditokake wae
 | 
| أَلَمْ يَكُ نُطْفَةً مِّن مَّنِيٍّ يُمْنَىٰ (37) Apa dheweke iku maune dudu nutfah wijining urip kang tinetesake (ing rahim)
 | 
| ثُمَّ كَانَ عَلَقَةً فَخَلَقَ فَسَوَّىٰ (38) Banjur dadi getih kenthel, tumuli Panjenengane anitahake (dheweke) sarta dadekake sampurna
 | 
| فَجَعَلَ مِنْهُ الزَّوْجَيْنِ الذَّكَرَ وَالْأُنثَىٰ (39) Banjur Panjenengane dadekake saka iku mau dadi rong jenis, jenis lanang lan jenis wadon
 | 
| أَلَيْسَ ذَٰلِكَ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَن يُحْيِيَ الْمَوْتَىٰ (40) Apa Panjenengane ora bisa nguripake wong kang wis padha mati? (Kawasa banget)
 |