عَبَسَ وَتَوَلَّىٰ (1) Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos |
أَن جَاءَهُ الْأَعْمَىٰ (2) Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum) |
وَمَا يُدْرِيكَ لَعَلَّهُ يَزَّكَّىٰ (3) Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine |
أَوْ يَذَّكَّرُ فَتَنفَعَهُ الذِّكْرَىٰ (4) Utawa nganggep wewulang mau migunani |
أَمَّا مَنِ اسْتَغْنَىٰ (5) Dene wong kang sugih bandha |
فَأَنتَ لَهُ تَصَدَّىٰ (6) Sira resep marang wong mau |
وَمَا عَلَيْكَ أَلَّا يَزَّكَّىٰ (7) Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira |
وَأَمَّا مَن جَاءَكَ يَسْعَىٰ (8) Dene wong wuta kang gagancangan sowan |
وَهُوَ يَخْشَىٰ (9) Iku wong sing taat (tunduk) |
فَأَنتَ عَنْهُ تَلَهَّىٰ (10) Sira klewa - klewa marang wong wuta mau |
كَلَّا إِنَّهَا تَذْكِرَةٌ (11) Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi |
فَمَن شَاءَ ذَكَرَهُ (12) Sing sapa gelem ngistokake |
فِي صُحُفٍ مُّكَرَّمَةٍ (13) Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur'an) |
مَّرْفُوعَةٍ مُّطَهَّرَةٍ (14) Linuhurake, sinucekake |
بِأَيْدِي سَفَرَةٍ (15) Ing tangen juru tulis |
كِرَامٍ بَرَرَةٍ (16) Minulya, tulus |
قُتِلَ الْإِنسَانُ مَا أَكْفَرَهُ (17) Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima |
مِنْ أَيِّ شَيْءٍ خَلَقَهُ (18) Saka barang apa ta kadadeyane |
مِن نُّطْفَةٍ خَلَقَهُ فَقَدَّرَهُ (19) Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke |
ثُمَّ السَّبِيلَ يَسَّرَهُ (20) Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi) |
ثُمَّ أَمَاتَهُ فَأَقْبَرَهُ (21) Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem |
ثُمَّ إِذَا شَاءَ أَنشَرَهُ (22) Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau |
كَلَّا لَمَّا يَقْضِ مَا أَمَرَهُ (23) Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah |
فَلْيَنظُرِ الْإِنسَانُ إِلَىٰ طَعَامِهِ (24) Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan |
أَنَّا صَبَبْنَا الْمَاءَ صَبًّا (25) Ingsun ngesokake banyu udan saka mega |
ثُمَّ شَقَقْنَا الْأَرْضَ شَقًّا (26) Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane |
فَأَنبَتْنَا فِيهَا حَبًّا (27) Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi |
وَعِنَبًا وَقَضْبًا (28) Lan anggur sarta woh kang migunani |
وَزَيْتُونًا وَنَخْلًا (29) Lan wit zaitun, apa dene wit kurma |
وَحَدَائِقَ غُلْبًا (30) Lan palemahan kang ana kayone gadhe |
وَفَاكِهَةً وَأَبًّا (31) Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya |
مَّتَاعًا لَّكُمْ وَلِأَنْعَامِكُمْ (32) Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira |
فَإِذَا جَاءَتِ الصَّاخَّةُ (33) Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat |
يَوْمَ يَفِرُّ الْمَرْءُ مِنْ أَخِيهِ (34) Dinane wong aninggal lumayu sadulure |
وَأُمِّهِ وَأَبِيهِ (35) Lan ngedohi bapa - biyunge |
وَصَاحِبَتِهِ وَبَنِيهِ (36) Lan ngedohi bojone apadene anak - putune |
لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ يَوْمَئِذٍ شَأْنٌ يُغْنِيهِ (37) Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane |
وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ مُّسْفِرَةٌ (38) Akeh rahi kang mencorong cahyane |
ضَاحِكَةٌ مُّسْتَبْشِرَةٌ (39) Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin) |
وَوُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ عَلَيْهَا غَبَرَةٌ (40) Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah |
تَرْهَقُهَا قَتَرَةٌ (41) Saking dening ireng lan petening hulate |
أُولَٰئِكَ هُمُ الْكَفَرَةُ الْفَجَرَةُ (42) Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala |