وَالْفَجْرِ (1) Demi wayah bangun esuk |
وَلَيَالٍ عَشْرٍ (2) Demi malem tanggal sepuluh (sasi Dzul Hijjah) |
وَالشَّفْعِ وَالْوَتْرِ (3) Demi cacah genep lan cacah ganjil |
وَاللَّيْلِ إِذَا يَسْرِ (4) Demi wengi kang kawitan lan wekasan |
هَلْ فِي ذَٰلِكَ قَسَمٌ لِّذِي حِجْرٍ (5) Anggoningsun supata mangkono mau (sing bisa ditampa) wong kang ana akale |
أَلَمْ تَرَ كَيْفَ فَعَلَ رَبُّكَ بِعَادٍ (6) Sira apa ora andeleng Allah Pangeranira anggone numpes wong 'Aad |
إِرَمَ ذَاتِ الْعِمَادِ (7) (Bongsa) Iram, tur padha gagah prakosa lan gedhe dhuwur |
الَّتِي لَمْ يُخْلَقْ مِثْلُهَا فِي الْبِلَادِ (8) Kang ing negara (liyane) ora ana kang diparingi kaya mangkono |
وَثَمُودَ الَّذِينَ جَابُوا الصَّخْرَ بِالْوَادِ (9) Lan (marang bangsa) Tsamud, kang anatah watu ing jurang - jurang |
وَفِرْعَوْنَ ذِي الْأَوْتَادِ (10) Lan anggone numpes Fir'aun kang duwe bala |
الَّذِينَ طَغَوْا فِي الْبِلَادِ (11) Kang atindak gumedhe ana ing negara - negara |
فَأَكْثَرُوا فِيهَا الْفَسَادَ (12) Banget anggone gawe rusak ana ing negarane |
فَصَبَّ عَلَيْهِمْ رَبُّكَ سَوْطَ عَذَابٍ (13) Allah Pangeranira banjur nurunake siksa warna - warna marang dheweke |
إِنَّ رَبَّكَ لَبِالْمِرْصَادِ (14) Satemene Allah Pangeranira angawasake |
فَأَمَّا الْإِنسَانُ إِذَا مَا ابْتَلَاهُ رَبُّهُ فَأَكْرَمَهُ وَنَعَّمَهُ فَيَقُولُ رَبِّي أَكْرَمَنِ (15) Wondene manungsa iku manawa dicoba dening Pangerane anyoba marang awake, nuli maringi kamulyan lan kamukten banjur kondha, "Pangeranku mulyakake aku |
وَأَمَّا إِذَا مَا ابْتَلَاهُ فَقَدَرَ عَلَيْهِ رِزْقَهُ فَيَقُولُ رَبِّي أَهَانَنِ (16) Nanging samongsa dicoba (liyane) banjur rejekine dicumpi banjur kondha, "Pangeranku anginakake aku |
كَلَّا ۖ بَل لَّا تُكْرِمُونَ الْيَتِيمَ (17) Ora! nangeng kowe padha ora gelem welas asih marang bocah yatim |
وَلَا تَحَاضُّونَ عَلَىٰ طَعَامِ الْمِسْكِينِ (18) Lan ora akon aweh pangan marang wong miskin |
وَتَأْكُلُونَ التُّرَاثَ أَكْلًا لَّمًّا (19) Lan padha ngukub tinggalane wong mati kelawan banget |
وَتُحِبُّونَ الْمَالَ حُبًّا جَمًّا (20) Lan padha dhemen banget bondho |
كَلَّا إِذَا دُكَّتِ الْأَرْضُ دَكًّا دَكًّا (21) O, samongsa bumi rinemuk ajur - mumur |
وَجَاءَ رَبُّكَ وَالْمَلَكُ صَفًّا صَفًّا (22) Parentahe Pangeranira kaleksanan lan malaekat jejer - jejer |
وَجِيءَ يَوْمَئِذٍ بِجَهَنَّمَ ۚ يَوْمَئِذٍ يَتَذَكَّرُ الْإِنسَانُ وَأَنَّىٰ لَهُ الذِّكْرَىٰ (23) Ing dina iku neraka Jahan ditekakake. Ing dina iku wong bakal eling nanging apa gunae eling iku |
يَقُولُ يَا لَيْتَنِي قَدَّمْتُ لِحَيَاتِي (24) Dheweke bakal kondha, "O, bok aku iki biyen duwea ngamal kanggo uripku saiki iki |
فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُعَذِّبُ عَذَابَهُ أَحَدٌ (25) Ing dina iki ora ana wong bisa nguasani siksaning Allah |
وَلَا يُوثِقُ وَثَاقَهُ أَحَدٌ (26) Lan ora wong bisa nyentosani kaya anggone nyentosani Allah |
يَا أَيَّتُهَا النَّفْسُ الْمُطْمَئِنَّةُ (27) E, jiwa kang tentrem |
ارْجِعِي إِلَىٰ رَبِّكِ رَاضِيَةً مَّرْضِيَّةً (28) Sira baliya seba ing ngarsane Pangeranira, kelawan lega, tampa ganjaran, tur kalilan marga saka lakunira becik |
فَادْخُلِي فِي عِبَادِي (29) Sira malebua golongane para kawulaningsun kang becik |
وَادْخُلِي جَنَّتِي (30) Lan malebua ing suwarganingsun |