ن ۚ وَالْقَلَمِ وَمَا يَسْطُرُونَ (1) Nun, demi qalam (alat tulis) sarta apa kang padha ditulis |
مَا أَنتَ بِنِعْمَةِ رَبِّكَ بِمَجْنُونٍ (2) Kelawan kanugrahane Pangeranira, sira (Muhammad) iku dudu wong owah |
وَإِنَّ لَكَ لَأَجْرًا غَيْرَ مَمْنُونٍ (3) Satemene sira iku tampa ganjaran kang tanpa kendhat salawase |
وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٍ (4) Lan satemene sira iku duwe budi pekerti kang luhur |
فَسَتُبْصِرُ وَيُبْصِرُونَ (5) Lan sira bakal weruh, sarta dheweke (iya) bakal weruh |
بِأَييِّكُمُ الْمَفْتُونُ (6) Sapa ing antarnira kang kadunungan owah |
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَن ضَلَّ عَن سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ (7) Satemene Pangeranira nguningani wong kang kesasar saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang padha netepi pituduh bener |
فَلَا تُطِعِ الْمُكَذِّبِينَ (8) Mulane sira aja manut wong kang padha maido al-Qur'an |
وَدُّوا لَوْ تُدْهِنُ فَيُدْهِنُونَ (9) Karepe wong kafir sira iku lemesa lan asiha (aja ngaru biru anggone mangro - tingal) wong kafir uga banjur padha lemes lan asih, ora ngelarani marang sira |
وَلَا تُطِعْ كُلَّ حَلَّافٍ مَّهِينٍ (10) Aja manut wong kang dhemen supata roh pikire ala |
هَمَّازٍ مَّشَّاءٍ بِنَمِيمٍ (11) Tukang nanacat nyeber pangala - ala |
مَّنَّاعٍ لِّلْخَيْرِ مُعْتَدٍ أَثِيمٍ (12) Menging gawe kebecikan, dhemen nganiaya lan duraka |
عُتُلٍّ بَعْدَ ذَٰلِكَ زَنِيمٍ (13) Asor lan ndablek sarta ngaku becik |
أَن كَانَ ذَا مَالٍ وَبَنِينَ (14) Aja dume wong kang mangkono mahu sugih bondho lan anak |
إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ (15) Manawa diwacakake Al-Quran ayatingsu, celathu, "iku gawe - gaweyane para wong kuna |
سَنَسِمُهُ عَلَى الْخُرْطُومِ (16) Wong mangkono iku, Ingsun dodoki tenger ing irunge (belalai) salawase urip (nalika perang ing Badar Walid bin Mughirah prothol irungipun) |
إِنَّا بَلَوْنَاهُمْ كَمَا بَلَوْنَا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ إِذْ أَقْسَمُوا لَيَصْرِمُنَّهَا مُصْبِحِينَ (17) Sayekti Ingsun bakal nyoba dhewek koyo anggon Ingsun nyoba wong - wong kang duwe kebon nalikane padha supata tandurane mesthi diunduhi ing wayah bangun esuk (supaya aja dijaluki wong miskin) |
وَلَا يَسْتَثْنُونَ (18) Supatane tanpa sumendhe ing kersaning Allah |
فَطَافَ عَلَيْهَا طَائِفٌ مِّن رَّبِّكَ وَهُمْ نَائِمُونَ (19) Ing kono wong kang duwe tanduran lagi padha turu Pangeranira nurunake geni ngobong tandurane entek dadi awu |
فَأَصْبَحَتْ كَالصَّرِيمِ (20) Bareng wayah bangun esuk, tandurane mau wis rupa ireng kabeh, kaya wengi kang peteng |
فَتَنَادَوْا مُصْبِحِينَ (21) Ing wayah bangun esuk kang duwe tanduran padha ajak - ajak ngunduhi tandurane |
أَنِ اغْدُوا عَلَىٰ حَرْثِكُمْ إِن كُنتُمْ صَارِمِينَ (22) Mara padha nilikanan tanduranmu manawa kowe arep ngunduhi |
فَانطَلَقُوا وَهُمْ يَتَخَافَتُونَ (23) Banjur padha mangkat sarta padha rembugan sesidheman |
أَن لَّا يَدْخُلَنَّهَا الْيَوْمَ عَلَيْكُم مِّسْكِينٌ (24) Awit dina iki palemahan iki aja nganti kalebon wong miskin |
وَغَدَوْا عَلَىٰ حَرْدٍ قَادِرِينَ (25) Ing wayah esuk, wong mau padha mangkat nedya jaga palemahane rumangsa bisa nguasani tandurane |
فَلَمَّا رَأَوْهَا قَالُوا إِنَّا لَضَالُّونَ (26) Bareng deleng tandurane wis dadi awu banjur padha ngucap, "Satemene aku kang luput |
بَلْ نَحْنُ مَحْرُومُونَ (27) O, malah aku iki pada kelangan |
قَالَ أَوْسَطُهُمْ أَلَمْ أَقُل لَّكُمْ لَوْلَا تُسَبِّحُونَ (28) Wong mau kang becik celathu mangkene, "Aku wis kondho menyang kowe, yo gene kowe ora padha maha sucekake (Gusti Allah) |
قَالُوا سُبْحَانَ رَبِّنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ (29) Dheweke (sing duwe palemahan) banjur padha ngucap, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci kawula sampun ngakeni kalepatan (sami nganiaya) |
فَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَلَاوَمُونَ (30) Wong mau siji lan sijine banjur padha tutuh tinutuh |
قَالُوا يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا طَاغِينَ (31) Padha ngucap, "O, cilaka temen aku iki (aku wis rumangsa luput) kapriye yen ora oleh pangapura |
عَسَىٰ رَبُّنَا أَن يُبْدِلَنَا خَيْرًا مِّنْهَا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا رَاغِبُونَ (32) Allah Pangeranku muga paring ijol kang luwih becik tinimbang tanduranku kang wis kobong dadi awu, muga tobatku iki ditarima ing Pangeranku (Allah banjur nerima tobate) |
كَذَٰلِكَ الْعَذَابُ ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ (33) Kang mangkono iku ewoning siksa ing donya, lan sayekti siksa ing akherat luwih gedhe (abot) yen ta dheweke padha weruha (mesthi ora gelem nglakoni dosa) |
إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ عِندَ رَبِّهِمْ جَنَّاتِ النَّعِيمِ (34) Tumrap sing bekti ing Allah ana ngarsane Pangerane padha oleh ganjaran suwarga Na'im |
أَفَنَجْعَلُ الْمُسْلِمِينَ كَالْمُجْرِمِينَ (35) Lan apa ta para wong kang sumarah bakal Ingsun dadekake kaya wong duraka |
مَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ (36) Ya gene sira wong duraka (kafir) padha nganggep padha wae |
أَمْ لَكُمْ كِتَابٌ فِيهِ تَدْرُسُونَ (37) Apa sira duwe wewaton Kitabe Allah kang sira waca |
إِنَّ لَكُمْ فِيهِ لَمَا تَخَيَّرُونَ (38) Metelakake sira kena ngelakoni sakarep - karepe |
أَمْ لَكُمْ أَيْمَانٌ عَلَيْنَا بَالِغَةٌ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۙ إِنَّ لَكُمْ لَمَا تَحْكُمُونَ (39) Apa sira nyekel sesanggemaningsun mawa supata, kukuh ora bisa owah nganti tumeka dina Qiyamat, yen sira temen bakal enthik apa pancasanira |
سَلْهُمْ أَيُّهُم بِذَٰلِكَ زَعِيمٌ (40) Padha takonana, dheweke sapa sing tanggung tumrap prakara iku |
أَمْ لَهُمْ شُرَكَاءُ فَلْيَأْتُوا بِشُرَكَائِهِمْ إِن كَانُوا صَادِقِينَ (41) Apa padha duwe kanca kang tunggal panemu, tanggung panemune bakala kaleksanan, menawa temen mangono mara padha nekakna kancane (kang nanggung mau) |
يَوْمَ يُكْشَفُ عَن سَاقٍ وَيُدْعَوْنَ إِلَى السُّجُودِ فَلَا يَسْتَطِيعُونَ (42) Ing dina bakal anane bilai (Qiyamat) gedhe sarta dheweke bakal padha didawuhi sujud nanging ora bisa (merga gegere kaku) |
خَاشِعَةً أَبْصَارُهُمْ تَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۖ وَقَدْ كَانُوا يُدْعَوْنَ إِلَى السُّجُودِ وَهُمْ سَالِمُونَ (43) Padha konjem tumungkul handeleng mangisor padha rumangsa asor, lan sayekti biyen dheweke padha didhawuhi sujud (sholat) nalika isih padha selamet |
فَذَرْنِي وَمَن يُكَذِّبُ بِهَٰذَا الْحَدِيثِ ۖ سَنَسْتَدْرِجُهُم مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ (44) Mulane togna wae Ingsun sarta sapa - sapa sing padha anggorohake timbalan iki mesthi Ingsun larut kabecikane saka sathithik nganti padha ora krasa |
وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ (45) Ingsun nyrantekake paniksane wong kafir mau, panglulu mesthi keleksanan |
أَمْ تَسْأَلُهُمْ أَجْرًا فَهُم مِّن مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُونَ (46) Apa sira njaluk pituwas marang dheweke (anggon ira mrathakake dawuh) nganti dheweke nyonggo utang |
أَمْ عِندَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُونَ (47) Apa dheweke padha duwe kaweruh barang kang samar - samar (gaib), kang banjur ditulisi |
فَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ وَلَا تَكُن كَصَاحِبِ الْحُوتِ إِذْ نَادَىٰ وَهُوَ مَكْظُومٌ (48) Sira mung narimaha nglakoni sakarsane Pangeranira aja kesusu mitrane iwak (kaya Nabi Yunus kang diuntal iwak) kang angaduh aduh nalikane ana sajerone bebaya |
لَّوْلَا أَن تَدَارَكَهُ نِعْمَةٌ مِّن رَّبِّهِ لَنُبِذَ بِالْعَرَاءِ وَهُوَ مَذْمُومٌ (49) Yen ta ora ana nugraha saka Pangerane tumeka marang dheweke, mesthi nglumpruk tiba ing lemah kang lagis sarta dadi wong cacad |
فَاجْتَبَاهُ رَبُّهُ فَجَعَلَهُ مِنَ الصَّالِحِينَ (50) Tumuli dheweke (Nuh) banjur dipilih dening Pangerane didadekake ewone wong becik |
وَإِن يَكَادُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَيُزْلِقُونَكَ بِأَبْصَارِهِمْ لَمَّا سَمِعُوا الذِّكْرَ وَيَقُولُونَ إِنَّهُ لَمَجْنُونٌ (51) Satemene para wong kafir bareng krungu wulangane al-Qur'an amasthi padha nalorong sira kelawan pandelenge, pangucape, "Temen dheweke (Muhammad) iku edan |
وَمَا هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ (52) al-Quran iku ora liwat mung wewulang tumrap kabeh bangsa |