| سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْأَعْلَى (1) Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur
 | 
| الَّذِي خَلَقَ فَسَوَّىٰ (2) Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga
 | 
| وَالَّذِي قَدَّرَ فَهَدَىٰ (3) Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik
 | 
| وَالَّذِي أَخْرَجَ الْمَرْعَىٰ (4) Lan kang angetokake thethukulan
 | 
| فَجَعَلَهُ غُثَاءً أَحْوَىٰ (5) Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning
 | 
| سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنسَىٰ (6) Ingsun bakal mulang Qur'an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali
 | 
| إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۚ إِنَّهُ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفَىٰ (7) Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar
 | 
| وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرَىٰ (8) Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang
 | 
| فَذَكِّرْ إِن نَّفَعَتِ الذِّكْرَىٰ (9) Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani
 | 
| سَيَذَّكَّرُ مَن يَخْشَىٰ (10) Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling
 | 
| وَيَتَجَنَّبُهَا الْأَشْقَى (11) Dene wong kang cilaka bakal angedohi
 | 
| الَّذِي يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرَىٰ (12) Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe
 | 
| ثُمَّ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحْيَىٰ (13) Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip
 | 
| قَدْ أَفْلَحَ مَن تَزَكَّىٰ (14) Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine
 | 
| وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّىٰ (15) WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat
 | 
| بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا (16) Nanging sira padha milih kauripan dunya
 | 
| وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ (17) Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)
 | 
| إِنَّ هَٰذَا لَفِي الصُّحُفِ الْأُولَىٰ (18) Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna
 | 
| صُحُفِ إِبْرَاهِيمَ وَمُوسَىٰ (19) Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa
 |