وَالشَّمْسِ وَضُحَاهَا (1) Dhemi srengenge lan sorote |
وَالْقَمَرِ إِذَا تَلَاهَا (2) Dhemi rembulan nalikane mencorong |
وَالنَّهَارِ إِذَا جَلَّاهَا (3) Dhemi awan nalikane ngatonake srengenge kelawan padhange |
وَاللَّيْلِ إِذَا يَغْشَاهَا (4) Dhemi wengi nalikane nutupi srengenge kelawan petenge |
وَالسَّمَاءِ وَمَا بَنَاهَا (5) Lan langit sarta yasane |
وَالْأَرْضِ وَمَا طَحَاهَا (6) Sarta bumi tuwin gumelare |
وَنَفْسٍ وَمَا سَوَّاهَا (7) Apa dene jiwa tuwin sampurnane |
فَأَلْهَمَهَا فُجُورَهَا وَتَقْوَاهَا (8) Banjur Panjenengane paring weruh kelawan ilham lakuune ala lan becik marang awak mau |
قَدْ أَفْلَحَ مَن زَكَّاهَا (9) Wong kang ngersikake awake saka dosa tetep wong begja |
وَقَدْ خَابَ مَن دَسَّاهَا (10) Lan temen kapitunan sapa - sapa sing angregedi jiwane |
كَذَّبَتْ ثَمُودُ بِطَغْوَاهَا (11) Bongsa Tsamud gorohake kasunyatan kelawan kesasare |
إِذِ انبَعَثَ أَشْقَاهَا (12) Nalika wong kang cilaka dhewe tangi (jemedhul) |
فَقَالَ لَهُمْ رَسُولُ اللَّهِ نَاقَةَ اللَّهِ وَسُقْيَاهَا (13) Utusaning Allah (Sholeh) nuli mituturi marang dheweke (Tsamud), "Aja padha natoni untaning Allah, aja ngarubiru pangombene |
فَكَذَّبُوهُ فَعَقَرُوهَا فَدَمْدَمَ عَلَيْهِمْ رَبُّهُم بِذَنبِهِمْ فَسَوَّاهَا (14) Wong Tsamud padha maido (Nabi Sholeh) nuli padha natoni (mbelih) ontane Allah. Pangeran, nuli numpes dheweke marga dosane tumuli sirna kabeh |
وَلَا يَخَافُ عُقْبَاهَا (15) Pangeran ora kuwatir wekasane (akibate) |