اقْتَرَبَ لِلنَّاسِ حِسَابُهُمْ وَهُمْ فِي غَفْلَةٍ مُّعْرِضُونَ (1) Saiki wis meh dina Qiyamat, anggone Allah nimbang ala beciking menungsa. Ewodene manungsa mau lali, padha mlengos saka ayatingsun |
مَا يَأْتِيهِم مِّن ذِكْرٍ مِّن رَّبِّهِم مُّحْدَثٍ إِلَّا اسْتَمَعُوهُ وَهُمْ يَلْعَبُونَ (2) Anggone ndawuhake pepeling marang para manungsa saka Pangeran (ora wutuh sa-kitab, nanging sathithik-sathithik) mulane wong kafir iya padha ngrungokake, nanging padha geguyu, dianggep dolanan |
لَاهِيَةً قُلُوبُهُمْ ۗ وَأَسَرُّوا النَّجْوَى الَّذِينَ ظَلَمُوا هَلْ هَٰذَا إِلَّا بَشَرٌ مِّثْلُكُمْ ۖ أَفَتَأْتُونَ السِّحْرَ وَأَنتُمْ تُبْصِرُونَ (3) Atine wong mau padha lali marang Allah. Dene wong - wong kafir mau pdha pating klesik ngrasani: Moro padha pikiren (Muhammad) iki apa dudu manungsa padha karo sira? apa becik sira ngundang juru sihir, dadi sira banjur sumurup (yen keelokane Muhammad iku sihir uga) |
قَالَ رَبِّي يَعْلَمُ الْقَوْلَ فِي السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۖ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (4) (Muhammad) ngendikaa, "Allah Pangeraningsun nguningani pangucape wong kang celathu ana ing langit lan bumi (lirih utawa seru). Dene Allah iku Maha midhanget tur Maha Priksa |
بَلْ قَالُوا أَضْغَاثُ أَحْلَامٍ بَلِ افْتَرَاهُ بَلْ هُوَ شَاعِرٌ فَلْيَأْتِنَا بِآيَةٍ كَمَا أُرْسِلَ الْأَوَّلُونَ (5) Malah wong kafir mau padha ngucap, "Kang diucapake al-QUr'an iku satemene mung impen wae, (dikira wahyu saka Allah) malah iku gaweyane (Muhammad dhewe). Muhammad iku pancen pinter nganggit syi'ir. Ewadene menawa (Muhammad) ngaku temen, mara tekakna tandha yekti kebenerane, kaya para Rasul kang wis kepungkur |
مَا آمَنَتْ قَبْلَهُم مِّن قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا ۖ أَفَهُمْ يُؤْمِنُونَ (6) (Pangandikane Allah), "Ahli - ahli Negara sadurunge wong - wong kafir mau iya padha nyuwun tandha yekti kaelokan. Bareng wis Ingsun paringi, isih tetep padha ora gelem percaya, wusana banjur padha Ingsun tumpes (rusak). Saiki menawa Ingsun paringi tandha yekti, wong - wong kafir mau apa iya banjur padha percaya |
وَمَا أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ إِلَّا رِجَالًا نُّوحِي إِلَيْهِمْ ۖ فَاسْأَلُوا أَهْلَ الذِّكْرِ إِن كُنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ (7) Lan Ingsun ora ngutus sadurungira (Muhammad), kajaba wong lanang kang Ingsun paringi wahyu. Awit saka iku menawa sira padha ora sumurup (ora mangerti) becik padha pitakon marang wong kang padha mangerti (ahli kitab) |
وَمَا جَعَلْنَاهُمْ جَسَدًا لَّا يَأْكُلُونَ الطَّعَامَ وَمَا كَانُوا خَالِدِينَ (8) Lan para utusan iku, ora Ingsun titahake jasad kang ora dhahar dhedaharan, sara para Utusan iku dudu kang tetep langgeng ana ing donya |
ثُمَّ صَدَقْنَاهُمُ الْوَعْدَ فَأَنجَيْنَاهُمْ وَمَن نَّشَاءُ وَأَهْلَكْنَا الْمُسْرِفِينَ (9) Ingsun banjur nuhoni janjiningsun marang para Rasul, sarta para wong Mukmin kang padha ta'at kang dadi keparenge kersaningsun, padha Ingsun paringi selamat. Lan Ingsun ngrusak wong - wong kang padha leluwihan |
لَقَدْ أَنزَلْنَا إِلَيْكُمْ كِتَابًا فِيهِ ذِكْرُكُمْ ۖ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (10) (He para turune Quraesy) Yekti satemene Ingsun wis nurunake kitab marang sira kabeh mratelakake pengajaran. Ya gene sira padha ora mikir |
وَكَمْ قَصَمْنَا مِن قَرْيَةٍ كَانَتْ ظَالِمَةً وَأَنشَأْنَا بَعْدَهَا قَوْمًا آخَرِينَ (11) Wis pira bae kehe anggoningsun numpas (ngrusak) wong ing sawijining negara kang padha kafir, sapungkure banjur Ingsun iseni penduduk liyane |
فَلَمَّا أَحَسُّوا بَأْسَنَا إِذَا هُم مِّنْهَا يَرْكُضُونَ (12) Bareng wong - wong mau krasa bakal kapatrapan siksaningsun (kang bakal ngrusak marang dheweke) dumadakan padha melayu saka negarane |
لَا تَرْكُضُوا وَارْجِعُوا إِلَىٰ مَا أُتْرِفْتُمْ فِيهِ وَمَسَاكِنِكُمْ لَعَلَّكُمْ تُسْأَلُونَ (13) Sira aja padha mlayu, padha baliya marang omahmu lan raja brana kesenanganmu lan raja omahmu, supaya sira bisa menehi wong kang padha njejaluk |
قَالُوا يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ (14) (Bareng wis rumangsa ora bisa ngoncati bebaya), banjur padha sesambat, "Adhuh cilaka temen, Aku iki wong kang nganiaya marang awake dhewe |
فَمَا زَالَت تِّلْكَ دَعْوَاهُمْ حَتَّىٰ جَعَلْنَاهُمْ حَصِيدًا خَامِدِينَ (15) Sambate mengkono mau tanpa leren, nganti padha mati disiksa, sirna entek, kaya gaga kang dibabati mati |
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاءَ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لَاعِبِينَ (16) Lan Ingsun ora nitahake langit lan bumi kabeh kang ana ing antarane minongka kanggo dolanan |
لَوْ أَرَدْنَا أَن نَّتَّخِذَ لَهْوًا لَّاتَّخَذْنَاهُ مِن لَّدُنَّا إِن كُنَّا فَاعِلِينَ (17) Upama Ingsun kersaha mundhut garwa utawa peputra, mesthi Ingsun mundhut garwa (widhodhari) putra (malaikat) kang padha ana ing ngarsaningsun. Nanging kang mengkono iku mau ora |
بَلْ نَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَى الْبَاطِلِ فَيَدْمَغُهُ فَإِذَا هُوَ زَاهِقٌ ۚ وَلَكُمُ الْوَيْلُ مِمَّا تَصِفُونَ (18) Ingsun ngempakake barang kang hak (yaiku Iman) kanggo nglawan barang kang luput (yaiku kafir), nganti mecahake endase mulane banjur sira larut. (He wong - wong kafir) sira bakal dipatrapi siksa kang abot, minongka piwalese anggonira padha ngarani (nyipati) menawa Allah iku kagungan putra |
وَلَهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَنْ عِندَهُ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَلَا يَسْتَحْسِرُونَ (19) Kabeh kang ana ing langit lan bumi iku kagungane Allah. Sing sapa kaparak ing Allah (kayata para malaikat) iku ora ana kang gumedhe. Anggone padha ngabekti ing Allah, tanpa sayah sarta bosen |
يُسَبِّحُونَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ لَا يَفْتُرُونَ (20) Rina wengi padha memuji nyebut Maha Suci ing Allah tanpa leren |
أَمِ اتَّخَذُوا آلِهَةً مِّنَ الْأَرْضِ هُمْ يُنشِرُونَ (21) Ya gene wong kafir teka padha Mangeran brahala isen - isening bumi, apa iku bisa nguripake wong mati?. (ora) |
لَوْ كَانَ فِيهِمَا آلِهَةٌ إِلَّا اللَّهُ لَفَسَدَتَا ۚ فَسُبْحَانَ اللَّهِ رَبِّ الْعَرْشِ عَمَّا يَصِفُونَ (22) (Dikirak - kirakake) saumpama ing langit lan bumi iku ana Pangeran saliyane Allah, wis mesthi langit lan bumi loro - lorone pisan mesthi padha rusak. Maha Suci Allah Pangerane 'Arasy saka kabeh kang disifatake kaya kang diuca[ake dening wong - wong kafir (musyrik) iku |
لَا يُسْأَلُ عَمَّا يَفْعَلُ وَهُمْ يُسْأَلُونَ (23) Kabeh barang kang ditindakake dening Allah, wong ora kena nyuwun pirsa, apa sebabe, nindakake kang mengkono? Nanging manungsa mesthi bakal didangu, sebab apa dheweke nindakake mengkono |
أَمِ اتَّخَذُوا مِن دُونِهِ آلِهَةً ۖ قُلْ هَاتُوا بُرْهَانَكُمْ ۖ هَٰذَا ذِكْرُ مَن مَّعِيَ وَذِكْرُ مَن قَبْلِي ۗ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْلَمُونَ الْحَقَّ ۖ فَهُم مُّعْرِضُونَ (24) Ya gene wong - wong kafir padha mangeran saliyane Allah? (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngarani brahala iku Pangeran. Endi tandha yektinira. Kitab al-Qur'an iki panutane para Ummatingsun, lan uga panutane para Ummat sadurungingsun". Nanging wong - wong kafir iku akeh kang padha ora weruh ing bener, bisane mung tetap mlengos saka ndherek marang Rasul |
وَمَا أَرْسَلْنَا مِن قَبْلِكَ مِن رَّسُولٍ إِلَّا نُوحِي إِلَيْهِ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا أَنَا فَاعْبُدُونِ (25) Lan Ingsun ora ngutus sawijining Utusan sadurungira (Muhammad) kajaba Ingsun paringi wahyu marang dheweke mengkene, "Satemene ora ana sesembahan kang haq, kajaba mung Ingsun pribadi. Awit saka iku sira manembaha marang Ingsun |
وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمَٰنُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۚ بَلْ عِبَادٌ مُّكْرَمُونَ (26) Wong - wong kafir mau padha ngucap mengkene, "Pangerane Kang Maha Welas iku kagungan putra (putri)." (Yaiku Malaikat). Sumurupa ALlah iku Maha SUci, (adoh banget yen peputra). Dene para malaikat iku kabeh kawulane Allah kang dimulyakake |
لَا يَسْبِقُونَهُ بِالْقَوْلِ وَهُم بِأَمْرِهِ يَعْمَلُونَ (27) Dheweke (para malaikat) mau ora ana kang wani nglancangi Allah klawan pengucap sarta nindakake semu barang kang didhawuhake Allah |
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يَشْفَعُونَ إِلَّا لِمَنِ ارْتَضَىٰ وَهُم مِّنْ خَشْيَتِهِ مُشْفِقُونَ (28) Panjenengan Allah nguningani kabeh barang kang wis lan bakal ditindakake dening para malaikat, sarta para malaikat mau padha ora wani munjuk ing Allah nyuwunake syafa'at, kejaba nyuwunake syafa'ate wong kang diridhani dening Allah (wong Islam). Dene para Malaikat mau padha konjem, jalaran saka wedine marang Allah |
۞ وَمَن يَقُلْ مِنْهُمْ إِنِّي إِلَٰهٌ مِّن دُونِهِ فَذَٰلِكَ نَجْزِيهِ جَهَنَّمَ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ (29) Lan sing sapa saka antarane makhluq ana kang ngucap, "Satemene Ingsun iku Pangeran saliyane panjenengane Allah", yekti dheweke bakal Ingsun wales klawan neraka Jahanam. Kaya mengkono uga Ingsun bakal males wong - wong kang padha nganiaya |
أَوَلَمْ يَرَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ كَانَتَا رَتْقًا فَفَتَقْنَاهُمَا ۖ وَجَعَلْنَا مِنَ الْمَاءِ كُلَّ شَيْءٍ حَيٍّ ۖ أَفَلَا يُؤْمِنُونَ (30) Apa wong - wong kafir iku ora padha sumurup yen satemene langit lan bumi iku asale dhempet dadi siji nuli Ingsun pisahake? Lan Ingsun wis nitahake kabeh barang kang urip iku saka banyu. Apa dheweke ora gelem percaya |
وَجَعَلْنَا فِي الْأَرْضِ رَوَاسِيَ أَن تَمِيدَ بِهِمْ وَجَعَلْنَا فِيهَا فِجَاجًا سُبُلًا لَّعَلَّهُمْ يَهْتَدُونَ (31) Lan Ingsun wis ndokoki gunung - gunung pirang - pirang ana ing bumi, supaya bumi mau aja gonjang - ganjing, sara Ingsun dokoki dalan jembar pirang - pirang supaya wong kang lelungan padha sumurup (pikantuk pituduh) parane kang diseja |
وَجَعَلْنَا السَّمَاءَ سَقْفًا مَّحْفُوظًا ۖ وَهُمْ عَنْ آيَاتِهَا مُعْرِضُونَ (32) Lan langit iku Ingsun anggo payoning bumi, rineksa ora bisa rubuh. Nanging wong - wong kafir padha mlengos, ora percaya marang tandha-yekti kang anaing langit (kayata srengenge, rembulan lan sapanunggalane) |
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ ۖ كُلٌّ فِي فَلَكٍ يَسْبَحُونَ (33) Lan Panjenengane kang wis nitahake wengi, rina, srengenge lan rembulan. Kabeh padha lumaku mider - mider rikat ana ing dalane (cakrawala) |
وَمَا جَعَلْنَا لِبَشَرٍ مِّن قَبْلِكَ الْخُلْدَ ۖ أَفَإِن مِّتَّ فَهُمُ الْخَالِدُونَ (34) (Muhammad) Manungsa sadurungira ora ana kang Ingsun kersakake langgeng ana ing donya, ora kena ing pati. Ing tembe menawa sira wis lelayu (mati) manungsa liyane sira apa langgeng |
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَنَبْلُوكُم بِالشَّرِّ وَالْخَيْرِ فِتْنَةً ۖ وَإِلَيْنَا تُرْجَعُونَ (35) Sarupaning badan mesthi ngrasakake mati, lan Ingsun nyoba marang sira kabeh kanthi ala lan becik. Wusana ing tembe sira padha dibalekake sowan marang ngarsaningsun, tinimbang ala lan becike |
وَإِذَا رَآكَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِن يَتَّخِذُونَكَ إِلَّا هُزُوًا أَهَٰذَا الَّذِي يَذْكُرُ آلِهَتَكُمْ وَهُم بِذِكْرِ الرَّحْمَٰنِ هُمْ كَافِرُونَ (36) Menawa wong kafir iku ngeleng marang sira (Muhammad), ora ana maneh mung padha geguyu, pangucape marang kancane, "Apa iki wong kang nenacad marang Pangeranira?" Wong - wong kafir mau padha ngemohi marang anane Allah Kang Maha Welas |
خُلِقَ الْإِنسَانُ مِنْ عَجَلٍ ۚ سَأُرِيكُمْ آيَاتِي فَلَا تَسْتَعْجِلُونِ (37) Manungsa iku dititahake wewatak kesusu (ora srantan). (He manungsa) sira aja padha anggege tumempuhe siksaningsun, sadurunge mangsane. Ing tembe mangsa wurunga sira Ingsun weruhake siksaningsun |
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (38) Wong - wong kafir mau banjur padha ngucap, "(He wong Islam) lah mara besuk apa tekane siksa, menawa ucapanira iku temen |
لَوْ يَعْلَمُ الَّذِينَ كَفَرُوا حِينَ لَا يَكُفُّونَ عَن وُجُوهِهِمُ النَّارَ وَلَا عَن ظُهُورِهِمْ وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ (39) (Allah ngendika), Upama wong - wong kafir iku sumurup, ing besuk nalika neraka nungkebi marang dheweke, saka ngarep lan saka ing buri, ora kena diolak utawa disingkiri, sarta ora ana kang bisa tetulung marang awake, mesthi ora ngucap mengkono |
بَلْ تَأْتِيهِم بَغْتَةً فَتَبْهَتُهُمْ فَلَا يَسْتَطِيعُونَ رَدَّهَا وَلَا هُمْ يُنظَرُونَ (40) Nangning tekane dina Qiyamat iku ngegetake, ndadekake bingung wong kafir. Rumangsa ora bisa nulak utawa nguncati siksane dina Qiyamat, lan ora kena semaya |
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّن قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ (41) (Muhammad), Para Rasul sadurungira uga padha bae digeguyu dening para Ummate. Dene patrapane anggone nggeguyu mau, banjur nempuh marang kang padha nggeguyu |
قُلْ مَن يَكْلَؤُكُم بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ مِنَ الرَّحْمَٰنِ ۗ بَلْ هُمْ عَن ذِكْرِ رَبِّهِم مُّعْرِضُونَ (42) (Muhammad) sira dhawuha, "Sapa kang ngreksa ing sira ana ing wayah wengi lan rina saka siksane Pangeran kang Maha Welas?", (Ora liya mung Allah pribadi). Nanging wong kafir padha mlengos saka pepelinge Pangeran (al-Qur'an) |
أَمْ لَهُمْ آلِهَةٌ تَمْنَعُهُم مِّن دُونِنَا ۚ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَ أَنفُسِهِمْ وَلَا هُم مِّنَّا يُصْحَبُونَ (43) Apa wong - wong kafir padha duwe Pangeran liyane Ingsun, kang bisa nulak saka siksaningsnu? (mesthi ora). Brahala Pangereane iku nulungi awake dhewe bae ora bisa. Dadi ora ana kang bisa nyelametake wong kafir mau saka siksaningsun |
بَلْ مَتَّعْنَا هَٰؤُلَاءِ وَآبَاءَهُمْ حَتَّىٰ طَالَ عَلَيْهِمُ الْعُمُرُ ۗ أَفَلَا يَرَوْنَ أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ أَفَهُمُ الْغَالِبُونَ (44) (Sumurupa) wong kafir lan para leluhure anggone padha sempulur (dawa umure) iku Ingsun kang maringi, nganti lawas uripe, tanpa ana sambekalane, tutug anggone duraka. Wong kafir mau apa ora padha weruh yen Ingsun kurangi bumine mau saka pinggir Apa wong - wong kafir bakal padha pikantuk kemenangan? (mesthi ora) |
قُلْ إِنَّمَا أُنذِرُكُم بِالْوَحْيِ ۚ وَلَا يَسْمَعُ الصُّمُّ الدُّعَاءَ إِذَا مَا يُنذَرُونَ (45) (Muhammad) sria dhawuha, "Satemene Ingsun iku mung paring pepeling marang sira kanthi wahyu (al-Qur'an)". Lan won gkang pangajak, nalika wong - wong mau padha dielingake |
وَلَئِن مَّسَّتْهُمْ نَفْحَةٌ مِّنْ عَذَابِ رَبِّكَ لَيَقُولُنَّ يَا وَيْلَنَا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ (46) Lan satemene menawa wong kafir mau kambah sethithik wae saka siksaning Pangeranira, yakti padha ngucap, "Adhuh cilaka temen, satemene kabeh padha nganiaya marang awake dhewe |
وَنَضَعُ الْمَوَازِينَ الْقِسْطَ لِيَوْمِ الْقِيَامَةِ فَلَا تُظْلَمُ نَفْسٌ شَيْئًا ۖ وَإِن كَانَ مِثْقَالَ حَبَّةٍ مِّنْ خَرْدَلٍ أَتَيْنَا بِهَا ۗ وَكَفَىٰ بِنَا حَاسِبِينَ (47) Ing tembe Ingsun bakal nganakake traju timbangan kang ejjeg, kanggo nimbang ala lan becika (kanthi adil) kanggo wong - wong kang padha dikumpulake ing dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining badan kang dikaniaya sethithik - sethithika. Senajan ala utawa becik mau mung saboboting wiji sawi mesthi ingsun tekakake (ora bakal ilang). Dene kang waspada marang telitining panimbang iku cukup Ingsun pribadi |
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَىٰ وَهَارُونَ الْفُرْقَانَ وَضِيَاءً وَذِكْرًا لِّلْمُتَّقِينَ (48) Lan temen Ingsun wos maringi Kitab Taurat marang Musa lan Harun. Kitab mau misahake tindak kang bener lan kang luput. Lan kitab mau minangka dadi pepadhnag pepeling tumrap wong kang taqwa marang Allah |
الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُم بِالْغَيْبِ وَهُم مِّنَ السَّاعَةِ مُشْفِقُونَ (49) Yaiku wong - wong kang konjem marang Pangerane klawan ghoib (ing pasepen), lan dheweke padha wedi lan was sumelang saka siksane dina Qiyamat |
وَهَٰذَا ذِكْرٌ مُّبَارَكٌ أَنزَلْنَاهُ ۚ أَفَأَنتُمْ لَهُ مُنكِرُونَ (50) Lan al-QUr'an iki pepeling tur akeh berkahe kang Ingsun turunake. Ya gene sira padha mungkir (maido) marang isine Qur'an |
۞ وَلَقَدْ آتَيْنَا إِبْرَاهِيمَ رُشْدَهُ مِن قَبْلُ وَكُنَّا بِهِ عَالِمِينَ (51) Lan temen Ingsun wis paring pituduh (kapinteran) marang Ibrahim sadurunge Musa, sarta Ingsun nguningani menawa Ibrahim iku golongane won gkang pikantuk pituduh lan kenabiyan |
إِذْ قَالَ لِأَبِيهِ وَقَوْمِهِ مَا هَٰذِهِ التَّمَاثِيلُ الَّتِي أَنتُمْ لَهَا عَاكِفُونَ (52) Nalika semana Ibrahim tankon marang ramane lan para kaume, "Reca - reca punika sebab punapa tansah panjenengan sembah - sembah |
قَالُوا وَجَدْنَا آبَاءَنَا لَهَا عَابِدِينَ (53) Ramane serta para kaume padha mangsuli, "Kita kabeh wis padha nemu leluhur kita padha manembah marang reca - reca iki |
قَالَ لَقَدْ كُنتُمْ أَنتُمْ وَآبَاؤُكُمْ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (54) Ibrahim ngendika, "Menawi mekaten, panjenengan sarta para leluhur panjenengan tetela sami kesasar |
قَالُوا أَجِئْتَنَا بِالْحَقِّ أَمْ أَنتَ مِنَ اللَّاعِبِينَ (55) Keng ramane sarta kaume padha mangsuli, "He Ibrahim wangsulanmu mengkono iku temenan apa mung sembranan bae |
قَالَ بَل رَّبُّكُمْ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ الَّذِي فَطَرَهُنَّ وَأَنَا عَلَىٰ ذَٰلِكُم مِّنَ الشَّاهِدِينَ (56) Ibrahim mangsuli, "Sayektos, sejatosipun pangeran panjenengan punika pangeraning langit lan bumi, ingkang sampun nitahake sadaya wau. Wicanten kula mekaten punika sayektos, kula sumerap terang sarta wongten tandha yektinipun |
وَتَاللَّهِ لَأَكِيدَنَّ أَصْنَامَكُم بَعْدَ أَن تُوَلُّوا مُدْبِرِينَ (57) Demi Allah, mangke sakpengker panjenengan saking mriki, brahala - brahala panjenengan puniksa sami kula pejahi |
فَجَعَلَهُمْ جُذَاذًا إِلَّا كَبِيرًا لَّهُمْ لَعَلَّهُمْ إِلَيْهِ يَرْجِعُونَ (58) Ibrahim nuli nggepuk brahala - brahala iku nganti remuk, kajaba brahala kang gedhe dewe, supaya wong - wong mau padha bali (takon) marang brahala kang gedhe dhewe iku, (Reca kang gedhe dhewe iku ora dikapak - kapak ake malah tangane dicekeli gegaman, kersane Ibrahim supaya wong akeh mau padha ambalika manut agamane Ibrahim) |
قَالُوا مَن فَعَلَ هَٰذَا بِآلِهَتِنَا إِنَّهُ لَمِنَ الظَّالِمِينَ (59) Wong - wong mau banjur upyek pitakone, "Sapa kang ganggu gawe marang pangeran kita mengkene iki? Dheweke tetep wong kang duraka lan nganiaya |
قَالُوا سَمِعْنَا فَتًى يَذْكُرُهُمْ يُقَالُ لَهُ إِبْرَاهِيمُ (60) Saweneh ana kang ngucap, "Sak temene aku krungu bocah nom - noman kang nyebut pangeran - pangeran iku, arane Ibrahim |
قَالُوا فَأْتُوا بِهِ عَلَىٰ أَعْيُنِ النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَشْهَدُونَ (61) Wong - wong mau padha ngucap, "Mara wong iku gawanen marang sak ngarepe wong akeh, supaya kabeh padha nyekseni |
قَالُوا أَأَنتَ فَعَلْتَ هَٰذَا بِآلِهَتِنَا يَا إِبْرَاهِيمُ (62) Bareng Ibrahim wis teka wong - wong mau bajur padha pitakon, "Punapa panjenengan ingkang ganggu damel dhateng pangeran - pangeran ikita mekaten punika dhuh Ibrahim |
قَالَ بَلْ فَعَلَهُ كَبِيرُهُمْ هَٰذَا فَاسْأَلُوهُمْ إِن كَانُوا يَنطِقُونَ (63) Ibrahim mangsuli, "Kinten kula ingkang ganggu damel inggih brahala ingkang ageng piyambak punika, jalaran piyambakipun ingkang nyepeng gegaman, cobi kula aturi nakeni menawi sanget wicanten |
فَرَجَعُوا إِلَىٰ أَنفُسِهِمْ فَقَالُوا إِنَّكُمْ أَنتُمُ الظَّالِمُونَ (64) Wong akeh mau saksiwe padha mikir - mikir, banjur padha nutuh arang awake dhewe, pangucape marang kancane, "Saktemene sira sing padha nganiaya marang awakmu dhewe yoiku padha manembah marang brahala |
ثُمَّ نُكِسُوا عَلَىٰ رُءُوسِهِمْ لَقَدْ عَلِمْتَ مَا هَٰؤُلَاءِ يَنطِقُونَ (65) Wong - wong mau nuli padha nungkulake sirahe (bali marang kekafirane sakwise ngakoni kedzalimane), yaiku padha ngucap, "Sakyektosipun panjenengan Ibrahim, sampun mangertos bilih brahala punika mboten saget wicanten, (kados pundi teka kula kapurih taken dhateng para brahala - brahala punika) |
قَالَ أَفَتَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُكُمْ شَيْئًا وَلَا يَضُرُّكُمْ (66) Ibrahim banjur mangsuli dhuh para kaum, punopo sebabipun panjenengan sami manembah sanesipun Allah inggih punika brahala ingkang mboten saget manfaati tuwin mbiten saget mlarati punapa - punapa dhateng panjenengan |
أُفٍّ لَّكُمْ وَلِمَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۖ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (67) Cilaka penjenengan sadaya lan punapa ingkang panjenengan sembah sanesipun ALlah punapa panjenengan mboten gadhah akal |
قَالُوا حَرِّقُوهُ وَانصُرُوا آلِهَتَكُمْ إِن كُنتُمْ فَاعِلِينَ (68) Wong - wong mau banjur padha ngucap (nalika sing dadi raja jenenge Namrud), "Obongen Ibrahim, lan sira padha nulungna marang pangeran - pangeran nira, menawa sira padha rep tumindak gawe |
قُلْنَا يَا نَارُ كُونِي بَرْدًا وَسَلَامًا عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ (69) Ing kono Ibrahim banjur diobong, ingsun Allah dhaweuh marang geni, "He genia sira dadia adem lan keslametan tetep marang Ibrahim |
وَأَرَادُوا بِهِ كَيْدًا فَجَعَلْنَاهُمُ الْأَخْسَرِينَ (70) Wong - wong mau karepe nedya maeka marang Ibrahim, nanging wong - wong iku Ingsun dadekake wong kang rugi (luput pangarep - arepe) |
وَنَجَّيْنَاهُ وَلُوطًا إِلَى الْأَرْضِ الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا لِلْعَالَمِينَ (71) Lan Ingsun wis nylametake marang Ibrahim lan Luth banjur padha ngalih marang bumi kang ingsun berkahi, loh-jinawi ngungkuli bumi sakjagat kabeh (yaiku bumi tanah Syam) |
وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ نَافِلَةً ۖ وَكُلًّا جَعَلْنَا صَالِحِينَ (72) Lan Ingsun wis paring putra marang Ibrahim yaiku Ishak kang banjur peputra Ya'kub dadi luwih saka panyuwune Ibrahim. Kabeh iu padha ingsun dadekake wong kang becik (sholeh) |
وَجَعَلْنَاهُمْ أَئِمَّةً يَهْدُونَ بِأَمْرِنَا وَأَوْحَيْنَا إِلَيْهِمْ فِعْلَ الْخَيْرَاتِ وَإِقَامَ الصَّلَاةِ وَإِيتَاءَ الزَّكَاةِ ۖ وَكَانُوا لَنَا عَابِدِينَ (73) Lan Ingsun wis dadekake marang dheweke dhadhi pangarep (panutan), kang nuduhake para menungsa marang agamaningsun klawan dhawuhingsun, sarta dhawuhi penggawe becik, nglakoni shalat serta bayar zakat, lan kabeh mau padha manembah marang ingsun |
وَلُوطًا آتَيْنَاهُ حُكْمًا وَعِلْمًا وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْقَرْيَةِ الَّتِي كَانَت تَّعْمَلُ الْخَبَائِثَ ۗ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمَ سَوْءٍ فَاسِقِينَ (74) Lan Luth wis Ingsun paringi kawicaksanan lan kaweruh, sarta Ingsun paringi slamet saka penduduke negara kang tumindak ala mrang dheweke (negara sakdum) saktemene wong - wong iku kaum kang ala tur durhaka. (Kaume Nabi Luth iku padha cumbana padha wong lanang) |
وَأَدْخَلْنَاهُ فِي رَحْمَتِنَا ۖ إِنَّهُ مِنَ الصَّالِحِينَ (75) Lan Ingsun wis nglebokake Luth dadi ewone wong kang oleh Rahmatingsun. (Slamet sangka ummate kang tumindak ala). Saktemene Luth iku golongane wong kang becik |
وَنُوحًا إِذْ نَادَىٰ مِن قَبْلُ فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَنَجَّيْنَاهُ وَأَهْلَهُ مِنَ الْكَرْبِ الْعَظِيمِ (76) (Muhammad) nyirtakna sejarahe Nuh, sakdurunge Ibrahim, nalikane nyuwun tumpesing para ummate. Ingsun wis marengake panyuwune. Nuh lan kaume padha ingsun paringi slamet sangka kasusahan sing gedhe (banji tofan) |
وَنَصَرْنَاهُ مِنَ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمَ سَوْءٍ فَأَغْرَقْنَاهُمْ أَجْمَعِينَ (77) Lan Ingsun wis paring pitulungan marang Nuh, slamet saka pialane para umate kang padha nggorohake ayatingsun. Saktemene wong - wong mau padha dadi wong kang ala awit saka iku banjur ingsun sirnakake, tumpes kabeh kerem ing banjir tofan |
وَدَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ إِذْ يَحْكُمَانِ فِي الْحَرْثِ إِذْ نَفَشَتْ فِيهِ غَنَمُ الْقَوْمِ وَكُنَّا لِحُكْمِهِمْ شَاهِدِينَ (78) (Muhammad) nyritakna sejarahe Dawud lan SUlaiman (kang wis kamulyakake kanthi kawicaksanan), yaiku nalikane dheweke padha mutusi perkara tanduraning kaum kang dirusak dening wedhuse golongan liyane. Lan Ingsun nyekseni hukum kang diputusake dening dheweke. (kang duwe tanduran ora trime, putusane Dawud, wedhus dadi dabeke wongkang duwe tanduran. Dene putusane Sulaiman wing kang duwe wedhus anandurana minangka kanggo gantine tanduran kang dirusak dening wedhusi nganti pulih kaya sak durunge dirusak. Dene pemetuni wedhus wujut poal lan sak panunggalane dadia darbeke wong kang duwe tanduran mau. Naning ing tembe tanduran mau wis pulih wedhus dalah pemetune bali marang kang duwe wedhus, Dawud manut kaya putusane Sulaiman mau. Ingsun nguningani putusane Dawud lan Sulaiman mau) |
فَفَهَّمْنَاهَا سُلَيْمَانَ ۚ وَكُلًّا آتَيْنَا حُكْمًا وَعِلْمًا ۚ وَسَخَّرْنَا مَعَ دَاوُودَ الْجِبَالَ يُسَبِّحْنَ وَالطَّيْرَ ۚ وَكُنَّا فَاعِلِينَ (79) Sulaiman ingsun paringi kawicaksanan weruh marang bebenering hukum (perkara). Dene Sulaiman lan Dawud Ingsun paringi kawicaksanan lan kapinteran. (Lan Ingsun junjung ing pangkat Nabi). Lan Ingsun anyungkemake sakehing gunung lan manuk, padha melu memuji lan maha sucekake ing Allah bebarengan karo Dawud. Ingsun nindakake kang mengkono iku |
وَعَلَّمْنَاهُ صَنْعَةَ لَبُوسٍ لَّكُمْ لِتُحْصِنَكُم مِّن بَأْسِكُمْ ۖ فَهَلْ أَنتُمْ شَاكِرُونَ (80) Lan Ingsun wis mulan gmarang Dawud mau kawitane wong kang gawe klambi kere (klambi wesi), kanggo ngreksa (njaga) awakira saka bebayaning perang. Awit kang mengkono iku mau, apa sira padha syukur ing Allah |
وَلِسُلَيْمَانَ الرِّيحَ عَاصِفَةً تَجْرِي بِأَمْرِهِ إِلَى الْأَرْضِ الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا ۚ وَكُنَّا بِكُلِّ شَيْءٍ عَالِمِينَ (81) Lan maneh Ingsun nyungkemake angin prahara marang Sulaiman, lumaku ngidid marang bumi ing Syam kang Ingsun berkahi saka prentahe Sulaiman. Ingsun iku nguningani kabeh barang |
وَمِنَ الشَّيَاطِينِ مَن يَغُوصُونَ لَهُ وَيَعْمَلُونَ عَمَلًا دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَكُنَّا لَهُمْ حَافِظِينَ (82) (Lan Ingsun uga nyungkemake para syetan marang Sulaiman), Sawenehing syetan mau ana kang diprentah slulub ing segara, anjupuki mutiara pirang - pirang, lan ana kang diperintah nindakake penggaweyan liya - liyane. Lan Ingsun ngreksa marang para syetan mau, dadi padha ora bisa ambubrah garapane kang wis ditindakake |
۞ وَأَيُّوبَ إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الضُّرُّ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ (83) (Muhammad, sira nyritakna sejarahe Ayyub) nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula punika nandha sesakit. Panjenengan punika langkung dening Asih, ngungkuli tiyang ingkang Asih |
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ فَكَشَفْنَا مَا بِهِ مِن ضُرٍّ ۖ وَآتَيْنَاهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُم مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنْ عِندِنَا وَذِكْرَىٰ لِلْعَابِدِينَ (84) Ingsun nuli nerangake penyuwune Ayyub mau. Mulane kabeh lelarane Ingsun paringi waras. Anak - anake kang wis mati pada Ingsun uripake (lan Ingsun balekake keluargane Ayub marang piyambake), lan Ingsun paringi tikel maneh. Iku tumanja sih (rahmat) saka ngarsaningsun lan dadiya pepeling tumrap wongkang kumawula marang Allah |
وَإِسْمَاعِيلَ وَإِدْرِيسَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ كُلٌّ مِّنَ الصَّابِرِينَ (85) (Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Isma'il, Idris lan Dzul kifli. Kabeh mau kalebu golongane wong kang sabar (teguh) atine anggone padha ngabekti marang Allah |
وَأَدْخَلْنَاهُمْ فِي رَحْمَتِنَا ۖ إِنَّهُم مِّنَ الصَّالِحِينَ (86) Lan Ingsun wis nglebokake dadi golongae wong kang pikanthuk rahmatingsun (pangkat Nabi). Jalaran satemene dheweke iku golongane wong - wong kang padha becik |
وَذَا النُّونِ إِذ ذَّهَبَ مُغَاضِبًا فَظَنَّ أَن لَّن نَّقْدِرَ عَلَيْهِ فَنَادَىٰ فِي الظُّلُمَاتِ أَن لَّا إِلَٰهَ إِلَّا أَنتَ سُبْحَانَكَ إِنِّي كُنتُ مِنَ الظَّالِمِينَ (87) (Muhammad, sira nyritakna) sejarahe Yunus kang jejuluk Dzun-nun tegese duwe iwak Nun. (Mulane jejuluk mengkono, awit Yunus mau diuntal ing iwak Nun), Nalikane Yunus mutung, lolos anglungani para ummate, awit tansah dipaido. Panjenengane ora bakal Ingsun patrapi. (Lungane nunggang prahu ing segara, banjur diuntal iwak nun) Yunus munjuk ing ALlah (ana ing sajeroning wetengen iwak), "Dhuh Allah Pangeran kawula. Saestu boten wonten sesembahan klayan leres, kajawi namung Panjenengan. Panjenengan punika Maha Suci. Kawula punika nganiaya dhateng badan kula piyambak |
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَنَجَّيْنَاهُ مِنَ الْغَمِّ ۚ وَكَذَٰلِكَ نُنجِي الْمُؤْمِنِينَ (88) Panyuwune Yunus mau Ingsun parengake, dheweke banjur diwetokake dening iwak saka wetenge. Ing kono dheweke Ingsun luwarake saka bebaya gedhe. Mengkono uga para wong Mukmin, iya Ingsun luwari saka kesusahane |
وَزَكَرِيَّا إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ رَبِّ لَا تَذَرْنِي فَرْدًا وَأَنتَ خَيْرُ الْوَارِثِينَ (89) (Muhammad), nyritakna sejarahe Zakariya, nalika munjuk ing Allah Pangerane, "Dhuh Allah, kawula mugi sampun panjenengan kendelaken kemawon, piyambakan tanpa anak, Panjenengan mesthi langgeng, dados waris kawula, ingkang prayogi sanget |
فَاسْتَجَبْنَا لَهُ وَوَهَبْنَا لَهُ يَحْيَىٰ وَأَصْلَحْنَا لَهُ زَوْجَهُ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا يُسَارِعُونَ فِي الْخَيْرَاتِ وَيَدْعُونَنَا رَغَبًا وَرَهَبًا ۖ وَكَانُوا لَنَا خَاشِعِينَ (90) Nuli Ingsun mirengake panyuwune (Zakariya) mau, Ingsun paringi putra lanang, jeneng Yahya. Rabine kang maune gabug, Ingsun dandani rahine. Satemene para Nabi kang wis kasebut mau kabeh padha gegancangan anggone nglakoni penggawe becik, padha ngestokake prentah Ingsun kanthi rasa wedi lan asih, sarta padha andhap asor (konjem) marang Ingsun |
وَالَّتِي أَحْصَنَتْ فَرْجَهَا فَنَفَخْنَا فِيهَا مِن رُّوحِنَا وَجَعَلْنَاهَا وَابْنَهَا آيَةً لِّلْعَالَمِينَ (91) (Muhammad) sira nyritakna puteri (Maryam) kang tuhu ngati - ati anggone rumeksa marang kehormatane, mulane banjur Ingsun panjingi roh saka peparing Ingsun pribadi (dadhi ngandut 'Isa as). Dheweke lan putrane mau Ingsun anggo pangeram - eram, minangka tandha yekti wong sajagat, supaya padha sumurupa sampurnaning kuwasaningsun |
إِنَّ هَٰذِهِ أُمَّتُكُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَأَنَا رَبُّكُمْ فَاعْبُدُونِ (92) Satemene Agama (Islam) iki agamanira kang sawiji (kang wajib dikukuhi sarta kang sarujuk dadi Ummat sawiji). Lan Ingsun Pangeranira, awit saka iku sira padha manembaha marang Ingsun |
وَتَقَطَّعُوا أَمْرَهُم بَيْنَهُمْ ۖ كُلٌّ إِلَيْنَا رَاجِعُونَ (93) Lan dheweke wis padha padudon ana ing agamanae (dadi pirang - pirang golongan) nanging saben - saben golongan bakal bali sowan marang ngarsaningsun |
فَمَن يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا كُفْرَانَ لِسَعْيِهِ وَإِنَّا لَهُ كَاتِبُونَ (94) Sing sapa nindakake kabecikan sarta dheweke Iman, kabeh kabecikane ora bakal muspra. Satemene Ingsun nulisi kabeh 'amal, ora ana kang kecer |
وَحَرَامٌ عَلَىٰ قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا أَنَّهُمْ لَا يَرْجِعُونَ (95) Temenan ora bakal kelakon tumrap kaum (penduduk) sawijinig negara kang wis Ingsun rusak, dheweke iku bakal padha bali (tobat) marang Ingsun |
حَتَّىٰ إِذَا فُتِحَتْ يَأْجُوجُ وَمَأْجُوجُ وَهُم مِّن كُلِّ حَدَبٍ يَنسِلُونَ (96) Sahingga menawa betenge Ya'juj lan Ma'juj wis dibukak, lan dheweke padha rerikatan metu saka saben - saben panggonan kang dhuwur |
وَاقْتَرَبَ الْوَعْدُ الْحَقُّ فَإِذَا هِيَ شَاخِصَةٌ أَبْصَارُ الَّذِينَ كَفَرُوا يَا وَيْلَنَا قَدْ كُنَّا فِي غَفْلَةٍ مِّنْ هَٰذَا بَلْ كُنَّا ظَالِمِينَ (97) Lan yekti wis cedhak tumibane janji kang bener (Qiyamat), dumadakan pendelenge wong - wong kafir padha mendelik sarta padha ngucap, "Dhuh cilaka yekti kita wis nglirwakake dina iki, malah padha nganiaya |
إِنَّكُمْ وَمَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ حَصَبُ جَهَنَّمَ أَنتُمْ لَهَا وَارِدُونَ (98) Satemene sira lan kabeh kang sira sembah saliyane Allah, padha dadi urub - urubing neraka jahannam. Sira kabeh bakal padha mlebu ana ing kono |
لَوْ كَانَ هَٰؤُلَاءِ آلِهَةً مَّا وَرَدُوهَا ۖ وَكُلٌّ فِيهَا خَالِدُونَ (99) Saumpama brahala - brahala iku dadi Pangeran kang sejati, yekti dheweke (lan kang padha manembah) ora mblebu ing neraka jahanam, lan kabeh (kang disembah lan kang manembah) padha langgeng ana ing neraka kono |
لَهُمْ فِيهَا زَفِيرٌ وَهُمْ فِيهَا لَا يَسْمَعُونَ (100) Para wong kafir mau ana ing neraka padha sesambat ngaru - ara lan menggeh - menggeh, sarta ora krungu apa - apa, kajaba mung gumrubuging geni |
إِنَّ الَّذِينَ سَبَقَتْ لَهُم مِّنَّا الْحُسْنَىٰ أُولَٰئِكَ عَنْهَا مُبْعَدُونَ (101) Satemene wong - wong kang luwih dhisik wis pikantuk putusan kabecikan saka ngarsaningsun, yekti dheweke iku padha didohake saka neraka |
لَا يَسْمَعُونَ حَسِيسَهَا ۖ وَهُمْ فِي مَا اشْتَهَتْ أَنفُسُهُمْ خَالِدُونَ (102) Dheweke padha ora krungu gumrubuging suwarnaning neraka, sara dheweke padha langgen ana ing (ni'mat) kang disenengi dening nafsune |
لَا يَحْزُنُهُمُ الْفَزَعُ الْأَكْبَرُ وَتَتَلَقَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ هَٰذَا يَوْمُكُمُ الَّذِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ (103) Wong mukmin mau padha ora nemu kesusahan dening perkara gedhe kang memedeni, sarta nalika padha metu saka qubur, diacarani dening para malaikat, tembunge, "Sapunika mangsanipun keleksanan janjinipun Allah badhe ngganjar dhateng panjenengan |
يَوْمَ نَطْوِي السَّمَاءَ كَطَيِّ السِّجِلِّ لِلْكُتُبِ ۚ كَمَا بَدَأْنَا أَوَّلَ خَلْقٍ نُّعِيدُهُ ۚ وَعْدًا عَلَيْنَا ۚ إِنَّا كُنَّا فَاعِلِينَ (104) Ing dina iku Ingsun anggulung langit kaya tetulisan (lembaran) kertas kang digulung. Kabeh wong padha Ingsun balekake kaya nalika ana ing guwa garbaning biyung. Kang mengkono iku wis dadi janjiningsun, ing dina iku Ingsun leksanani |
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِي الزَّبُورِ مِن بَعْدِ الذِّكْرِ أَنَّ الْأَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصَّالِحُونَ (105) Lan yekti Ingsun wis nulis ana ing kitab Zabur, sakwise Ingsun tulisi (ana ing Lauhil Mahfudz), "Menawa kang duweni hak nampa waris pusakane bumi iki, mung kawulaningsun kang padha sholeh |
إِنَّ فِي هَٰذَا لَبَلَاغًا لِّقَوْمٍ عَابِدِينَ (106) Saktemene apa kang disebutake ing dalem surat iki tumrap wong kang ngabekti wis cukup kanggo lantaran lakone sedyane |
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِّلْعَالَمِينَ (107) (Muhammad) Ingsun ora ngutus marang sira kajaba dadi rahmad marang alam kabeh |
قُلْ إِنَّمَا يُوحَىٰ إِلَيَّ أَنَّمَا إِلَٰهُكُمْ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّسْلِمُونَ (108) (Muhammad) sira dhawuha saktemene kang didhawuhake marang Ingsun yaiku, "Pangeranmu iku Pangeran kang tunggal, apa sira gelem sumarah marang panjenengane |
فَإِن تَوَلَّوْا فَقُلْ آذَنتُكُمْ عَلَىٰ سَوَاءٍ ۖ وَإِنْ أَدْرِي أَقَرِيبٌ أَم بَعِيدٌ مَّا تُوعَدُونَ (109) Menawa wong - wong mau mlengos (ora gelem Islam) (Muhammad) sira dhawuha, "Ingsun wis aweh weruh marang sira (ing barang kang wis didawuhake). Lan Ingsun ora mangerti apa wis cedak utawa isih adoh tumibane siksa sing dijanjekkake |
إِنَّهُ يَعْلَمُ الْجَهْرَ مِنَ الْقَوْلِ وَيَعْلَمُ مَا تَكْتُمُونَ (110) Saktemene panjenengane iku nguningani pangucap kang ngedeng lan nguningani kang sira umpetake |
وَإِنْ أَدْرِي لَعَلَّهُ فِتْنَةٌ لَّكُمْ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ (111) Lan Ingsun ora mangerti, apa bab kuwi (anggone diakherake siksane) dadi tumrap sira utawa dadi kesenengan nganti tumeka titi mangsane |
قَالَ رَبِّ احْكُم بِالْحَقِّ ۗ وَرَبُّنَا الرَّحْمَٰنُ الْمُسْتَعَانُ عَلَىٰ مَا تَصِفُونَ (112) (Muhammad) munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula! Mugi panjenengan ngadilana pasulayan kawula kalayan tiyang ingkang sami maiben kalayan sakleresipun". Allah pangeran kula ingkang maha welas, disuwuni pitulung ing ngatase perkara kang padha sira sifati |