| إِذَا الشَّمْسُ كُوِّرَتْ (1) (Ing besuk dina Qiyamat) nalikane srengenge dilempit
 | 
| وَإِذَا النُّجُومُ انكَدَرَتْ (2) Lan nalikane lintang padha coplok runtuh ing bumi
 | 
| وَإِذَا الْجِبَالُ سُيِّرَتْ (3) Lan nalikane gunung padha mawut dadi endhek - endhek amun - amun
 | 
| وَإِذَا الْعِشَارُ عُطِّلَتْ (4) Lan nalikane onta meteng padha ditinggal tanpa diengon
 | 
| وَإِذَا الْوُحُوشُ حُشِرَتْ (5) Lan nalikane hewan daratan padha diklumpukake
 | 
| وَإِذَا الْبِحَارُ سُجِّرَتْ (6) Lan nalikane segara digeneni banjur dadi geni
 | 
| وَإِذَا النُّفُوسُ زُوِّجَتْ (7) Lan nalikane nyawa dibalekake marang wadhake
 | 
| وَإِذَا الْمَوْءُودَةُ سُئِلَتْ (8) Lan nalikane wong wadon kang dipendhem urip - urip padha didangu
 | 
| بِأَيِّ ذَنبٍ قُتِلَتْ (9) Dosa apa anggone padha dipateni mau
 | 
| وَإِذَا الصُّحُفُ نُشِرَتْ (10) Lan nalikane buku cathetan lelakoni siji - sijine wong digelar
 | 
| وَإِذَا السَّمَاءُ كُشِطَتْ (11) Lan nalikane langit disingkerake
 | 
| وَإِذَا الْجَحِيمُ سُعِّرَتْ (12) Lan nalikane neraka jahim diurubake
 | 
| وَإِذَا الْجَنَّةُ أُزْلِفَتْ (13) Lan nalikane suwarga dicepakake
 | 
| عَلِمَتْ نَفْسٌ مَّا أَحْضَرَتْ (14) Ing kono siji - sijining wong padha weruh kang wis padha dilakoni
 | 
| فَلَا أُقْسِمُ بِالْخُنَّسِ (15) Ingsun supata, dhemi lintang - lintang
 | 
| الْجَوَارِ الْكُنَّسِ (16) Kang lumaku turut dalane banjur surup
 | 
| وَاللَّيْلِ إِذَا عَسْعَسَ (17) Dhemi wengi nalikane ngarepake peteng
 | 
| وَالصُّبْحِ إِذَا تَنَفَّسَ (18) Dhemi wayah bangun nalika tumaruntung padhange
 | 
| إِنَّهُ لَقَوْلُ رَسُولٍ كَرِيمٍ (19) Sayekti al-Quran iku pengucape Rosul kang mulya (Jibril)
 | 
| ذِي قُوَّةٍ عِندَ ذِي الْعَرْشِ مَكِينٍ (20) Gagah prakosa, mungguhing Allah kang kagungan singgasana pinaring pangkat luhur
 | 
| مُّطَاعٍ ثَمَّ أَمِينٍ (21) Kang kudu dienut (ing alam Malaikat) tur pinarcaya
 | 
| وَمَا صَاحِبُكُم بِمَجْنُونٍ (22) Lan ora pisan kanca mitranira iku (Muhammad), wong owah
 | 
| وَلَقَدْ رَآهُ بِالْأُفُقِ الْمُبِينِ (23) Muhammad andeleng rupane Jibril kang sayekti ana sikiling langit kang wetan
 | 
| وَمَا هُوَ عَلَى الْغَيْبِ بِضَنِينٍ (24) Lan ora pisan panjenengane iku ngumpetake barang ghoib
 | 
| وَمَا هُوَ بِقَوْلِ شَيْطَانٍ رَّجِيمٍ (25) Al-Quran iku dudu pangucape syetan kang patut dibalangi
 | 
| فَأَيْنَ تَذْهَبُونَ (26) Lah menyang ngendi anggonira arep padha melayu
 | 
| إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ (27) Iku ora liya kajaba pepeling tumrap sakehing bangsa
 | 
| لِمَن شَاءَ مِنكُمْ أَن يَسْتَقِيمَ (28) Tumrap sapa antaranira kang kepengin alaku bener
 | 
| وَمَا تَشَاءُونَ إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ (29) Lan ora bakal sira padhakepengin kajaba yen Allah Pangeraning alam kabeh angarsakake
 |