حم (1) Haa miim |
وَالْكِتَابِ الْمُبِينِ (2) Demi Kitab Al-Quran kang nerangake |
إِنَّا أَنزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةٍ مُّبَارَكَةٍ ۚ إِنَّا كُنَّا مُنذِرِينَ (3) Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran |
فِيهَا يُفْرَقُ كُلُّ أَمْرٍ حَكِيمٍ (4) Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana |
أَمْرًا مِّنْ عِندِنَا ۚ إِنَّا كُنَّا مُرْسِلِينَ (5) Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul |
رَحْمَةً مِّن رَّبِّكَ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (6) Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang |
رَبِّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ إِن كُنتُم مُّوقِنِينَ (7) Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin) |
لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ رَبُّكُمْ وَرَبُّ آبَائِكُمُ الْأَوَّلِينَ (8) Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen |
بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ يَلْعَبُونَ (9) (Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu |
فَارْتَقِبْ يَوْمَ تَأْتِي السَّمَاءُ بِدُخَانٍ مُّبِينٍ (10) Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi |
يَغْشَى النَّاسَ ۖ هَٰذَا عَذَابٌ أَلِيمٌ (11) Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani |
رَّبَّنَا اكْشِفْ عَنَّا الْعَذَابَ إِنَّا مُؤْمِنُونَ (12) Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados |
أَنَّىٰ لَهُمُ الذِّكْرَىٰ وَقَدْ جَاءَهُمْ رَسُولٌ مُّبِينٌ (13) Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani |
ثُمَّ تَوَلَّوْا عَنْهُ وَقَالُوا مُعَلَّمٌ مَّجْنُونٌ (14) Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan |
إِنَّا كَاشِفُو الْعَذَابِ قَلِيلًا ۚ إِنَّكُمْ عَائِدُونَ (15) Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh |
يَوْمَ نَبْطِشُ الْبَطْشَةَ الْكُبْرَىٰ إِنَّا مُنتَقِمُونَ (16) Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit |
۞ وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاءَهُمْ رَسُولٌ كَرِيمٌ (17) Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir'aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun) |
أَنْ أَدُّوا إِلَيَّ عِبَادَ اللَّهِ ۖ إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ (18) (Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku |
وَأَن لَّا تَعْلُوا عَلَى اللَّهِ ۖ إِنِّي آتِيكُم بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ (19) Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah |
وَإِنِّي عُذْتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمْ أَن تَرْجُمُونِ (20) Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu |
وَإِن لَّمْ تُؤْمِنُوا لِي فَاعْتَزِلُونِ (21) Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae |
فَدَعَا رَبَّهُ أَنَّ هَٰؤُلَاءِ قَوْمٌ مُّجْرِمُونَ (22) (Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir'aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener) |
فَأَسْرِ بِعِبَادِي لَيْلًا إِنَّكُم مُّتَّبَعُونَ (23) (Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu |
وَاتْرُكِ الْبَحْرَ رَهْوًا ۖ إِنَّهُمْ جُندٌ مُّغْرَقُونَ (24) Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara |
كَمْ تَرَكُوا مِن جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ (25) Fir'aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir) |
وَزُرُوعٍ وَمَقَامٍ كَرِيمٍ (26) Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah |
وَنَعْمَةٍ كَانُوا فِيهَا فَاكِهِينَ (27) Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah |
كَذَٰلِكَ ۖ وَأَوْرَثْنَاهَا قَوْمًا آخَرِينَ (28) Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir'aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane |
فَمَا بَكَتْ عَلَيْهِمُ السَّمَاءُ وَالْأَرْضُ وَمَا كَانُوا مُنظَرِينَ (29) Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir'aun tumpes tanpa disrantekake maneh |
وَلَقَدْ نَجَّيْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ مِنَ الْعَذَابِ الْمُهِينِ (30) Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya |
مِن فِرْعَوْنَ ۚ إِنَّهُ كَانَ عَالِيًا مِّنَ الْمُسْرِفِينَ (31) Saka panggawane Fir'aun kang kebangeten anggone gumedhe |
وَلَقَدِ اخْتَرْنَاهُمْ عَلَىٰ عِلْمٍ عَلَى الْعَالَمِينَ (32) Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad |
وَآتَيْنَاهُم مِّنَ الْآيَاتِ مَا فِيهِ بَلَاءٌ مُّبِينٌ (33) Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba |
إِنَّ هَٰؤُلَاءِ لَيَقُولُونَ (34) Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap |
إِنْ هِيَ إِلَّا مَوْتَتُنَا الْأُولَىٰ وَمَا نَحْنُ بِمُنشَرِينَ (35) Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake |
فَأْتُوا بِآبَائِنَا إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ (36) Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati |
أَهُمْ خَيْرٌ أَمْ قَوْمُ تُبَّعٍ وَالَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ أَهْلَكْنَاهُمْ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا مُجْرِمِينَ (37) Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba' lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir |
وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا لَاعِبِينَ (38) Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe |
مَا خَلَقْنَاهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ (39) Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh |
إِنَّ يَوْمَ الْفَصْلِ مِيقَاتُهُمْ أَجْمَعِينَ (40) Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh |
يَوْمَ لَا يُغْنِي مَوْلًى عَن مَّوْلًى شَيْئًا وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ (41) Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah |
إِلَّا مَن رَّحِمَ اللَّهُ ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ (42) Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih |
إِنَّ شَجَرَتَ الزَّقُّومِ (43) Satemene wit Zakkuum |
طَعَامُ الْأَثِيمِ (44) Dadi pangane wong duroko |
كَالْمُهْلِ يَغْلِي فِي الْبُطُونِ (45) Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub |
كَغَلْيِ الْحَمِيمِ (46) Kaya dene umube wedang |
خُذُوهُ فَاعْتِلُوهُ إِلَىٰ سَوَاءِ الْجَحِيمِ (47) (Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim |
ثُمَّ صُبُّوا فَوْقَ رَأْسِهِ مِنْ عَذَابِ الْحَمِيمِ (48) Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase |
ذُقْ إِنَّكَ أَنتَ الْعَزِيزُ الْكَرِيمُ (49) (Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana |
إِنَّ هَٰذَا مَا كُنتُم بِهِ تَمْتَرُونَ (50) Siksa iki kang padha sira paido biyen |
إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي مَقَامٍ أَمِينٍ (51) Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem |
فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ (52) Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili |
يَلْبَسُونَ مِن سُندُسٍ وَإِسْتَبْرَقٍ مُّتَقَابِلِينَ (53) Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane |
كَذَٰلِكَ وَزَوَّجْنَاهُم بِحُورٍ عِينٍ (54) Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak |
يَدْعُونَ فِيهَا بِكُلِّ فَاكِهَةٍ آمِنِينَ (55) Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek |
لَا يَذُوقُونَ فِيهَا الْمَوْتَ إِلَّا الْمَوْتَةَ الْأُولَىٰ ۖ وَوَقَاهُمْ عَذَابَ الْجَحِيمِ (56) Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim |
فَضْلًا مِّن رَّبِّكَ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ (57) Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe |
فَإِنَّمَا يَسَّرْنَاهُ بِلِسَانِكَ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُونَ (58) Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur |
فَارْتَقِبْ إِنَّهُم مُّرْتَقِبُونَ (59) Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira |