وَيْلٌ لِّلْمُطَفِّفِينَ (1) Cilaka temen wong kang padha cidra (anggone naker) |
الَّذِينَ إِذَا اكْتَالُوا عَلَى النَّاسِ يَسْتَوْفُونَ (2) Kang manawa naker saka wong liya (tumrap awake dewe) panakere ganep |
وَإِذَا كَالُوهُمْ أَو وَّزَنُوهُمْ يُخْسِرُونَ (3) Lan samongsa anaker barang kang bakal ditampakake wong liya, panakere dikurangi dadi gawe patunan |
أَلَا يَظُنُّ أُولَٰئِكَ أَنَّهُم مَّبْعُوثُونَ (4) Wong kang mangkono mau ora ngira yen besuk bakal ditangekake saka pati |
لِيَوْمٍ عَظِيمٍ (5) Tumrap dina kang gedhe (qiyamat) |
يَوْمَ يَقُومُ النَّاسُ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ (6) Dinane manungsa padha ngadeg angadep Pangeraning ngalam kabeh |
كَلَّا إِنَّ كِتَابَ الْفُجَّارِ لَفِي سِجِّينٍ (7) Temen tulisane lakune para wong ala iku ana pakunjaran (sijjiin) |
وَمَا أَدْرَاكَ مَا سِجِّينٌ (8) Sapa kang nuduhake marang sira pakunjaran (sijjin) iku apa |
كِتَابٌ مَّرْقُومٌ (9) Buku kang ditulis |
وَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ (10) Ing dina iku wong kang maido cilaka banget |
الَّذِينَ يُكَذِّبُونَ بِيَوْمِ الدِّينِ (11) Kang padha maido marang dina piwales |
وَمَا يُكَذِّبُ بِهِ إِلَّا كُلُّ مُعْتَدٍ أَثِيمٍ (12) Ora ana wong gorohake kajaba sarupane wong kang mlangkah wates anggone dosa |
إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِ آيَاتُنَا قَالَ أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ (13) Manawa diwacakake al-Quran pangucape, "al-Quran iku gaweyane para wong kuna |
كَلَّا ۖ بَلْ ۜ رَانَ عَلَىٰ قُلُوبِهِم مَّا كَانُوا يَكْسِبُونَ (14) Wong kebangeten mau mangsa gelema percaya, malah duraka kang dilakoni mau dadi rereged ing atine |
كَلَّا إِنَّهُمْ عَن رَّبِّهِمْ يَوْمَئِذٍ لَّمَحْجُوبُونَ (15) Temen ing dina iku dheweke padha ketutupan saka pangerane |
ثُمَّ إِنَّهُمْ لَصَالُو الْجَحِيمِ (16) Sawuse mangkono wong mau banjur padha malebu ing neraka jahim |
ثُمَّ يُقَالُ هَٰذَا الَّذِي كُنتُم بِهِ تُكَذِّبُونَ (17) Banjur di dawuhi, "Neraka iki kang padha sira paido biyen |
كَلَّا إِنَّ كِتَابَ الْأَبْرَارِ لَفِي عِلِّيِّينَ (18) O, sayekti kitabe para wong tulus iku temen ana panggonan kang luhur |
وَمَا أَدْرَاكَ مَا عِلِّيُّونَ (19) Lan sapa kang nuduhake sira, apa kang aran panggonan luhur |
كِتَابٌ مَّرْقُومٌ (20) Kitab kang katulis |
يَشْهَدُهُ الْمُقَرَّبُونَ (21) Para kang keparek (ing Allah) bakal anekseni |
إِنَّ الْأَبْرَارَ لَفِي نَعِيمٍ (22) Sayekti para wong tulus iku bakal ana sajeroning nugraha |
عَلَى الْأَرَائِكِ يَنظُرُونَ (23) Ana kanthil dhuwur anyawang - nyawang |
تَعْرِفُ فِي وُجُوهِهِمْ نَضْرَةَ النَّعِيمِ (24) Katon ing wajahe cahyaning nugraha |
يُسْقَوْنَ مِن رَّحِيقٍ مَّخْتُومٍ (25) Padha pinaringan ngombe omben - omben bening kang diecap |
خِتَامُهُ مِسْكٌ ۚ وَفِي ذَٰلِكَ فَلْيَتَنَافَسِ الْمُتَنَافِسُونَ (26) Tutupi (mawa) kesturi, mulane para sing nyerempeng angarah lah angaraha iku |
وَمِزَاجُهُ مِن تَسْنِيمٍ (27) Lan campurane arupa banyu kang turun amrang dheweke saka dhuwur |
عَيْنًا يَشْرَبُ بِهَا الْمُقَرَّبُونَ (28) Tuk kang dadi omben - omben para wong kang keparek (maring Allah) |
إِنَّ الَّذِينَ أَجْرَمُوا كَانُوا مِنَ الَّذِينَ آمَنُوا يَضْحَكُونَ (29) Sayekti para wong kang padha dosa gawene geguyu para kang angestu |
وَإِذَا مَرُّوا بِهِمْ يَتَغَامَزُونَ (30) Lan samongsa angliwati dheweke padha kedep - kinedhepan |
وَإِذَا انقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمُ انقَلَبُوا فَكِهِينَ (31) Lan samangsa bali marang golongane, baline gawe pangeram - eram |
وَإِذَا رَأَوْهُمْ قَالُوا إِنَّ هَٰؤُلَاءِ لَضَالُّونَ (32) Lan samangsa ngingetake dheweke, padha kandha, "Wong mukmin iku padha kesasar |
وَمَا أُرْسِلُوا عَلَيْهِمْ حَافِظِينَ (33) Mongka ora diutus supaya angreksa marang dheweke |
فَالْيَوْمَ الَّذِينَ آمَنُوا مِنَ الْكُفَّارِ يَضْحَكُونَ (34) Ananging ing dina iki para wong kang angestu padha geguyu para kafir |
عَلَى الْأَرَائِكِ يَنظُرُونَ (35) Linggih ana kanthil deleng sangsarane si kafir |
هَلْ ثُوِّبَ الْكُفَّارُ مَا كَانُوا يَفْعَلُونَ (36) sayekti para kafir kapringan piwales miturut apa kang wus padha dilakoni |