الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْمُبِينِ (1) Ingsun Allah, Ingkang amir- sani.a Iki ayat-ayating Kitab, kang anyethakake |
إِنَّا أَنزَلْنَاهُ قُرْآنًا عَرَبِيًّا لَّعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ (2) Sayekti anggon-Ingsun anu- runake iki – Quran basa Arab – iku supaya sira padha mangerti |
نَحْنُ نَقُصُّ عَلَيْكَ أَحْسَنَ الْقَصَصِ بِمَا أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ هَٰذَا الْقُرْآنَ وَإِن كُنتَ مِن قَبْلِهِ لَمِنَ الْغَافِلِينَ (3) Ingsun anerangake marang sira kalawan becik-beciking katra- ngan asarana anggon-Ingsun amedharake marang sira Quran iki, sanajan ta ing sadurunge iki sira iku temen ewone wong kang padha ora anggraita |
إِذْ قَالَ يُوسُفُ لِأَبِيهِ يَا أَبَتِ إِنِّي رَأَيْتُ أَحَدَ عَشَرَ كَوْكَبًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ رَأَيْتُهُمْ لِي سَاجِدِينَ (4) Nalikane Yusuf calathu ma- rang bapakne: O, bapak! saestu kula sumerep lintang sawelas sarta surya tuwin rembulan – paningal kula, punika sami sujud dhateng kula |
قَالَ يَا بُنَيَّ لَا تَقْصُصْ رُؤْيَاكَ عَلَىٰ إِخْوَتِكَ فَيَكِيدُوا لَكَ كَيْدًا ۖ إِنَّ الشَّيْطَانَ لِلْإِنسَانِ عَدُوٌّ مُّبِينٌ (5) Calathune: O, anakku! aja kok caritakake impenmu iku marang sadulur-sadulurmu, mundhak padha agawe paeka marang kowe; sayekti setan iku tumraping manusa mung- suh kang cetha |
وَكَذَٰلِكَ يَجْتَبِيكَ رَبُّكَ وَيُعَلِّمُكَ مِن تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ وَيُتِمُّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَعَلَىٰ آلِ يَعْقُوبَ كَمَا أَتَمَّهَا عَلَىٰ أَبَوَيْكَ مِن قَبْلُ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ (6) Lan kaya mangkono, Pange- ranmu bakal amiji kowe lan mulang kowe prakara anerangake wicara, sarta bakal anyampurnak- ake nugraha-Ne marang kowe lan marang tedhake Ya’qub, kaya ang- gone Panjenengane wus anyam- purnakake marang bapa-bapamu ing biyen, Ibrahim lan Ishaq; sayekti Pangeranmu iku Anguda- neni, Wicaksana |
۞ لَّقَدْ كَانَ فِي يُوسُفَ وَإِخْوَتِهِ آيَاتٌ لِّلسَّائِلِينَ (7) Sayekti temen ana ing Yusuf lan para sadulure iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha takon |
إِذْ قَالُوا لَيُوسُفُ وَأَخُوهُ أَحَبُّ إِلَىٰ أَبِينَا مِنَّا وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّ أَبَانَا لَفِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (8) Nalika padha calathu: Temen Yusuf lan sadulure iku luwih kasihan marang bapak tinimbang aku kabeh, mangka aku kabeh iki papanthan : sayekti bapak iki temen dumunung ing sasar kang tetela |
اقْتُلُوا يُوسُفَ أَوِ اطْرَحُوهُ أَرْضًا يَخْلُ لَكُمْ وَجْهُ أَبِيكُمْ وَتَكُونُوا مِن بَعْدِهِ قَوْمًا صَالِحِينَ (9) Padha patenana Yusuf, utawa buwangen marang tanah-tanah supaya idhepe bapakmu mligi ma- rang kowe kabeh, lan ing sawise iku kowe bakal padha dadi wong tulus |
قَالَ قَائِلٌ مِّنْهُمْ لَا تَقْتُلُوا يُوسُفَ وَأَلْقُوهُ فِي غَيَابَتِ الْجُبِّ يَلْتَقِطْهُ بَعْضُ السَّيَّارَةِ إِن كُنتُمْ فَاعِلِينَ (10) Dheweke ana siji kang cala- thu: Aja padha kopateni Yusuf, balik cemplungna ing dhasaring luweng, yen kowe kudu-kudu ang- laksanani , cikben diju- puk sawenehing wong kang padha lalaku |
قَالُوا يَا أَبَانَا مَا لَكَ لَا تَأْمَنَّا عَلَىٰ يُوسُفَ وَإِنَّا لَهُ لَنَاصِحُونَ (11) Dheweke padha calathu: Dhuh bapak, punapa ta karana- nipun, dene ingatasipun Yusuf Panjenengan boten pitajeng dha- teng kula? Mangka kula punika saestu sami mitra darma tumrap dhateng piyambakipun |
أَرْسِلْهُ مَعَنَا غَدًا يَرْتَعْ وَيَلْعَبْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ (12) Mugi piyambakipun kadha- wuhana, tumut kula benjing enjing, supados bingah-bingah saha dodo- lanan, saha saestu kula ingkang sami badhe rumeksa dhateng piyambakipun |
قَالَ إِنِّي لَيَحْزُنُنِي أَن تَذْهَبُوا بِهِ وَأَخَافُ أَن يَأْكُلَهُ الذِّئْبُ وَأَنتُمْ عَنْهُ غَافِلُونَ (13) Calathune: Sayekti anda- dekake susahku manawa dheweke kogawaa, sarta aku kuwatir, mana- wa dheweke dimangsa ing asu ajag, dening kowe padha anglir- wakake marang dheweke |
قَالُوا لَئِنْ أَكَلَهُ الذِّئْبُ وَنَحْنُ عُصْبَةٌ إِنَّا إِذًا لَّخَاسِرُونَ (14) Dheweke padha calathu: sa- estu, manawi sagawon ajag mang- sa piyambakipun, ing mangka kula punika sami papanthan ingkang prakosa, lah saestu kula punika sami tiyang ingkang kapitunan |
فَلَمَّا ذَهَبُوا بِهِ وَأَجْمَعُوا أَن يَجْعَلُوهُ فِي غَيَابَتِ الْجُبِّ ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَيْهِ لَتُنَبِّئَنَّهُم بِأَمْرِهِمْ هَٰذَا وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ (15) Lah bareng padha lunga, kalawan dheweke, sarta padha go- long arep anyemplungake dheweke marang dhasaring luweng, banjur Ingsun aparing sabda marang dhe- weke: Sayekti sira bakal anjlen- trehake marang dheweke ing pra- karane iki, sarta dheweke padha ora anggraita |
وَجَاءُوا أَبَاهُمْ عِشَاءً يَبْكُونَ (16) Lan dheweke ing wayah ngisa padha tumeka marang bapak- ne karo nangis |
قَالُوا يَا أَبَانَا إِنَّا ذَهَبْنَا نَسْتَبِقُ وَتَرَكْنَا يُوسُفَ عِندَ مَتَاعِنَا فَأَكَلَهُ الذِّئْبُ ۖ وَمَا أَنتَ بِمُؤْمِنٍ لَّنَا وَلَوْ كُنَّا صَادِقِينَ (17) Padha calathu: Dhuh bapak kawula, saestu kawula sami kesah, sami aririkatan, sarta Yusuf kula tilar wonten ing panggenan barang-barang kawula, wusana piyambakipun kamangsa ing saga- won ajag, tamtu boten badhe panjenengan pitados sanajan kula sami temen |
وَجَاءُوا عَلَىٰ قَمِيصِهِ بِدَمٍ كَذِبٍ ۚ قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ أَنفُسُكُمْ أَمْرًا ۖ فَصَبْرٌ جَمِيلٌ ۖ وَاللَّهُ الْمُسْتَعَانُ عَلَىٰ مَا تَصِفُونَ (18) Sarta padha angaturake ku- lambine kalawan ana getihe gogo- rohan. Dheweke calathu: O, lah, tumrape kowe jiwamu padha ang- gagampang prakara iku, ananging sabar iku utama, lan Allah iku Ingkang sinuwunan pitulung panu- lake apa kang padha kocaritak- ake |
وَجَاءَتْ سَيَّارَةٌ فَأَرْسَلُوا وَارِدَهُمْ فَأَدْلَىٰ دَلْوَهُ ۖ قَالَ يَا بُشْرَىٰ هَٰذَا غُلَامٌ ۚ وَأَسَرُّوهُ بِضَاعَةً ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِمَا يَعْمَلُونَ (19) Lan ana wong lalaku padha teka, banjur ngakon juru ngang- sune, tumuli iku angudhunake timbane. Dheweke calathu: O, kabar becik, iki ana bocah; lan iki padha disingidake kaya barang dagangan, lan Allah iku anguda- neni apa kang padha dilakoni |
وَشَرَوْهُ بِثَمَنٍ بَخْسٍ دَرَاهِمَ مَعْدُودَةٍ وَكَانُوا فِيهِ مِنَ الزَّاهِدِينَ (20) Lan padha angedol dheweke kalawan rega murah, dhuwit salaka sathithik, sarta padha ora seneng ing dheweke |
وَقَالَ الَّذِي اشْتَرَاهُ مِن مِّصْرَ لِامْرَأَتِهِ أَكْرِمِي مَثْوَاهُ عَسَىٰ أَن يَنفَعَنَا أَوْ نَتَّخِذَهُ وَلَدًا ۚ وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي الْأَرْضِ وَلِنُعَلِّمَهُ مِن تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ ۚ وَاللَّهُ غَالِبٌ عَلَىٰ أَمْرِهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ (21) Lan wong Mesir kang nuku dheweke acalathu marang rabi- ne: Wenehana padunungan kang mulya, ambokmanawa dheweke bakal migunani marang kene utawa padha dak epek anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakake Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dheweke kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihake asarana parentah-E, ananging akeh-akeh- ing manusa padha ora weruh |
وَلَمَّا بَلَغَ أَشُدَّهُ آتَيْنَاهُ حُكْمًا وَعِلْمًا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (22) Lan bareng dheweke wus tumeka ing diwasane, Ingsun pari- ngi kawicaksanan sarta kawruh: lan kaya mangkono anggon-Ingsun amituwasi wong kang padha atindak becik |
وَرَاوَدَتْهُ الَّتِي هُوَ فِي بَيْتِهَا عَن نَّفْسِهِ وَغَلَّقَتِ الْأَبْوَابَ وَقَالَتْ هَيْتَ لَكَ ۚ قَالَ مَعَاذَ اللَّهِ ۖ إِنَّهُ رَبِّي أَحْسَنَ مَثْوَايَ ۖ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ (23) Wong wadon, kang omahe dienggoni dening dheweke, nga- rah, supaya dheweke tumiyunga , sarta angan- cingi lawang-lawange, tuwin aca- lathu: Majua mrene. Calathu- ne: Kula nyuwun pangayomanipun Allah, saestu Pangeran kula sam- pun andamel sae ing padunungan kula; saestu boten badhe begja titiyang ingkang atindak dede |
وَلَقَدْ هَمَّتْ بِهِ ۖ وَهَمَّ بِهَا لَوْلَا أَن رَّأَىٰ بُرْهَانَ رَبِّهِ ۚ كَذَٰلِكَ لِنَصْرِفَ عَنْهُ السُّوءَ وَالْفَحْشَاءَ ۚ إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُخْلَصِينَ (24) Lan sayekti si wadon sir marang dheweke, sarta dheweke sir marang si wadon, lamun dhe- weke oraa andeleng tandha yekti- ning Pangeran kang terang; kaya mangkono iku, supaya Ingsun angedohake ala lan nistha saka dheweke; sayekti dheweke iku golongane para kawula-Ningsun kang padha tulus |
وَاسْتَبَقَا الْبَابَ وَقَدَّتْ قَمِيصَهُ مِن دُبُرٍ وَأَلْفَيَا سَيِّدَهَا لَدَى الْبَابِ ۚ قَالَتْ مَا جَزَاءُ مَنْ أَرَادَ بِأَهْلِكَ سُوءًا إِلَّا أَن يُسْجَنَ أَوْ عَذَابٌ أَلِيمٌ (25) Lan sakarone arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambine dheweke suwek dening si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakine. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng semah sampeyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti |
قَالَ هِيَ رَاوَدَتْنِي عَن نَّفْسِي ۚ وَشَهِدَ شَاهِدٌ مِّنْ أَهْلِهَا إِن كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِن قُبُلٍ فَصَدَقَتْ وَهُوَ مِنَ الْكَاذِبِينَ (26) calathu: Piyam- bakipun si wadon punika ingkang angangkah supados kula tumiyung dhateng awakipun. Lan ana sawiji- ning saksi kalebu kulawargane kang anglahirake pasaksi: Manawi rasukanipun suwek saking ngajeng lah pun estri ingkang temen, sarta pun jaler golongan- ipun para doracara |
وَإِن كَانَ قَمِيصُهُ قُدَّ مِن دُبُرٍ فَكَذَبَتْ وَهُوَ مِنَ الصَّادِقِينَ (27) Lan manawi rasukanipun suwek saking wingking, lah pun estri ingkang dora sarta pun jaler golonganipun para tiyang temen |
فَلَمَّا رَأَىٰ قَمِيصَهُ قُدَّ مِن دُبُرٍ قَالَ إِنَّهُ مِن كَيْدِكُنَّ ۖ إِنَّ كَيْدَكُنَّ عَظِيمٌ (28) Mulane bareng weruh kulam- bine suweke saka ing buri, acalathu: Sayekti iku kalebu kajuli- ganmu para wadon; sanyata kajuliganmu iku gedhe |
يُوسُفُ أَعْرِضْ عَنْ هَٰذَا ۚ وَاسْتَغْفِرِي لِذَنبِكِ ۖ إِنَّكِ كُنتِ مِنَ الْخَاطِئِينَ (29) O, Yusuf, birata saka ing iki; dene kowe anyuwuna pangapura ing dosamu, sanyata kowe iku golongane para wong atindak luput |
۞ وَقَالَ نِسْوَةٌ فِي الْمَدِينَةِ امْرَأَتُ الْعَزِيزِ تُرَاوِدُ فَتَاهَا عَن نَّفْسِهِ ۖ قَدْ شَغَفَهَا حُبًّا ۖ إِنَّا لَنَرَاهَا فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ (30) Lan para wadon ing sajroning kutha padha calathu: Garwaning Sang Adipati angarah abdine supaya tumiyunga marang awake; sayekti dheweke banget kapranan ing sih marang awake; sayekti, panyawangku kabeh, si wadon iku dumunung ana ing sasar kang tetela |
فَلَمَّا سَمِعَتْ بِمَكْرِهِنَّ أَرْسَلَتْ إِلَيْهِنَّ وَأَعْتَدَتْ لَهُنَّ مُتَّكَأً وَآتَتْ كُلَّ وَاحِدَةٍ مِّنْهُنَّ سِكِّينًا وَقَالَتِ اخْرُجْ عَلَيْهِنَّ ۖ فَلَمَّا رَأَيْنَهُ أَكْبَرْنَهُ وَقَطَّعْنَ أَيْدِيَهُنَّ وَقُلْنَ حَاشَ لِلَّهِ مَا هَٰذَا بَشَرًا إِنْ هَٰذَا إِلَّا مَلَكٌ كَرِيمٌ (31) Lah bareng si wadon ngrungu pangrancanane banjur padha disuruhi sarta padha disadhiyani bojana, apa dene siji-sijine padha diwenehi lading, sarta calathu : Padha wetonana. Lah bareng padha nyawang dheweke, padha angegungake sarta tangane padha kiris , tuwin padha calathu: Adoh Allah iku ; dudu manusa iki; ora liya iki kajaba malaikat kang minulya |
قَالَتْ فَذَٰلِكُنَّ الَّذِي لُمْتُنَّنِي فِيهِ ۖ وَلَقَدْ رَاوَدتُّهُ عَن نَّفْسِهِ فَاسْتَعْصَمَ ۖ وَلَئِن لَّمْ يَفْعَلْ مَا آمُرُهُ لَيُسْجَنَنَّ وَلَيَكُونًا مِّنَ الصَّاغِرِينَ (32) cala- thu: Lah yaiki wonge kang dadi karanane kowe padha nyatur aku, lan temen aku ngarah tumiyung dheweke , ananging dheweke anyegah : lan lamun dheweke ora anglaksani apa parentahku marang dheweke mas- thi bakal dikunjara sarta masthi bakal dadi golongane wong rucah- rucah |
قَالَ رَبِّ السِّجْنُ أَحَبُّ إِلَيَّ مِمَّا يَدْعُونَنِي إِلَيْهِ ۖ وَإِلَّا تَصْرِفْ عَنِّي كَيْدَهُنَّ أَصْبُ إِلَيْهِنَّ وَأَكُن مِّنَ الْجَاهِلِينَ (33) Dheweke munjuk: Pangeran kawula! kunjara punika tumrap- ipun kawula langkung kawula remeni tinimbang nuruti pangajak- ipun titiyang punika dhateng kawula; sarta manawi Tuwan bo- ten anebihaken pangrancananipun saking kawula, kawula badhe kapencut dhateng piyambakipun sarta badhe dados golonganipun para titiyang bodho |
فَاسْتَجَابَ لَهُ رَبُّهُ فَصَرَفَ عَنْهُ كَيْدَهُنَّ ۚ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ (34) Tumuli Pangerane anyem- badani panyuwune banjur ange- dohake pangrancanane saka ing dheweke; sayekti Panjenengane Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Nguda- neni |
ثُمَّ بَدَا لَهُم مِّن بَعْدِ مَا رَأَوُا الْآيَاتِ لَيَسْجُنُنَّهُ حَتَّىٰ حِينٍ (35) Tumuli, ing sawise padha weruh pratandha-pratandha, padha duwe panemu, dheweke kudu dikunjara nganti sawatara mang- sa |
وَدَخَلَ مَعَهُ السِّجْنَ فَتَيَانِ ۖ قَالَ أَحَدُهُمَا إِنِّي أَرَانِي أَعْصِرُ خَمْرًا ۖ وَقَالَ الْآخَرُ إِنِّي أَرَانِي أَحْمِلُ فَوْقَ رَأْسِي خُبْزًا تَأْكُلُ الطَّيْرُ مِنْهُ ۖ نَبِّئْنَا بِتَأْوِيلِهِ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ (36) Lan ana nonoman loro lume- bu kunjara ambarengi dheweke. Kang siji calathu: Pandelengku aku meres anggur. Lan sijine calathu: Pandelengku aku nyunggi roti, iku padha dipangan manuk. Aku padha terangna marang pradikane; sayek- ti, panyawangku, kowe iku golo- ngane wong-wong kang atindak becik |
قَالَ لَا يَأْتِيكُمَا طَعَامٌ تُرْزَقَانِهِ إِلَّا نَبَّأْتُكُمَا بِتَأْوِيلِهِ قَبْلَ أَن يَأْتِيَكُمَا ۚ ذَٰلِكُمَا مِمَّا عَلَّمَنِي رَبِّي ۚ إِنِّي تَرَكْتُ مِلَّةَ قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَهُم بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ (37) Wangsulane: Pangan kang di- ingokake marang kowe ora bakal tumeka ing kowe sakarone, ana- nging aku bakal anerangake ing kowe sakarone marang pradikane, sadurunge iku tumeka marang kowe sakarone: iki saka pamu- lange Pangeranku marang aku: sayekti aku iki ninggal agamane wong kang ora padha angestu ing Allah sarta marang akhirat dhe- weke padha maido |
وَاتَّبَعْتُ مِلَّةَ آبَائِي إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ مَا كَانَ لَنَا أَن نُّشْرِكَ بِاللَّهِ مِن شَيْءٍ ۚ ذَٰلِكَ مِن فَضْلِ اللَّهِ عَلَيْنَا وَعَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُونَ (38) Sarta aku manut agamane bapak-bapakku, Ibrahim lan Ishaq lan Ya’qub; ora mungguh tumrape aku yen anyakuthokna sawiji-wiji kalawan Allah: Iki saka lubering paparinge Allah marang aku lan marang kamanusan, ananging akeh-akehing manusa ora padha atur panuwun |
يَا صَاحِبَيِ السِّجْنِ أَأَرْبَابٌ مُّتَفَرِّقُونَ خَيْرٌ أَمِ اللَّهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ (39) Dhuh kancaku sapakunjaran sakarone, apa sesembahan mawar- na-warna iki kang luwih becik, apa ta Allah, Ingkang-Maha-tunggal, Ingkang-Winenang |
مَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِهِ إِلَّا أَسْمَاءً سَمَّيْتُمُوهَا أَنتُمْ وَآبَاؤُكُم مَّا أَنزَلَ اللَّهُ بِهَا مِن سُلْطَانٍ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۚ أَمَرَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ (40) Kowe padha ngawulani sali- yane Panjenengane iku ora liya kajaba mung jeneng-jeneng kang padha koarani, kowe lan bapak- bapakmu, Allah ora anurunake wisesa tumrap iku; pancasan iku mung kagunganing Allah; Panje- nengane wus andhawuhake kowe aja padha ngawula kajaba marang Panjenengane; iki agama kang jejeg, ananging akeh-akehe ma- nusa padha ora weruh |
يَا صَاحِبَيِ السِّجْنِ أَمَّا أَحَدُكُمَا فَيَسْقِي رَبَّهُ خَمْرًا ۖ وَأَمَّا الْآخَرُ فَيُصْلَبُ فَتَأْكُلُ الطَّيْرُ مِن رَّأْسِهِ ۚ قُضِيَ الْأَمْرُ الَّذِي فِيهِ تَسْتَفْتِيَانِ (41) Dhuh kancaku sapakunjaran sakarone! mungguh kowe, kang siji, iku bakal angladeni unjukan sajeng gustine; dene mungguh sijine, iku bakal dipentheng, banjur manuk padha nucuki sirahe; wus diputus prakara kang padha kotakokake iku |
وَقَالَ لِلَّذِي ظَنَّ أَنَّهُ نَاجٍ مِّنْهُمَا اذْكُرْنِي عِندَ رَبِّكَ فَأَنسَاهُ الشَّيْطَانُ ذِكْرَ رَبِّهِ فَلَبِثَ فِي السِّجْنِ بِضْعَ سِنِينَ (42) Dheweke acalathu marang kang siji, kang dheweke weruh, yen iku bakal diluwari: Elinga marang aku ana ngarsane gustimu; ananging setan anglalekake dhe- weke angaturake marang gustine; dadi dheweke olehe ana ing pakunjaran sawatara taun |
وَقَالَ الْمَلِكُ إِنِّي أَرَىٰ سَبْعَ بَقَرَاتٍ سِمَانٍ يَأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَسَبْعَ سُنبُلَاتٍ خُضْرٍ وَأُخَرَ يَابِسَاتٍ ۖ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ أَفْتُونِي فِي رُؤْيَايَ إِن كُنتُمْ لِلرُّؤْيَا تَعْبُرُونَ (43) Lan Sang Nata ngandika: Sayekti aku weruh ana sapi pitu lemu-lemu, iku dipangan sapi pitu kuru-kuru; sarta ana wuwulen pitu ijo-ijo tuwin liyane maneh kang garing; O, para panggedhe, aku werdenana impenku, manawa kowe padha bisa mradikani impen |
قَالُوا أَضْغَاثُ أَحْلَامٍ ۖ وَمَا نَحْنُ بِتَأْوِيلِ الْأَحْلَامِ بِعَالِمِينَ (44) Padha matur: Supenan wor- suh, saha kula dhateng pradikaning supenan sami boten sumerep |
وَقَالَ الَّذِي نَجَا مِنْهُمَا وَادَّكَرَ بَعْدَ أُمَّةٍ أَنَا أُنَبِّئُكُم بِتَأْوِيلِهِ فَأَرْسِلُونِ (45) Lan salah sijine loro kang diluwari sarta sawise lawas lagi kelingan Yusuf, acala- thu: Cobi panjenengan kula terang- aken pradikanipun, milanipun cobi kula kaparenga mundur rumiyin |
يُوسُفُ أَيُّهَا الصِّدِّيقُ أَفْتِنَا فِي سَبْعِ بَقَرَاتٍ سِمَانٍ يَأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَسَبْعِ سُنبُلَاتٍ خُضْرٍ وَأُخَرَ يَابِسَاتٍ لَّعَلِّي أَرْجِعُ إِلَى النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَعْلَمُونَ (46) O, Yusuf, o, wong temen! Aku pradikanana, sapi pitu lemu- lemu kang padha dipangan sapi pitu kuru-kuru, sarta wuwulen pitu ijo-ijo tuwin liyane maneh kang padha garing, supaya baliku menyang para wong-wong kae dheweke bakal padha weruh |
قَالَ تَزْرَعُونَ سَبْعَ سِنِينَ دَأَبًا فَمَا حَصَدتُّمْ فَذَرُوهُ فِي سُنبُلِهِ إِلَّا قَلِيلًا مِّمَّا تَأْكُلُونَ (47) Wangsulane: Pitung taun kowe padha nandura kaya sabene; banjur apa panenanmu cikben ana ing wuwulen bae, kajaba sathithik kang arep padha kopangan |
ثُمَّ يَأْتِي مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ سَبْعٌ شِدَادٌ يَأْكُلْنَ مَا قَدَّمْتُمْ لَهُنَّ إِلَّا قَلِيلًا مِّمَّا تُحْصِنُونَ (48) Sawise mangkono banjur tu- meka mangsa kesrakat pitung taun, kang bakal angentekake tandhon- mu pasadiyan kang dhisik, kajaba sathithik kang bakal padha ko- ngengehake |
ثُمَّ يَأْتِي مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ عَامٌ فِيهِ يُغَاثُ النَّاسُ وَفِيهِ يَعْصِرُونَ (49) Sawise mangkono banjur tu- muli tumeka sawijining taun, kang ing kono wong-wong padha kapa- ringan udan, sarta ing kono bakal padha meres |
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُونِي بِهِ ۖ فَلَمَّا جَاءَهُ الرَّسُولُ قَالَ ارْجِعْ إِلَىٰ رَبِّكَ فَاسْأَلْهُ مَا بَالُ النِّسْوَةِ اللَّاتِي قَطَّعْنَ أَيْدِيَهُنَّ ۚ إِنَّ رَبِّي بِكَيْدِهِنَّ عَلِيمٌ (50) Lan sang Nata angandika: Dheweke gawanen mrene. Bareng utusan wis teka dheweke, dheweke calathu: Balia marang gustimu sarta nyuwuna priksa panjenengane, kapriye ka- anane para wadon kang padha kiris tangane; sayekti Pangeranku angu- daneni pangrencanane |
قَالَ مَا خَطْبُكُنَّ إِذْ رَاوَدتُّنَّ يُوسُفَ عَن نَّفْسِهِ ۚ قُلْنَ حَاشَ لِلَّهِ مَا عَلِمْنَا عَلَيْهِ مِن سُوءٍ ۚ قَالَتِ امْرَأَتُ الْعَزِيزِ الْآنَ حَصْحَصَ الْحَقُّ أَنَا رَاوَدتُّهُ عَن نَّفْسِهِ وَإِنَّهُ لَمِنَ الصَّادِقِينَ (51) Pangandikane: Kapriye kara- nane nalikane kowe angarah amrih Yusuf tumiyung marang awak- mu? Ature: Tebih Allah punika , kula sami boten sumerep piyambakipun kadunu- ngan awon. Bojoning Senapati matur: Ing sapunika kanyataan sampun tetep: Kula angangkah, supados piyambakipun tumiyung dhateng badan kula, anamung saestu piyambakipun punika golo- nganipun titiyang ingkang sami temen |
ذَٰلِكَ لِيَعْلَمَ أَنِّي لَمْ أَخُنْهُ بِالْغَيْبِ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي كَيْدَ الْخَائِنِينَ (52) Mangkene iki supaya pan- jenengane weruha, manawa ana ing pasepen aku ora cidra sarta manawa Allah iku ora aparing tuntunan pangrencanane para wong cidra |
۞ وَمَا أُبَرِّئُ نَفْسِي ۚ إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي ۚ إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَّحِيمٌ (53) Lan ora pisan aku angaku suci; sayekti ati iku lumrahe masthi angajani marang ala, kajaba sapa-sapa kang sinihan ing Pange- ranku; sayekti Pangeranku iku Aparamarta, Mahaasih |
وَقَالَ الْمَلِكُ ائْتُونِي بِهِ أَسْتَخْلِصْهُ لِنَفْسِي ۖ فَلَمَّا كَلَّمَهُ قَالَ إِنَّكَ الْيَوْمَ لَدَيْنَا مَكِينٌ أَمِينٌ (54) Lan Sang Nata ngandika: Dheweke tekakna mrene, arep dak pilih dadi pipijenku. Bareng panje- nengane wis wawansabda karo dheweke, pangandikane: Sayekti, ing dina iki kowe ana ing ngarsaku dadi wong kang kinurmatan, pinracaya |
قَالَ اجْعَلْنِي عَلَىٰ خَزَائِنِ الْأَرْضِ ۖ إِنِّي حَفِيظٌ عَلِيمٌ (55) Ature: Mugi kula kinula- wisuda anguwasani bandha nagari; saestu kula punika juru-rumeksa ingkang sae, sumerep saestu |
وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي الْأَرْضِ يَتَبَوَّأُ مِنْهَا حَيْثُ يَشَاءُ ۚ نُصِيبُ بِرَحْمَتِنَا مَن نَّشَاءُ ۖ وَلَا نُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ (56) Lan kaya mangkono iku ang- gon-Ingsun aparing pangawasa ing bumi marang Yusuf – dheweke anyekel wewenang ing kono, ing ngendi sakarepe; Ingsun anurunake wilasa-Ningsun marang sapa kang dadi kapareng-Ingsun, lan Ingsun ora angilangake ganjarane wong kang padha alaku becik |
وَلَأَجْرُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ (57) Lan sayekti ganjaran akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha angestu sarta kang padha prayitna |
وَجَاءَ إِخْوَةُ يُوسُفَ فَدَخَلُوا عَلَيْهِ فَعَرَفَهُمْ وَهُمْ لَهُ مُنكِرُونَ (58) Lan sadulure Yusuf padha teka, banjur padha marek marang dheweke, lan dheweke weruh marang para sadulure nanging iki marang dheweke padha pangling |
وَلَمَّا جَهَّزَهُم بِجَهَازِهِمْ قَالَ ائْتُونِي بِأَخٍ لَّكُم مِّنْ أَبِيكُمْ ۚ أَلَا تَرَوْنَ أَنِّي أُوفِي الْكَيْلَ وَأَنَا خَيْرُ الْمُنزِلِينَ (59) Lan bareng anggone dheweke anyadhiyani gawane-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mrene sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowe padha ora weruh, yen aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- becike wong kang padha nampani dhayoh |
فَإِن لَّمْ تَأْتُونِي بِهِ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِندِي وَلَا تَقْرَبُونِ (60) Lah manawa kowe ora padha anekakake dheweke marang aku kene, kowe ya ora bakal padha oleh taker saka ing aku sarta ora bakal padha oleh marek aku |
قَالُوا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَاعِلُونَ (61) Padha matur: Kula sami badhe angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saestu kula sami badhe nindakaken |
وَقَالَ لِفِتْيَانِهِ اجْعَلُوا بِضَاعَتَهُمْ فِي رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُونَهَا إِذَا انقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ (62) Lan dheweke angandika ma- rang batur-bature: Dhuwite padha lebokna marang karunge, supaya yen wis padha bali marang batihe, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia |
فَلَمَّا رَجَعُوا إِلَىٰ أَبِيهِمْ قَالُوا يَا أَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَأَرْسِلْ مَعَنَا أَخَانَا نَكْتَلْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ (63) Bareng wis padha bali marang bapakne padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kengingaken, milanipun sadherek kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saestu ingkang badhe angreksa dhateng piyambakipun |
قَالَ هَلْ آمَنُكُمْ عَلَيْهِ إِلَّا كَمَا أَمِنتُكُمْ عَلَىٰ أَخِيهِ مِن قَبْلُ ۖ فَاللَّهُ خَيْرٌ حَافِظًا ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ (64) Calathune: Aku ora bisa pitaya marang kowe kabeh inga- tase prakara dheweke, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowe kabeh ingatase prakara sadulure dhek biyen; ananging Allah iku becik-becike Juru- rumeksa, sarta Panjenengane iku luwih asih-asihe para kang padha asih |
وَلَمَّا فَتَحُوا مَتَاعَهُمْ وَجَدُوا بِضَاعَتَهُمْ رُدَّتْ إِلَيْهِمْ ۖ قَالُوا يَا أَبَانَا مَا نَبْغِي ۖ هَٰذِهِ بِضَاعَتُنَا رُدَّتْ إِلَيْنَا ۖ وَنَمِيرُ أَهْلَنَا وَنَحْفَظُ أَخَانَا وَنَزْدَادُ كَيْلَ بَعِيرٍ ۖ ذَٰلِكَ كَيْلٌ يَسِيرٌ (65) Lan bareng padha andhudhah barange, tinemu, duwite padha dibalekake marang dheweke. Pa- dha calathu: Dhuh Bapak! punapa ingkang kula sami ajeng- ajeng? Punika bandha kula ngriki kawangsulaken dhateng kula ma- lih, sarta kula sami badhe angang- salaken gandum kulawarga kula, tuwin rumeksa sadherek kula, saha badhe angsal wewah malih taker samomotaning unta; punika take- ran mayar |
قَالَ لَنْ أُرْسِلَهُ مَعَكُمْ حَتَّىٰ تُؤْتُونِ مَوْثِقًا مِّنَ اللَّهِ لَتَأْتُنَّنِي بِهِ إِلَّا أَن يُحَاطَ بِكُمْ ۖ فَلَمَّا آتَوْهُ مَوْثِقَهُمْ قَالَ اللَّهُ عَلَىٰ مَا نَقُولُ وَكِيلٌ (66) Calathune: Ora pisan dhe- weke bakal dak kon milu kowe, nganti kowe padha aweh prasetya marang aku kalawan asmaning Allah, yen dheweke masthi bakal kogawa bali marang aku mrene, kajaba manawa kowe padha kine- pung-wakul. Lah bareng wis padha aweh prasetyane marang dheweke, dheweke acalathu: Allah iku kang pinasrahan sabarang kang padha dakucapake |
وَقَالَ يَا بَنِيَّ لَا تَدْخُلُوا مِن بَابٍ وَاحِدٍ وَادْخُلُوا مِنْ أَبْوَابٍ مُّتَفَرِّقَةٍ ۖ وَمَا أُغْنِي عَنكُم مِّنَ اللَّهِ مِن شَيْءٍ ۖ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ ۖ وَعَلَيْهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُونَ (67) Lan dheweke calathu: Dhuh, anak-anakku! aja kowe padha lumebu metu lawang siji, lan padha lumebua metu lawang seje-seje, tur tumraping Allah aku iki tanpa daya apa-apa marang kowe kabeh; pancasan iku mung kagunganing Allah: marang Panje- nengane sumarahku, lan marang Panjenengane sumarahe para kang padha sumarah |
وَلَمَّا دَخَلُوا مِنْ حَيْثُ أَمَرَهُمْ أَبُوهُم مَّا كَانَ يُغْنِي عَنْهُم مِّنَ اللَّهِ مِن شَيْءٍ إِلَّا حَاجَةً فِي نَفْسِ يَعْقُوبَ قَضَاهَا ۚ وَإِنَّهُ لَذُو عِلْمٍ لِّمَا عَلَّمْنَاهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ (68) Lan bareng wis padha male- bu, kaya parentahe bapakne ing dheweke, tumraping Allah iku tan- pa daya apa-apa babar pisan ma- rang dheweke kabeh, ananging pangajab ing jeroning jiwane Ya’qub kang katindakake; lan sayekti dheweke iku temen wus duwe kawruh, amarga dheweke Ingsun paringi weruh, ananging akeh-akehing manusa padha ora weruh |
وَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَخَاهُ ۖ قَالَ إِنِّي أَنَا أَخُوكَ فَلَا تَبْتَئِسْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ (69) Lan bareng wis padha lume- bu marang panggonane Yusuf, sa- dulure dipondhokake ing panggo- nane dhewe kono, calathune: Aku iki sadulurmu, mulane aja susah marang sabarang kang padha di- lakoni |
فَلَمَّا جَهَّزَهُم بِجَهَازِهِمْ جَعَلَ السِّقَايَةَ فِي رَحْلِ أَخِيهِ ثُمَّ أَذَّنَ مُؤَذِّنٌ أَيَّتُهَا الْعِيرُ إِنَّكُمْ لَسَارِقُونَ (70) Lah bareng anggone dheweke anyadhiyani gawane-pangan wis sumadhiya, tuwung pangunjukan diseselake ing karu- nge sadulure. Tumuli ana wong anguwuh-uwuh, panguwuhe: E, wong untan-untan satemene kowe kabeh iku maling |
قَالُوا وَأَقْبَلُوا عَلَيْهِم مَّاذَا تَفْقِدُونَ (71) Padha calathu kalawan anga- dhepake dheweke kabeh: Sam- peyan kecalan punapa |
قَالُوا نَفْقِدُ صُوَاعَ الْمَلِكِ وَلِمَن جَاءَ بِهِ حِمْلُ بَعِيرٍ وَأَنَا بِهِ زَعِيمٌ (72) Padha mangsuli: Aku padha kelangan gelas pangunjukane Sang Prabu, lan sapa sing nemokake mrene bakal oleh samomotaning unta, lan aku kang tanggung marang prakara iku |
قَالُوا تَاللَّهِ لَقَدْ عَلِمْتُم مَّا جِئْنَا لِنُفْسِدَ فِي الْأَرْضِ وَمَا كُنَّا سَارِقِينَ (73) Padha acalathu: Dhemi Allah, saestu panjenengan temen sami sumerep, manawi anggen kula sami dhateng mriki punika boten karana badhe adamel wisuna ing bumi, saha kula punika sami sanes pandung |
قَالُوا فَمَا جَزَاؤُهُ إِن كُنتُمْ كَاذِبِينَ (74) Calathune: Lah apa bakal wa- walese prakara iki, manawa kowe padha wong goroh |
قَالُوا جَزَاؤُهُ مَن وُجِدَ فِي رَحْلِهِ فَهُوَ جَزَاؤُهُ ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ (75) Ature: Wewalesipun prakawis punika, inggih ing karungipun sin- ten pinanggihipun, punika ingkang badhe anyanggi wawalesipun; ka- dos makaten manawi kula amidana titiyang atindak dede |
فَبَدَأَ بِأَوْعِيَتِهِمْ قَبْلَ وِعَاءِ أَخِيهِ ثُمَّ اسْتَخْرَجَهَا مِن وِعَاءِ أَخِيهِ ۚ كَذَٰلِكَ كِدْنَا لِيُوسُفَ ۖ مَا كَانَ لِيَأْخُذَ أَخَاهُ فِي دِينِ الْمَلِكِ إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَّن نَّشَاءُ ۗ وَفَوْقَ كُلِّ ذِي عِلْمٍ عَلِيمٌ (76) Banjur wiwit karung-karunge sadurunge karunge sadulure; tumuli barange diwe- tokake saka karunge sadulure. Kaya mangkono anggon-Ingsun angrancang kanggo kaperluane Yusuf; ing dalem angger- anggere Sang Prabu ora yen ta dheweke anjupuka sadulure, kajaba manawa dadi kaparenging karsane Allah; Ingsun angung- gahake darajate sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun, sarta sadhuwure sakehe kang duwe ka- wruh iku Ingkang-Angudaneni |
۞ قَالُوا إِن يَسْرِقْ فَقَدْ سَرَقَ أَخٌ لَّهُ مِن قَبْلُ ۚ فَأَسَرَّهَا يُوسُفُ فِي نَفْسِهِ وَلَمْ يُبْدِهَا لَهُمْ ۚ قَالَ أَنتُمْ شَرٌّ مَّكَانًا ۖ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا تَصِفُونَ (77) Padha calathu: Yen dheweke nyolong , lah sadulure biyen iya nyolong; ananging iku sinidhem dening Yusuf ana ing sajroning atine, lan ora diwedharake marang dheweke. Calathune: Kowe iku dumunung ing kahanan kang ala, lan Allah iku luwih anguningani marang barang kang padha sira ngucapake |
قَالُوا يَا أَيُّهَا الْعَزِيزُ إِنَّ لَهُ أَبًا شَيْخًا كَبِيرًا فَخُذْ أَحَدَنَا مَكَانَهُ ۖ إِنَّا نَرَاكَ مِنَ الْمُحْسِنِينَ (78) Padha matur: Dhuh Sang Adipati! piyambakipun gadhah bapak, tiyang sepuh sanget, mila- nipun mugi kaparenga mundhut kula salah satunggal minangka lilintunipun; saestu, panyawang kula, panjenengan punika golonga- nipun titiyang ingkang adamel kasaenan |
قَالَ مَعَاذَ اللَّهِ أَن نَّأْخُذَ إِلَّا مَن وَجَدْنَا مَتَاعَنَا عِندَهُ إِنَّا إِذًا لَّظَالِمُونَ (79) Calathune: Muga Allah apa- ring pangayoman marang aku, aja nganti aku anyekel sapa-sapa, kajaba kang tinemu kanggonan barangku, mundhak aku dadi wong anganiaya temenan |
فَلَمَّا اسْتَيْأَسُوا مِنْهُ خَلَصُوا نَجِيًّا ۖ قَالَ كَبِيرُهُمْ أَلَمْ تَعْلَمُوا أَنَّ أَبَاكُمْ قَدْ أَخَذَ عَلَيْكُم مَّوْثِقًا مِّنَ اللَّهِ وَمِن قَبْلُ مَا فَرَّطتُمْ فِي يُوسُفَ ۖ فَلَنْ أَبْرَحَ الْأَرْضَ حَتَّىٰ يَأْذَنَ لِي أَبِي أَوْ يَحْكُمَ اللَّهُ لِي ۖ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ (80) Lah bareng wis padha ilang pangarep-arepe ing dheweke, padha mundur, padha apirembugan dhe-dhewekan. Kang tuwa dhewe acalathu: Apa kowe padha ora weruh, yen bapak wis mundhut prasetya kalawan asmaning Allah marang kowe kabeh, lan yen ing biyen kowe wis padha pepeka tumrap prakara Yusuf? Mulane ora pisan aku bakal ninggal nagara iki, nganti tumekane bapak aparing idin marang aku, utawa manawa Allah amancasi marang aku, lan Panjenengane iku Becik-becike para kang padha amancasi |
ارْجِعُوا إِلَىٰ أَبِيكُمْ فَقُولُوا يَا أَبَانَا إِنَّ ابْنَكَ سَرَقَ وَمَا شَهِدْنَا إِلَّا بِمَا عَلِمْنَا وَمَا كُنَّا لِلْغَيْبِ حَافِظِينَ (81) Padha balia marang daleme bapak, banjur padha matura: Dhuh bapak! saestu ingkang putra , saha boten liya kula kajawi namung sami anekseni punapa ingkang sami kula sume- rep, saha boten saged kula sami angawat-awati dhateng ingkang boten katingal |
وَاسْأَلِ الْقَرْيَةَ الَّتِي كُنَّا فِيهَا وَالْعِيرَ الَّتِي أَقْبَلْنَا فِيهَا ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ (82) Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saestu kula puni- ka sami temen |
قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ أَنفُسُكُمْ أَمْرًا ۖ فَصَبْرٌ جَمِيلٌ ۖ عَسَى اللَّهُ أَن يَأْتِيَنِي بِهِمْ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ (83) Dheweke acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara entheng tumrape kowe, mulane sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakake dheweke kabeh marang aku; sayekti Panjenengane iku Ingkang-Angudaneni, Ingkang- Wicaksana |
وَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا أَسَفَىٰ عَلَىٰ يُوسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنَاهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيمٌ (84) Lan dheweke malengos saka anak-anake sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripate angembeng amarga saka susahe lan dheweke angempet |
قَالُوا تَاللَّهِ تَفْتَأُ تَذْكُرُ يُوسُفَ حَتَّىٰ تَكُونَ حَرَضًا أَوْ تَكُونَ مِنَ الْهَالِكِينَ (85) Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhe kendel angenget-enget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas |
قَالَ إِنَّمَا أَشْكُو بَثِّي وَحُزْنِي إِلَى اللَّهِ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (86) Calathune: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowe padha ora weruh |
يَا بَنِيَّ اذْهَبُوا فَتَحَسَّسُوا مِن يُوسُفَ وَأَخِيهِ وَلَا تَيْأَسُوا مِن رَّوْحِ اللَّهِ ۖ إِنَّهُ لَا يَيْأَسُ مِن رَّوْحِ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْكَافِرُونَ (87) O, anak-anakku! padha mang- kata lan angupayaa katrangan pra- kara Yusuf lan sadulure, sarta aja padha pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti, ora ana wong pedhot pangarep- arepe marang wilasaning Allah kajaba wong kang padha kafir |
فَلَمَّا دَخَلُوا عَلَيْهِ قَالُوا يَا أَيُّهَا الْعَزِيزُ مَسَّنَا وَأَهْلَنَا الضُّرُّ وَجِئْنَا بِبِضَاعَةٍ مُّزْجَاةٍ فَأَوْفِ لَنَا الْكَيْلَ وَتَصَدَّقْ عَلَيْنَا ۖ إِنَّ اللَّهَ يَجْزِي الْمُتَصَدِّقِينَ (88) Bareng wis padha marek dheweke, padha matur: Dhuh Sang Adipati! kasrakat andhawahi kula saha kulawarga kula, sarta dhateng kula ambeta arta sakedhik; mila- nipun mugi kula kaparingan taker ingkang jangkep saha ingkang loma dhateng kula; saestu Allah punika amales para titiyang ing- kang loma |
قَالَ هَلْ عَلِمْتُم مَّا فَعَلْتُم بِيُوسُفَ وَأَخِيهِ إِذْ أَنتُمْ جَاهِلُونَ (89) Calathune: Apa kowe padha aweruh, kapriye panggawemu marang Yusuf lan sadulure nalika kowe padha bodho |
قَالُوا أَإِنَّكَ لَأَنتَ يُوسُفُ ۖ قَالَ أَنَا يُوسُفُ وَهَٰذَا أَخِي ۖ قَدْ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْنَا ۖ إِنَّهُ مَن يَتَّقِ وَيَصْبِرْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ (90) Padha matur: Punapa panje- nengan punika saestu Yusuf? Cala- thune: Aku Yusuf, lan iki sadulur- ku; temen Allah welas marang aku; sayekti, sapa sing prayitna sarta sabar – lah sayekti, Allah iku ora angilangake ganjarane para wong kang atindak becik |
قَالُوا تَاللَّهِ لَقَدْ آثَرَكَ اللَّهُ عَلَيْنَا وَإِن كُنَّا لَخَاطِئِينَ (91) Padha calathu: Dhemi Allah! sayekti temen saiki Allah wus amilih kowe angungkuli aku ka- beh, lan sayekti aku iki padha wong dosa |
قَالَ لَا تَثْرِيبَ عَلَيْكُمُ الْيَوْمَ ۖ يَغْفِرُ اللَّهُ لَكُمْ ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ (92) Calathune: Ing dina iki wis ora panutuh marang kowe kabeh; muga Allah anga- pura marang kowe kabeh, lan Panjenengane iku luwih Welas- welase kang padha welas |
اذْهَبُوا بِقَمِيصِي هَٰذَا فَأَلْقُوهُ عَلَىٰ وَجْهِ أَبِي يَأْتِ بَصِيرًا وَأْتُونِي بِأَهْلِكُمْ أَجْمَعِينَ (93) Padha mangkata, klambiku iki gawanen, banjur selehna ing ngarsane bapak, panjenengane bakal pirsa sarta tekaa marang aku mrene karo kulawargamu kabeh |
وَلَمَّا فَصَلَتِ الْعِيرُ قَالَ أَبُوهُمْ إِنِّي لَأَجِدُ رِيحَ يُوسُفَ ۖ لَوْلَا أَن تُفَنِّدُونِ (94) Bareng untan-untan wis mangkat, bapakne calathu: Sayek- ti, aku weruh kaagungane Yusuf, lamun kowe ora angarani aku kendho ing akal |
قَالُوا تَاللَّهِ إِنَّكَ لَفِي ضَلَالِكَ الْقَدِيمِ (95) Padha calathu: Dhemi Allah, saestu panjenengan punika dumu- nung wonten ing sasar panje- nengan kala rumiyin |
فَلَمَّا أَن جَاءَ الْبَشِيرُ أَلْقَاهُ عَلَىٰ وَجْهِهِ فَارْتَدَّ بَصِيرًا ۖ قَالَ أَلَمْ أَقُل لَّكُمْ إِنِّي أَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ (96) Lah bareng kang anggawa kabar bungah teka, diselehake ing ngarepe,a lah dheweke dadi yakin.b Calathune: Apa aku ora kandha marang kowe, yen aku weruh saka ing Allah barang kang kowe padha ora weruh |
قَالُوا يَا أَبَانَا اسْتَغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا إِنَّا كُنَّا خَاطِئِينَ (97) Padha calathu: Dhuh bapak, mugi panjenengan nyuwunaken pangapunten kula ing kalepatan kula; saestu kula punika sami tiyang dosa |
قَالَ سَوْفَ أَسْتَغْفِرُ لَكُمْ رَبِّي ۖ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ (98) Calathune: Aku bakal nyu- wunake pangapura kowe marang Pangeranku; sayekti, Panjenengane iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang- Mahaasih |
فَلَمَّا دَخَلُوا عَلَىٰ يُوسُفَ آوَىٰ إِلَيْهِ أَبَوَيْهِ وَقَالَ ادْخُلُوا مِصْرَ إِن شَاءَ اللَّهُ آمِنِينَ (99) Lah bareng wis padha marek marang Yusuf, para wong tuwane padha dipapanake ing panggonane karo calathu: Sumangga sami lumebet ing Mesir kalayan aman, manawi dados kaparengipun Allah |
وَرَفَعَ أَبَوَيْهِ عَلَى الْعَرْشِ وَخَرُّوا لَهُ سُجَّدًا ۖ وَقَالَ يَا أَبَتِ هَٰذَا تَأْوِيلُ رُؤْيَايَ مِن قَبْلُ قَدْ جَعَلَهَا رَبِّي حَقًّا ۖ وَقَدْ أَحْسَنَ بِي إِذْ أَخْرَجَنِي مِنَ السِّجْنِ وَجَاءَ بِكُم مِّنَ الْبَدْوِ مِن بَعْدِ أَن نَّزَغَ الشَّيْطَانُ بَيْنِي وَبَيْنَ إِخْوَتِي ۚ إِنَّ رَبِّي لَطِيفٌ لِّمَا يَشَاءُ ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ (100) Lan dheweke angunggah- ake wong tuwane loro marang dhampar lan padha tumundhuk sujud marang dheweke, sarta calathu: Dhuh bapak! punika wahananipun supenan kula kala rumiyin punika; saestu punika kadadosaken kanyataan dening Pangeran kula; saestu Panjene- nganipun sampun adamel sae dha- teng kula, nalika Panjenenganipun angedalaken kula saking kunjara saha angedalaken panjenengan sa- daya saking saganten wedhi ing sasampunipun setan anyebar co- congkrahan antawisipun kula kali- yan para sadherek kula; saestu Pangeran kula punika alus tumrap sinten ingkang dados kaparenging karsa-Nipun; saestu, Panjenengan- ipun punika Ingkang-Angudaneni, Ingkang-Wicaksana |
۞ رَبِّ قَدْ آتَيْتَنِي مِنَ الْمُلْكِ وَعَلَّمْتَنِي مِن تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ ۚ فَاطِرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ أَنتَ وَلِيِّي فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۖ تَوَفَّنِي مُسْلِمًا وَأَلْحِقْنِي بِالصَّالِحِينَ (101) Pangeran kawula! Tuwan sampun amaringi karaton dhateng kawula saha sampun amulang kawula prakawis pradikaning wi- cara; Ingkang-Anitahaken langit- langit lan bumi! Tuwan punika Pangayoman kawula ing donya tuwin akhirat; mugi keparengaken pejah kawula pejahipun Muslim saha mugi kawula Tuwan kempal- aken kaliyan para tiyang tulus |
ذَٰلِكَ مِنْ أَنبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهِ إِلَيْكَ ۖ وَمَا كُنتَ لَدَيْهِمْ إِذْ أَجْمَعُوا أَمْرَهُمْ وَهُمْ يَمْكُرُونَ (102) Iki kalebu pawarta-pawarta prakara kang ora katon, Ingsun wedhar marang kowe, lan kowe ora nungkuli dheweke nali- kane padha amutusi prakarane lan padha angrancang paekan |
وَمَا أَكْثَرُ النَّاسِ وَلَوْ حَرَصْتَ بِمُؤْمِنِينَ (103) Lan akeh-akehe manusa ora bakal padha pracaya sanajan ba- nget kapenginira |
وَمَا تَسْأَلُهُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ (104) Lan ingatase iki sira ora anjaluk pituwas marang dheweke padha; iku ora liya kajaba pepeling tumrap saindhenging kamanusan |
وَكَأَيِّن مِّنْ آيَةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ يَمُرُّونَ عَلَيْهَا وَهُمْ عَنْهَا مُعْرِضُونَ (105) Lan wis sapira kehe tandha- tandha ing langit-langit lan bumi, kang dheweke wis padha ang- liwati; ewadene padha malengos saka ing kono |
وَمَا يُؤْمِنُ أَكْثَرُهُم بِاللَّهِ إِلَّا وَهُم مُّشْرِكُونَ (106) Lan dheweke iku akeh- akehe padha ora angestu ing Allah tanpa anyakuthokake liyane |
أَفَأَمِنُوا أَن تَأْتِيَهُمْ غَاشِيَةٌ مِّنْ عَذَابِ اللَّهِ أَوْ تَأْتِيَهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ (107) Lah apa ta dheweke padha rumasa aman, manawa ana sik- saning Allah kang anglimputi anekani marang dheweke, utawa mangsane tanpa cacala anekani dheweke kang sarta dhe- weke padha ora anggraita |
قُلْ هَٰذِهِ سَبِيلِي أَدْعُو إِلَى اللَّهِ ۚ عَلَىٰ بَصِيرَةٍ أَنَا وَمَنِ اتَّبَعَنِي ۖ وَسُبْحَانَ اللَّهِ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ (108) Calathua: Iki dalanku, aku anguwuh marang Allah kalawan yakin,a aku lan para kang padha manut aku, lan Mahasuci Allah, sarta ora pisan aku iki golongane para mangro tingal |
وَمَا أَرْسَلْنَا مِن قَبْلِكَ إِلَّا رِجَالًا نُّوحِي إِلَيْهِم مِّنْ أَهْلِ الْقُرَىٰ ۗ أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۗ وَلَدَارُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ اتَّقَوْا ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ (109) Lan Ingsun wus utusan ing sadurungira ora liya kajaba wong- wong lanang wong- ing kutha-kutha, padha Ingsun wedhari sabda. Lah apa ta padha ora lalaku ing bumi sarta padha andeleng kapriye kawusa- nane para wong ing sadurunge? Lan sayekti, padunungan akhirat para kang padha bekti luwih becik; lah apa ta kowe padha ora mangerti |
حَتَّىٰ إِذَا اسْتَيْأَسَ الرُّسُلُ وَظَنُّوا أَنَّهُمْ قَدْ كُذِبُوا جَاءَهُمْ نَصْرُنَا فَنُجِّيَ مَن نَّشَاءُ ۖ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُنَا عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِينَ (110) Nganti tumeka samangsane para utusan pedhot pangarep-arepe sarta para kang milawani rumasa yakin yen awake nyata padha digorohi, pitulung-Ingsun tumeka marang dheweke, sarta sinalamet- ake sapa kang dadi kaparenging karsa-Ningsun; lan siksa-Ningsun ora kena ditulak saka wong-wong kang duraka |
لَقَدْ كَانَ فِي قَصَصِهِمْ عِبْرَةٌ لِّأُولِي الْأَلْبَابِ ۗ مَا كَانَ حَدِيثًا يُفْتَرَىٰ وَلَٰكِن تَصْدِيقَ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيلَ كُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ (111) Sayekti temen, ing sajro- ning carita lalakone, ana wuwu- lange tumrap wong-wong kang duwe akal. Iku dudu carita kang dianggit-anggit, ananging minang- ka ambenerake apa kang ana ing ngarepea sarta panerang-awijang marang samubarang, apa dene tun- tunan tuwin wilasa tumrap wong- wong kang padha angestu |